Barang nembe ana rong dina si Jilo karo Siti Megal Megol
njubleg ning ngarep umahe inyong maning.." heh daning kon wis pada ning
kene maning,mbokansih sida maring istana ?.
" Lah ora betah ora apa,ning istana".Si Jilo semaur.
“ Lah bisane ora betah?,mbok ning kana kepenak,kon bisa weruh apa bae,ana pejabat,ana panganan enak,tolih tempate mbok bersih?”.
“Inyong
luwih betah ning kene om,ning istana inyong malah keliren,kepriben arep
mangan,kabeh tempate panganan dipecicili ding penjagane,tolih
krungu-krungu jarene wong njero istana saiki pada geng gengan,saling
ndupak nyikut”, Siti Megal megol wadul maring inyong.
“ his ..his... sing bener bae kon,krungu sing sapa sih kon?,aja sokan gawe isu sing belih bener.”
“ Dih gena inyong krungu dewek sing JIN ( Jasad Intelijen Negara ).”
“
Ajiib maning kye ,iloken Wirog bisa kenal karo JIN,lah kon kenalane
ning endi?,ning tempat karaoke nggon pasar wage kyeh mestine?.”
“
Hidiiihh...sori... sosor meri yah,inyong ketemune ning ruang karoke
istana,deweke lagi karaokean karo kanca kancane,inyong karo megal megol
umpetan ning ngisor sofa,jebulane ora karokean tapi pada cerita geng.”
“
wis wis lah aja cerita kuwe,mbok ana aparat sing krungu mengko dadi
masalah gede,cerita liyane bae,..eh ya ning istana sih ana wirog
seliyane kon belih?”
“ Diiih..kemerab
nemen om jebulane,inyong gen kaget mbokan sih wirog sing mlebu istana
mung inyong karo megal megol tok,jebulane wis ana sing ndisiti ning
kono,malah bapuke ngungkuli inyong,wetenge mblendis-mblendis kaya wong
meteng,malah jarene pada nduwe daerah kekuasaan dewek-dewek.”..
Si
Jilo cerita banget semangate.”Tolih Wirog-wirog kuwe njaluki jatah
upeti nggal wulan ning anak buahe,durung maning jatah THR anapan.”
“
Masya Allah...kepenak temen yah kwe Wirog,lah kon dewek lagi ning
istana melu genge wirog sapa?”,inyong nambah penasaran bae,ning dunya
perwirogan jebulane ya ana geng gengan,kaya ning dunyane menungsa.
“
Inyong karo Jilo melu genge wirog Dobal,inyong salah mlebu geng,sing
arane wirog Dobal,ari memangan ora eling ning anak buahe,kabeh dileg
dewek tok,mulane inyong karo Jilo dadi madan langsing.”
“
Lah ya mending rah,ora usah aerobic wis dadi langsing,sering-sering bae
melu wirog Dobal,suwe-suwe awake kon-kon pada dadi kaya Ola Ramlan.”
“ Ola Ramlan apane,modar tah iya kena busung lapar”...Jilo njawab kementus nemen.
“
Kwe sih bisane ana wirog gede ning kono,ding penjagane ora dibedil
yah,apa dipasangkala,mbokan nengsih gawe rusak ning istana?”...” Mbuh
kwe om,kayane tah wirog Dobal karo liyane pada nein upeti ning penjagane
nean,dadine angger lagi nyolongi panganan ning dapur istana,penjagane
apen-apen ora weruh, soale inyong tau melu nggawakna karung nggo wadah
panganane,pas nyolong bengi-bengi,Wirog Dobal mbageni amplop mbuh isine
apa ning penjagane.”
“ owh kaya kuwe yah,dadi wis langka bedane antarane wirog karo penjagane?,priyatin inyong tah ngringoknane”.
“ tolih priben kon ning istana pada olih tarok belih?”
