Bismillahirahmanirrahim
“ Tuntutlah ilmu sampai ke negeri Cina”,
jare
sabdane kanjeng nabi Muhammad SAW,ana sebagian wong ngomong kwe tah
mung ibarat tok ( bagjane adoh ya dilakoni nggolet ilmu )sebabe negeri
Cina kwe adoh sing arab,berarti ari kaya kuwe hadits kiye ora relevan
nggo wong-wong sing urip ning perekE negeri Cina,nyong yakin kanjeng
Nabi Muhammad pati-pati ngongkon menungsa nggolet ilmu nganti anjog
negeri Cina,kuwe ora janji ceplos tapi berdasar fakta bahwa negeri Cina
gudange ilmu,contone bae obat-obatan tradisional cina,tekek,coro,ula
gen bisa dadi obat,terus ning Cina kuwe serba apa-apa ana
filosofine,ana nilai Etika,Estetika karo Metafisika.
Etika kuwe perihal Moral karo tata krama,Estetika kuwe perihal Keindahan,Metafisika perihal sing ghaib.
Nganggo
Contoh mEdang Teh Poci,budaya kiye ari ning Cina jaman kuno,kuwe nggo
nyambut tamu-tamu agung atawa wong-wong sing dihormati,kadang acara
medang Poci nggo diplomasi jenderal-jenderal arep nentukna sida perang
apa ora karo musuhe.
Nyong ora pan mbahas luwih adoh
perihal filosofi Cina,tapi yuh pada belajar ndokoni filosofi ning
budaya atawa hal-hal sing sering dilakoni ding dewek,niru-niru kaya
wong Cina.
Budaya nginum Teh Poci ora mung ning Cina tok,ning
kota-kota kulon gunung slamet tercinta gen ana Budaya CIPOKAN ( moCI,
ndoPOK,mendoAN ),ari ndopok angger ora karo nyambi nyruput Teh Poci
karo nggemos mendoan kayane gerah rungsang belih karuan.
Pertama
ndokoni makna ning banyu,banyu kuwe sering digambarna Ilmu,wong
nggolet ilmu geguru maring endi ora, nganti olih pirang-pirang
Ilmu,barang wis rampung gegurune apa wis bisa diarani mateng
ilmune?...ora bakal mateng ilmune angger durung di obong nganggo
geni,ora bakal mateng ilmune angger durung di uji
permasalahan-permasalahan sing pelik-pelik,sebabe kuwe nesih teori,nembe
maca karo ngapalna tok durung praktek langsung,sing dipelajari ning
sekolah apa pesantren kuwe mung garis besare tok atawa
pokok-pokoke,angger kepengin weruh sekabehane ya ning kehidupan
nyata.Kesabaran ari ora tau ngalami ujian arane goroh,kejujuran ari ora
tau ngalami ujian ya goroh,istiqomah ari ora tau ngalami ujian ya
goroh,dadi perjalanan nyatakna ilmu kuwe angger jare Sayidina Ali ibarat
“nglewati ewonan sabetan pedang” sepira hebate menungsa ngindari pasti
pernah kegores pedang,maksude tah sepira wong berusaha ngindari salah
pasti tetep pernah kejeblos ning salah,tapi sinau sing kesalahan sing
tembe dilakoni akhire ndadekna kesadaran bahwa menungsa kuwe ( makhluk
)ora sempurna,sing Sempurna mung gusti Allah tok,lah kiye sing dimaksud
“diobong”.sinau sing kesalahan karo nyadari kemakhlukane kye ndadekna
mateng ilmune ( umeb banyune ).
Teh kuwe rasane
sepet,wangi…rejekine sepet,rejekine wangi,prestasine sepet,prestasine
wangi,arane sepet,arane wangi,kiye gambaran ujian sing dialami
menungsa,susah ya ujian bungah ya ujian,akeh wong pada ngira ujian
kuwe “kesusahan”,dinein rejekine sepet,nesih pan gandulan belih karo
gusti Allah,dinein rejekine wangi ( omber ) nesih pan syukuran apa
justru pan pesta ora karuan.
Banyune wis umeb teh wis dibuka
wadahe, terus dilebokna ning Poci diaduk,maknane ilmu karo kabeh ujian
sing dialami dipasrahna kabeh ning Gusti Allah,Poci gambaran gudange
Gusti Allah,gari nyiapna gelase,gelase kudu sing bersih angger gelase
ora bersih ya banyu Teh-E ora dikucurna,kucuran banyu sing poci maring
gelas kuwe gambaran taufik ,hidayah,inayah,berkah,nikmat wis
pirang-pirang maknane,gelas gambaran awake menungsa,gelase diisi gula
turut secuil aja kakehen gula angger kakehen ya manise leder malah
wetenge dadi enek,sing arane nikmat kuwe bisane nikmat karena
secuil,angger wis ( mlukEk ) kakehen ya ora nikmat maning,antarane teh
karo gula kudu harmonis ( seimbang ).seumpamane nyong rika nggal dina
mangan daging esuk,awan sore ,bengi ,suwe –suwe kenikmatane daging
ilang.angger kepengin ngrasakna nikmate daging ya aja keseringen mangan
daging,ari kepengin ngrasakna nikmate numpak motor ya aja keseringen
numpak motor.jare Sayidina Ali “Kalau ingin cepat putus,berkunjunglah
terus menerus,kalau ingin terus menerus berkunjunglah
terputus-putus”maksude tah dadi wong aja serakah,kudu bisa nyiasati,
olih nikmat akeh sing gusti Allah tapi ora dadi wong serakah.
Barang
wis ketemu kabeh banyu teh karo gula ning gelas,wis rah gari disruput
alon-alon….Srruuuupppppuuuutttt…hheeeeemmmm…alhamdulilah nikmat,aja
klalen mendoan karo kecape Joooo…!!!... ( medange nggone lilike inyong
(Paijo ) ning pinggir jembatan kali keruh ),ari wedang teh sing ning
gelas wis kosong nengsih sing nyekeli pocine gagiyan ngiseni,dadi ari
pengin dijogi terus wedange ding Gusti Allah ya kudune rumangsa
kosong,rumangsa ora nduwe ilmu,ora nduwe kesugihan,ora nduwe
jabatan,ora nduwe kesaktian,sebab kuwe kabeh angger gusti Allah ora
ngejogi ya gelase kosong ora bakal ana isine,tolih angger isi sing ning
gelas kayong luber ya gagiyan dijogna maring gelase wong liya,ben
banyune ora mubah malah dadi berkah,angger jare bahasane kyai,ya
dizakati lah banyu wedange.
MendoAn, kuwe gambaran
ilat,duwe ilat kudu sing lemes aja kaku,aja sokan nggo mitnah apa ngece
uwong liya,ari krungu apa-apa dikunyah sing lembut dirasa-rasa ndisit
esih panas apa wis adem,mendoan esih panas dijejelna bae ning cangkem
ya anjoge kemlopok ilate pada mlesdak ledes,pedes manis irenge kecap
dimamah sing bener,sambel kecap luwih akeh kecape apa cengise?..nengsih
akeh kecape,wong liya krungu manis asin gurihe bae,sing pedes tah nggo
dewek bae,ari kepedesen ya mulane gagiyan di sruput wedange.
Angger
wis glenggam glenggem nginum teh sing panas ,sepet,manis,kentel ya
gari ndoPoke,angger wong wis tau ngrasani sepet manise teh, cerita
maring wong liya bahwa medang teh poci kuwe nikmat,ya ceritane ora
pElo,mbok jleb dirungu mlebu ning ati,sebabe wis tau ngalami,tapi
angger jare-jare tok ya hambar ceritane. Sepira manise Gula ari mung
dicampur banyu bening tok ya ora enak,dadi kudu ngrasakna dicampur teh
atawa kopi,kenikmatan kuwe muncule diantara perpaduan panas
,pait,sepet,manis.
Urip ning dunia kuwe ,milah-milah
nggoleti kenikmatan karo keslametan,ning perpaduan kesusahan karo
kebungahan.ning susah ya ana nikmate,ning bungah ya ana nikmate, aja
ketindihan susah aja ketindihan bungah.
Ya wis semene
bae ndisit sedulur,muga-muga ana manfaate nggo nyong karo sampeyan
kabeh,mbokan ana kata-kata sing ora pas,nyong njaluk ngampurane.
Ya
Allah… nyong njaluk diadohna sing sifat rumangsa pinter dewek,sebab
kuwe nutupi kecerdasan akale nyong,…Ya Allah… nyong njaluk diadohna
sing sifat rumangsa bener ( suci ) dewek,sebab kuwe nutupi ketajaman
mata bathine nyong…amin,amin ya robal alamin.
Sumenep - 25 - 11 - 2011
Tidak ada komentar:
Posting Komentar