Ki Dalang Umbrus Ketepuz

Ki Dalang Umbrus Ketepuz
Lakon Sastrajendra

Rabu, 10 September 2014

MUDIK

mudik ning kampung halaman,damai nemen kaya ning njero kandungan...( mulane bae jare kyai " kembali ke Fitrah" )

sing arane ning perantauan,terkadang menggebu nggebu nemen nggoleti sandang pangan,nganti kadang klalen ora eling ning pangeran ora peduli halal haram dipangan,..."badahan" mudik ning kampung halaman,asline dikongkon nggoleti esensi ( hakikat kedamaian karo kebahagiaan ).

sing arane fitrah kwe kaya jaman esih bayi,ora ngerti apa-apa,basa jawane suwung ( kosong ) anane bisa nangis,bisa ngguyu,bisa melek ,bisa ngrungu,bisa obah ya kabeh sing nggerakna gusti allah..maksude kembali ke FITRAH kwe kabeh gerake sing nggerakna Gusti Allah dudu ding hawa nafsune dewek...dikongkon puasa karo sing akeh ibadah liyane kwe ben selaras karo karepe Gusti allah,atine akale awake selaras karo perintahe Gusti Allah,angger atine akale awake wis bisa selaras karo karepe Gusti Allah ya kwe " Fitrah " ( Suci/Kosong )..jare basa jawane " Manunggal Kawula ning Gusti"...manunggal Kawula Gusti kwe dudu dadi Gusti Allah atawa ngaku-ngaku wis kaya Gusti Allah,maksude tah Manunggal Kersa ( Manungal Karep/selaras karep ).


Pondok Mertua Indah - Kali Gung - Tegal 03082013

Tidak ada komentar:

Posting Komentar