Kye cerita jamanne
man kirso,man sukyad,man midi,man kanap,man
rasdan esih pada bujang-bujang ( Arane samaran kabeh ),wong lima kye
ning kampung terkenal bregajulan kabeh,cuman bregajulane wong kuna karo
wong saiki kan beda,yen wong kuna ari guyonan mateng,angger saiki sing
mateng mendhemane ( mabok )
jaman kuna sing arane desa
bumiayu kwe gung liwang liwung peteng dedhet,listrik durung ana,umah ya
durung pating tlEktEk kaya saiki,kulon pasar jero kwe kampung karangturi
arane,bisane diarani karangturi kwe jarene makna filosofine karang sing
bisa dituturi ( se-atos atose watu karang tapi nesih bisa
dituturi/dikandani ) dadi se gebleg geblegE wong karangturi nesih ana
harapan bisa sadar.
Kepriben ora bregajulan lah wong
pasare perek,koplake perek,mbokan sing arane ning pasar karo ning koplak
kwe, setan durung goroh wong ning pasar karo ning koplak wis goroh
ndisit,belih umum ning pasar karo ning koplak tah,esuk-esuk nesih
uput-uput wayahe imsak wis ana wong tukaran rebutan dagangan,wis ana
wong mbebodo wong,gendot sa'pocong kulake 200 perak didol 300 ari
ngomong jare durung bathi,kweh lagune wong ning pasar.
jaman
kuna,wong-wong luar bumiayu ari pan pada dagang ning pasar kwe mangkate
yen ora sore sisan ya uput-uput,sing desane mlaku,angkot esih
jarang,paling ana ya dokar.yen wong sirampog,wong kaligua,wong
tegal,pokoke wong sing adoh-adoh kwe biasane pada nginep ning nggone
sedlur sing ana ning bumiayu,yen sing ora nduwe sedulur ya pating
jrengkang ning gledegE pasar.
suatu saat ning pasar
bumiayu kwe akeh sing kemalingan dagangan,lah wong bar mlaku kesel ari
turu ya saparan paran ora eling dagangan pating gludag,akhire wong-wong
dagang laporan ning lurahe,waktu semono lurahe arane KI Semplak ( aran
samaran )...kantor kelurahan durung ana,lurahe ngantore ya ning umahe
dewek...Dog dog dog dog..pak lurahhh pak luraahhhhh...pak
luraaaahhhh...kulonuwun!!!!...maring endi sih yah kye wong srengEngE wis
plenthong jare umahe durung buka,lagi mlebu esuk karo bojone apa yah (
Bi Tasilah ngromed )...pak lurraaahhhh!!!!tak dungkar ngko lawange yen
ora dibuka buka...dog dog dog dog dog...
Kreeekeeeettt...gubraagggkkk...Priben
sih,lagi tak bukakna lawang koh sampeyan malah ndorong ( lurahe
montong-montong )...ya kweh engsel lawange dadi rusak,tempuhan meneh....Daning
njaluk tempuh rika sing salah sing mau tak gedor-gedor ora
njawab-njawab ya tak dobrak kye umah,kye nyong nyong pada lagi kesuh,aja
digawe kesuh maning ( bi tasilah mucu-mucu maring lurahe,lurahe
nggranyami malah digranyami ndisit )...ana apa donge daning
galakan rika ketimbang nyong,nyong mbok lurah,kudune nyong sing galak
maring rika,tolih regudugan kaya kye kaya pan kerigan bae,kye lagi
langka kerja bakti,ngesuk tah ya ana...sing pan kerja bakti
sapa?nyong mene kye pan wadul,daganganne nyong kabeh sering pada
ilang,nggawa kentang rong dlebug kari sa'dlebug,sing sa'dlebuge ilang
maring endi mbarah jare rika?...lah sampeyan nuduh aku
apa?nyong kye lurah ora mungkin-mungkina nyolong dagangane rika!!!..wis
sugih nyong,pati-pati dadi lurah nengsih marga nyong sugih...Sing lagi nuduh rika sapa kye nyong karo kanca-kanca dagang njaluk tanggung jawabe rika?...nyong
ora metengi rika koh kongkon tanggung jawab,priben donge rika,njaluk
tanggung jawab ya mana maring sing metengi rika rah bi,daning ning
nyong...Dih rika tah dadi lurah jare guoblogge ora umum,apa
perlu tak umumna ning masjid gobloge rika ( bi tasilah gemremet nemen
ngadepi lurahe ),nyong mene kye njaluk pertanggung jawaban keamanan sing
rika,mbokan nyong nggal dina dijaluki duit keamanan ding hansipe
rika,bisane dagangane nyong karo kanca-kanca nesih pada ilang bae,donge
ana sing ngerondani belih,aja mung bisane ngerondani randa,ronda
uplekane ning umahe randa bae,pasar rah sing dirondani,mbokan akeh
dagangan pating gludag...dih nyong tah ya mrentah ning sing
pada ronda kongkon kelilling,ora mung ning njero kampung tok,ning pasar
ya dirondani ( lurahe njawab ora gelem disalahna ) ya wis ngko tak tatar
kabeh sing biasa pada ronda,ngko tak kerahna kabeh pemuda sing ana ning
kene kongkon ngrondani rika,tolih wis kwe mana pada bubar,pan apa sih
suwe-suwe nang kene susu sing pan tuku pada lunga,kweh rinjinge digawani
nyesek nyeseki tok ning kene ( lurahe sewot nemen,pan mlebu esuk karo
bojone kalahn ora sida gara-gara didemo )...ya wis angger kaya
kwe pak lurah nyong bongbong,tapi temenan kweh ning pasar
dirondani,angger ora,dudu lawange rika maning sing tak dungkar,ambenne
rika sing tak dungkar...iya iya wis mana kye nyong tak
ngumpulna hansipe...( bi tasilah karo kanca-kancane akhire bubar maring
petarangane dewek dewek mulai dagang maning )...
Tong tong tong tong....tong...!!!
man casmad nabuh kentongan ning ngarep umahe lurahe sore-sore,pating jembual wong karangturi pada metu sing umah...
ana
apa kye tumben-tumbenne man casmad nabuh kentongan nganti mbudegi
kuping ( man kirso takon maring kanca-kancane )...mbuh kye,deleng bae
mbokan bae lurahe arep mbageni duit...( man sukyad njawab ).
barang wis kumpul kabeh lurahe nongol...
Assalamualaikum
wargaku kabeh,aku arep nein pengumuman,langsung bae ora dawa-dawa,mulai
saiki,sing pada giliran ronda angger ora mangkat tak nein
hukuman,sebabe ning pasar wong dagang pada ilang dagangane,kwe mestine
sing olih giliran ronda pada ora mangkat,mulai ngko bengi aku pan ngecEk
ning pos ronda sing mangkat sapa bae...wis pengumumane kaya kye
tok...wasalam.
ngko ndisit pak lurah nyong pan takon ( man kirso maju )...takon apa so?...angger ora mangkat hukumane apa pak lurah?...tak
bakarna sandal japit terus tak cipret-cipretna ning gigirmu so!..paham
kon?temenan kyeh so,aku ngerti kon sokan ora mangkat ronda,ngaku bae ora
usah mukir,bener belih?!!...
( man kirso crengas crenges krungu ancamane lurahe,rumangsa dewek jarang mangkat )...iya pak lurah mengko tah ngko mangkat..( dasare apes jebulane wengi kye man kirso,man sukyad,man midi,man kanap,man rasdan sing giliran ronda )...gyeh pada mangkat kye ngko bengi yen ana sing ora mangkat tak bandhem umahe
( man kirso wis ngancam ning kanca-kancane,soale biasane ya pada ora
mangkat,kur yen sore pada ning pos ronda,ngko giliran wis bengi mbuh
pada ning endi jagate )...iya lah so pasti mangkat kye tah,hukumane gen
ngeri koh ( kanca-kancane njawab )....
ning pos ronda
dewek kye apes giliran ronda langka wong sing nein jajan...( man
kirso mulai mbuka obrolan )...kon tah pikirane badogan bae so,mbokya
sing ikhlas rah wong dinein tugas tah,dewek wis dibayar ikih,sangu sega
sing umah yakena,aja ngarep ngarep dinein ding uwong bae ( man kanap
nyemauri )...gyeh kanap!! dokar yen jarane ora diempani apa iya bisa mlaku?pikir rah nganggo utek
( man kirso ora trima diarani mikire badogan tok )...mikir ya nggo utek
loken nggo entho-entho,kon gelem dipadakna karo jaran!!! ( man kanap
ora kalah nyemauri )...wis wis wis pan ronda koh malah pada reang geger badogan ( man sukyad misah wong loro kwe )...kye
kayane wis tengah wengi kyeh hawane wis cemiyes,yuh pada keliling karo
mbokan ana pelem tiba lumayan kena nggo isi-isi weteng ( man sukyad ngajak man kirso karo man kanap keliling )...nyong ya melu rah ( man midi karo man rasdan melu menyat )...daning kon wong loro melu,sing njaga pos ronda sapa?...lah pos ronda tah ora bakal ana sing nggotong ikih so ( man midi njawab )...ndasmu atos,karuan sapa sing arep nyolong pos ronda,ngko ari lurahe mene nengsih ndarani langka sing ronda ( man kirso sewot )...so nyong wedi yakin ari ning pos,wingi ning dukuh blendhong geger kunthilanak koh ( man midi njawab )..lah kan ana si rasdan!!!...nyong
ya wedi koh so,wis yuh lah keliling bareng,angger lurahe mene trus
nggranyami,ya granyami rame-rame aja wedi,wong nyatane dewek ronda
ikih...
ya wis yuh mangkat wong jare kecing-kecing nemen ...apa kon bae so sing nangkene dewekan ( rasdan takon ning kirso )...najisss nyong kongkon metongsot ning kene dewekan,mending ari ana perawan sing ngancani tah...( akhire wong lima mlencing kabeh keliling ).
Bi kasnah bakul tape,
bar
isya sawise nyiapna tape nggo dagang ngesuk,deweke turu,awake kayong
remek,beyeke macek,lha kepriben ora remek,gena lgi natani tape ning
kranjang sing lanange njaluk muang...senggar senggur bi kasnah ngorok...
Kukulurrruuuuuuukkkk...kkuukuluruuukkkkk....kkuuukuluruuukkk
bi
kasnah tangi kaget krungu suara ayam...alah ya kawanan kye tah,kye
nengsih wis subuh,gara-gara rika sih kye kang ( bi kasnah ngromed karo
neot pupune sing lanang )...aduuuhh ana apa sih!...kyeh nyong kawanan,rika malah asiikk molor bae,kaeh disiapna kranjange nyong pan adus...durung gen esuk koh...durung
esuk wadukmu,sampeyan ora krungu ayam kukuluruk,kuping apa jaletot
sih...( bi kasnah maring jeding karo ucul ucul tapih )...gebyar gebyur
gebyar gebyur...aduse rampung...bedakan,nggo tapih,nggo klambi warnane
abang boled ana renda-rendane,kwe klambi andalane bi kasnah yen dagang
karo kondangan...wis ya kang nyong mangkat,aja klalen ari wis plenthong
ayame di tok-tokna,tolih kwe bocah diadusi,aja kaya wingi wis awan bocah
esih polar polor...yawis mana dilaris laris ari balik aja kesoren,ora usah mejeng ndisit,mbarigen mejeng ya wis langka sing gelem...ngece nemen rika tah,kaya kye gen rika angger bengi pengine tanduk bae...enggang
enggong bi kasnah nggawa dagangan,bayangna bae sing kramat anjog pasar
jaman semono lewat candi karo kuburan tapi ya ora wedi demi ngempani
anak-anake...
ning pasar,
gubrakkk,,,bi kasnah
ngesrogna rinjingE karo dlebugE,,,,hmmm kaya kye nikmate dadi wong
susah,wong tah yawene esih pada ngiler,nyong tah malah wis kemringet
gigir pada lEdEs maning,penak nemen yah angger nyong dadi wong sugih
tah,...ih tapi angger nyong sugih nengsih sing lanange nyong kaya ngapa
temen tukmissE,lagi mlarat gen ari weruh perawan cangkeme ora bisa
meneng,apa maning sugih...( bi kasnah ngomong dewek,dijawab dewek ).
daning sepi temen yah kye pasar,wis subuh durung donge kye...( barang anuk ana sing njawab ) bi rika kegasiken kye esih tengah wengi
( jaman semono durung ana jam dadi patokane kukuluruke ayam )...rika
sapa sih yah ? ( bi kasnah takon yong remeng-remeng dadi ora weruh raine
sing ngomong )...nyong tasilah kentang rika sapa?...nyong kasnah tape...oohh,wis turu bae ndisit daripada balik maning ning umah ya kesel...ya mbarigen awke nyong kayong ringsek nemen..( akhire wong loro turu jejeran senggar senggur )...
ora suwe barre wong loro kwe turu,man kirso karo kanca-kancane liwat.
