Dina esuke,
Talib Gasik nemen maring nggone
Tabri..."kulonuwun,kulonuwuuunnn...Bri..Tabriiii!!..maring endi sih yah
kiye wong"...Talib bludus bae mlebu ning umahe Tabri,wonge langka tapi
ora kandegEn lawange ngeblag.
" Bri...Tabriii!! "..." Hoii
iya,iya...nyong nang Kakus, lagi mletet,sapa sih yah"...Tabri gendoakan
sing njero Kakus.."nyong Talib Bri,ya wis diterusna ndisit
mletetE"..talib Njagong ning ruang Tamu..."gawe kopi dewek ndisit ya
kena Lib,nyong lagi mules nemen koh,mau bar subuh mangan petise Bi Rawen
rong pincuk,anjoge mules".."Iya Bri..Mulane ari mangan petis aja karo
PincukkanE".."hhooo wadukmu,dianggepe nyong wedus apa".
Krekeeeeettttt suara lawang kakus mbuka, Tabri metu karo mbenerna kolore.
"
Ana apa Lib,.. tumben kon gasik nemen mene,biasane kon mbok ari tangi
kebluk".." gyeh Bri kon pan nemuni kiyai-kiyai kapan,iloken waktu
seminggu cukup nggo nemuni kabeh?"...'Dih aja kuatir Lib,nyong wis nduwe
rencana sing jitu nemen".." rencana apa Bri"..." gyeh Lib daripada
muter-muter nemuni sekabehan kiyai mending nemuni kiyai siji sing paling
nduwe pengaruh ning seantero wilayah kidul,nyong wani njamin,ari kiyai
kuwe manut,kiyai liyane bakal manut kabeh"..." Kiyai sapa Bri,..Tolih
kapan pan nemuninE"..."Kiyai Jarkoni Lib,..dina kiye nyong pan
nemuni"..."sapa Bri..Kiyai Jarkoni,sing wong desa pancurawis kae
bri..??..iloken Kiyaine gelem melu kudeta,mbokan Kiyai kuwe tah wis ora
ngurusi perihal duniawi,wis dadi wong sufi"...
"dih dirayu
ding nyong pasti nurute Lib..kon pan melu belih?"..." ya nyong pan
melu,mbarah nong pengin weruh kaya apa kon cara ngrayune"..." ya
wis,..delat nyong pan ganti nggo klambi sing bener ndisit"....Man Tabri
mlebu kamar ganti nggo klambi takwa karo nggo peci ireng,cellanane tah
ajeg nggo celana favorit, celana komprang..." wis yuh mangkat
Lib"...wong loro boncengan nggo pit ontane man Tabri maring nggone Kiyai
Jarkoni.
Sekilas Kiyai Jarkoni.
Kiyai Jarkoni kiyai
paling kondang ning seantero Mrebes Mili Kidul,asline wong desa
pancurawis,gemiyen deweke mergurune ning jombang,deweke pernah mengelana
keliling indonesia mlaku,sakti nemen deweke,mulane kiyai-kiyai liyane
pada hormat,tolih ya saiki umure wis pitung puluh taun,bojone papat akur
kabeh,bojo pertamane arane Siti Bapukiilah,bojo kelorone arane Siti
Semokilah,bojo ketelune arane Siti Nikmatilah,Bojo sing terakhir arane
Siti Naudzubilah.
Jumlah anake Kiyai Jarkoni kabeh wolu
likur,bojo nomer siji anake pitu,nomer loro anake pitu,nomer telu anake
pitu,nomer papat anake pitu,Kiyai Jarkoni ngadegna pondok Pesantren
arane " Pondok Berbagi Cinta ",santrine ribuan,sekolahane mulai sing
Paud nganti SMA ana kabeh,tamune Kiyai Jarkoni ya banget ding
akehe,nganti Sak klambine Kiyaine kebek ding amplop,marakna deweke dadi
sugih nemen,mobil,motor,sapi,sawah deweke nduwe,Kiyai Jarkoni ora
pilih-pilih tamu,sapa bae diterima,mbuh pejabat mbuh penjahat, mbuh
sugih mbuh mlarat, diladeni kabeh,mulane wong-wong pada betah nggone
kiyai Jarkoni.
Man Tabri rengosan nggenjot pit si Talib
ora gelem gentenan njalana.." Lib gantian rah nyong teol nemen yakin
sikile"..." lah moh lah pite kon tah sadelE duwur nemen negsih
plakanganku lEdEs kabeh rah,delat maning anjog ikih,ora usah
ngresulah".." lah alesan kon tah,mulane ari tangi turu kuwe ngulEt
ndisit ben awake mulur,kon tah awit bayi ora tau ngulEt sih yah,dadine
bujel nganti tua"..." brisik Bri !! tak tabok ngko cocote
raimu"....wkwkkwkwkwkw man Tabri ngekek seporEtE weruh talib kedugalen
raine abang mangar-mangar.
"wis gagiyan mlempat Lib aja
njagong bae"..." lah ya mandeg ndisit rah Bri,nesih jalan nyong mlempat
tah nengsih raine nyong bungsut kabeh"...jebulane ora krasa wong loro
wis anjog ning ngarep umahe Kyai Jarkoni.
" Dih Bri rame
nemen tamune,kye tah nengsih ketemune mbuh jam pira"..." Gyeh Lib ben
cepet dewek ketemu karo Kiyaine,ngko ari ditakoni ding penerima tamune
kon meneng bae aja ngomong sing ngomong nyong bae"..." lah bisane
Bri?".." wis ,kon gari nurut koh aja nyocot,yen nyocot kon tak jejeli
sandal yakin".." iya,iya nyong pan meneng"...talib bule kewedinen weruh
tabri raine serius nemen.
" Asalamualaikuuummm"..tabri
karo talib bule nyalami maring santri sing dadi penerima tamune.."
walaikumsalam pak,saking pundi nggih?"..santrine takon ning tabri karo
talib.." nyong wong karangturi nang arane Tabri..kiye kancaku wong
belanda arane Robert Talibi".."ooh bade kepanggih kalih pak kiyai
nopo?"..."iya nang,kiye kancaku sing belanda sengaja mene pan mlebu
islam,maune kiye uwong ora nduwe agama"...man tabri njawab karo nahan
gemuyu,talibe merek ning Tabri karo nyiwit wetenge tabri,rupane deweke
kesuh nemen diarani wong ora nduwe agama...." subhanallah
alhamdulilah,bade dados mualaf,dih panjenengan mulya nemen pak gelem
purun ngateraken tiyang badhe mlebet agama islam"..."lah terus priben
kiye nang,nyong kudu cepet nemukna wong landa kiye karo kiyaine,angger
kesuwen mbokan mutungi malah dadi ora sida mlebu islam"..."nggih,nggih
pak,kulo bade matur kali abah kiyai rumiyin".
barang wis
ana sepuluh menit santrine metu maning nemuni Man Tabri,..." Pak
njenengan di kEngkEn mlebet"..." Ya Lib,siasate nyong jitu nemen,mau
angger ente nyocot nengsih ngenteni banget suwene"..." jitu sih
jitu,tapi ente keliwat nemen ngarani nyong ora nduwe agama"...wong loro
risik-risikan tapi karo pecicil-pecicilan.
akhire wong loro mlebu ketemu karo Kiyai Jarkoni.
Bersambung....
Tidak ada komentar:
Posting Komentar