Ki Dalang Umbrus Ketepuz

Ki Dalang Umbrus Ketepuz
Lakon Sastrajendra

Rabu, 10 September 2014

Ndonga

Bismillahirahmanirrahim...

Esuk-esuk lagi ngopi karo udud,sing kadohan ana wong mlaku teklak tekluk,tek matmati sapa sih yah kae,dih jebul kancaku si Sairi..." Asallamualaikum hep!"..." walaikumsalam ri,tumben gasik nemen dolan mene,biasane sore,wis kyeh njagong Ri,..Joo bojooo kyeh kang Sairi digawekna kopi ",nyong gendoakan ning bojo." ya delat mas kyeh lagi ngadusi bocah".bojoku semaur sing mburi.

Sairi njagong raine kucel nemen matane abang kayong lagi ora bongbong.." ana apa Ri kayong suker nemen tak deleng".."nyong sewengi ora turu Hep"..." bar ronda apa Ri?"..." Ronda wadukmu!,aku bar di urak ding bojo koh,sing wengi nyong metongsot ning terminal"..." dih Ri,angger pan metongsot tah ning kakus rah aja ning terminal".." gyeh Hep serius kye aja guyonan!!"...rupane Sairi temenan serius." ya ws ana apa sebenere mbokan bae nyong bisa mbantu kon,sing penting tah dudu urusan duit yah,sebabe nyong ora nyitak duit Ri"..." gweh kon tah ora serius nemen yakin Hep,lah wis nyong balik lah"..Sairi belih tahan tak ledeki bae deweke menyat wis pan lunga,barang anuk bojoku metu nggawa kopi.."dih Mas Sairi kyeh kopine wis dadi koh pan lunga,ora lila kyeh nyong wis nggawe kesel-kesel ora dinum"..bojoku ngomong ning Sairi,akhire Sairi njagong maning ora kepenak karo bojoku.

" Wis disruput ndisit kopine Ri"...
" Gyeh Hep,dirungokna sing temenan kiye tah,nyong pan curhat".."ya wis gagiyan unekk-unekmu ditokna kabeh Ri sa'ampas-ampase".

"nyong mbengi bar tukaran karo bojo,gara-garane tah dumEhE nyong ora kerja,nyong wis berusaha nggolet gawean,ijasah sarjanaku wis tak ider-iderna maring endi ora tapi jen langka panggilan kerja siji-siji acan".."lah awite kon pertama kawinan kon olih duite sing endi Ri,nyatane nganti duwe anak siji kon nesih bisa nyandang,bisa madang".." nyong saat kiye ditopang daning wongtuwaku karo wongtuwane bojo Hep,nyong ya rumangsa isin Hep,tapi kepriben maning,usaha nyong wis poret"..

."ndonga sih kon uwis durung Ri?"..." ndonga ya uwis nemen rah Hep,nganti angger ndonga nyong nangis-nangis koh"..."kon ndongane salah rah ndean?'..." dih Hep sesuai petunjuke Kyai Buskedebus,nyong nglakoni sembahyang hajat 4 rokaat nggal wengi,bisanE Gusti Allah ora ngobul-ngobul dongane nyong yah,jarene Kyai Buskedebus Gusti Allah bakal ngobulna kekarepane nyong angger nyong gelem ndonga,daniing wis wulanan nyong ndonga ora dikobul bae,jare kon kepriben mbarah"..."ooo kaya kuwe Ri,temenan kon pengin ngerti pendapatku Ri?.." Ya mbangkana pengin ngerti rah Hep,sapa ngerti ndadekna padang ning akal karo ati".

" gyeh Kaya kiye Ri,waktu kon sembahyang Hajat terus ndonga,kon madep ning sapa?".." Ya jelas ning Gusti Allah rah Hep".." Lah barang bar sembahyang karo bar ndonga kon ajeg madep ning Gusti Allah apa madep maring liyane?"..." maksude kon priben Hep,nyong madan ora paham kwe?"...

"maksude,kepriben dongamu arep dikobul lah kon lagi sembahyang karo lagi ndonga tah madep atawa kelingan sing gawe urip,barang giliran kon metu sing umah kon madepE maring bokongE perawan,donge tah,madep ning Gusti Allahe aja mung lagi pas sembahyang karo ndonga tok,apa bae aktifitase kon kudune tah ya tetep madep ning Gusti Allah"..." owh kaya kuwe Hep" sairi manggut-manggut.

." ya iya rah Ri,angger ora kaya kuwe,nengsih Gusti Allahe gen kesuh,kur Gusti Allah ora ngomong ( Priben kiye bocah kelingan Nyonge angger lagi sembahyang tok,angger lagi dolan tah Nyong diklalEna )...kaya kuwe Ri"..." Dih berarti Gusti Allah cemburu yah Hep"..."cemburu tah ora Ri,mung jelEh ndelengna kon,badeg ledeg kaya kuwe,sing gagah rah,susah seneng kwe mung sekedEpan mata tok Ri,sing bongbong ngko rejekine golong"..." Astaghfirullah..iya yah Hep,ngresulah ora ngilangna masalah,ya wis suwun nemen kyeh sarane kon,nyong pamit lah pan balik adus"..." his his ngko ndisit,daning ora ngamplopi maring nyong"..." amplop apa Hep"..sairi kebingungen.."lah kon ari njaluk sababiyah ning kyai mbok ngamplopi,bisane maring nyong belih ngamplopi ha ha ha ha"..."ya wis tenang bae Hep,ngko ari nyong wis kerja gaji pertamane separo nggo kon". Sairi njanjeni maring nyong,bar kwe deweke balik.

barang wis ana 2 wulan Sairi dolan maning raine cEngar..." Gyeh Hep nyong wis kerja,kye nyong bar gajian tapi pangapurane,nyong ora bisa nein separo gajine nyong nggo kon,bojoku njaluk tuku kalung soale,kon tak traktir madang karo tak tukukna marlbor bae ya"..."he he he ya wis ora papa Ri".aku mung nyengir tok,akeh akehe janji ya angel nepatinE,biasane godaan pan nepati janji kwe banget akehe,ndilalahe bae akeh kebutuhan liyane.

ya wis semene bae sedulur semoga ana manfaate nggo nyong karo nggo rika kabeh.
Ya Allah aku njaluk disingkirna sifat rumangsa pinter dewek sebab kwe nutupi kecerdasan akal,aku njaluk disingkirna sifat rumangsa bener dewek,sebab kwe nutupi ketajaman mata Ati.

Sumenep - 10 - 04 - 2012

Tidak ada komentar:

Posting Komentar