Ki Dalang Umbrus Ketepuz

Ki Dalang Umbrus Ketepuz
Lakon Sastrajendra

Rabu, 10 September 2014

Republik Rahatan Bumiayu ( Bagian 6 )

Tabri karo talib mbeberna rencana ning Kiyai Jarkoni,Kiyaine mung manggut-manggut ngringokna...."wis kaya kiye pak kiyai mengko arri wis siap sekabehane aku nein ngerti ning sampeyan kapan bergerake"..." oya wis Bri,ari waktuku senggang ya aku dolan ning tempat ngumpulmu"...Man Tabri karo Talib pamitan ning Kiyaine,rupane Kiyaine nein amplop ning Tabri," Kyeh Bri nggo tuku es ning dalan mbokan ngko ngorong maning "...memang mblunat nemen si Tabri tah,biasane yen wong sowan nggone Kiyai kuwe pada nein amplop,kiye tah malah kuwalik kiyaine sing ngamplopi.

saiki gari niliki Kaji Mardiyah karo Kaji Tapran,kepriben carane wong loro kuwe nggoleti dana nggo Kudeta.
"Yu Kaji dewek olih tugase koh sing paling belih enak dewek yah"..." Hus JiPran ( Kaji Tapran ) aja ngresulah kaya kuwe,sing arane tugas kabeh ya langka sing kepenak,angger kon ditugasi kaya Tabri apa iya kon sanggup?"..."tapi Yu Kaji rika wis nduwe cara nggo ngolet duit sing jitu belih?".." dih nyong tah gari ngumpulna ibu-ibu kaji seantero mrebes mili kongkon pada nyumbang,gampang nemen mbok"...

"Lah angger nyong kepriben yah,angger nyong ngumpulna pak kaji-pak kaji seantero Mrebes mili Kidul kira-kira gelem pada nyumbang ora yah Yu Kaji?"..."ndelengna congore kon kaya kuwe ya ora bakal pada nyumbang yah,yong kon tah Kaji jare mlarat,nengsih sing pada nyumbange gen kuwatir mbokan duite dibadog rika"..."lah sih nyong kudune kepriben Yu,cara nggolet duite?".."ngko ndisit nyong tak mikir"...Kaji Mardiyah manjing metu umah mikiri cara sing pas nggo Kaji Tapran nggoleti dana nggo perjuangan.

" nah,nah nyong wis olih cara JiPran"...kaji mardiyah cengengesan wis olih ide..." apa mbarah Yu Kaji,nyong ora sabar kiyeh"..." ngko delat nyong tak nggolet perlengkapan nggo nggolet duite"..Kaji Mardiyah mlebu umah kira-kira ana sepuluh menit deweke metu.

" Kyeh JiPran perlengkapane!,mana gagiyan nggolet duit sing akeh".." Dih Yu!,daning batok kelapa karo teken kayu,kiye jimate almarhum bojone rika apa?"..." iya kiye jimate bojoku"..." lah cara nganggone kepriben Yu"..." gampang Ji,rika mlaku tekenE dicekeli nggo tangan tengen,batok kelapane dicekeli nggo tangan kiwe,tolih ari mlaku karo ngomong,nyuwun paring,nyuwun pariiiing,karo raine kon digawe merkabak ben akeh wong melas wkwkwkkwwkwk"..." hoooooooo Kaji ediiiiaaaaannnn...dirungokna nganti serius nemen koh jebul nyong dikongkon ngemis...gemblung,gembluuung rika tah"...Kaji Tapran sewot nemen jebulane kaji mardiyah mung ngerjani tok.

"Ya wis angger rika ora gelem ngko tak modali beruk karo kirik ngko ditabuhi kendang,gelem belih rika!!"..." jan keliwat nemen rika tah Yu Kaji nein solusine langka sing pakrak,pisangkala ora ngemis nyong dikongkon dadi Ronggeng KethEk,sing bener mbara  Yu Kaji".

" Lah angel kon tah mbok pan dikayangapakna gen ora bakal ana wong ngandel karo rika,tampange gen tampang copet,wis rika gari nguntit mburiku bae karo sangu karung,ngko nyong sing luruh duit"..." ya wis ari kaya kuwe,tapi mengko ari ning ngarepe Ki Kanun karo liyane aja ngomong nyong ora melu nggolet duit loh".."Iya,iya aja kuatir,wis mana merad sebel nemen nyong ndeleng raine rika"..." Dih aja ngusir ndisit rah Yu Kaji,nyong sing ngesuk durung madang koh"..." Ya wis kaeh madang ning mburi,tapi pecak taugene aja dibadog kabeh,anake nyong dingaih".

akhire Kaji tapran melu terus kegiatane Kaji Mardiyah,pengajian Ibu-ibu gen deweke ndlesep melu,arisan PKK ya deweke melu,isin-isin dipaksa.

Bersambung...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar