Puasa dina terakhir prengasa suwe nemen bedug maghribe,wis lagi
lemes-lemes,dikongkon ngrewangi bapane ninggoni toko,yen ora gelem
ngrewangi ora dinein duit nggo tuku klambi anyar,ya gelem ora gelem
nyong ngrewangi,tapi nyong ngomong karo bapane..."pa nyong ngrewangi
anjog jam 11 awan bae ya,nyong ngko awan pan maring purwokerto pan tuku
klambi karo celana nggo badahan,..bapaku njawab ...iya hep,ngko duite
tak tambahi ding bapa...nyong ya seneng wis dinein duit ding mane pan
dinein maning ding bapane,waktu semono nyong umure tembe 12 taun,lagi
baleg-balege,baleg sandang,baleg rambut,karo baleg tarok,wis tak
angen-angen ngko ning purwokerto pan tuku apa bae.
barang
teng jam 11,nyong gagiyan bae pamit ning bapa...pa nyong maring
purwokerto ya kye wis jam 11,ndi sangune pa,jare rika arep
nambahi...bapaku ngrogoh sak...kyeh 100 ewu bae,tolih pan maring
purwokertone karo sapa?...dewekan pa...kon wani maring purwokerto
dewekan?...lah kan wis gede pa,wis bujang tongklang-tongklang koh ilok
ora wani dewekan....ya wis mana sing ati-ati,tolih kwe duite ndokone
sing bener mbokan ilang,ning njero sempak yakena ari ndokon...dih
keliwat men rika tah iloken duit di dokon ning njero sempak nengsih ari
pan bayar bis ndadak rogoh-rogoh sempak,lah kondekture neng ora gelem
rah...ya wis mana mangkat balike aja kebengEn...
Nyong
raup terus bying nggitir maring terminal,ngenteni bis kurnia,barang bise
teka nyong gagiyan cEmplak bae,bise sesek buyek penumpange,nyong ora
kebagian tempat njagong,alamate ngadeg anjog purwokerto,anjog purwokerto
sikile gempor,teol nemen...liren sedelat ning terminal
purwokerto,nginum sprit nggo tamba mual,sebabe nyong mau ning bis pan
mutah,jejere nyong bakul pindang mambune belih karu-karuan...muale ilang
nyong numpak angko maring Sri Ratu,jaman gemiyen ngger ora tuku pakaian
ning Sri Ratu kayane ora gaul...
ning njero sri ratu sing
pertama tak golet celana jins merk LEE COPER,penjagane ayu-ayu..nyong
marek penjagane takon...ada yang bisa saya bantu?...anu mba nyong pan
tuku celana..oh nomere pira mas?...pira yah ( nyong bingung,soale ya
nembe kwe nyong tuku celana jins biasane tah yen bada nyong gawe celana
ning tukang jait )...akhire nyong takon,sing paling cilik nomer pira
mba..?...sing paling cilik nomer pitu likur mas...ya wis nomer kwe sing
warnane biru dongker ya mba...iya mas kye tak jukutna,kyeh mas mana
dicoba ning ruang ganti...nyong mlebu ruang ganti celanane tak coba
jebul kedodoran dawane luwihe ana nean 15 cm...nyong metu mba langka
sing luwih cilik maning?...ora nana mas kwe sing paling cilik...ana
celana cilik tapi nggo bocah SD kayane pas ning kon tah mas...iloken
nyong pan nggo celanane bocah SD mba..nyong kan wis bujang rah....he he
he.penjagane ngguyu,iya bujang tanggung,wis kaya kye bae mas,kye dituku
ngko anjog umah dipermak ning tukang jait ben pas karo ukurane
masse...oh kaya kwe mba...ya wis...( akhire nyong tuku celana LEE COPER
kaos Walrus,korek Zippo )...wis rampung nyong gagiyan balik...anjog umah
bar isya,nggoleti tukang jait wis langka sing nerima jaitan,nyong
kecewa nemen,alamate nyong ngesuk badahan celanane kedodoran,tapi ya wis
lah ora papa ngesuk ari nggo celana pan tak lingkis,...akhire nyong
adus trus takbiran nganti bengi ning masjid.
Nyong tangi
gasik nemen adan awal wis tangi kayong wis ora sabar nggo klambi
anyar,rencanane bar sembahyang riyaya pan silaturahmi karo sedulur bar
kwe pan nemuni si jantung hati ( Dyah Ermayanti ),bocah kalierang
lapangan pendawa,bocaeh ayu nemen,nyong cinta nemen lah pokoke waktu
semono...bar subuh nyong adus,andukan celanane tak nggo,kaose tak
nggo,sabukan,ora keri rambute nggo minyak tancho ijo,parfume merk
Spalding,jam 6 mangkat ning masjid Agung...sembahyange rampung nyong
gagiyan balik,anjog umah mangan kupat karo opor ayam,rampung managan
njaluk ngampura karo wongtua,nembe rampung njaluk ngampura karo
wongtua...barang anuk bel umahku moni ting tong ting tong...hep kaeh
dibuka lawange ana tamu...nyong mbuka lawang,jebul ana wong 3 nyong ora
kenal...nyong takon, ana apa mas....pangapura de aku arep tuku film (
kelis )...oh ya ngko ndisit mas nyong takon bapa kye toko buka apa ora (
gemiyen umahku merangkap studio foto )...pa ana wong pan tuku film wong
3...ya wis gari dilayani...
nyong akhire ya ngelayani...wong telu
kuwe lunga ana maning sing teka ya pan tuku film..lunga teka lunga
teka...akhire bapaku ngomong wis tokone buka bae hep..daripada bolak
balik mbuka lawang...( nyong gregeten men gagal kye tah nyong pan ketemu
pujaan hati malah kongkon mbuka toko,tolih mbokan kye bada mbokya libur
sedina )...nyong ninggoni toko karo mbesengut bae...jare bapaku hep
melas wong sing adoh-adoh pada tuku film,angger ora dilayani mbokan pada
kecewa kwe langganan...barang madan awan tambah rame tokone....ana sing
pada foto keluarga,ana sing foto karo taroke...nganti
nyong,kangmasku,adiku loro esih cilik-cilik pada melu ngrewangi.
Kakange
nyong ya wis pada bae nyetilE,wis wangi nasibe ya pada karo nyong
ngelayani pelanggan.tapi suwe -suwe dadi betah,sing pada teka ana sing
ayu-ayu,nganti nyong ora kelingan pujaan hatiku wis ngenteni ning umahe.
angger
sing tuku ayu nyong karo kakangku rebutan disit-disitan
ngelayani,kira-kira jam loro awan wis lagi kesel-keselE kwEh...mak
jembual ana wong wadon loro mlebu wong-wong sing ana ning kono terpesona
kabeh,sing siji nggo celana strit nglapet nemen,kaose warna pink
mbeteteth,wonge putih awake semok,kakange aku gagiyan menyat bae
langsung ngelayanine sing kwe,nyong apes kebagian sing sijine
maning,wonge lemu ireng nggo androk pesta celanane strit ireng nduwure
dengkul,androke transparan,lengen klambine ya transparan dadi spirre
katon....
nyong takon,arep apa mba..?
(deweke njawab) MAAF MAS GUE AGAK LUPE BAHASE JAWE,?
( beeh....nyong grememet men kye wong balikan sing jakarta trus ora gelem nggo basa jawa)
mba'nya mau apa? ( nyong mbaleni takon )
GUE MAU FOTO MAS,
foto apa mba,close up, pas foto,berwarna apa hitam putih?
GUE MAU FOTO SEKUJUR TUBUH MAS...
apa
mba,foto sekujur tubuh?...( nyong ngakak seporEte,wong sing ana ning
kono gembuyu kabeh,seumur urip nyong tembe krungu KOSAKATA kwe )...wonge
celingak celinguk raine ditekuk kayong isin salah ngomong.
ANU MAS MAKSUD GUE,FOTO YANG KELIATAN DARI KEPALA SAMPAI KAKI...
ooo...foto
sebadan mba,( nyong mesem karo mbatin,foto sekujur tubuh tah langka
tapi yen babak belur sekujur tubuh tah ya ana )...
ya udah mba nih bikin daftar dulu namanya siapa ?
RINA MAS
(
nyong kayong ora percaya kye wong asline arane rina ) pake nama lengkap
lho mba biar nanti kalo ngambil andaikata suratnya hilang nyarinya ngga
bingung...nama lengkapnya siapa mba...?
TARINAH MAS.
( ya temenan jebul aran asline TARINAH,nyong ngguyu maning yah,konangan kon asline )
alamatnya mana mba...?
PAKE ALAMAT JUGA MAS?
iya mba biar komplit,
ALAMATKU KARANG DOM-DOMAN MAS,
karang dom-doman sih daerah mana mba?
ITU LOH MAS DARI LAREN TERUS KE KIDUL
he he he...oo disitu to mba ( kayane desa kwe ning peta kota bumiayu langka gweh )
ya udah mba,nih mau dilunasin apa uang muka dulu?
BERAPA SIH MAS ?
tiga ribu mba,cuma sekali foto kan?
IYA
MAS,NIH UANGNYA MAS (deweke nylonongi duit limangewuan )...OH YA
MAS,KEMBALIANNYA DIKASIH GOPENAN YA....( apa maning kye GOPENAN )
gopenan apa mba?
MASNYA NGGA GAUL MASA GOPENAN GA TAU,LIMA RATUS PERAK MAS,BUAT BAYAR ANGKUDES...
( masa alllah kye wong gope'an...GOPENAN...ya nyong bingung )
nih mba kembaliannya gopenan semua,silahkan masuk kebelakang...
sekitar 10 menit...bapaku metu sing studio karo Tarinah...bapaku takon hep,hep kye wong pan foto apa?
(
nyong njawab ) pan foto sekujur tubuh pa...foto sekujur tubuh? ( bapane
nyong raine bingung )...berwarna apa hitam putih ( bapa takon maning
)....berwarna pa....lah kye bisane kon nulise ning nota sing nggo foto
hitam putih....
oalah gara-gara terpesona nyong nganti klalen salah nulis...( ya mbaleni nulis yah )....he he he
( Setan Kober - Sumenep - 08 - 04 - 2011 )
Tidak ada komentar:
Posting Komentar