akhir taun 99,
anyaran nyong dadi mahasiswa,kuliahe nyong
gemiyen ning Universitas Muhammadiyah Malang,mikine pan ning jogja,tapi
kelingan lagi taun 97 nyong ning kono mung andon nglayab tok karo
kanca-kanca,nyong mutusna kudu adoh sing kanca-kanca sekampung,nyong
njikot fakultas teknik jurusan elektro,asline nyong asal njikot
fakultas karo jurusan,karepe tah nyong kuliah sastra apa psikologi,tapi
ding wongtuaku kongkon melbu teknik,jare bapaku yen lulusan teknik tah
nggolet pegaweane gampang,asale nyong mbantah tapi setelah tak
pikir-pikir angger mbantah omongane wongtua mbokan dadi kuwalat,anjoge
nyong gelem.
barang wis ning pertengahan kuliah jebul
nyong ora mudeng babar blas,dioda ,transistor gen nyong ora
ngerti,paling seneg mung mata kuliah Filsafat Ilmu Pengetahuan sebab
dosenne ayu kaya artis nia lavenia,nggo nambah semangate nyong mlebu
kuliah,nyong macari kanca sekelas,bocah wadon arab ayu nemen,wulu
matane lentik,lambEnE mak jelentir teles-teles kepriben mbuh kwe,awakke
sekkell nemen,yen disawang ning ati mak gleseeerr,arane Afia
Kodah,nyong demennE ora umum,deweke ya pada, kepengine ngglibed bae
ning nyong,njagong ya jejer terus yah,deweke demen karo aku merga jare
nyong urakan karo senengane ger geran,pokoke yen nyong ora mlebu kelas
dadi sepi.
nyong terkenal nemen pokoke,gara-garane waktu
pertama kali bu nia lavenia ngajar,deweke ngabsen,giliran arane aku
disebut nyong ora ngacung,nyong sengaja gawe ulah ben olih perhatian
ding bu nia lavenia,barang wis rampung ngabsen bu dosen ngomong...yang
namanya happpy kurniawan mana tadi kok ngga tunjuk jari?...waktu semono
ya durung ana sing ngerti wong kwe kuliah pertama,kanca sekelasku
bingung kabeh,barang anuk sing njagong jejerku ngomong...bu nih
sebelahku yang belum tunjuk jari...nyong nyengir yah karo ning njero
ati kyeh mulai aksine nyong...oh ya,kamu coba sebutin namamu
siapa?...nama saya Robert bu...nyong njawab karo nggetemm...bu dosene
ngecek ning absen...kok ngga ada?nama belakangnya siapa?....nama
belakangnya waqidi bu ( nyong njawab maning karo nyengir )...kanca
sekelasku ggeeeeeerrrr kabeh krungu aran robert waqidi,bu dosenne
ngecek maning...ngga ada mas nama robert waqidi ( deweke raine bingung
)..coba sini kamu cek sendiri mas...( nyong marek ning bu dosen jejer
deweke nyong bungah nemen atine yah,kye sing tak tunggu koh)...lha ini
bu nama saya ( nyong nuding arane dewek )...hhhooo ini happy kurniawan
sayang,bukan robert waqidi,tadi kan dipanggil?,kenapa tadi ngga tunjuk
jari...he he he sengaja bu biar saya deket sama
ibu...kikikikikikkkkkk...kancaku ngguyu maning,akhire nyong waktu
kuliah di undange robert gara-gara kejadian kwe.
tapi ya
suwe-suwe nyong jenuh kuliah ora mudeng-mudeng,nyong ceritak karo
bahtiar bocah manggis ...yar nyong kuliah jenuh nemen gyeh,nyong salah
njikot fakultas karo jurusan,pan metu wis tanggung...gyeh hep ben ora jenuh melu nyong bae maring students center...nyong penasaran ana pa ning students center yar...wis yuh melu bae...( nyong nurut ngintil bahtiar )
heii bro kenalin nih temen sekampungku namanya happy...(
bahtiar ngenalna nyong karo kanca-kancane,jebul nyong dijak ning FOCUS
singkatan Fotografi UMM Students Club,kumpulan mahasiswa penggemar
fotografi UMM )...yar bisane ente ngajak yanu mene?,nyong awit cilik kye
esuk awan bengi weruhe kamera,lah kye nyong kongkon nyekeli kamera
maning..?...lah kweh hep nyong pengin ente memeperdalam ilmu njepret ning kene,nyong yakin ente mesti akeh sing durung gerti ilmune kye tah foto seni rah hep dudu foto dokumentasi biasa...nyong tembe ngerti kweh yar bahwaning foto ana juga seni-nE..ya wis angger kaya kwe nyong melu.
Gelisse
cerita,nyong akhire sering nongkrong ning kono,suat saat pas arep
liburan semester,bahtiar ngajak nganakna pameran foto karo pelatihan
foto...hep pada pameran yuh...pameran ning endi yar?...ning bumiayu,durung pernah kan ning kotane dewek ana pameran khusus foto?...iya yar,lah terus pan ngajak sapa bae kye?...lah ya wong loroan bae...edan pa yar pameran digarap wong loro...dih tenang bae gamapang ikih...gampang,gampang wadukmu,lah danane sing endi?..( nyong karo sewot ning bahtiar,nggawe event dianggep remeh )...Njaluk ning bupatine rah hep,bupati sing saiki eman ikih ( waktu semono bupati brebes almarhum tajudin nur'ali,bupati sing paling berkesan ning masyarakat bumiayu )...nyong ana chanel ning perusahaan kodak hep nyong wani njamin direktur pemasaran wilayah jawa tengah pasti bantu...temenan
kye yar,ya wis yen kaya kwe yuh digarap ( nyong kelingan omongane
kancaku sing dadi pelukis ning jogja,jarene yen arep dadi senimankwe
kudu wani ngEdannE )...
liburan nyong karo bahtiar
balik,langsung ngurus-ngurus event,nemoni bupatine,dan bupatine
ndukung,pamerane ning kawedanan selam seminggu,respon masyarakat
alhamdulilah apik.
ana salah siji tangga nyong sing
mbantu,arane agus tuwar,bocahe ngenekna waduk nemen,sekolah SMP kelas
siji metu,jarene utekke wis ora mampu nggo mikir,tapi bocah kye jan PD
ne ora umum,keminjal nemen kaya wedus pengin kawin,angger ana tarok
sing pada ndeleng,deweke sing nerangna foto-fotone nyong karo
bahtiar,ngalah-ngalahna fotograferE,ttapi nyong karo bahtiar malah
terhibur ding si agus,sebab sering salah angger nerangna.
pameran dina ketelu,esuk-esuk sekitar jam 9 ana bocah wadon loro mlebu,si agus nglutik ning nyong,...hep ana tarok kaeh...nyong
menyat sing kursi...dih jebul kanca SMA ku si Leli karo endang...hei
ndang,lel,priben kabare?...alhamdulilah sehat hep,nyong krungu kon jare
pameran mulane nyong mene,jebulane temenan kon...ya wis kyeh mene pada
njagong,nyong kangen koh pengin ngobrol karo kon pada...( si Agus wis
mulai pecicilan,ana tarok sih,deweke durung di kongkon durung apa wis
sibuk nggawe wedang ,lagi asyik nyong ngobrol agus marek )..kyeh hep wedange..terus
deweke melu ngrembol ning kono...( nyong wis nebak si agus mesti
pengin kenalan )...gus kyeh kenalna kancaku...( agus ngjak salaman karo
nyebut arane )...si endang takon...gus kon kuliah bareng hepi
apa?...agus-E njawab,..ora nyong tah kuliahe perek ning purwokerto...(
nyong mlErek ning agus,kye bocah kewanen wong SMP gen ora tutug ngaku
kuliah )...dih nyong gen ning purwokerto ning akper muhamadiyah..(
endange njawab )...lah kon kuliah ning endi gus?..( si leli takon
maring agus )...aku ning UNSUD ( pede nemen si agus ari njawab
)...nyong kesuh nemen yah pan tak kerjani kye bocah...Gus UNSUD kwe
sebelah endine universitas jenderal sudirman?..( nyong takon maring
agus dan tanpa dinyana aguse njawab )...UNSUD yaa kidule universitas jenderal sudirman yah.....wkwkwkwkwkwkkwkwkkaakakkakakakakaka...nyong
bocah telu ngakak seporettE nganti nunjem,aguse celingukan raine
merkabak...endang-e ngomong,UNSUD ya universitas jenderal sudirman rah
gus,kye berarti kon dobol nemen ngaku kuliah ning UNSUD...aguse
ndelengna ning aku terus karo lunga ngomong keliwat ente tah hep..ari
ngerjani...
wkwkwkwkkkk...mulane ari pan nggaya,dipikir ndisit,riset ndisit rah....
he he he...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar