Barang wis pada mangan
kolok gedang Jipet ami Talib wadul ning Ki Kanun,”kyeh Ki wong sing
cocok karo wangsite rika,arane Amad Cipling”.Ki Kanun ndelengna Amad
Cipling mulai sing sikile anjog endase,” ora salah uwong kiye Lib”,Ki
Kanun takon ning Talib.
“dih Ki sing umahe pinggir wangan pinggir kuburan ngisor wit mlinjo ning desa pengempon ya mung menungsa kiye tok langka maning,tolih jare ora nduwe bapa ora nduwe emak”.Talib semaur maning.
“Tapi kayong belih mitayani nemen kiye Lib,dijoli sing madan pantes ndelE,raine bEngwat nemen kiye tah”.
Wkwkwkwkwkwkwkwkwk…Talib gembuyu ngakak,Cipling kesuh nemen deweke dianggep remeh nemen ding Ki Kanun,” Gyeh Ki rai bengwat kaya kiye gen gaweane gusti allah rah,rika aja ngece,ngece gaweane gusti Allah pada bae karo ngece Gusti Allah”,Cipling ngandani Ki Kanun,”Astaghfirullaaah,iya yah nang gagah,lah ya ngampura yah Nang Gagah,nyong wis ngece kon”,Ki Kanun ngrasa salah nemen ngece Cipling.
“ Ya nyong ngampura Ki,tapi ari rika ngece maning tak dudut kumise rika sing kaya KordEn kuwe”,wkwkwkwkwkkwkw gentenan Ki Kanun diguyuni ding Talib karo liyane…” Dih Kuwe tah Lugute pring dudu kumis rah”Kaji Mardiyah melu moyoki Ki Kanun.
“ Wis wis wis poyok poyokane,kiye gari cerita sing serius”,Ki Kanun ngalihna perhatian ben aja pada moyoki deweke.
“gyeh Cipling,menurut wangsit sing nyong ngimpi,kon kiye ditakdirna mimpin perjuangane masyarakat Mrebes Mili Kidul ngelawan arogansine Mrebes Mili Lor,kira-kira kon sanggup?”,Ki Kanun takon ning Cipling.
“Nyong Sanggup Ki,ari didukung ding masyarakat tah,tapi ya nyong njaluk dibimbing ding rika Ki,jare Talib mau lagi nang dalan cerita,rika kye ahli strategi perang karo ahli politik”.
“Tenang bae Pling,ora mung ilmu perang karo politik,ilmu kanuragan karo pengasihan gen bakal tak warahna ning kon”…”dih temenan kyeh Ki,tulung ilmu pengasihane diwarahna ndisit yah Ki,awite TK nganti lulus kuliah nyong ora nduwe tarok sepisan-pisan acan.”
“Pling pling erik nemen kon tah,kalah ding kucinge nyong,kaeh kucinge nyong wis gonta ganti wadonan mbuh ping pira”,Tabri semaur maring Cipling,Ciplinge mendelik ning Tabri,ora trima dipadakna karo kucing.”wis aja ngurusi Tabri pling,saiki kon tak warahi ilmu pengasihan semar mesem karo ajian setan kober diringokna kudu langsung apal ora kena ditulis”…” ya ki tak ringokna nemen,kaeh sing liyane cangkemme kongkon pada meneng rah Ki aja ndrememel bae andon brisik mbokan dadi nyong ora krungu”…” heh pada meneng kyeh nyong pan nurunna ilmu ning Cipling”,Ki kanun ngaruh aruhi ning liyane.
“kyeh ajian semar mesemme Pling,…SUN MATEK AJIKU SEMAR MESEM,MUT MUTANKU INTEN,NURCAHYO MANJING PIPIKU KIWA TENGEN,SING NYAWANG KAGIWANG,TEKA WELAS TEKA ASIH MARING AWAK INGSUN .apal belih Pling?”….”gampang Ki wis langsung nempel ning utek”,cipling semaur,”ari ajian setan Kober sih Ki,kayangapa?”,..”kyeh diringokna,..SUN MATEK AJIKU SETAN KOBER KANG NGGULUNG ROH JANTUNG SI JABANG BAYINE (fulanat binti fulan )KAYUNGYUN KEDANAN,MANUT,TUNDUK,TAKLUK,KALUT MARANG AWAK INGSUN,KETEMU TURU TANGIKNA,KETEMU TANGI JAGONGNA,KETEMU NJAGONG NGADEGNA,KETEMU NGADEG MLAYUKNA,ORA LIREN MLAYUNE YEN DURUNG KETEMU INGSUN,..wis apal pling?”…” wis Ki kwe sing pertama tirakate pirang dina,pantangane apa bae”.
“ Sing pertama tirakate 3 dina puasa saur karo bukane mung mangan endog kuwukan karo nginum banyu bening,yen ajian setan kober tirakate 40 dina mangan pucuk-pucuke godong,nginume banyu mentah dicampur kembang ,sanggup kon Pling?”…” Sanggup Ki,iloken selawas lawas nyong ora nduwe tarok",.."yawis cukup kuwe ndisit sing tak warahna,ngko ilmu liyane nyusul”.
“ Ki mbarah diulangi nyong durung apal”,talib karo liyane semaur.
“ halah rika kabeh tah wis tua dangklak nggo apa ilmu kaya kuwe,rika kuwe kudune belajar ilmu mati sa’jeroning urip”,Ki Kanun ngomongi ning talib karo liyane.
“kwe sih ilmu apa maning Ki,tirakate priben?”,man Tabri rupane minat nemen.
“ Tirakate awake kon dibungkus nggo kardus,dilakban muter seawak terus tibakna sing brug kali keruh Bri”…wkwkwkkwkwkwkwkwkwkkwwkw.Cipling karo tapsir ngekek seporete.
“ dih Ki nyong takon serius nemen jare,nyong gen melu berjuang ikih rah,iloken nyong ora dinein ilmu”,Tabri mbesengut.
“wis ora usah mbesengut kaya pincukan,ngko kon tak nein jimat KlEwER”….” Asyiiik temenan yah Ki aja goroh”….Talib,tapsir,Kaji Tapran karo Ruwag ora ketinggalan melu njaluk Jimat ning Ki Kanun.
“ iya ngko tak bageni kabeh,kiye jimate ora tak gawa,ana ning umah”,Ki Kanun njanjeni pan mbageni jimat.
Bersambung…

Tidak ada komentar:
Posting Komentar