Sore -sore bojoku balik sing kantor teles klebes
kudanan,padahal lagi arep mangkat nyong wis ngelingna kongkon nggawa
payung,jawabane malah " panas kaya kiye ora bakal udan,ngko ari udan ya
sampeyan nusul rah mas "...iya wis ngko tak susuli.
ari
bojoku mangkat kerja nyong ya uplekan ning umah bae momong bocah,yen
dina sabtu minggu lah nyong tembe nglendang separan-paran ora
ngandang,kadang ya ari bojoku repot ora bisa maring kantor,nyong njuguli
mangkat ning kantor,lah yong kantore bebas nemen,sering-seringe bojoku
dewekan ning kantor,sing liyane pada patroli,nyong ya tau melu patroli
nangkep penyelundup kidang,barang kecekel jebulane kidange pesenane
Kapolrese,iloken pan ngasusna Kapolrese,lah yong umah kontrakanku mburi
umahe Kapolrese,nengsih umahku bisa-bisa gendenge pada ilang,anjoge
mung dikongkon ngurus surat penangkaran,ditangkarna apa disembeleh
nyong belih ngarti,tugase nyong kur ndokumentasikna tok alias jeprat
jepret nggo kamera.
Balik maning sore-sore,
dog
dog dog brraaakkk...mas,mas bukakna lawang,tangi rah aja turu
bae...nyong kaget njimprak tak kira ana demo...iya-iya ngko sedelat tak
nggoleti kunci...krertekkk kretekkk krekeeettt lawang tak buka..."rika
sih priben mas jare pan nusul tak enteni nganti sore malah ora
teka-teka,ya kyeh anjoge nyong kluncur kabeh".."lah yong bochae turu
anjoge nyong ya keturon"..."ngemprah boled lah rika tah mas"...bojoku
mlebu maring kolam adus gebyar gebyur nggo banyu atis,barang wis
rampungan adus,deweke madang rupane ngelih nemen,bar madang wareg terus
turu...ding nyong tak jorna bae,alamate sore kiye sing ngadusi bocah ya
inyong.
jam 11 bengi aku esih nonton
TV,bojoku awit sore ora tangi,barang jam 12an bojoku nglilir...sssshhh
hehhhhh hhhheeeeehhhhh....mas,mas mene gen...."ana apa honey"( nyong
semaur )..."honey,honey wadukmu kiye nnyong awake ndrogdog nemen pada
linu kabeh,mbara dipijeti ya kena rah...nyong nyekel batuke
bojoku,ternyata bener panas nemen..." demam kyeh kon tak keroki bar
kuwe tak pijeti ya"...." Sakarepmu mas sing penting nyong waras"...
bojoku
tak keroki nganti pada njledor abang ireng,bar kuwe tak pijeti,nyong
mijeti karo sambi ngejak ngobrol..." gyeh honey nyong pan
ndopok"..."ndopok gari ndopok koh dadakan poyan,tolih ora usah
honey,honeyan kaya sinetron bae,wis gagiyan kon pan ndopok
apa?"..."kaya kiye honey,jarene kanjeng Nabi Muhammad,wong sing kenang
demam kuwe,wong sing kena hawa panase neraka atawa uape neraka"...." lah
terus maksude priben mas apa hubungane karo nyong "..."lah kuwe,angger
kon tah ora kenang hawane neraka tok,tapi wis kecemplung ning
neraka"..." hhhhooooo wong gemblung bisane nyong wis kecemplung neraka
apa dasare rika ngomong kaya kuwe"..." lah kiye buktine bekas gebugane
malaikat malik ana ning gigirmu pada abang ireng,balunge kon gen pada
linu mbok...wkwkwkkwkwkwkwkwkwkkw...
"wis
wis mandeg lah mijetine rika tah bojone mriyang jare malah
moyoki"..."lah nengsih ari ora dipijeti ngko kon ora mari-mari"..." wis
mbuh lah mandeg pokoke...suka lara awak ketimbang lara ati...wis mana
rika metu sing kamar,pokoke seminggu kiye prei ora pan sunah
rosulan!!!.....wkwkwkwkkwkw nyong metu karo ngikik bae,rupane bojoku
sewot nemen.
Nganti seminggu nyong turu
ning ngarep TV kur nggelar klasa,anjoge nyong ya mriyang tapi pan
njaluk kerokan ora wani mbokan gantiyan dipoyoki he heh ehe
Ya wis semene ndisit sedulur muga-muga terhibur
Sumenep - 12 - 12 - 2011
Tidak ada komentar:
Posting Komentar