Ki Dalang Umbrus Ketepuz

Ki Dalang Umbrus Ketepuz
Lakon Sastrajendra

Rabu, 10 September 2014

Open House

Sore-sore bar nekani acara " Open House ",ning bekas kawedanan Bumiayu,inyong mampir ning kantor KJB ( Komunitas Jurnalis Bumiayu ),ning kono rame wis ana Caleg ana wong-wong LSM ana wartawan napan,ndopok ngalor ngidul,mulai kasus bu guru Darkem,sampe cerita sing rahat-rahat.

Inyong mung ngringokna wong-wong pada ndopok karo mesem-mesem angger ana sing lucu,pikirane inyong malah mikirine perihal kata " Open House",rencanane tah arep ditekani ding Ibu Bupatine jebulane Ibu Bupatine ora sida teka jarene lagi ana " Halangan ",ya maklum bae yah yong Bupatine wadon,coba angger bupatine lanang ya ora tau kena "Halangan",wkwkkwkwkwkk.

Balik maning ning kata " Open House ",maksude apa sih kata kiye,angger diartikna per kata tah ya mung "buka umah",donge yong wong jawa ya gari nggo basa jawahan bae yah,ora usah tiru-tiru kaya wong barat nggo basa inggris,ben katon ekslusif apa kepriben donge?,tolih donge acarane ora usah formal nemen,ora usah nggo kursi mending lesehan,lah kiye tah pejabate ning panggung,rakyate pada ndlangos ning ngisor,kesanne dadi kaya ana jarak antarane rakyat karo pejabat,kayong ora ana keakraban.

Karepe inyong tah ya acara " Buka Umah ' kiye ora sekedar formalitas tok,tapi bener-bener acara nggo keluh kesahe rakyat maring pejabat,malah inyong nduwe ide angger acara " buka umah ' kiye dikonsep atawa digarap ding masyarakat bae,aja ding wong-wong birokrasi sing wis terbiasa kaku ora luwes,donge tah dijadual misale minggu kiye " Buka umah",nekakna komunitas-komunitas seni,minggu ngarepe nekakna pedagang pasar,minggu ngarepe maning ngundang komunitas wong terminal karo wong-wong dalan,dadine sing dibahas kwe bisa fokus se"tema",ora campur baur sing anjoge mung jawabane " Ya masukan anda kami Tampung",ditampungi bae ora tau dimasak sih pan nggo petEtan tok apa.?

Ya kaya kuwe lah sekedar hasil renungane inyong perihal " Open House",kayane tah luwih mantepe diganti bae dadi " Ndopok ",lah yong dadi menungsa Modern kwe ora kudu serba istilahe nggo basa Inggris,angger jebul " Open House " ora ana hasile mung sekedar netepi janji waktu kampanye pilihan Bupati,mending ora usah ana acara kaya kuwe,mbuang - mbuang duite rakyat tok.


Kidung Setan Kober
bumiayu 16032014

Tidak ada komentar:

Posting Komentar