Ki Dalang Umbrus Ketepuz

Ki Dalang Umbrus Ketepuz
Lakon Sastrajendra

Rabu, 10 September 2014

Luruskan Pikiran & hatimu selurus rambut lembutmu

Esuk-esuk tangi turu kebiasaane nyong belih langsung adus,tapi medang karo udud ndisit,nunggu nyawane kumpul kabeh bar kuwe tembe atifitas liyane,lagi enak-enake udud karo nyruput wedang,lah koh bojoku semaur..

” Gyeh Mas mbokya raup ndisit apa adus ndisit,kucel beleken kaya kuwe jare wis metongsot ning ngarep umah,tolih kwe rambut aja njewawig kaya kuwe,disureni yakena rah,gondrong ora tau surenan”…

”gyeh sayangku,nyong sengaja kucel karo awut awutan kwe ben wong wadon liyane langka sing demen,angger nyong rapih necis ngko nengsih kon cemburu bae,lagi tak gawe kucel gen akeh sing naksir koh apa maning tak gawe rapih necis”…
”Sing rapih tapi ya aja Lenjeh mas,nyong ora bakal cemburu,nyong cemburune kwe angger sampeyan ana sing nglirik terus sampeyane malah mbales mecicil,mbarah kwe rambute dicukur ya kena rah”…

”sayangku,mbokan nyong wis nadzar,..rambute nyong dicukure angger nyong wis duwe anak lanang,dadi sedurunge kon nglairna anak lanang ya nyong ora pan cukur”…
” lah angger nyong ding gusti Allah ora diparingi anak lanang berarti sampeyan seumure urip ora pan cukur mas?”..

”lah ya belih,angger sampe tua kon ora nduwe anak lanang ya nyong pan nggolet wong wadon maning sing sekirane bisa nglairna bayi lanang he he he”…
” hoooo dasar buaya klebes,nyong ora bakal setuju angger sampeyan poligami alesane mung pengin duwe anak lanang, dasar sampeyan tah ora pengin cukur bee,anak lanang pan nggo alesan poligami”…

” dih ya kon sing optimis rah,bakale yen meteng maning Gusti Allah bakal nein anak lanang”…”lah mbuh lah,ngomong karo kon tah bati waduke kaku,yen ora gelem cukur direbonding  yakena ben katon rapih”…” lah ari direbonding nengsih nyong dadi Lenjeh rah sayangku ha ha ha”.

Nyong mbayangna rambute nyong direbonding nengsih nyong dadi ayu nemen belih,lah wong ora direbonding gen ari pas rambut tak rembyakna akeh wong nyangka dikira wong wadon koh.
Tapi anjoge nyong dadi kepikiran bae perihal Rebonding,sing mikine rambute kriwil,ngombak bisa dadi lurus nemen,gara-gara diRebonding sing mikine ora gagah,ora ayu dideleng dadi nyenengna aurane dadi metu,tapi ya ana wong sing direbonding tetep ajeg ora metu aurane malah dadi tambah bengwat  ya akeh.

Nyong dadi kelingan omongane ustade nyong lagi sekolah madrasah..” Shirathal Mustaqim ( jalan yang Lurus ) kwe kaya rambut dibagi pitu terus landepe ngungkuli pedang “,…dih nengsih kayangapa cara nglewatine lah yong rambut siji gen kadang ora katon apa maning dibagi pitu,luwih-luwih ora katone,jare ustade nyong “ ari wong akeh salahe ( dosa ) kwe mesti bakal kepleset sing Shirathal Mustaqim”…” Pak Guru Pak Ustad,ben nyong ora kepleset mbesuk ning shiratal mustaqim sih nyong kudune kepriben?”,nyong takon maring ustade….”Ya kudune kon latian nglewati shiratal mustaqim sing saiki Hep”…” lah latiane nggo tali apa pak?”…”dih ya ora rah Hep,wong urip ning dunya kwe pada bae kaya nglewati Shiratal Mustaqim,angger ora ati-ati nemen ya kejeblos jeblos ning salah,ari ning dunya wis kejeblos jeblos bae ,lah apa maning ning akhirat mbesuk”…” lah mbuh lah pak Guru nyong ora mudeng”,

nyong esih cilik ngrungu penjelasane Ustade nyong blas ora ngerti,barang saiki wis ngrasakna enak ora enake perjalanan urip,nyong tembe paham apa sing dijelasna ding ustade nyong gemiyen.

Ari dipikir maning,proses Rebonding rambut kwe kaya proses nggoleti shirathal Mustaqim,wong kepengin rambute lurus  kwe ana kudu dikramas ndisit,bar kuwe diobati,wis diobati dicatok nggo wesi  panas,barang wis lurus nesih kudu dirawat maning,ora kene-kene wis lurus terus dijor klowor.

Dadi ari kepengin ketemu dalan sing lurus ,sing kudu diberesi ya rambute ndisit,rambut kwe gambaran akale menungsa,akal sing kriting ,ngombak,akeh lingsa karo tumane diberesi,angger ati tah fitrah ( suci ),anane dadi kotor gara-gara akal,tapi ya kuweh miki,sing arane proses mberesi akal banget belih enake,akeh tantangane,akeh godane.

Tapi angger akale wis Lurus nglewati proses rebonding,ya aurane bakal muncul,sing mikine raine bengwat dadi padang,sing mikine rambut siji dibagi pitu ora katon dadi katon,anjoge dadi luwih ati-ati nglewati jembatan kehidupan,ora gampang kejeblos jeblos,dadi kelingan maning omongane Ustad Madrasahku…”ARI NING  DUNYA WIS KEJEBLOS JEBLOS BAE,APA MANING MBESUK NING AKHERAT”.

Dadi yen kepengin pada ngerti mbesuk lolos apa ora lewat shirathal mustaqim,ya gari dideleng bae saiki uripe,nyong karo rika kabeh akeh kejeblose apa ora,sing dijaluk tah ya walopun kejeblos jeblos tapi nesih bisa nggandil ning shirathal mustaqim,slamet nganti anjog rampung dedel duwel mbuh apa.

Ya wis semene ndisit sedulur,muga-muga ana manfaate nggo nyong karo nggo rika kabeh,sing wis pada direbonding rambute ya muga-muga ora mung rambute tok sing direbonding,akale ya melu direbonding,sepira apike rambut direbonding angger akale ora direbonding, ya ayu karo gagahe mung sedelat tok.

Ya Allah nyong njaluk diadohna sing sifat rumangsa pinter dewek,sebab kwe nutupi kecerdasan akale nyong…
Ya Allah nyong njaluk diadohna sing sifat rumangsa bener dewek,sebab kwe  nutupi ketajeman mata bathine nyong…amin ya Robal Alamin.

Sumenep - 23 - 04 - 2012

Tidak ada komentar:

Posting Komentar