Kye cerita jaman ning jogja
yen ora salah taun 97,waktu kwe kakang kelasku si
bakar,bagus,rojiq,iqbal,kindi,firman arca, karo liya-liyane tembe pada
lulus sing SMA Muhammadiyah, terus kwe bocah kabeh pada kuliah ning
jogja,nyong kayong kelangan nemen bocah-bocah kwe,wong arane bae se-Geng.
sekolah nyong hawane dadi males nemen,belih
semangat,kanca regadag reguduge bubar kabeh,anjoge nyong sekolah seenake
wudel,surat peringatan tah wis ping kopang kaping teka maring
umah,bapane nyong ya kesuh nemen yah,maning-maning olih surat
peringatan,jare bapane nyong,
"hep mbarah bapa tah kepengine kye olih surat sing
sekolahanmu,kwe isine donge tah laporan prestasine kon,kon tah ora
umum,awite SMP,bapa olih surat kaya kye terus,mbolos maning mbolos
maning,donge kon esih niat sekolah belih sih?"....
Gyeh pa,nyong pan jujur,asline nyong kwe sekolah wis males
nemen,esuk-esuk kudu tangi,adus banyu atis maning,lah rika kan
ngerti,nyong ari bengi ora tau bisa turu,hawane pengine begadang
bae,nyong kwe ora betah ning umah,pengin berkelana kaya
pendekar-pendekar sing ning bukune kho ping hoo,kepengine cepet-cepet
metu sing bumiayu,nyong kan ndisit waktu tembe lulus SMP pengine SMA
ning luar kota,ding rika ora dituruti,ya dadine kaya kye ( nyong njawab
kaya kye ben ora disalahna nemen ding bapane,padahal tah asline dasar
nyonge males ).
Oh kaya kwe hep,lah terus saiki kon karepe priben?
nyong kepengin metu sekolane pa.
lah ora sekolah sih kon pan apa?
nyong pan kursus komputer karo bahasa inggris bae pa,angger wis bisa
komputer karo bahasa inggris nyong pan maring bali,pan dadi hippies pa.
Hippies sih apa hep?
lah rika tah ora gaul nemen,hippies ya pengelana
lah ngko kon ari mangan ning endi?
ari mangan ya ning cangkem rah pa,iloken ning ento-ento
hoooh dasar bocah mblunat ditakoni bener-bener koh jawabane
nylenta,ya wis ari kon memang wis ora niat sekolah mendingan metu terus
kursus bae,kon kepengine kursusu ning endi,ning jatisawit apa ning endi?
dih erik nemen jatisawit,nyong kepengine kursus ning jogja pa
lah adoh temen
karo luruh pengalaman rah pa nglatih mental ngrantau
kon ora nyesel yen ora nduwe ijazah SMA?
lah wong rika gen ora nduwe ijasah SMA daning sugih
bapa tah gemiyen karena saking langka biayane rah hep
wis lah pa ora usah kakehen ndongeng,rika ngolihna belih aku kursus
ning jogja,angger ora olih nyong pan ngenteng-ngentengna duniane rika
olih,olih nemen hep,tapi janji aja mblekesunuh maning
siiiiiiipppp ( nyong seneng nemen pan njimprak kaya sing ning
film kimos,mbokan dadi konangan maksud sing sebenere,asline kan nyong
pengin ngumpul bareng karo kanca gengE nyong )
akhire nyong metu sing SMA muhammadiyah,nyong bying nusuli
kanca-kanca ning jogja,gelise cerita,nyong kursus ning jalan gayam aran
tempat kursuse SMILE,bisane mlebu kursus ning kono sebabe ana bocah
bumiayu sing kerja ning kono arane priyadi julukane cu pe tong,asline
bocah majapahit,kuliah ora lulus-lulus akhire kerja ning kono.
nyong ngekos bareng karo bocahan ning daerah kaliwaru ngarepe
kantor polda jogja,wis pokoke rahat nemen ngumpul maning karo
bocahan,yen bengi nglendang,balike esuk,arane gen bocah enom,wongtuane
tah ning kampung ari nggoleti duwit,nganti nungsem-nungsem,paribasane
sikil nggo endhas endhas nggo sikil.
suwe suwe nglendang bareng-bareng bandhot kabeh ya akhire
bosen,anjoge pada dolan dewek-dewek,nggoleti tarok,kur gari
nyong,bakar,rojiq sing ari maring endi-endi nesih bareng.
malem minggu,
liyane wis nggejrad kabeh,nyong bakar,rojiq,esih njubleg ning kos-kosan,
dih malem minggu jare weruhe congore hepi karo ente bae kar ( rojiq mulai ngromed )
nyong gen ya asline jeleh weruh ente jiq ( si bakar njawab )
jare ente enake maring endi hep ( rojiq takon maring aku )
ya wis yuh metu bae maring malioboro nongkrong mbokan bae ana bocah wadon kEder ( nyong ngajak metu bocah loro kuwe ) gagiyan rah pada salin raine.
Aseeemmm ngEcE nemen dikongkon salin rai emange raine aku
bengwat apa? ( rojiq ora trima karo nuntun motor metu,nyong karo bakar
gembuyu krungu kesuhe wong margasari )
kweh motorku digawa kon hep nyong pan mbonceng bakar bae,awake nyong lagi ora enak nemen ( motore rojiq yamaha RX Z jaman semono motor kye keren nemen )
lah gari mbonceng aku koh
lah mong sokbekere mati koh,karuan angger njalane tah ora krasa tp yen mbonceng krasa nemen
bakar nyetarter motor astrea grand-ne...gggrrruuuuuungg....wis yuh gagiyan aja pada reang susu taroke pada ngandang.
mengko ndisit kar ana sing keri,( sadurunge lunga nyong mlebu
kamar,gusti mudah-mudahan ana bocah wadon keder sing gelem tak
taroki,kena nggo betah-betah ning jogja,ora keri jimat kentil mungile
tak gawa,minyak bulu perindune tak lepetna ning alis karo rambute
inyong,karo maca rapalane "SUN MATEK AJIKU SI KENTIL MUNGIL KANG
NGGULUNG ROH JANTUNG SI JABANG BAYINE BOCAH WADON SING KESENGGOL DING
TANGANKU,TEKA WELAS TEKA ASIH MARANG AWAK INGSUN " ) trus nyong
metu,...yuh rah gum,langsung malioboro bae.
ning dalan nyong karo bakar salip-salipan kayong wedi nemen mbokan kedisitan nemu bocah wadon kEder
gelise cerita,nyong bocah telu wis mlebu jalan malioboro,ning kono
nyong alonan,macet soale,trus akeh wong pada nyebrang pating
sruntul,bakar karo rojiq ning mburiku...
TIN TIN TIIINNNN..hep hep hep ( si rojiq ngundang-ngundang nyong )
ana apa jiq,( nyong nglinguk )...kaeh tarok nyalip kon
mendi jiq ?...kaeh plat nomere G yen dudu bocah bumiayu ya paling bocah tegal
( nyong celingukan ) oh ya jiq bener plate G...( nyong gagiyan nge gas motor tak tempel jejere )
mba,mba wong bumiayu yah? ( nyong tak wanik wanikna takon)
Dudu mas aku wong Slawi,daning ngerti sih nyong wong lor?
lah kweh plat nomermu ngatoni wong lor...( akhire nyong ngobrol
ngalor ngidul karo njalana motor,barang tekan prapatan ngarep Bank
Indonesia )...Mas pada ning alun-alun kidul bae yuh medang karo mangan jagung bakar...(
kye bocah wadon durung sadar yen aku kwe rombongan bocah 3,bakar karo
rojiq nututi mburiku)...ya yuh gelem nemen ( nyong njawab semangat nemen
yah,dongane nyong terkobul )
klintar klinter klintar klinter cempulek ning alun-alun kidul
ning kene bae mas kwe warunge sepi melas durung ana sing nukoni
.. ( nyong mbatin dih kye bocah daning atine ayu temen ngerti melas
anapan,raine tah ya ayu nemen belih,ora peta nemen ya belih,yen digawa
kondangan ya ora ngisin-ngisinna )
nyong mandeg karo deweke,bakar karo rojiq melu mandek...Dih lah kyeh sapa mas?...kye kancaku mba...mbokan sih dewekan ya wis ora papa tanggunge rame...( nyong wong papat njagong ning klasa terus pesen jagung bakar karo wedang )...
ngomong ngomong dewek durung kenalan kye ( nyong mulai mbuka
obrolan,bocah loro melu nrembol ngomong ) iya rah mba,loken medang
bareng ora ngerti arane.
arane aku yessy mas,lah masse sih sapa arane
( deweke ndelengnane aku bae,soale wis kesenggol minyak bulu perindu
sih nean mulane perhatiane maring nyong bae )...nyong iwan yess ( nyong
ngakune arane iwan,pan nggo aran hepi kaya aran wadon,isin yah nyong)...kuliah ning endi wan?...nyong UGM yess...fakultase apa?...filsafat
yess ( nyong ngasal bae njawabe,bocah loro tah ya wis cekikak cekikik
ngguyuni nyong,lah SMA gen durung rampung koh ngaku kuliah )....lah kye sih sing loro arane sapa bae?...(
rojiq karo bakar ora serantah nganti njawabe bareng )...arane aku Andi
yess... ( kekekekekkekekekekekekekkkk....nyong ngekek bocah loro bisa
ngakune arane andi kabeh,kayong langka aran liya maning )....lah daning andi kabeh esih sedulur apa..? ( yessy ne kaget dumehe bakar karo rojik ngakune arane andi kabeh )...
Si rojiq njawab ...iya yess nyong sepupune...nyong arane andi surojiq,lah kye andi subakar....
kekkekekekekekekekkekkekekk...nyong ora kuat...nggembrot ning kono...
goroh nemen kye tah lah...iloken.... ( yessyne ora ngandel )
mulane ari pan pada goroh rembugan ndisit dadine ora kaya kye konangan,kye mesti si iwan ya arane palsu.
iya kweh aran asline hepi (sibakar gentenan melEhna aku )
ha ha ha aha...akhire pada gembuyu dadi akrabe,tapi ya si yessy
ngglibede ning nyong bae,bandot loro kwe nganti kesuh nemen...arjuna
dilawan...
kelakon nyong duwe pacar ning jogja,si yessy tapi ngandel nyong kuliah ning UGM...
pacaran mung 3 wulan tok,bubaran gara-gara yessy,weruh nyong boncengan karo wadon liya ning malioboro.
TAMAT
( Sumenep - 27 -04 - 2011 )
Tidak ada komentar:
Posting Komentar