“
dih ya alhamdulilah nemen om,inyong karo megal megol ning kana
payu,wirog brondong-brondong pada pating pencilak ndelengna inyong karo
megal megol”...” anu rah nean,kwe wirog brondonge heran weruh wirog
crumut-crumut tapi bapuk”...” gweh ya rika tah senengane ngece”,Jilo ora
trima.
“Inyong malah nduwe tarok
loro”,Jilo semaur...”jarene brondong-brondong kwe,inyong kwe termasuk
wirog WaRih”...” Warih sih apa jilo,inyong ora mudeng kweh?”...” Warih
kwe artine Tuwa tapi gurih om”...”wkwkkwkwwkkk..penguk kaya kuwe jare
ngakune gurih,kon kwe ibarat klapa wis langka santene,diperes sing metu
kringet karo tai enome tok”...
” rika sih angger
ora ngece sedina awake pada lara apa?,sing mau ngeceni bae,aja kene-kene
rika menungsa,terus bisa sekepenake ngece ning kewan rah,inyong bagen
kewan gen nduwe perasaan rah,suwe-suwe dipoyoki bae ya atine inyong
lara”,raine wirog Jilo langsung njepaprut dumeh tak poyoki bae.
“
dih aja dilebokna ning ati rah,wong kiye tah guyonan,”..” lah yen ora
dilebokna ning ati sih kudune dilebokna ning endi jajal?”
“
Lebokna bolongan cungurmu yakena Lo..wkwkwkw”...” Lah mbuh lah rika tah
ngesuhna waduk nemen,pan lunga lah ora pan cerita maning”.
“
his his aja mutungi..wis giyan cerita maning,ngko tak nein luwihan
martabak lebaksiu kaeh”...” mbarah tokna ndisit martabake,tolih kae
bojone rika dilogog ndisit mbokan lilir,ngko cemburu maring inyong”.
“
wkwkwkwkw..iloken bojone inyong cemburu ning wirog...ora level yah,ya
wis inyong mlebu ndisit njikot martabak”...inyong mlebu umah njikot
wedang teh karo martabak luwihan nggo Jilo karo Megal megol.
“ Kyeh dipangani kudu dientekna,ari ora dientekna ngesuk ora pan tak nein maning.”
Barang
tak pikir-pikir sing arane menungsa jebul mung sawang sinawang tok
yah,ndelengna wong ning istana kayonge kepenak nemen,tapi jebulane sikut
sikutan,blosok blosokan,pada kedaga daga nguber dunya ora peduli haram
apa halal,pidahal sing dipangan ya sega-sega mayan,apa ana menungsa
barang wis sugih terus manganine emas apa berlian?,nengsih dikira wong
kentir belih?
“ Om,om..daning ngalamun?”,Megal megol takon maring inyong.
“ Anu...inyong lagi nyawang kon-kon pada mangan martabak luwihan gen kayong nikmat nemen,ndelengnane melu wareg”.
“Dih..kye
inyong tembe mangan banget nikmate om,pidahal tah martabak luwihan,tapi
ning gulu ora gawe seret,tolih mangane ya ora kudu lirak lirik,ari lagi
ning istana pan mangan gen kudu lirak lirik,soale mbokan konanangan kwe
panganan olih nyolong”.
“ nah kwe mulane
kudu nrimani,yen rejekine wirog kwe ning sing dibuang ding
menungsa,angger durung dibuang ding menungsa terus dijikot ding kon
ya,ari lagi apes kon bisa dipateni.”
“
Wis lah ya ngesuk maning,inyonge wis ngantuk kyeh,mbokan kon pan pada
turu,mana ning gledek umahe inyong,aja ning latar,delat maning kucing
Mandung liwat”.
“ Iya..suwun ya
om”....Jilo karo Megal megol pada mlebu ning gledeg,inyong mlebu tapi
esih durung bisa turu,anjoge nyetel tivi nonton berita gunung kelud..”
Gunung jare ngelud”.
Bersambung...Sumenep - 15022014
Tidak ada komentar:
Posting Komentar