yakin nyong tah ngelih nemen kyeh,padsa nggolet pangan bae yuh ( kirso ngomong ning kanca-kancane )...gweh ya geger badogan maning ( kanap semaur )...kon tah kayong pan ngjeke gelut bae yakin nap,suwe-suwe tak tampek cangkemmu ( kirso mendelik ning kanap )...wis wis aja reang ngko malah malinge ngerti yen lagi dirondani,wis dewek ngindik ning kene bae mbokan malinge metu (
sukyad nengahi )..akhire wong lima metongsot ning pasar...wong lima
metongsot ning jejere dlebuge bi kasnah,ora sadar yen ning kono ana wong
lagi turu,yong peteng dadine ora weruh,man kirso njagong sendehan ning
dlebug karo tangane gramak-gramak...mbok nyegg bae,iss kye sih apa? ( tangane man kirso nyekel barang benyek )...apa sih so ( kanap semaur )...mbuh kye...coba rah diambung bacin apa wangi...wangi nap...jejelna rah ning cocotmu so enak belih...raimu tah jan nyocot nyocotna maring aku,kayong wadeh nemen apa karo aku?...( man kirso nglamod barang sing kewenyed kwe )....dih tape jebulane,lumayan kena nggo tamba ngelih,...njaluk rah so ( kanap njaluk maring kirso )...raimu sing mau moyoki bae ora kandegen njaluk...wong lima rebutan mangan tape,barang wis gari siji tembe pada sadar...gyeh gyeh kye donge tapene sapa ( sukyad ngomong )...lah tape nggletak ning kene nengsih tapene gusti allah rah kyad
( kirso semaur )..dih dih dih kye ana wong ning kene ( rasdan semaur
)...waduh gawat kyeh kye angger dilaporna lurahe dewek bisa diamuk ding
lurahe kye...waduh priben kye so gara-gara kon kyeh dadi kaya kye (
sukyad nyalahna kirso )...daning gara-gara nyong lah kon kabeh gen ya mbadog koh...wis ora usah kuatir nyong nduwe akal ben dewek ora konangan,kwe tape gari pira?...gari salenjer so ( kanap semaur )...jikot nap...trus pan diapakna kye tape so?...slempEdna ning barange sing duwe tape...huusssttt sembarangan bae kon so ( kanap semaur )...wis gari nurut bae kepengin ngesuk ora geger belih?...akhire
wong papat kwe manut bae maring kirso...bi kasnah lagi turu dibuka
tapihe...yong peteng dadi ya ora weruh kayang apa bentuke...wis rah gagiyan di slempEdna...yuh gagiyan mlayu...plencing wong lima mlayu nggejrad karo ngekek ngekek...sementara bi kasnah ora sadar tapene entek...
gradak gradak gradak sura grobak liwat,bi kasnah tangi,rupane srengEngEnE wis plenthong...
lah lah lah tapeku ilang..bi kasnah geger nangis jengker
kunyk kurang ajar sapa yah sing nyolong tapeku....ana apa bi ( bi tasilah menyat )...tape ku ilang bi tasilah heghh egh hegheghehhhhhh....bi kasnah gejog dlebuge di tendangi...dih padahal wing lurahe bar tak oncogi,yuh pada maring lurahe maning,pada ngamuk ning kana,njaluk tanggung jawab lurahe...(
bi tasilah ngenyatna bi kasnah )...barang menyet pan mlaku bi kasnah
nyekeli tangane bi tasilah...ngko ndisit bi,kye mbokgrenjel apa donge...apa maning bi?...kye njero tapihku....ya ndele mbarah dibuka...( wong loro umpetan njero gledeg mbuka tapihe bi kasnah )...barang tapihe di buka...bi kasnah karo bi tasilah njerittt...ya mpuuunnnn...jebulane kye sing mangani tape,,,,(
bi kasnah njerit karo naboki sing mangan tape kwe
)..kekekekekkekekekekekekekekekkekekekekekekkekekekekekkkkkkk.......bi
tasilah gemuyu ngakak...jebulane sing mangan tape...lobang angine bi
kasnah.......
ning pasar geger,lobang angine bi kasnah mangn tape sa'dlebug man kirso karo kanca-kancane dadi slametE.
nganti saiki bi kasnah percayane tapene dipangan ding lobang angine....he he heh eh ehe he
( Sumenep - 16 - 05 - 2011 )
Tidak ada komentar:
Posting Komentar