Ki Dalang Umbrus Ketepuz

Ki Dalang Umbrus Ketepuz
Lakon Sastrajendra

Rabu, 10 September 2014

HIKAYAT SALAHUDIN,SOLEHUDIN karo USTAD SOLNJEPAT bag.6 ( Kemat )

Kampung Dukuh Randa geger oreg,Solehudin kesurupan mari ditambani ding Ustad Solnjepat,anjoge wong-wong angger ana sing mriyang pada njaluk sababiyah ning Ustad Solnjepat,wong-wong esih belih pada ngerti yen Si Solehudin kwe kesurupan gorohan,tapineng wis kadung geger dadine malah ngrejekeni Ustad Solnjepat,wong-wong sing pada njaluk sababiyah pada ngamplopi angger pan pada balik.
Nggal dina ustad Solnjepat crengas crenges bae,merga saiki dadi akeh duite,pidahal tah sing nduwe ide nyiram banyu uyuh Si Salahudin,tapi yong sing nyiramna deweke ddadine masyarakat ngertine dewek sing nambani,deweke ya esih belih ngarti,Si Solehudin mung apen-epen kesurupan,sing ngerti rahasia kuwe mung Salahudin karo Solehudin tok.
***
Sajege ditolak cintane ding si Neni,Solehudin pegaweane ngalamun bae,puisi demam cinta sing lagi kae ditulis ning tembok dibusek,tolih diganti puisi sing anyar judule : PUISI LARA ATI


Mbokansih Cinta kwe serba enak
mbokansih Cinta kwe serba nikmat
jebul pengalaman pertama inyong malah ditolak
ning njero ati kaya ana wudun semat
Kongkon kurang apa inyong dedonga
Kongkon kurang apa inyong usaha
Perawan pujaneng ati durung nein rasa
Nganti saiki inyong esih krasa lara

Tapi inyong ora pan kakehen ngresula
Kaya wangsalane wong jaman kuna
Akeh dalan anjog ning roma
Akeh dalan ngakali cinta

Nganggo kemat mbuh apa !

( By.Solehudin Al Umbrusi )


Kayong kayonge Solehudin ora trima nemen ditolak ding Neni supriyatin,deweke wis yakin nemen bakal diterima cintane ,eh jawabane Neni nandes nemen ning ati,lara atine kaya ana wudun semate,cengkring-cengkring nemen rasane,angger bengi deweke ora bisa turu kelingan kejadian ning pos ronda.

Solehudin isin nemen maring Salahudin,mangkane si Salahudin tukang poyok paling top ning Dukuh Randa,dewek kuwatir mbokan salahudin geger ning kanca-kanca liyane,raine dewek pan didokon ning endi ndele ?.

“ Kudu nemuni Salahudin kiye inyong,angger ora diwanti wanti ndisit bisa mambrah-mambrah kwe kejadian ning pos ronda”,Solehudin mbatin.

                                                   ***

“ kriii...iiii..ng...Hallo...sapa yah...?”, Salahudin nampani telpon.
“ Inyong Sal...Soleh,...kon ning endi..?”. Solehudin njawab.
“ Inyong ning umah,priben ana apa maning,njaluk digabyug banyu uyuh maning apa...wkwkkwk “,Salahudin ngeledek.
“ Nduaasssmu amblesz..!,tulung kon aja geger ning kanca-kanca kejadian ning pos ronda “,Solehudin wanti-wanti.
“ Lah pan tak umumna ning masjid agung ben mlebu infotainment...wkwkkwkwkwkw “.
“ Lah bah aja kaya kuwe rah...kon njaluk apa wis... mengko tak tukukna,sing penting inyong aja digegerna “,Solehudin pan nyogok ben Salahudin ora mambrah-mambrah.

“ hiiddddiiih...aja sokan sogak sogok,mbokan konangan KPK,..angger sogokane rokok samsu 3 bungkus tah ya ora papa “,Salahudin semaur.
“ yawis ...kiye aku langsung maring umahe kon “,Solehudin nyanggupi.
“ Ya, mene bae saiki..aja klalen rokoke digawa,ora kena kurang sing 3 bungkus “.

