Ki Dalang Umbrus Ketepuz

Ki Dalang Umbrus Ketepuz
Lakon Sastrajendra

Rabu, 10 September 2014

DONGENG WIROG 3

Duuh ..kangen nemen karo wirog Jilo,pada maring endi sih yah,wis pan semingguan ora mecungul,apa lagi dadi relawan gunung kelud yah,apa malah dadi relawan kampanye caleg sing pada nampang ning lokasi bencana.

Diih,diihh..bisane inyong kelangan wirog yah,ndangan inyong wis nyalahi kodrat,wis belih seneng maning ning menungsa,malah demen maring kewan.

Lah yong kadang kewan luwih ngarti ning menungsa ketimbang menungsa maring menungsa,...Jilooo...Jilooo..,maring endi sih yah,biasane tengah wengi wis logag logog koh,lah bah dadi ora semangat medang ning ngarep umah,pan turu bae lah.

Inyong tata-tata pan mlebu umah,barang nembe mbuka lawang,..” om kober..om kobeeer..aja giri mlebu “,...inyong kaget kayong ana suara ngundang ngundang.

“ Diihh..jebul kon nong Jilo,tak enteni sing mau ya,nganti brutune lara njagong bae,sing endi sih kon?.Jilo rengosan anjog ning ngarepku.

“ Haduuh om melasi nemen yakin ndelengna makhluke gusti Alloh,ora tega ndelengnane”.

“gyeh aja giri nyrocos bae,nginum ndisit rah nembe cerita,kyeh dinum wedange”.
Jilo nginum mbok glenggem bae kayong ngorong nemen miki bar mlayu-mlayu.

“ Dih om kye sih wedang apa banyu kobokan daning rasane merah meruh nemen?”...” kwe wedang teh rah nok ayu,yong kon dinteni sing awit wingi belih teka-teka ya kalahan tehe dadi wayu”,..
” parah nemen rika tah teh wayu jare dinekna ning inyong”,Jilo semaur karo mbesengut.

“ Gyeh kon mbokan wirog,biasane gen nginum banyu pesusan beras campur molto,dinein teh kudu bersyukur aja nggrundel,untung inyong gelem nggawekna”.inyong gentenan mrengut.

“ aja dugal rah om,iya lah inyong ora pan protes”,Jilo metongsot ning ngarepku,rupane katon kesel nemel tolih kucel.

“ Kon sing endi sih Lo?...tolih awake dibayclin apa kon?,dasar ireng tah ireng bae rah Lo”,...” Ngece nemen dipemutih,kye awu vulkanik,inyong bar sing Kediri,penasaran pengin weruh sedulure inyong sing bar pada kena bencana gunung njeblug”.

“ Ooo..dadi kon bar nonton korban bencana?...tega nemen yah kon,wong lagi pada lara-lara koh mung nggo sawangan tok,dianggepe barang pameran apa?,mbok iyakha dadi relawan mbantu-mbantu sing lagi kenang susah rah”.

“ Masya Allooh..inyong ya ora andon nonton rah om,melu tandang mbantuni sedulur-sedulure inyong”....

” OO kaya kuwe?...lah kon maring Kedirine karo sapa tolih numpak apa?”...inyong nambah penasaran bae,jebul sing dipikirna inyong bener,Jilo bar sing kediri niliki gunung njeblug.

“ Rika kari takon kaya tukang survey bank utuk om,nritil nemen,mipil rah siji-siji aja borongan takone”...” lah yong inyong penasaran rah Lo”.

“ kaya kiye ceritane om,bar dewek medang terakhir,dina esuke inyong nggolet pangan karo Siti megal megol ning kota,barang lagi asik-asike nggolet pangan,ana rame-rame ning salah sijine bangunan,inyong karo megal megol penasaran,anjoge tak logog,jebulane kwe poskone partai”.

” terus...teruus priben Lo?”,...”ngko rah ambekan ndisit om”.

“ Wong wong partai kwe lagi beberes tata-tata pan lunga,inyong ngimpleng mbokmenawa ana panganan sing bisa tak jikot,inyong ngindik karo Megal megol”....Jilo nerusna cerita perajalanan dadi relawane.

                                                         **
“ Gol...megol..kyeh mrene,aja njubleg ning kono bae,mbokan kelindes ban mobil”,.
.” iya...iya Lo,ngko ndisit,kye kayong ana ponggol dibuang”...” dih erik nemen kon tah,kaeh ana panganan sih luwih enak koh,yuh gagiyan nyemplak”.

Jilo karo megal megol nyemplak ning njero mobil...grrrreeeenng...mobil distater,terus jalan.

“ heh Jilo kiye sih dewek pan maring endi?”,...” wis aja reang kon,sing penting dewek wareg ora keliren,kyeh deleng kye kardus isine panganan tok,kena nggo mangan dewek setaun,mbuh kiye mobil pan maring endi tujuane,sing penting tah wareg,etung-etung dewek jalan-jalan gratis ya belih..?”.

“Ya wis rah yuh aja ndongeng bae,gagiyan kiye kardus digrigiti,inyong wis ngelih nemen koh”.

Wirog Jilo karo Megal megol mulai nggrigiti kardus,harapane nemu panganan enak,barang wis ana setengah jam nggrigiti kardus.

“ Alhamdulilah,ora sia-sia untu nganti linu nggrigiti kardus,wis yuh dilarak kwe panganane”,...Megal megol mrentah ning Jilo.

Barang plastike wis diodol odol,mbok jembual pating pruluk bunder-bunder warnane kuning.

” his kye sih apa,jagung dudu,permen ya dudu,mbarah Jilo kon nyicipi ndisit”,..Megal megol mrentah maning ning Jilo.

Mbok kletus bae Jilo nyokot karo ngunyah.
”Weee..eekkk..kk,pyuah..pyuuaahh..aseeemm,daning pait nemen apa sih yah kiye”...Jilo bar nyicipi mukok-mukok nganti kemringet...

” Lah aja apen-apen mutah kon Lo,pidahal panganan enak,sengajane kon bae ben inyong ora melu mangan”,...” dih kiye temenan koh,yen belih ngandel ya srog dibadog kabeh yakena”.

”Mbarah meneh inyong melu nyicipi”.

Megal megol ora ngandel,biasane Jilo sokan ngerjani angger ana panganan enak,terus apen-apen mutah,ben Megal megol ora melu mangan.

“ Hoooeeekk..kkk...hooo..eeekkkk....bangkoooong...jebul temenan kiye tah,apa sih yah kiye Lo,ndangan racun belih?”.

“Modar kon,..!...ndaranine inyong dobol,wis aja giri dipangan,ndele dideleng tulisan ning karduse?”...” Inyong ora bisa maca Lo”.

.” erik seminggah semingkira,mulane ari nggawe susuh kwe pindah pindah aja ning gudang apa dapur bae,pisan-pisan ning trutug sekolahan dadine bisa maca,ndele kone geser mene”.....Jilo maca tulisane “ Obat Gatal & alergi ( CTM ).

“ Ajiiibbb...kye tah obat gudig,kon bae kweh Gol sing mbadog,kon kan akeh kemerkine,gampang kenang gudig”.

“ Najis tralala yah...inyong saiki wis ora gudigen,nggal sore luluran mangir koh”.

“ Apes kiye dewek Gol,salah numpak mobil,kayane kiye khusus nggawa obat obatan”.

“ Lah penasaran inyong tah Lo,mbokan bae kardus liyane dudu obat”,..Megal megol mulai nggrigiti kardus liyane.

“ Daning meneng bae Lo,kae rah kardus liyane digrigiti,kayong penak nemen mung andon nyawang”,Megal megol kesuh nemen dumehe Jilo ora nggrigiti kardus liyane.

Anjoge Jilo karo Megal megol kayong balapan nggrigiti kardus.

“ Wis kyeh kebuka kabeh,mbarah Gol kwe dijikot siji siji,tolih dicicipi kabeh”,...Megal megol ngumpulna ning ngarepane Jilo.

“ Masya alllooooh..kiye tah obat kabeh Gol,haduuh..mendem kiye tah ari dewek mangan kiye”...

” lah sih kepriben kiye Lo,salahe kon sih nyemplak mobil ora ndeleng-ndeleng ndisit mobile nggawa apa,anjoge rekasa digawe dewek kyeh,mangkane mbuh kapan mandege kye mobil,bisa dehidrasi karo Mag kye nyong”.

Megal megol ndrememel kajogan meluni Jilo nyemplak mobil.

“ wis ..wis.. ora usah ngresulah,...ngresulah ora ngrampungna masalah,wis digawa leyeh-leyeh bae nggo ngirit tenaga,ben mengko ari wis anjog dewek esih nduwe tenaga nggo luruh pangan”.

Anjoge wirog loro kuwe kedengan,mata dimeremna tapi ya ora bisa turu,yong wetenge ngelih.

“ Gol...gol...ngorong nemen yakin,kon sangu wedang belih?”.

” Boro-boro Lo,ngartiya pan kaya kiye donge dewek mau njaluk wedang ning om Kober yah”.

“ Haduuh...nasiiib...nasiiib”...Jilo ngrintih karo cekelan weteng.

“Jare ora kena ngresulah Lo...his..his...banyu tah ana Lo”,..Megal megol kelingan mau ana isine kardus sing durung digawa ning ngarepe Jilo.

“ Ning endi Gol..?”
“ Kaeh ning kardus ngarep pisan “

“ Bisane sing mau ora digawa meneeee..!..” Jilo nggentak maring Megal megol.
“ Lah yong abot rah Lo,nggawa dewek ya ora sanggup,kudune gotongan”.

“ ya wis yuh gagiyan gotongan”,...Jilo menyat ngejak Megal megol gotongan.
“ Lah kyeh Lo banyune ning botol,tapi diwaca ndisit kwe karduse Lo,mbokan salah maning”.

“ innn..fuuss...ca..i..ra..n....ma..ka..nnan”.Jilo maca tulisane.
“ dih mbokan sih macane lancar jebulane nggrandet-nggrandet,maksude priben kuwe Lo”.

” lah sing penting bisa maca,daripada kon wis dandanane kaya wong desa,ora bisa maca maning....kwe panganan tapi bentuke cair”.

“ Ya wis rah gagiyan didodet kweh botole,untunge wadahe botol plastik yah,angger botole beling sih kepriben nggrigitine Lo”.

” Ya kudune kon dijantur ndisit kaya jaran Ebeg ben bisa ngunyah beling”....” maksude priben Lo,inyong ora paham”,Megal megol semaur maning.

“ Wis gagiyan aja kakehen cangkem yuh nggrigiti bareng-bareng”.

Srupaaattt.... sruuupuuutt... Jilo karo Megal megol turu lali kewaregen infus.

Bersambung...

Sumenep - 18022014

Tidak ada komentar:

Posting Komentar