Warung lesehan CIPOKAN ( moCI ndoPOK mendoAN )
Wis dadi budayane wong kota Bumiayu,angger kumpul-kumpul karo kanca ya mesti disambi medang,kwe tah mbuh medang kopi,teh poci atawa wedang liyane,tolih ari medang langka gorengan mendoane kayane esih kurang mangseg,merga budaya medang kuwe, ndadekna akeh warung-warung lesehan,salah sijine nggone sedulure inyong sing arane lik Faizin,Lik Faizin ding langganan sing biasa medang ning kono diundange Paijo,mbuh sapa kuwe sing pertama ngundang Paijo.
Sing marakna lesehan Lik Paijo rame kuwe merga Lik Paijo wonge banget ding grapyake,wis kaya kuwe ari medang ning kono mbokan arep sing bar Isya nganti anjog esuk ya olih,ora bakal diusir,angger sedurunge jam rolas wengi wis balik,giliran lagi mbayar,mesti Lik Paijo ngomong kaya kiye “ Esih sore koh daning balik”,lah ari setengah rolas diarani esih sore,terus bengine jam pira?.
“ Kang daning ndomblong bae,wis rah gagiyan pesen wedang,lagi mikiri apa sih donge,mikiri utang apa?”,...kucing Mandung ngomong karo ngeplak gigire inyong.
“ Lah gawe kaget bae kon Ndung,inyong lagi kelingan jaman SMP sokan medang ning kene,gemiyen duit limangewu bisa nggo nraktir bocah akeh”.
“ Lah jarene sedulure rika,nengsih gemiyen ari medang ning kene rika gratis rah nean”.
“ ya tetep mbayar Ndung,Cuma olih diskonan,nggawa bocah lima apa sepuluh tetep inyong mbayare limangewu perak”.
“ Diihh....penak temen rika yah”....Jilo semaur.
“ Wis giyan lah pan pada medang apa,Ndung kon medang apa?”...” Inyong susu jae Kang”...” kon sih Lo?”...”Teh tubruk Om”,...” Kon sih apa Gol?”...” Inyong pan diwedangi apa bae sing penting rika iklas Om”.
“ Diiiiihhhh....pati-pati inyong ngejak kon pada medang ning kene ya inyong iklas nemen yah,tolih pan pada nggo gelas apa pan digabyugna bae ning cangkeme kon-kon pada...wkwkwkkw”.
“ Wong ediiiiaaannn...”...Jilo karo Siti Megal Megol nggrundel ora trima nemen wedange pan digabyugna ning cangkeme,akhire inyong pesen ning Lik Paijo.
Let rong puluh menit Lik Paijo teka nggawa pesenane inyong,ora keri mendoan rong piringe...” Diihhh...Kober,kober...Kucing budug karo wirog penguk kaya kuwe jare dijaki medang ning kene,ora gaul nemen kon tah”....wkwkwkkwkw inyong ngakak,Si Mandung,Jilo,karo Megal Megol mlerek mecicili ning Lik Paijo.
“ Ngece nemen rika yah ngarani inyong penguk,ketimbang rika pisangkala nggo parfum,parfum aroma godong bawang”.....wkwkwwwkw Jilo langsung nyemprot bae ning Lik Paijo.
“ Dih ora dugalan rah ning kene tah,ari medang ning kene tolih dugalan mending kendat ning jembatan bae mana”,Lik Paijo semaur maning.
“ Wis wis aja pada reang gyan kyeh wedange disruput”,inyong nengahi terus Lik Paijo njlontor metongsot ngarep wajan maning.
“ Paman karo ponakan tukang poyok kabeh,angger ora moyoki kepriben sih donge”....megal megol takon ning inyong.
“ Inyong ari sedina ora moyoki uwong,bisa kenang stroke Gol...wkwkwkk,..medang langka udude kayong ora marem yah,inyong pan tuku udud ndisit lah”....inyong menyat mlaku maring ngalor nggoleti warung sing dagang rokok.
***
“ Tuku rokok bee suwe temen sih rika,tukune ning baghdad apa?”,..Jilo semaur.
“ Tuku ning NgabluMart Lo,playane kinclong-kinclong mulane sengaja tak suwe-suwe,mending bae nyawang wong ayu kena nggo dawa-dawa umur”.
“ eling rah Om,anak wis loro esih pecicilan bae ari weruh wong ayu”...megol melu-melu nyemauri.
“ Dih ya normal yah wong lanang weruh wong wadon ayu terus mecicil,angger wong lanang weruh wong lanang gagah terus mecicil bae kwe kudu dipriksakna”.
“ Dudu daning masalh kaya kuwe Om,rika aja nganti nglarani bojone rika,rika kwe beruntung nemen duwe bojo pengertian,ora tau protes rika begadang pan balik jam pira,ndeleng rah bojo bojone kancane rika,nembe metu sedelat tok gen,telepon nggegeme langsung moni”.
“ Iya bener kon yah Lo,inyong kudu akeh sukure duwe bojo ngertian nemen,sukur pisan tah ngolihna inyong mbojo maning yah...wkwkwkkw”.
“ Lah mbuh lah,ngomong karo rika tah pada bae ngomongi tembok,mbingsrung nemen”...Jilo sewot nemen.
“ Gyeh Kang bisane rika tuku rokoke ora ning warung-warung cilik,rika ora melas?,mbokan gara-gara akeh toko Ngablu Mart karo IndehoyMart,akeh warung cilik sing pada bangkrut”. Si Mandung ngomongi inyong.
“ Donge tah ya melas tah melas,cuman kepriben maning,saiki jamane wis kaya kiye,kayane luwih kepenak bae mlebu ning NgabluMart atawa IndehoyMart,wis pelayane ayu-ayu,ramah maning tolih tempate bersih”.
“ Bener nemen kweh jare Om Kober,yong kadang warung-warung cilik ora njaga ning kebersihan,wis kaya kuwe sing dagang raine kaya kuburan,tangi turu esih kridongan sarung wis njaga warung”...Megol semaur.
“ Angger warung-warung sing cilik pada kepengin laris maning,ya kudu melu perkembangan jaman rah,inyong weruh ning sumenep madura,warung-warung cilik gen tetep rame,mergane penataane apik tiru-tiru NgabluMart,konsep swalayane dinggo”.
“ Tapi nean ari ning kene tiru-tiru kaya kuwe tetep bae ora laris Om”,Jilo semaur..” Lah yong ngerti dewek mbok,wong Bumiayu tah jarene gengsian”.
“ Ya ora daning kaya kuwe,kudune Ngablu Mart karo IndehoyMart kwe didokone ning daerah sing jarang ana warung,yen ning Sumenep kwe aturane kaya kuwe,iyakha parek karo pasar gen jarake ora kena kurang sing 1 kilometer,angger nyalahi aturan kuwe jan asli ning Sumenep tah langsung digusur karo ijine dicabut ding Bupatine”.
“ Diiihh...kapan yah kotane dewek duwe Bupati sing kaya kuwe,donge rika usul rah ning Bupati kene,kongkon kenalan karo Bupati Sumenep,ben NgabluMart karo IndehoyMart sing pada nglanggar aturan digusur karo dicabut ijine”.
“ ya mengko inyong tak ngomong para anggota DPR kongkon ngusulna ning Bupatine,karo ngko bocah-bocah mahasiswa tak kongkon pada demo”.
“ hiiiiss...kiye wedang karo mendoane aja dianggurna rah”,Si Mandung ngelingna.
Saya wengi saya gayeng dopokane.
Bersambung...
Sumenep 04032014

Tidak ada komentar:
Posting Komentar