Bismillahirahmanirrahim…
Kegugu bae maca iklan ning majalah klenik,akeh wong pada ngaku bisa mbantu kesusahane wong liya,ana sing ngaku keturunane sunan lah,ana sing ngaku keturunane prabu lah,ana sing ngaku nduwe ilmu pelet,ilmu kebal,ana sing ngaku bisa ngruwat nasibe wong,tolih jan kostum karo tampilane aneh-aneh,kwe kabeh jare disebute PARANORMAL.
Nyong lah heran sing arane PARA – NORMAL (wong-wong Normal ) kudune nengsih ya normal layake menungsa ora reka-reka,lah kiye tah malah pada tampil ora normal kudune aja nggo aran PARANORMAL tapi ABNORMAL ( belih Normal ) beda karo wong liya.
Normale menungsa ya nduwe mata nggo ndeleng sing apik-apik,nduwe cangkem nggo ngomong sing apik-apik,nduwe kuping nggo ngrungu sing apik-apik,intine awak segulingan nggo berbuat sing apik-apik sesuai karo prentahe sing gawe urip,sebabe angger wis Normal kabeh,sing gawe urip bakal mbuka rahasia ilmune.
kepriben flashdisk bisa nggo nyimpen data angger colokane rusak?,colokane menungsa ya Indera-inderane,salah siji fungsine tirakat ( puasa ) kwe nggo normalna indera-indera,dudu ben sakti,angger indera-inderane wis normal,gusti Allah mbuka kran ilmune,akhire wong dadi sakti ( ana ilmune ),ora kandegen tirakat terus tapi indera-inderane ora normal bae,berarti ana sing salah ning proses pembelajarane,mbuh gurune sing goblog apa muride sing tolol.
Nyong lah gumun ning wong sing pada seneng maring hal sing aneh-aneh,ora sadar bahwa awake dewek sebenere hal sing paling aneh.( digali kweh awake dewek )
Yuh pada dadi PARANORMAL ( wong-wong Normal ) aja dadi ABNORMAL ( wong-wong nylenEh ).
Ya wis semene ndisit sedulur mbokbae ana manfaate nggo nyong karo nggo rika kabeh,mbokan ana kata-kata sing ora pas ya nyong njaluk ngampurane.
Ya Allah nyong njaluk diadohna sing siifat rumangsa pinter dewek,sebab kuwe nutupi kecerdasan akale nyong,..Ya Allah nyong njaluk diadohna sing sifat rumangsa bener ( suci ) dewek,sebab kuwe nutupi ketajeman mata bathine nyong…Amin ya Robbal alamin.
Sumenep – 28 – 04 - 2012

Tidak ada komentar:
Posting Komentar