awan mingkem
ben bengine aja nyangkem
nahan ngelih
ben pikiran ora ngalih
nahan ngorong
ben aja sombong
ngrasakna dadi wong susah
ben ora kakehan polah
wulan suci
wulan mberesi ati
sing kiyeng ibadahe
ora perlu pamer ning kancane
fitroh kuwe kosong
kaya jaman esih bayi
yen wis rumangsa kosong
ngko Gusti allah sing ngisi
Sumenep - 13 - 07 - 2013
Tidak ada komentar:
Posting Komentar