Nganti anjog saur Solehudin ora bisa turu,kelingan raine si Neni
Supriyatin bae,ngesuk angger pan nembak ngawali ngomonge kepriben,tolih
ngesuk pan nggo klambi sing endi,nggo celana sing warna apa?,perlu
nggo wangi wangian apa ora,deweke bingung,rumangsane klambi karo
celanane wis butuk kabeh,minyak wangi ya anane minyake Mane merk
Puccelle,nengsih angger nggo minyak wangi kuwe deweke dadi lenjeh
belih..?
" lah jan,inyong kudu njaluk warah ning si
gebleg Salah,mengko malah andon moyoki tok..asem...aseeemm...duwe kanca
akrab tapi banget ngenekna waduk ", SOleh ngromyang dewek.
Dina
esuke,gasik nemen Solehudin ngingkling maring nggone Salahudin,deweke
pan njaluk warah priben carane dandan ben katon keren ning ngarepi
neni," Asalamualaikuuuummmmm....Sal...Sal...wis tangi durung,kebluk
temen sih ",Solehudin nggedor-nggedor lawang umahe Salahudin.
" Walaikumsalam...eeh..si Soleh,tumben gasik nemen maring mene,kaeh
si Salah esih ndekok,mbengi bar begadang mbuh ning endi",Mane Salahudin
mbukakna lawang, ".
" gugah dewek bae ya Sol...inyong pan mangkat dagang ning pasar ", Mane Salahudin ngongkon maring Soleh.
" Iya Bi Kasni,angger ora tangi-tangi tak gabyug nggo banyu ",Solehudin semaur
"
genah iya koh ari digugah kangelan nemen,kaya kiye ana wong tua
kedangsakan boro-boro ngrewangi,angger kangelan gabyug bae yakena
Sol",Mane Salahudin mangkat maring pasar karo nggrundel dumeh anak
lanange ndablege belih umum.
Solehudin ngindik alonan
mlebu kamare Salahudin 'nah kiye gentenan inyong ngerjani si Salah,taun
taunan inyong dikerjani karo dipoyoki bae ding menungsa siji kiye
"sedurunge mlebu kamar deweke njikot banyu atis ning njero kulkas,tutup
botole dibuka karo deweke mbuka sarunge Salah,banyune diguyurna ning
kolore si Salah " Bismillahirohmanirohim...njimprak-njimprak kon
salaaaaaahhhhh...tangiiiiiiii !!! ", Soleh ngguyur karo gendoakan.
" Subhanallooohhhhhh...subhanalloooohhh...ana apa
kiyeee...wadooowww....daning endhas kadale inyong atis nemen ",Salah
njerit separan paran.
" wkwkkwkwkwkwk....modar kon Salah,bonggane
kebluk nemen,mengkirut-mengkirut kon endhas kadale ",Soleh ngakak.weruh
raine Salah merah meruh nemen,nahan atis karo nyekeli endas kadale '.
"
baaa..aang seeettt...linu nemen yakin sung endas kadale,belih umum kon
tah ari ngerjani..haduuhhh...haduuuuhhh...bisa dadi endas cecek kiye
tah..haduuuhhh...semreset nemen suuuuu...!
",Soleh menyat metu sing
kamar maring dapur nggoleti banyu panas ning termos,deweke mlebu kolam
banyune disrogna ning bak dicampuri banyu sing kolam,bar kwe deweke
kungkum,bar kuwe adus sisan.
Antarane limalas menit Salah metu sing kolam," Kunyuk nemen
kon,inyong lagi ngimpi karo bidadari jare disiram banyu es,nggugah ya
nggugah rah,penjorangan nemen kon tah ",Salah nesih kesuh bae maring
Soleh.
" Lah inyong tah dikongkon ding mane kon koh...pan dugal ya
mana maring mane kon,pan mbales ya mana ning mane kon,angger mane kon
lagi ndekok gentenan disiram banyu es ding kon...wkwkkwkwk ",Soleh
ngledek nemen yakin,iloken mane soleh kongkon disiram carabikange.
" Nduasmu...durhaka nemen yah ari inyong kaya kuwe,..ana apa sih kon gasik nemen mene ?,ngganggu wong turu bae ",
"Inyong pan njaluk warah ning kon Sal,karo pan njaluk tulung,inyong ngko bengi bar traweh pan nemuni Neni",
" hisss..serius kye Sol ?,"...." Dih ya mbangkana seriuse yah ",Soleh semaur.
"
Alhamdulilah Ya Allah,kancane inyong ternyata bener-bener lanang
temenan,selawas lawas ora pacaran,mbokansih deweke arep dadi bencong,ya
muga-muga dadi wong lanang temenan yah ",Salahudin ngomong karo tangane
nyadong kaya wong ndonga.
" Aseeemmm...berarti awit gemiyen kon
nyangka inyong bencong apa Sal....dih dih keliwat nemen kon tah,angger
ngerti sing gemiyen kon nyangka kaya kuwe tah,sing gemiyen kon wis tak
lelepna ning kedung yakin sung ".
" Wkwkwkkwkwkwk...yen
dugal ya los balik mana Sol...kikikikikikikikkkk,inyong ora pan nulungi
kon ",Salah mulai gentenan ngledek.
"wis kye tah serius Sal,priben
mbarah kon nulungi inyong,pan nemuni wadon tapi kon ngerti dewek
mbok,inyong ora nduwe pakaian sing keren,pisangkala nduwe, ana minyak
wangi, minyak wangine Mane inyong merk Puccelle,mbarah ditulungi kyeh
inyong,mbokan kon nduwe pakaian sing apik karo minyak wangine sisan
,inyong njaluk ",Soleh ngomong karo raine merkabak kayong pan nangis.
" wkwkwkkwkwkwk....Mane kon nggo Puccelle...bar nggo Puccelle Mane
kon dolanan cincotan karo adine inyong sing esih SD kelas 5 yah Sol
",Salah moyoki mane Soleh.
" Apa hubungane Puccelle karo adine kon sing esih SD Sal..?",Soleh esih belih ngeh bae.
"
Masya Alllooooohhh...kon tah jen bener-bener bekikuk nemen yah,kon ora
tau ndeleng iklan ning tipi apa,minyak wangi Puccelle tah nggo bocah
wadon sing durung metu kenthose rah...mbokan Mane kon tah wis koyar
koyor ora nggenah kaya gajihe sapi...wkwkkwkw ",
"
Diiihhhhh...yakin sung nandes nemen ning ati kon tah ari
moyoki,wongtuane inyong diece seporete..terus rah ngece Mane inyong,bisa
perang badar kyeh inyon karo kon ",abang nemen raine Soleh kayong pan
ngamuk.
" Kye kon pan nulungi inyong apa andon pan moyoki
inyong,angger andon pan moyoki tah inyong pan lunga,pan njalek tulung
maring Ustad Solnjepat ", Soleh menyat deweke metu sing kamar,Salah
ngudag nyekeli tangane.
" wis -wis ora usah mutungi rah..iya kye nyong pan nulungi kon,ngko
kon nunggu ning kamar ndisit,inyong pan nggoleti pakean luwihane
almarhum bapane inyong ",Salah mlebu kamare Mane,ngudal-ngudal lemari
nggoleti pakean tinggalane bapane.
Almarhum bapane Salah
kwe gemiyen anake wong paling sugih ning kampunge,jaman enome kwe sing
paling keren,pakaiane sewulan sepisan tuku sing anyar.
" Kyeh sol tak nein pitung setel,ben nggal dina kon bisa ganti sing apik,kyeh jase sasetel nggo ngko bengi kon nemuni Neni ",
"
Maturnuwun nemen yah Sal...kon bocah mblunat tapineng eman nemen karo
sapa bae,inyong duwe sedulur Kaji wis ping telu tapi medite
naudzubillah,boro-boro niliki inyong ketemu ning dalan gen angger ora
disapa ndisit kedugalen,belih kelingan gemiyen lagi jaman suksese bapane
inyong,deweke njaluk melu merantau ning bapane inyong,barang wis sugih
klalen",Soleh nggrendeng sedulure.
" wiiisss...ora perlu
nyritakna alane sedulurmu,saiki kon dadi ngerti endi sedulur sing
temenan,endi sedulur sing mareke angger keluargamu lagi jaya tok,tolih
ora perlu lara ati apa maning dendam ",Salah ngandani maring Soleh.
" Iya yah Sal...kon angger lagi waras tah omongane diringokna penak
nemen,ning ati gawe adem,...tapineng angger lagi kelebon setan
brekasakan,sapa bae digawe enek ding kon,...minyake sih endi Sal,aja
nganti inyong mambu penguk ning jejere Neni rah..".Soleh ora klalen
njaluk minyak sisan.
" Ngko tak jukutna minyak tinggalane bapane
inyong,tapi aja digawa karo botole,tak wadahna ning plastik bae ya,soale
mbokan Mane inyong nggoleti ",
" Ya ora papa Sal...suwun nemen
yakin,muga-muga amale kon mbesuk sing bakal ngadang ngadangi waktu
malaikat malik pan nyeblungna kon ning neraka jahanam ",Soleh ndongakna
ning Salah.
" Bangkooong..!...ndongane belih ngenaki nemen
yakin,kyeh diringokna ana haditse kanjeng nabi monine kaya kiye ( Wong
ahli ibadah durung karuan mlebu surga,wong ahli maksiat durung karuan
mlebu neraka ),dadi wong pada mlebu surga kwe mung merga melase Gusti
allah ",Salah mulai metu dalil dalile.
" lah kiyeh Sal sing inyong gumun ning kon,ora kandegen mblunat tapi ngerti bab agama "Soleh ngomong karo ngacungi jempol.
" wis lah ora usah ngalem alem...buntute mesti belih enak maning kyeh ",
"
kekkekkekekkek...ngertian nemen kon tah,ajiiibbb...bisa nembus atine
inyong, kira-kira kon nduwe sepatu sing esih pantes dinggo ding inyong
ora ?",rupane temenan soleh buntute njaluk sepatu.
" ana tapineng sepatune bapane inyong,kye tah kon nyilih bae ya,ngko
angger wis nggo nembak Neni,gagiyan dibalekna,soale kwe sepatu kenang
kenangane kawinane bapane inyong ",Salah mlebu maning ning kamare Mane
njikot sepatu.
" Ajiiibbb...sepatu jenggel..sing jenggel ngarep mburi duwure limang senti,sepatu jadul nemen..tapi keren Sal ",
" ya keren nemen yah deleng rah esih kinclong kulite gen ".
" Ya wis lah sal,inyong balik ndisit ya,tulung mengko bar traweh kon maring nggone inyong ",
" Lah sih inyong pan apa nggone kon ? ",Salahudin semaur.
" Inyong diwaraih dandan Sal,seumur umur kan inyong urip ora tau dandan setil ",
" Wkwkwkkwkwkwkkw....dasaaarrr,...bekikuuuuuukkkk...bekikuuuuuuuuukkk...yawis mengko inyong mono ".
Solehudin pamit balik,deweke bungah nemen ditulungi ding Salahudin,dinein pakaian,dinein minyak wangi,disilhi sepatu napan.
bersambung.....
Tidak ada komentar:
Posting Komentar