Solehudin gagiyan bae metu sing umah,mampir ning warunge Bi Wasni tuku rokok nggo Salahudin.

“ Asalamualaikum ya ahli kubuuuuurrrr.....!!!!!! “. Solehudin salam karo ngeledek Salahudin,dianggepe si Salahudin wis modar bae.

“ Walaikumsalam Ya Ahli nerakaaaaaa...!!!!! “,Salahudin ora gelem kalah nyemauri salame luwih jero ngeledeke.

“ Aseeeeemmm...belih enak nemen jawabane “,Solehudin protes.
“ Lah kon gen salame belih enak nemen,ya gentenan yah ,endi rokoke meneh “,Salahudin tangane nyladong nampani rokok.
“ Wis kyeh jalukane kon wis tak turuti,tulung kon aja geger mana-mana “. Solehudin ngelingna.
“ Kalem bae ,inyong ora bakal geger mana-mana,paling mung geger mana mene ...wkwkwkkw “.Salahudin ngeledek.
“ Hooohhh...yakin sungpahdik,angger nganti geger,inyong pan apen-apen kesurupan tolih ngamuk ning umahe kon “,Solehudin ngancam.
“ Ya gampang yah,gari tak gabyug banyu uyuh maning “.
“ Pan digabyug banyu uyuh sekolam sisan inyong ora pan sadar pan tetep ngamuk ari kon nggegerna kejadian ning pos ronda “,Solehudin raine serius nemen.
“ Iya lah...ora bakal tak gegerna sungpah  Wallohi “.Salahudin janji.
“ Tak cekel omongane kon kye Sal “.Akhire bocah loro sepakat,Salahudin ora bakal nggegerna.

“ Gyeh Sal..inyong tah tesih krasa lara nemen atine ding Neni,Neni kudu kecandak ding inyong Sal...wirang nemen yakin inyong “.
“ Lah nyandakine priben,yong neni ora demen karo kon,wis lagi tah kon belih gagah terus kere maning,pan nyandaki nggo apa ndele..?”,Salahudin ndedes ning Solehudin.

“ Tak candaki nggo donga Sal...mbok donga kwe senjatane wong Mukmin ?”.Solehudin nyemaur.
“ Lah kon prengasane wis dadi wong mukmin,tolih hubungane apa,ditolak cinta koh terus ngaku-ngaku dadi wong mukmin,kayane langka wong mukmin sing congore model kaya kon Sol...wkwkkwkwk ? “.Salahudin ngekek karo ngelus dada.

“ Ngece nemen kon tah..kwe tah miki pribasa tok rah,..inyong pan nggolet ilmu kemat Sal,...nggo ngemat Neni “,Solehudin mulai mbuka rencanane.
“ Apaaaaa...!,edan maning kiye kon,...kon sih uteke wis kurang se-ons apa ? “. Salahudin nggranyami Solehudin.
“ Lah inyong wis kadung wirang sih Sal...tulung rah,kon mbok kanca akrabe inyong,tulung lah direwangi nggolet wong sing bisa ngajari ilmu kemat maring inyong “,Solehudin ndepe-ndepe karo mijeti pundake Salahudin,anjoge Salahudin ora tega.

“ Yawis tak rewangi kyeh kon,inyong melu dosa demi kanca kyeh,mbesuk angger ditakoni ding malekat munkar nakiri inyong tah pan meneng bae karo nuding kon sing tanggung jawab “.
“ Asiiiikkkkk...lah kaya kuwe rah kanca sing temenan tah “.Solehudin girap-girap kesenengen.
“ Nduasmuuuuu,,...! Pan nglakoni dosa koh malah asiiikkk “,Salahudin maido.
“ Njaluk warahe ning sapa yah Sal ?”.
“ Yuh pada takon ning Ustad Solnjepat “,Salahudin ngejak ning Solehudin.
“ Lah daning ustad Solnjepat..?,Lahyong wingi gen bisa digorohi ding dewek,iloken ilmune duwur ? “,Solehudin belih gelem.
“ Gyeh aja giri ngremehna ustad Solnjepat,angger bab kemat mengemat tah kayane Ustad Solnjepat ahline,deleng bae rah,ustad Solnjepat mbok raine wagu jigu nemen,tapi bojone kinclong nemen ayune toret-toret”,Salahudin mbandingna Ustad Solnjepat karo bojone.

“ Iya yah Sal..inyong koh bodo temen ora nggatekna,mestine Yu Siti Bapukilah kwe dikemat ding Ustade,Yu sitine ayu enom pisan,Ustade wis ora petha tuwa maning lah bah,eman-eman nemen Yu Sitine,wis yuh mangkat nggone Ustad Solnjepat”,Solehudin gagiyan bae nglarak Salahudin maring nggone Ustad Solnjepat.


 Tumben umahe Ustad Solnjepat sepi tutupan lawange,biasane tah rame akeh tamu pada mono,Salahudin karo Solehudin clingak clinguk ning ngarep lawange Ustad Solnjepat.

“ Ana belih sih yah kiye menungsane,daning kordene ya rapet “,Salahudin grendang grendeng.
“ Gari digedor bae Sal..mbokan bae lagi turu awan ning njero “.Solehudin ngongkon.

Dog dog dog dog ......”asalamualaikuuuuummm”...dog dog dog dog....”kulanuwuuuunnn”....dog dog dog dog....”enibodihoooommmmm”....duuuuaaarrr !!!!,rupane Salahudin kesuh gedor-gedor karo salam langka sing semaur,anjoge lawange dijejek nggo sikil.

“ Walaikum salam...hooiiiiiiii...aja ngamuk,inyonge lagi ning mburi lagi tanggung..”,Ustad solnjepat njawab sing njero.

Krekeeeetttttttt....suara lawang dibuka,..” diiihhh...jebulane biang kerok loro,ana apa sih donge panas-panas gedar gedor kaya wong ngamuk “,Ustad Solnjepat sewot nemen weruh congore Salahudin karo Solehudin.

“ dih aja sewot rah Tad,inyong kiye tamu,mbokan tamu kuwe hakekate sing nekakna Gusti Allah “,Salahudin mulai ndalil.
“ Wis aja kakehen fatwa kon ning kene,...pan perlu apa kon mene-mene ?”.Ustade kayong apilain nemen ketamuan bocah loro kuwe.
“ Dih rika sih kayong ora bongbong temen ditamoni daning inyong,rika mbok dadi sering olih amplop barang bisa nambani si Solehudin,kwe gen marine tah anjoge ding inyong,kudune rika nein royalti kwe maring inyong rah,pengin tak buka rahasiane ning masyarakat apa ben rika langka sing nein amplop maning “.Salahudin nggranyami karo ngancam.

“ His his aja kaya kuwe...yawis pada mlebu meneh “,Ustad Solnjepat ngongkon bocah loro njagong ning ruang tamu.

“rika sih awan-awan bar muang karo bojone apa Tad ?,bisane kringete pating grobyos temen “,Salahudin takon ning ustade.
“ Masya Alloooohhh...ari takon belih ngenaki nemen kon tah Sal,iloken awan-awan,wulan puasa inyong muang karo bojo,inyong kiye ustad nggo panutan masyarakat rah Sal,..iloken inyong pan maraih ora bener,inyong bar ngrewangi bojo nggawe jajan nggo bada,ngeres temen sih kon “,Ustade gedeg-gedeg ndarani bar muang karo bojone ding si Salahudin.

“ Eeh..ya mbokan bae rah Tad,..Ustad gen mbok wenang salah,sapa ngerti sampeyan ora eling kan bisa bae awan-awan muang karo bojo “,Salahudin ngeledek maning.

“ Gyeh wis ora usah mbahas kwe maning,ngko suwe-suwe cangkemmu tak lakban gen,ngesuhna nemen kon tah “,....wkwkwkkwkwkwkwk...Salahudin karo Solehudin gembuyu weruh ustade Sewot.

“ Inyong mene kwe nganterna Solehudin Tad,deweke ana perlu karo rika “.
“ priben sih ana apa maning Sol...mbokan kon wis waras ora sokan kesurupan maning ?”.

