" Daning ngaleg-ngaleg temen kaeh Kang Kober,jarene mung sedelat",si Mandung ndrememel. " Lah ya mesti lagi kelon karo bojone rah ndung".Jilo semaur. " Dinggeng bae yuh,mbarah kayangapa kae wong ari lagi kikuk-kikuk". Megal megol ngejak Mandung karo Jilo.
" Husss..sembarangan bae kon tah, aja sokan kaya kuwe,kikuk-kikuke menungsa kwe mlebune ibadah".Mandung maido ning megal megol. Krekkeeee...eeettt...suara lawang mbuka.
" Hayuuuuhhh...pada mikir ngeres gyeh mesti?". Inyong metu sing umah.
“ jarene pan turu kang?...belih sida apa..?”. Kucing Mandung semaur ning inyong.
“ lah bocaeh wis anteng ikih,tolih inyonge gen durung ngantuk”.
“
Om inyong pan takon,bisane ari menungsa kikuk-kikuk mlebune
ibadah,angger kewan tah dudu ibadah,priben kwe alesane”...Jilo ujug-ujug
takon kaya kuwe.
“waduh...priben
yah njelasnane,inyong dewek madan bingung kweh”,inyong kukur-kukur ora
gatel mikirna takonane Jilo...” Kayane tah kaya kiye nean Lo,sebab ana
prentah sing Gusti Alloh menungsa dikongkon ngakehi keturunan,ari
prentahe sing Gawe urip dilakoni ding menungsa ya kuwe mlebune ibadah”.
“ Lah inyong gen ya diprentah kaya kuwe daning ora diarani ibadah?”....Jilo semaur maning.
“ Lah kon nduwe agama belih Lo?”,
“ Agama sih apa Om?”,..Jilo takon kayong raine penasaran nemen.
“Ajiib maning kiye,inyong takon malah kone mbales takon maning?”,
“ Lah yong inyong belih ngarti rah Om,mbarah njajal dijelasna kweh apa definisi agama”.
“Ngko ndisit inyong tak mikir”....inyong meneng karo ngeling eling pelajaran jaman esih sekolah,apa sih yah agama?.
“
Agama kwe tata cara atawa aturan berhubungan karo Gusti Alloh (
hablunminalloh ) terus berhubungan karo menungsa ( hablunminanas
),inyong ngartine mung semono tok Lo”.
“Lah ari inyong kan mung diprentah madang,manak,mati tok rah Om,lah yong inyong tah bangsa kewan”...Jilo semaur maning.
“ Iya yah Lo,berarti angger menungsa mung madang,manak,bar kuwe mati...arane ora beda karo kewan yah Lo?”.
“ Ya rika ikih sing ngomong dudu inyong”....Jilone semaur karo mesem.
“ daning saya wengi ngobrole saya mentit yah Lo”.
“Wis
lah aja ndopok agama,yong akeh akehe agama nggo dolanan tok,nggo luruh
duit,nggo kampanye,kelakuane tah ora pas karo ajaran agamane”.
“
Hidiiihhh....daning kon ari ngomong kaya kuwe Lo,aja suudzon ndisit
rah,ora kabeh menungsa kaya kuwe”...inyong semaur belih trima.
“
Lah yong nyatane,inyong sering maca ning dalan-dalan tulisan (
Kebersihan adalah sebagian dari iman ),nyatane ngguang runtah gen pada
janji ber,angger atine menungsa nembe ana imane separo barang anuk
deweke mbuang runtah janji ber,brarti imane entek rah?”.
Jawabane
Jilo mbok sentug ning atine inyong,inyong dadi kelingan omongane
ustade inyong jarene omongan apik kwe sing Gusti Alloh,aja ndeleng
kayangapa bentuke sing ngomong, mbuh kwe sing ngomong bocah cilik,apa
wong edan,apa preman ning pasar,apa wong bodo angger sekirane bener ya
atine dewek kudu nrima.
“ Iya yah Lo,bener nemen omongane kon,inyong menungsa malah ora kepikir anjog mono”.
“
woiiiii...ndopok dewek bae,inyong karo kucing mandung dicueki,ari pan
ndopok agama mana ning masjid Agung,kaeh mumpung lagi ana raja
dangdut”...Siti Megal megol nyindir dumehe inyong karo Jilo ngobrol
dewek bae.
“
Kader ana Raja Dangdut ning Masjid nong Gol?,tolih pan apa sih ning
Masjid,pan dangdutan tah ning panggung rah”...Kucing Mandung semaur.
“iya krungu-krungu pan nyalon”.
“
Nyalon...?...lah jenggote pan direbonding apa?...ari pan nyalon tah
ning Arie Salon,apa ning Budi Salon,angger pan nyambi nyate ya ning Wati
Salon,pinggire ana warung satene”...Kucing Mandung heran.
“Diiiihhh...kiye
maning ora mudeng,Nyalon Presiden dudu Nyalon pan Rebonding,ari Raja
dangdut jenggote direbonding sih mengkone dadi Raja Alay rah”.
wkwkkwkwkwk...sungguh ter..la...lu....inyong karo Jilo gembuyu ngekrek krungu si Mandung ora mudeng omongane Siti Megal megol.
“ Dadineng kuwe ceritane lagi kampanye apa Gol?”,...inyong semaur.
“
Ya embuh...ning judule tah ya Pengajian Akbar,..kiye wulan apa sih
yah,..Mulud apa Rajab...biasane tah ari pengajian Akbar ya wulan-wulan
kuwe”.
“ Ya nean kiye lagi ora biasane rah gol”.
“ Maklum yah Om...pemilune wis perek dadine segala cara nggo kampanye”.Jilo nambaih ngomong.
“
hisss...aja kaya kuwe kon,mbokan bae niate temenan ibadah,wis wis lah
aja pada suudzon,ndopok liyane bae yuh sing enak nggo ndopok”.
“ Wengi-wengi kaya kiye tah enake nggo tafakur rah”.
“ Tafakur sih apa Om..?”...Mandung,Jilo karo Megal megol semaur bareng.
Bersambung....
26022014
Tidak ada komentar:
Posting Komentar