Bumiayu 2007
jaman semono lagi rame-ramene grup-grupan
musik ning bumiayu,mulai sing seneng OI ( Orang Indonesia ) sing
senengane nembangna lagu-lagune iwan fals,slankers ( penggemar grup
SLank ),Under Ground,Punker,Reggae karo liya-liyane,sing arane festival
karo parade musik kayong pan nggal minggu ana.Nyong waktu semono
terinspirasi pengin nggawe komunitas musik tapi sing ora mung
sealiran,akhire nyong karo kanca-kanca se geng gawe Komunitas Musik
GAYENG.tempat ngumpule ning umahe Heri Kawir ning kampung baru PLN,ning
umahe Heri Kawir bocah-bocah pating gludag mbuh bocah endi bae,sing
wangi sing mambune meri ana kabeh kumpul dadi siji.
Nyong
waktu semono,nggawe grup musik reggae arane Jong Reggae ( Pemuda Reggae
),grupe Heri Kawir arane WIZBAND aliran musike Rock,terus ana grup
slanker arane SUDDENLY pimpinane Andri Juwid,Andri Juwid kwe ponakane
Heri Kawir,paman karo ponakan pada bae ngenekna waduke,si heri ari pan
pentas rEbyEgE ora umum,pernah esuke pan manggung jam 3 wengi durung
turu,nyong pas lilir takon..." Her daning durung turu?....nyong ora bisa turu hep...lah priben sih?...nyong lagi bingung ngesuk pan nganngo kostum apa...lah gari nggo kaos partai bae ya kena rah her wkwkkwkwkwk...asem ente tah nyong kye lagi mikirna ngesuk nggo kostum apa,terus pan gaya ning panggunge kepriben...kaya kye bae rah her,ente nggo celana begy,nganggo klambi dilebokna klambine sing kedodoran kaya raper-raper amerika...dih najis nengsih nyong malah katon kaya contong kacang belih...lah ya wis sekarepe ente lah her nyong tah wis nein saran...enake ning panggung kepriben hep,ben sekirane perhatian penonton maring nyong kabeh...gampang
her,ente weruh bongsang wadahe runtah sing gede sing gawene nggo
pring,ente mlebu mono,ngko vokalise entekongkon nggendong bongsang
kuwe,lah ngko pas jreng pertama ente nongol sing bongsange,ente kan
cilik ikih awake he he he...nduuaasmu ari nein saran ente tah ora tau bener...kekekkekekekekeke mbuhlah her nyong ngantuk,wis gari digawa turu mbokan bae ente ngimpi olih petunjuk nggo manggung ngesuk.
barang
ngesuke manggung jebulane heri nggo cutbray warna putih,klambine ungu
terong,raine didokoni meling-meling kaya artis dangdut,yen kena sinar
pating kerlob.
sekilas andri juwid
bocahe ireng
tapi imut,ari ngomong dobole ngetek nemen,awake keker ngakune jare mirip
bim bim drumere grup slank,kuliahe ning purwokerto,mangkat sing umah
anjoge kalker dukuhturi andon turu nggone kancane,sarampunge kuliah
pernah merantau,waktu pan mangkate ning umah wongtuane slametan karo
kanca-kanca,wong jarene wis ketrima dadi asisiten direktur perusahaan
swasta,aran perusahaane nyong ora ngerti,jam 10 bengi mangkat ning
jakarta dijemput ding kancane nggo mobil kijang,pan mlebu ning mobil
deweke nyilih jakete cholis salah siji personil grupku,jarene atis wong
mobile nggo AC,ding cholis jakete dinekna,wong arane kanca ya melu
seneng krungu andri olih pegawean,akhire bying mangkat maring
jakarta.barang telung dinane ana kancane andri dolan maring
basecamp,sing gawe kaget,bocah kwe nggo jakete cholis sing dinggo andri
waktu mangkat maring jakarta,...heh,kwe daning jakete aku sing disilih
andri,bisane ning kon,kon bar sing jakarta apa,sing nggone andri ? (
cholis takon maring kancane andri )...jakarta apa,kaeh si andri lagi ngleker ning umahku wis telung dina...ooo jebul si andri mrupus maning,wong tua karo kanca-kanca di doboli ( akhire si andri dilarak balik ding bapane ).
taun
2008 andri kepengin kawin,cerita karo nyong karo bocahan,wongtuane ya
setuju,barang arep lamaran,andri nemuni nyong karo bocah-bocah...mas
hepi nyong pan njaluk saran,ngesuk nyong pan nembung ning wongtuane
pacarku,intine pan ngajak kawin,cara nyampekna ning wongtuane nyong kudu
kepriben,enake nyong ndisit dewekan nemuni wongtuane apa bareng
wongtuaku...jare akutah ya enake ente dewekan ndisit nemuni
wongtuane,ngko angger genah wis disetujuni tembe kon mana maning karo
wongtuamu,angger langsung karo wongtuamu mbokan jebul ora disetujuni kan
ndadekna isin wongtuamu ndri...lah cara ngomonge kepriben mas nyong kan ora bisa bahasa kromo..,ari ora bisa bahasa kromo ya gari terus terang abe yen kon ora bisa kromo,daripada ngko kon blekak blekuk ngomonge...ya
paling ora-orane nggo awalan nyong bahasa kromo ndisit rah mas,mbarah
nyong diwarahi,mas hepi kan bisa bahasa kromo,bahasa kromone "nyong ora
bisa basa kromo"apa mas?...ngapunten pak kulo mboten saged
basa kromo,wis kyeh di eling-eling nggo jurus pertama,ngko yen calon
mertuamu ngomong " yawis ora papa" kon tembe nggo basa kasar yakena...iya wis mas tapi ngesuk nyong njaluk di kancani mas hepi karo om heri lah,dewekan tah nyong kayong gemeter...ya ora papa ndri,tapi nyong ditanggung yah rokoke ding ente...beres mas.
dina esuke bar duhur
nyong, heri karo andri boncengan telu maring desa barupring,nemoni calon mertuane andri...
ASSALAMUALAIKUUUUUMMMM...
Walaikumsalam...eeehhh
mas andri,monggo,monggo pinarak,kulo sampun nenggo saking wau ( ibune
metu terus mlebu maning ngundang bapane ) pak,pak niku mas andri mpun
dugi...
Andrine nglinguk ning nyong karo takon,"mas kwe artine apa miki?...anu ndri,kaeh jare wis digorengna iwak menyawak,nggo mangan-mangan ngko ari urusane wis beres...ajiiibbb..iloken mas?..dih ora percaya takon rah maring om heri,bener lih her...bener kwe ndri,kae tolih jare nginume banyu bening didokoni kembang pitung warna ben kaya amad cipling...kikikikikikikikikikikkkkk ( nyong karo heri ngikik )..lah mas hepi karo om heri tah ngerjani.
nyong
wong telu njagong ngenteni bapane metu,pacare andri metu ndisiti
nggawa wedang karo mesem-mesem...( slereeeekkkkk suara korden dibuka
)...eeh mas andri monggo-monggo di unjuk riyin ( bapane ngongkon nginum
maring nyong wong telu )...barang wis nginum..bapane mulai mbuka
obrolan,"nggih kados niki kondisi teng mriki mas,mboten gadah
nopo-nopo...( andri ngEdek sikile nyong karo cangkeme
umik-umik),"artine,artine apa ?...( heri sing njawab ) nggih sami pak
teng mriku nggih sami kados niki...( waktu bapane ndelengna heri nyong
ngrisiki andri )...sing penting ente tah gari njawab" enggih" ndri.
teras
niki ajeng wonten keperluan nopo nggih mas andri? ( calon mertuane
takon maring andri,andrine raine klicupan kayong bingung )...anu pak,kulo badeeee...( ngomong karo lingak linguk )....bade nopo mas andri?( camere takon maning )...anu pak saderenge kulo nyuwun ngapunten..anu kulo niki bahasa kromone mboten ANGSAL... ( nyong karo heri kawir wis nahan ngikik )...( camere njawab maning )...lah mboten angsal daning sinten mas andri?....lah nggih kulo mboten angsal pak...nggih
mas,sing mboten ngangsalaken sinteeenn? ( camere rupane madan kesuh
)....kekekkekekekekekekekekekkeekkekekekk nyong karo heri ngakak,belih
kuat ndeleng wong loro kudon...mas hepi basa kromone ora bisa pa yah?(
andrine akhiretakon maring nyong )...mboten saged rah ndri bisane
mboten angsal...wkwkwkkwkwkwkwkwkwkwkk camere akhire melu
ngakak...ooohhh ya wis mas andri ari ora bisa kromo ya ngokoan bae...
akhire
suasane dadi cair gara-gara andri slengso ngomonge,andrine duterima
ding wongtuane pacare terus ora suwe sekitare rong wulane andri
kawinan....
( nggo andri arya jaya swara merdeka hidup
atau mati,kye cerita dudu nggo ngece ente tapi nggo moyoki ente,wong
ente tah keliwat ngeneknane )
( Sumenep - 03 - 06 - 2011 )
Tidak ada komentar:
Posting Komentar