Salahudin kebingungen arep
njawab apa maring Mane Solehudin,iloken pan nyeritakna kejadian sing
sebenere,Mane Solehudin nangis nggauk nggauk kejer golang gangseran
weruh anake medegeg bae nggletak ning grobak,tangga tanggane nganti pada
krungu,gembrudug niliki.
" Ana apa donge kiye...ana apa..?,kye si Soleh kenang apa ?",pak RT nakokna.
" Mbuh kiye Pak RT,si Salahudin njujugna Soleh kondisine wis kaya kiye ",Mane Solehudin nyemauri.
" Anu...kiye si Soleh kesambet ning pos ronda pak RT ",Salahudin njawab sametune,soale deweke ora wani nyritakna kejadian sing sebenere.
" Apa...kesambet ! ",gagiyan diundangna ustad Solnjepat kongkon nambani kye bocah ",RT ne ngongkon salah siji wong ngundang ustad Solnjepat.
***
Ustad Solnjepat krungu solehudin kesambet,langsung ngengkreg maring umahe Solehudin,wong-wong esih rame ning ngarep umahe Solehudin pada penasaran krungu Solehudin kesambet setan.
“ Ning endi si Soleh,ning endi..? “,Ustad Solnjepat teka-teka langsung takone si Solehudin.
“ Kaeh ning njero Tad,lagi nggletak ning ruang tamu “, RT ne semaur.
Ustad solnjepat marek,langsung nyekel bathuke Solehudin,bar kwe ngolesi lenga wangi ning cungure,ora suwe Solehudin wakhin..” Hasssyiiiinnnn...! “,matane Solehudin cilang cileng ndelengna wong sing pada ngrubung deweke,Salahudin gagiyan marek ning Solehudin,deweke ngrisiki ning Solehudin,..”Sol,kon kudu apen-apen kesurupan,soale mau inyong ngomonge kon kwe kesambet “,Solehudin mendelik maring Salahudin,pan ora gelem apen-apen kesurupan,wedi mbokan ketumbuk deweke semaput merga ditolak cintane.
“ Nggerem Sol...nggerem kaya macan “,Salahudin ngrisiki ning Solehudin.
“ Grrrrmmmmmhhhhh....rrrrrhhhmmmmm....”,Solehudin mbrangkang kaya macan karo nggerem.
“ Astaghfiruloooohhh...!...Soooolllll....dih nyebut Sooo..oo..llll...! “,mane Solehudin wis beraraun weruh anake dadi kaya macan.
“ Minggir Bi...minggir...angger kaya kiye tah bagiane inyong”,Ustad Solnjepat wis pasang kuda-kuda karo maca donga.
“ Heh..kon menungsa sing raine kucel kaya gombal kotor pan apa kon !..kwe umad umed apa donge ?” Solehudin mbegis maring Ustad Solnjepat,ustade ajeg umad-umed maca donga bar kwe deweke mulai mbuka jurus.
“ Heh...kon siluman,sileman dedemit..gagiyan metu kon sing awake Solehudin,angger ora tak tabok cocote kon “,rupane ustad Solnjepat madan kesuh diarani raine kucel kaya gombal kotor.
“ Inyong ora pan metu,sadurunge jalukane inyong dituruti..”,Solehudin ndrememel maning.
“ Diiihh...naaaang...kon njaluk apa donge “,mane Solehudin semaur.
“ Aja dituruti Bi,kwe tah setan dudu Solehudin “,Ustad Solnjepat ngaruh aruhi Mane Solehudin.
“ Lah ya mbokan temenan rah Tad,angger penjaluke setan sing mlebu awake Solehudin dituruti,deweke mengko gelem metu sing awake Solehudin “,Mane Solehudin njawab maning.
“ Dewek kiye menungsa Bi,aja gelem tunduk karo setan,bagen tak lawan bae kyeh setan ding inyong,pan tak obong kwe setane...Bismillahirohmanirohim,Qul audzu birobil falaq,min syari maa kholaq..waminnn...huaaduuhhhh...”,durung rampung macane,ustad Solnjepat wis ditabok cocote ding Solehudin.
“ Wkkkwkwkwkwk...gagiyan dirampungna maca dongane...ora bakalan mempan dongane rika maring inyong “,Solehudin nantang maning ning Ustad Solnjepat.
“ waduuh...kye tah setane rupane Mbahe setan,diwacani Quran koh esih bisa nabok cangkeme inyong,malah karo gemuyu maning “,Ustad Solnjepat mbatin,deweke kebingungen madan ngeper,biasane angger ana wong kesambet diwacani Quran langsung waras,kiye tah malah ngalawan.
“ Tad rika macane Salah rah nean,dadine setane ora mempan”, Salahudin nylemong.
“ Dih inyong macane bener koh “ Ustad Solnjepat semaur.
“ durung wudhu rah nean rikane “,Salahudin nylemong maning.
“ Masya Allooohhh..iya bener Sal,inyong durung wudhu “,Ustad Solnjepat jebulane klalen durung banyu wudhu,deweke gagiyan maring kolam.
Ora suwe Ustad Solnjepat metu sing kolam ngadepi Solehudin maning.
“ Ha ha ha ha...rika wudhu ora wudhu ajeg raine kucel..disetrika ndisit rah angger bar wudhu ben raine ora pating plitut,’,Solehudin ngeledek ning ustade.
“ Aseeem...heh setan,rai ora gagah kaya kiye gen inyong tah menungsa dudu setan kaya kon,kon nengsih raine luwih wagu sing inyong “.Ustad Solnjepat gentenan moyoki setane.
“ diih inyong tah setan sing paling gagah ning alam setan,angger artis jaman saiki inyong kwe kaya orlando bloom,rika ngarti belih orlando bloom ? “,Solehudin semaur bae ora gelem kalah.
“ halaaaah..palingan Orlando Blo’on nean,pati-pati kon mlebune ning awake Solehudin nengsih congore ya ora beda adoh kaya Solehudin,njubris kaya pincukan petis...wkwkwkkw “, ustad Solnjepat moyoki maning.
Wong sing pada nonton pada kegugu,iloken namabani wong kesurupan koh malah poyok poyokan.
“ Hob...hob...hob..kiye sih kapan rampunge ! “,Salahudin maju maring tengah tengahe Solehudin karo Ustad Solnjepat,” yen pan adu kesakten ora usah pada kakehen cangkem,wis gari bet kantem kanteman koh,suwe nemen”. Salahudin protes maring wong loro kuwe.
“ Wadukmu...!..dianggepe tinju ning tipi apa...,kye tah priben carane si Solehudin sadar setane metu sing awake rah Sal “,Ustad Solnjepat maido ning Salahudin.
“ Ooo kaya kuwe nong Tad,mbokan sih kudu kantem kanteman kaya tinju “.Salahudin nyemauri.
Ustad Solnjepat marek ning Salahudin dewek ngrisiki “ Gyeh Sal,kiye inyong wis bingung pan nggo donga apa maning,langka sing mempan siji siji acan,bener-bener kuat nemen kye setane “.
“ Lah ya wis gari dituruti bae jalukane setane Tad,mbokan bae dadi warase “,Salahudin ngandani ning ustade.
“ Dih iloken dewek kalah ding setan sal,kudune setan sing tunduk ning dewek rah “.
“ Ngalah kwe dudu kalah,kan sing penting Solehudin waras “.
“ yawis karepe kon,inyong tah tetep ora pan ngalah,tetep pan maca donga nggo nyerang setan sing ana ning awake Solehudin ‘.
“ WKwkwkwkkwk...ana-ana bae rika tah,lah yong setan sing ana ning awake rika dewek gen durung dikalahna ding rika ,koh gagahan pan ngalahna setan sing ana ning awkae wong liya “,Salahudin janji metu nemen ari nylemong,tapi rupane clemongane Salahudin nandes nemen kena ning atine ustad Solnjepat,ustade langusng meneng njagong karo mikiri sing tembe bae diclemongna ding Salahudin.
“ Wis kyeh saiki gentenan inyong sing ngadepi Tad,rika nonton bae “,Salahudin geta gete nemen ngadepi Solehudin.
Wong-wong pada belih ngandel Salahudin bisa nambani Solehudin,lah yong Ustad Solnjepat gen ora bisa nambani koh,apa maning Salahudin sing bocah wala-wala nemen.
“ Gyeh setan karepe kon donge apa ?,aja kesuwen ning njero awake Solehudin “,Salahudin nakokna.
“ Inyong kepengin Peceeellll..!..”Solehudin semaur.
“ Hedeeehhh...setan ngelih kon tah,wis langka sing adol pecel jam semene tah,kluban gendot bae ya ?”,Salahudin nawani kluban gendot ning Solehudin.
“ Emooong...angger ora pecel inyong ora pan metu sing awake kiye bocah “.
“ Dih...dinein gen sukur koh,malah nganyang,dianggep warung apa ning kene “,Salahudin karo Solehudin nahan gemuyu,sandiwarane bisa nipu wong sing pada ning kono.
“ Inyong tetep pengin pecel karo opak petis “,Solehudin semaur maning.
“ Iya wis nang,iya kyeh tak tukukna,tulung kon ora usah ngamuk “,Mane Solehudin ngengkreg nggone Bi Yatin tuku pecel.
Barang wis ana limalas menit,Mane Solehudin teka “Kyeh pecele nang,gagiyan dipangan,kweh tak tukukna rong pincuk mbokan kurang “.
“ akeh temen,ora entek kiye inyong,tulung kwe menungsa kucluk siji,kongkon ngrewangi mangan,angger ora gelem inyong pan ngamuk “,Solehudin nuding maring Salahudin kongkon ngrewangi mangan,wong-wong sing ana ning kono,pada kewedinen.
“ Gagiyan Sal,dikancani mbadog kweh setane “,Ustad Solnjepat ngongkon ning Salahudin.
Asline Salahudin karo Solehudin pan nggembrot ngakak,wong-wong pada ngandel sandiwarane,bocah loro nganti sekroh nemen mangan pecel,barang wis entek,wong-wong pada nunggu,sida mari ora kwe si Solehudin.
“ Ana sing kurang kiye sesajene ! “.Solehudin ngomong karo mendelik plirak plirik.
“ Apa maning kiye njaluke,mbokan wis dituruti jalukane,daning malah nyingkrak kon ! “,ustad Solnjepat gregeten nemen,deweke umad umed maca donga maning karo siap siap pan ngantem.
“ hiiis sabar Tad...sabaaaarrr..”,Salahudin ngaruh ngaruhi.
“ Wis minggir Sal,inyong wis ora sabar ngadepi setan siji kiye..inyong pan ngetokna jurus pamungkase inyong kyeh...! “,Ustad Solnjepat maju bae pan ngampleng Solehudin,Salahudin ngadang ngadangi tapi kalah tenangane ding ustad Solnjepat,anjoge Solehudin dikiting gulune,Solehudin males njambak jenggote Ustad Solnjepat,wong loro gumbel ning ubin,sing pada nonton minggir kaya urang langka sing wani misah mbokan kejejjek apa kekantem.
“ Haduuh...ampuuuunn...ampuuunnnn...! “,Ustad Solnjepat gendoakan brutune dijejek ding Solehudin,deweke njlengkanang nabarak kursi,bathuke njedol kena lingire kursi,lambene jontor kenang ubin.
Salahudin nulungi Ustade “ ya rika dikandani crengkeng nemen,anjoge Solehudin ngamuk “.
“ Keliwat nemen kiye tah Sal,donga apa bae ora mempan,wis nyerah lah inyong kiye tah kudu ngundang gurune inyong “.
“ Mengko ndisit Tad aja giri ngundang gurune rika,mbokan bae kiye sing mlebu ning awake Solehudin kwe Jin Islam,mulane didongani ya ora mempan “,salahudin ngandani.
“ Iya Yah Sal,ndangan bener kwe Jin Islam,lah terus kudune priben Sal ? “.Ustade njaluk sarane salahudin.
“ kudune digabyug barang sing najis Tad “,Salahudin semaur
“ Maksude kon priben Sal ? “,Ustade kebingungen.
“ Kwe wong wadon-wadon kongkon pada maring kolam,kongkon pada nguyuh diwadahi ember,bar kwe digabyugna ning Solehudin,mestine Jin kwe kan ora gelem barang sing najis “, Salahudin maraih
Solehudin esih apen-apen nggerem nggerem kaya macan,deweke ora ngarti Salahudin karo Ustad Solnjepat lagi risak risik apa,anjoge wong wadon telu mlebu ning kolam bar diomongi ding Salahudin karo Ustade,ora suwe metu nggaw ember,ustade nampani embere.
“ Mampppuuuuuussss kon setaaaaannnnn...! “,Ustade nggabyug banyu uyuh ning awake Solehudin.
“ Bangkoooooo ng... pesing nemen,ampuuunnnn...ampuuunnn...inyong wis waras aja digabyug maning “,Solehudin girap-girap digabyug banyu uyuh.
Salahudin gembuyu ngekek nggoser.
“ Alhamdulilaaahhh....anake inyong waras..”,Mane Solehudin sujud sukur weruh anake wis sadar.
Solehudin marek maring Salahudin karo ngrisiki “,Kunyuuukkk...ari ngerjani poret nemen kon tah “.
“ Ha ha haha ha ha...wis bubar –bubar...kye menungsane wis sadar “,Salahudin mbubarna wong-wong karo deweke lunga nggitir balik ning umah.
bersambung....

Tidak ada komentar:
Posting Komentar