“ Dih dudu masalah kesurupan Tad,inyong mene kiye pan njaluk ilmu ning rika “,Solehudin mulai mbuka tujuane.
“ Ilmu apa Sol...angger ilmu agama tah inyong ya bisa ngajari...angger ilmu goroh tah ya kudune kon sinau karo Salahudin..wkwkkwkwkw “,Ustade wis wani guyonan maning kiye tah.

“ Aseeemmmm...inyong tah ora doyan goroh rah Tad...angger doyan ngumbrus tah iya he he h ehe “.Salahudin nyemaur.

“Anu Tad,...inyong pan sinau ilmu Kem..mat “,Solehudin ngomonge lirihan karo nahan isin.
“ Astaghfirullloooooh...sing bener bae Sol kon ari ngomong,inyong kwe ora bisa ilmu kemat”,Ustad Solnjepat njimprak krungu Solehudin pan sinau ilmu kemat ning deweke.

“ Rika aja goroh Tad...buktine rika ora petha ora apa gen bojone ayu,berarti rika nggo kemat yah nyandaki  bojone rika “.Solehudin ngeyel tetep njaluk ilmu kemat.

“ Masya Allloooooo...oooo...oohhhhhh...!,bisane kon nyangkane kaya kuwe Sol...tolih kon nuduhe belih enak nemen yakin..inyong pancen ora gagah,tapi yong Gusti Alloh sing nakdirna inyong duwe bojo ayu “,Ustad Solnjepat sungpah sungpahan ning Solehudin yen deweke ora ngemat bojone.

“ Lah ya mestine bisane dadi nengsih ana lantarane,ora mungkin ujug-ujug seneng terus langsun kawin,mesti ditirakati ndisit ding rika”,Solehudin wangkot bae ning pendapate.
“ Gyeh kon nuduh inyong ngemat bojone inyong kwe jare sapa..?,Sapa sing ngomong kaya kuwe ! “,Ustad Solnjepat muntab nemen kiye tah.

“ Kweh jare menungsa sing ning jejere rika Tad “,Solehudin nuding ning Salahudin.

“ Masyaa Alllooohhhhh.......jebul kiye biang keroke “,Ustad Solnjepat mlebu njikot sapu tolih pan digebugna ning Salahudin,Salahudin menyat karo tangane ngadang ngadangi.

“ hob hob mengko ndisit Tad,tak jelasna ndisit “,Salahudin nyoba njelasna ning Ustade,tapi ustade wis sewot nemen.

“ Wis ora usah dijelasna,gagiyan kon kabeh pada merad sing umahe inyong,belih trima nemen yakin sung inyong diarani ngemat bojone inyong “,Ustad Solnjepat nglarak bocah loro kuwe metu sing umahe.

“ Diiih Tad ngampura yakin..dudu maksude inyong pan nuduh rika,temenan inyong mene kwe pan geguru ning rika..”,Solehudin ngrayu-ngrayu ning Ustade.

“ Ora sudi inyong duwe santri wong gebleg kaya kon-kon pada,mana merguru maring wong edan bae aja ning inyong “,Ustade nutup lawang bocah loro kwe diurak.

Bocah loro lunga sing umahe Ustad Solnjepat awake lemes dedes,ora sida olih ilmu kemat malah pan digebug nggo sapu.

“ Kone gen koplok nemen Sol,donge ora usah mbandingna raine Ustade karo bojone rah,anjoge Ustade sewot “,Salahudin nyalahna ning Solehudin

“ Lah inyong tah ngomong,apa sing diomongna ding kon rah Sal ‘,Solehudin ora gelem disalahna.
“ Ya ora kabeh omongane inyong diceritakna rah koploookkkk...!,dasar...awit cilik mangane gendhot bae ya uteke jendhel “,Salahudin sewot nemen ngadepi Solehudin.
“ Lah terus kepriben kiye nasibe inyong Sal..? “.

“ Yawislah...nggolet guru liyane Sol...anggger ora nemu guru,ya mengko nggolet buku kemat ning pasar wage yakena “.Salahudin mbombongna atine Solehudin.


bersambung.....

1 komentar:

  1. nyong arep komentar tapi rikane aja kesuh ya.

    judule rika lahir nang desa apa?
    tahun pira?
    umahe esih ana apa ora?
    digawe cerita sisan, tolih rame..

    BalasHapus