Ki Dalang Umbrus Ketepuz

Ki Dalang Umbrus Ketepuz
Lakon Sastrajendra

Rabu, 10 September 2014

HIKAYAT SALAHUDIN,SOLEHUDIN karo USTAD SOLNJEPAT bag.4 ( Paskibraka )

Bar traweh Salahudin ngengkreg maring umahe Solehudin deweke pan ngrewangi ndandani penampilane Solehudin,melas nduwe kanca bekikuk nemen,ora ngerti perkembangan jaman,kanca kancane wis pada modis-modis nemen,dewek tah ajeg kuwuk mambune penguk.


" Asalamualaikuuuuummm....Soooolll... ",Salahudin nggedeor-nggedor lawang umahe Solehudin.
" Hooiiii...ari nggedor lawang ora usah banter-banter mbokan ambreg umahe inyong ",Solehudin njawab sing njero.

" Dienteni suwe nemen sih Sal,sing mau inyong gonta ganti klambi kyeh,kye klambi warna abang boled celanane ijo dawegan pas belih..?",Solehudin njaluk pendapate Salahudin.

" Pas nemen yakin kon, kaya artis jaja miharja ning klip lagu Salome..wkwkkwkwkwk ",Salahudin nyemauri.

“Bangkooong..! ari madakna belih ngenaki nemen,mbokyaha karo artis jaman saiki rah,aja artis jaman kuna “,Solehudin ora terima dipadakna karo jaja miharja.

“ Ya angger artis jaman saikine kon kwe kaya budi anduk,...wkwkkwkwk...”.
“Mbuhlah..! kon tah moyoki bae,mbarah kiye inyong pantese nggo pakaian sing apa?”.

“ Lah kan inyong wis nein jas putih celanane putih,bisane ora dinggo?”,Salahudin nyemauri.
“Inyong ora pede Sal,kayong resmi nemen nggo jas”,
“ Dih kon belih ngarti trend mode jaman saiki sih,mbokan jas kwe simbol wong-wong modern,kon kepengin katon kampungan apa katon modern ning ngarepe Neni Sol?”

“ Ya kepengin katon keren ning ngarepe Neni rah Sal “,
“ Ya wis gari nurut omongane inyong koh,pengin diterima belih sih cintane kon ding Neni ?”.

“ Ya mbangkana pengine...”.
“ Wis gagiyan dijikot jase karo celanane “,Salahudin mrentah ning Solehudin.
Ora suwe Solehudin wis salin nggo jas putih,karo celana putih.
“ Jare kon sing kurang apa mbarah Sal..?”,Solehudin ngaca karo takon mbari mbenerna jas sing madan kedodoran.

“ Ajiiiibbb...gagahe poret kaya Bung Karno yakin,sayange ora nggo peci ireng karo dasi “,
“ iya yah Sal,Peci tah ana kaeh “,Solehudin mbuka lemari ngetokna pecine.
“ Gari Dasine Sol duwe belih kon ?”,Salahudin nakokna.

“ Boro-boro inyong duwe dasi Sal,keluargane inyong mbok pegaweane nguli kabeh langka sing dadi wong kantoran “,Solehudin nyemauri karo nelangsa.

“ Haduuuhh...sayang nemen yakin,tanggung rah,wis nggo jas koh ora nggo dasi,goleti ndisit mbokan ana nylemped ning lemari “.Salahudin mrentah maning.

“ iya tak nggolet maning Sal “,Solehudin mulai nggratak maning lemari pakeane dewek karo lemari pakeane adine...” Lah langka kabeh Sal,kye anane Asduke adine inyong “.

“ Ya kuwe ya ora papa,dari pada langka dasi “,Salahudin semaur.
“ His sing bener bae  kon Sal,ngko inyong dikira mamang pembina pramuka rah ? “.
“Gyeh Sol,pembina pramuka langka sing nggo jas putih,angger camat tah jase putih,tolih kwe mengko asduke sing dikatokna sing warna abange bae,warna putihe diumpetna ning mburi,inyong bisa naleni dasi ikih”.

“ Dih lah iloken asduk, sing bener bae kon Sal..”,Solehudin njetatut madan nolak
“ Yawis kon kepengin katon wibawa ning ngarepe Neni apa kepengin katon wong koplok nning ngarepe Neni ?”.

“Ya kepengin katon wibawa rah Sal “,Solehudin nyemaur.
“ Ya angger kaya kuwe,gari nurut rah,ora usah kakehen cengek,wis meneh asduke “,Salahudin mulai masangna asduk ning gulune Solehudin.

“ dih dih minyake kelalen durung tak nggo Sal “,
“ Wis mengko karo mlaku,waktune wis enggal entek kyeh gagiyan maring warunge Bi Yatin,Neni biasane wis ning kana lagi pada ngedas pecel”.

Solehudin manut bae,deweke mlaku ngengkreg karo nyambi ngolesi minyak ning awake.
“ Gulune aja klalen diolesi minyak Sol,soale kwe sing ora ketutup pakaian,ben mambune mboksrenteng maring cungure Neni”,Salahudin ngelingna ning Solehudin.

                                                          ***

Ning warunge Bi Yatin wis rame akeh bocah enom lagi pada njajan,ana bocah perawan telu cegigisan,liyane bocah cilik-cilik esih pada polar polor ilere nggabres,kayong sekroh nemen mangan pecele Bi Yatin,angger wulan puasa kwe nikmat nemen bar trawehan pada ngedas ning warung.

“ Nen...Neni...mene gen,inyong ana perlu “,Salahudin ngawe awe,Si Neni,Neni metu sing warung marek maring Salahudin.

“ Ana apa kang,pan nraktir inyong apa ?”,
“ Dih sapa sing pan nraktir,kye udud gen olih ngutang koh,...kaeh Nen kon dienteni ding Solehudin ning mburi pos ronda”.Neni raine penasaran nemen

“ Kang Soleh pan njaluk Kolek gedang maning apa ?,diomongna kang Soleh yawene tah wis entek”.
“ Diih..sapa sing pan njaluk Kolek,kaeh jarene ana penting,masalah masa depan negara dan bangsa koh “,Salahudin semaur.
“ Lah rika tah dobol nemen,iloken kang Soleh ngarti urusan negara “.Neni belih ngandel karo Salahudin.
“ ari belih ngandel ya tiliki dewek mana ning pos ronda “.
“ Mbarah...pan apa kang Soleh “,Neni penasaran nemen ana apa donge.


Ning pos ronda Solehudin clingukan dadane deg degan,kiye sih inyong pan ngomong apa yah ning neni,lah bah kajogan mau ora njaluk warah ning Salahudin.
Sing kadohan Neni wis katon,Solehudin nambah kebat kebit atine weruh perawan pujaane wis katon wayangane,deweke ngadeg siap siaga kaya pan upacara,Neni selat parek mbok crumus ning ngarepe Solehudin.

“ Astaggghhfirruuuullloooohhhh...!!!..kaaaang..!...rika lagi kenang apa donge ?.”,Neni kaget nganti mlegeg weruh dandanane si Solehudin.
“ i..i..iny..ong..ora kenang apa-apa Nen “,Solehudin semaur tenggorokane kayong ditekek jim,deweke mbatin mesti ana sing salah kyeh,mesti inyong dikerjani maning ding si Gebleg Salahudin.

“ Lah bisane rika kaya bar upacara tujuhbelasan,rika dadi anggota Paskibraka apa kang ?,wkwkwkwk...tolih masya Allooohh...ora salah kwe,iloken anggota Paskibraka dasine nggo asduk kikiiikikikkikikikk...”.Neni belih kuat ngakak seporete weruh dandanane Solehudin.

Solehudin raine langsung mengkirut dumehe Neni nggeguyu bae.

“ Hob hob wis rah Nen,aja nggeguyu inyong bae,kiye inyong dandan kaya kiye demi kon koh “,
“ maksude demi inyong priben kang ? “,Neni takon karo ndelengna raine Solehudin,apa hubungane Solehudin dandan kaya Paskibraka karo deweke.
“ Anu..Nen,selawas lawas mata bathine inyong picek,ora ngarti yen jebulane kon kiye seneng maring inyong “, Solehudin ngomong karo ndeluk wedi salah ngomong.
“ Apaaaaa...!...inyong seneng rika ?,bisane rika ngomong kaya kuwe kang,inyong rumangsa ora demen karo rika “,mbok jleb bae jawabane Neni,nandes nemen ning atine Solehudin,deweke wis mbayangna Neni bakal nerima deweke,lah koh jebulane semaure Neni diringokna ora enak nemen ning ati.

“ Lah kon nggal dina ngirimi Kolek gedang maring inyong,berarti kan demen maring inyong ?”,Solehudin semaur maning,karo kiye tah deweke mulai wani ndelengna raine Neni.

“ Masya Alloohhh...! rika salah paham kang,inyong ngirim Kolek kwe diprentah ding mane inyong,yong mane inyong kwe kanca akrabe mane rika,gemiyen lagi cilikane mane inyong kwe sering dinein jajan ding mane rika,istilahe ya males budi apike mane rika kang “.Neni njelasna alesane ngirimi kolek.

Solehudin endase kaya digeblogna ning lingire lawang,krungu jawabane Neni kaya kuwe,dadak dadakan endase mumet kleyengan awake lemes dedes,Solehudin nglepese semaput ning pos ronda.

“ Kang Salaaahh...! tulung... kaaaang...tuluuung...kyeh kang Soleh semaput “,Neni gendoakan ngundang undang Salahudin,salahudin gedebegan mlayu maring pos ronda,weruh Solehudin semaput,Salahudin kebingungen “,waduuh gawat kiye gawat,gagiyan digotong maring umahe Solehudin”,Salahudin ngejak gotongan ning Neni.

“ haduuh kang,abot nemen,ora sanggup lah umahe kang Soleh madan adoh koh “,Neni mandeg,sikile Solehudin dibrusutna.
“Kon ninggoni Soleh ndisit Nen,aku pan nggolet bantuan”,Salahudin mlencing nggolet bantuan,ora suwe Salahudin teka nggawa grobak.
“Wis kyeh tumpakna grobak bae Nen,bagen inyong sing ndorong,kon balik bae mana “,Salahudin karo Neni gotongan ngesrogna awake Solehudin maring grobak.

                                                 ***

Anjog umahe Solehudin,si Salahudin rengosan ambekane megap-megap,” Ya alloohh...Ya alllooohhh...ana apa Sal,anake inyong kenangapa Sal..?”.Mane Solehudin nakokna.


bersambung....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar