kye cerita nyong lagi jaman SMA,wayah semono kwe lagi seneng-senenge
tongkrongan,lha wong bumiayu kota mung gedene sa'pelok tongkrongane ya
mung ning BT ( Bumiayu Theatre ) karo ning ngarep TELKOM,wis prengasane
nggaya nemen yen nongkrong ning kono,ora awan ora bengi nongkronge ya
ning kono.
Malam minggu,
sore-sore nyong wis
dandan,nganggo celana jins strit,klambine merk Hammer sandale
Neckerman,minyak rambute merk Tancho sing warnane ijo nig rambut nganti
ngglabed.
barang wis bar maghrib ora sabar nyong gagiyan metu
sing umah,mbiyen umahku ning pinggir masjid sebelahe pak dilah tukang
cukur,nyong mlipir mbokan konangan bapane inyong sebab nyong kan
sekolah libure jumat...mbok plencing nyong mlayu maring kantor
TELKOM,ternyata nyong telat kanca-kancaku wis pada nongkrong ning
kono,jebul kanca-kanca dilampaui ora pada sembahyang maghrib,ngeledeki
bocah-bocah SMEA kerabat sing pada mlebu awan balike sore,nyong ya
waktu semono nduwe demenan bocah linggapura,yen sore ya biasane nyong
metongsot ning tem-teman mobil linggapura.
Lah kye si
hEppy tembe teka,ente dienteni sing mau maring endi donge,kweh miki
demenanmu si janah nggoleti,tak kongkon ngenteni tapi ora gelem,jare
kesuwen....( dardut wadul maring inyong )...nyong sembahyang
ndisit,umahku pinggir mesjid ora pantes maghrib-maghrib metongsot ning
kene,...akhire bocah-bocah pating cempulek ning kono kumpul dadi
siji,ana sing gitaran,ana sing ngumbrus bar olih tarok maning bocah
karang sawah,ana sing pan nonton bareng karo taroke ning BT....barang
wis suwe ngobrol ngalor ngidul karo udud pating klepus,suwe-suwe rokoke
pada entek...Nyong pan tuku rokok ndisit lah,bareng hEpp nyong ya pan
tuku ( dardut ngintil )...nyong titip rah dut,rizal nylonongi duit ning
dardut....rokok apa kye ( jare dardut )...Samsu dut sebungkus.
nyong
karo dardut nyebrang pan tuku rokok ning warunge kaji Sadiyah,barang
wis anjog ning ngarepe,jebul ngantri,akhire duite aku tak titipna
dardut,kyeh dut nyong titip sisan rokok marlboro,dardut mlebu nyong
ngintil ning mburine...
Pan tuku apa cah gagah? jarene kaji Sadiyah takon ning dardut
NIKI BU KAJI BADE TUMBAS SES,
rokok apa?
MARLBORO SEBUNGKUS,SEMPURNA MILD SEBUNGKUS,SAMSUNIPUN SEBUNGKUS,
kaji sadiyah njikotna rokoke,wis kye apa maning Gah?
dardut njawab maning,EMPUN LAH BU KAJI,DADOSE SEDOYO KEPRIPUN?
bu kajine njawab lah kepripun?
LAH NGGIH SEDOYO KEPRIPUN?
priben kye nyong ora paham kye maksude kon Gah? ( karo celingukan )
si
dardut nglutik enyong HEP,HEP KYEH MENE,BAHASA KROMONE SEPIRA SIH APA
YAH NYONG KLALEN...wkwkwkwkwkkwkwkwkwkwkwkwkwkwkk...nyong karo kaji
Sadiyah gembuyu ngeklek...dut dut bahasa kromone pira ya PINTEN rah
bisane dadi PRIPUN....mulane ngger ora bisa bahasa kromo ora usah nggaya
nggo bahasa kromo....
lah ngomong karo wongtua ya kudu kromo yah hep,ya maning maning diapalna ndisit rah...
akhire nyong karo dardut metu sing kono karo mesem-mesem...
barang anjog ning TELKOM tak critakna kejadian kwe ning kanca-kanca...
ya geeerrrrrrr kabeh yah.
( Setan Kober - Sumenep - 07-04-2011 )
Tidak ada komentar:
Posting Komentar