Ki Dalang Umbrus Ketepuz

Ki Dalang Umbrus Ketepuz
Lakon Sastrajendra

Rabu, 10 September 2014

Republik Rahatan Bumiayu ( Bagian 7 )

Sementara kuwe man ruwag tah ora ana kendala apa-apa anggone mrovokatori wong-wong sing pada nduwe CV tapi ora tau olih proyek,rata-rata setuju kabeh,pada niat-niat nemen pan melu Kudeta.

barang wis olih seminggu,wayaeh wong lima kuwe kumpul mamning nggone kaji mardiyah,sing gasik nemen teka ndisiti kaji Tapran,wis lagi ngopi karo ngenyoh gemblong ketan.

ora suwe  man ruwag teka nggawa gedang setundun " Kaji Mardiyah !! kyeh nyong nggawa gedang setundun nggo gawe kolok karo digoreng".." ora usah gendoakan rah Wag,nyong krungu..,lah daning gedang Jipet Wag?,kye kon olih tuku apa olih nyolong ning kebonane kaki daklan?".." dih sayangku kye  nyong olih ngunduh ning kebonane dewek koh,ngece nemen olih nyolong,emange nyong ana tampang maling apa?"...man Ruwag raine merah meruh njepaprut,wis kesel-kesel manggul gedang,anjog umahe kaji Mardiyah mung dipoyoki tok,harapane tah ya kaji mardiyah dadi bungah.

" gyeh ruwag,..kye sih kon pan ngempani uwong apa pan ngempani beruk,mbok gedang Jipet tah panganane beruk atawa manuk,bisane pan dijejelna ning nyong-nyong pada,mbokya ari nggawa gedang sing enak,gedang kepok apa rajanangka"...kaji mardiyah semaur maning." hhooo dasar rika kiye Kaji langka sukure,rejeki kuwe aja ditampik,mbuh Jipet mbuh rajanangka aja ndeleng bentuk barange,ndelenge niat apik sing nggawane rah Ji"...man ruwag ora kalah semaur maning.

"wis.wis aja pada reang,gedang Jipet gen angger ngolahine pinter ya dadi enak Yu Kaji"...Kaji tapran mbelani Man Ruwag...." lah Kon tah dasar nggragas Jipran,kulit gedang gen ari digawe KoloK mesti dibadog"..." dih dih daning rika ngomong kaya kuwe Yu Kaji,nandes nemen ning ati,nyong dudu wedus rah Yu"..." ya wis meneh pan tak olah digawe kolok,tapi angger ora enak aja nyalahna nyong"..." gyeh sayangku ngolahine nganggo bumbu cinta rah ngko koloke enak"...man ruwag ngomong karo nyrEngEs.."brisik wag ora usah ngrayu tak gabyug banyu panas tolih"...wkwkkwkwkwk man ruwag ngekek weruh raine Kaji mardiyah dadi abang kaya tomat diundang sayangku.

let setengah jam Kaki kanun mbak jembual,ora suwe Man tabri karo Talib teka boncengan nggo Pit ontanE.

"Kulonuwuuuuun....pada waras kabeh mbok sedulur" man tabri nyapa maring kabeh sing ana ning kono." waras bri",Man ruwag karo kaji mardiyah njawab...tabri semaur maning " Jipran daning meneng bae,cangkemE cangkrangen apa Ji?"..."nduassmu Bri,nyong ya waras,mung dompetku sing belih waras"..Jipran mucu-mucu maring Tabri," yawis gagiyan rah dompete diopname ning puskesmas wkwkwkw"..." kon tah belih umum wong bri teka-teka jare moyoki uwong"..." gyeh Jipran nyong ari sedina ora moyoki uwong,bengine awake pada lara he he he"..."mbuh lah bri,kye kon pan gawe kopi apa teh?"..." ya jelase kopi rah Jipran".." pan nggo gelas apa pan digabyugna bae ning cocotmu kuwe"....wkwkkwkwkwkwk kaki kanun karo  liyane ngguyu nggegrek weruh Jipran karo Tabri poyok-poyokan.

Bersambung....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar