" Gyeh Kaya kiye
sedulur,inyong priyatin nemen ndelengna kondisi kotane dewek ora
rubah-rubah,bangunane tah apik-apik tapi pondasi ekonomine ancur"...ki
kanun mulai ngomong perihal unek-unekE..."sing awit gemiyen mula
Kadipaten Mrebes Mili jor-joran maring wilayahe dewek,angger dijor-jorna
bae anak putune dewek bisa keliren,lah wong pilih kasih nemen para
pejabat kadipatene gen,sing diurusi wong lor bae,wong kidul diapi
orakna"...."iya bener kweh Ki,nyong ya ngrasakna ari pan ngurus apa-apa
di angel-angel,mumeti endas nemen,apa maning ndelengna semrawute kotane
dewek jan kepengine ngamuk yakin"...Man tabri nimpali ngomong.
"Ya wis rah saiki dewek gawe gerakan apa sing sekirane bisa ngrubah nasibe kotane dewek,pan kudeta apa pan kepriben njajal?"...Ami Talib ora ketinggalan melu ngomong....".."iya bener kweh Kudeta bae,remuk-remuk lah Kadipatene dewek,kayong kesuh nyong tah urip ning kene,pan dagang ora nduwe modal,pan tani ora nduwe lahan,pan kerja sapa sing arep nein pegawean"...kaji tapran ngomong karo raine mangar-mangar..."nyong ya setuju kweh ari kudeta,sajege adipatine dicekel Ki Gede Dhobole,CV ne nyong dadi ora tau olih proyek,maning-maning sing menang tender wong-wonge Ki Gede Dhobole"...man ruwag ya rupane kesuh mergane saiki dadi kere..."ari nyong tah rika-rika pan pada Kudeta ya ndukung bae,lah yong nyong tah wong wadon,bisane ya mung ning padon"..."His tapi ya aja kaya kuwe rah mardiyah,kon bisa mengaruhi kaji-kaji wadon kancane rika nggo ndukung ben kotane dewek kiye merdeka"...Kii Kanun ngomongi Kaji Mardiyah.
"Ya wis ari kon wis pada sepakat pan Kudeta,saiki gari mulai nentukna apa-apa sing perlu dewek siapna"..."iya apa bae kuweh Ki ,rika kan luwih pengalaman"...Talib takon maring Ki Kanun,liyane mung mantuk-mantuk karo ndomblong...."kyeh diringokna Sing kudu disiapna pertama,dewek kudu nyusun Strategi,sebabe kemenangan perang kuwe dudu pada waktu perange tapi pada waktu nyusun strategine,dadi dewek kudu nduwe Strategi sing jitu nemen...Sing ke loro dewek kudu nduweni pimpinan sing wibawa,ngayomi,bijaksana tapi tegas terus wanian...Sing ke telu,dewek kudu mbangun pasukan sing disiplin,patuh,wanian,pantang nyerah...sing ke papat,dewek kudu nyiapna logistik atawa dana,percuma bae nduwe pimpinan apik,prajurit nurut tapi ngelih wetenge,nengsih giliran perang loyo"...Ki Kanun njelasna maring wong papat kuwe,wong papat manggut-manggut kagum ning Ki Kanun.."Gyeh Ki top markotop nemen rika yakin sung,rika sih ngerti kaya kuwe belajare ning sapa Ki?"...kaji mardiyah takon ning Ki Kanun.."nyong belajare ning Jenderal SUN TZU"..."Sapa Ki!...Jendral ngeSUN SUSU..?,ora ngeSUN BOKONG sisan!!..." rika tah jan sembarangan nemen kEnE-kEnE sing takon nyong wong wadon njawabe penjorangan nemen"...Kaji Mardiyah sewot nemen.."Diiih..jabeg temen sih kon Mardiyaaah..!!!...Jendral SUN TZU!!!!!!...jendral SUN TZU kuwe ahli strategi militer karo ahli filsafat,deweke wong cina,wonge wis mati kwe jendral jaman kuno,deweke sing ngarang buku Seni Perang"..." oooh kaya kuwe,ari ngomong sing jelas rah Ki dadi nyonge ora salah paham,berarti kuwe jendrale esih sedulur karo Cheng Chip yah Ki..?".."wkwkkwkw...dasar kone bae sing budeg,nyong mau mbok ngomng banget rosane,mulane kuweh kupingmu ditempelna ning lambeku ben kon krungu"..."halaaaah dasar wong tua tukmis,dasar kepengin ngambung bee..".
"Wis saiki bagi-bagi Tugas,Talib kon bagian ngompor-ngompori Kyai seantero Mrebes Mili Kidul".."aja nyong lah Ki,Tabri bae kweh,nyong ora bisa basa kromo koh"...talib gEdEg ora gelem.."lah sih sapa?"..."nyong yakena wis Ki"...tabri njawab "..."congor kaya kon sowan maring Kiyai nengsih di geguyu rah Bri"...ki kanun kayong sangsi.."lah daripada si Ruwag sing sowan ning kyai nengsih kyaine beraraun weruh congore gen,deleng rah raine bEngwat nemen...wkwkkwkwk"..."ngece nemen sih Bri kon maring nyong"...ruwage ora trima..." rai bEngwat kaya kiye gen bocah SMEA Kerabat akeh sing naksir koh karo nyong"...ha ha h ah ahhaha...sing liyane gembuyu ngekrek...." uwis-uwis aja tukaran,ya wis Bri kon sing nglobi Kiyai"..." Ruwag Tugasmu konsolidasi wong-wong sing pada nduwe CV sing ora tau kebagian proyek"...."nyong sih Tugase apa Ki?"...kaji tapran takon..." Tugasmu ngrewangi kaji mardiyah nggo nggalang dana,tapi tulung aja ditilepi kuweh duit"..." ya ora bakal yah Ki,nggo perjuangan koh loken pan ditilep nengsih nyong bisa disupatani wong sepirang pirang,lah rika sih tugase apa Ki?"..."nyong pan tirakat pan njaluk petunjuk Wahyu Cakraningrate mudun maring sapa"..."yen petunjuke wis jelas ya ngko wong sing ketiban ndaru kuwe sing bakal tak dadekna pemimpin nggo kudeta,wis ya,.. kye wis pan magrib,nyong pan ngandang-ngandangna ayam, pada balik ndisit wis ngerti tugase dewek-dewek ikih,seminggu maning dewek kumpul ning kene"...ki kanun nutup obrolan,akhire wong lima bubaran balik maring umahe dewek-dewek.
Sekilas Kadipaten Mrebes Mili,
Kadipaten Mrebes Mili asline angger dikelola sing bener,rakyate gemah ripah lohjinawi,Mrebes Mili sebelah Kidul persisi ning ngisore Gunung Slamet,tanahe subur banyune ombar-amber obyek wisatane ya akeh,wonge ramah-ramah rahatan langka wong keliren,pendidikane ya duwur-duwur minimale SMA,tapi sing awit kuna wilayah kiye diapi orakna,apa maning saiki Sajege Adipatine sing dadi arane Adipati CompongE Por nambah semrawut ora nggenah,anjoge Adipati CompongE Por dikudeta,mergane tah korupsi tukar guling tanah Kuburan dadi pasar,sing seneng ya wakil adipatine yah,adipatine lengser deweke munggah dadi adipati,adipati sing saiki arane Adipati Ki Gede Dhobole,janjine tah ya pan majukna wilayah Mrebes Mili sebelah Kidul,tapi nyatane ajeg ora maju-maju,sing maju utange tah iya.
Kadipaten Mrebes Mili sbelah Lor,
wilayahe panas sebab perek laut,penghasil bawang,wonge ireng-ireng sikile pada busik,basane ora enak diringokna cengkoke,ya pada semrawute mungkin malah luwih semrawut tinimbang sebelah Kidul,tapi ya akeh-akehe proyek pada mudun ning wilayah lor,mbuh fiktif mbuh apa.sing awit gemiyen Adipatine ya wong Lor terus,wong kidul kayong angel dadi adipati,kudune nean dipecah bae dadi loro,lor kidul dewek-dewek.
Bersambung....

Tidak ada komentar:
Posting Komentar