Ki Dalang Umbrus Ketepuz

Ki Dalang Umbrus Ketepuz
Lakon Sastrajendra

Rabu, 10 September 2014

Nggotong Arasy

Bismillahirahmanirrahim
Kye cerita perihal malaikat sing nggotong Arasy,sedurunge Gusti Allah gawe Alam seisine,Gusti Allah nggawe Arasy ( Singgasana )ndisit,barang arasy wis dadi malaikat dikongkon nggotong,malaikat kabotan kayong ora sanggup nggotong arasye Gusti Allah,akhire malaikat ngomong ning Gusti Allah,…”Ya Allah nyong kayong belih Sanggup nggotong Arasy kiye,mbarah nyong dinein amalan apa ben nyong kuat nggotong Arasy kiye”…”Hei Malaikat yen kon pengin kuat diwaca bae SUBHANALLAH”…Malalikat Arasy nuruti apa sing diwaraih ding Gusti Allah,anjoge ngrasa enteng nggotong Arasy,unggal waktu malaikat arasy maca wirid SUBHANALLAH.
Waktu Gusti Allah gawe Nabi Adam,iblis Protes apa sih kehebatane Adam Ya Allah?.Gusti Allah njawab “ Hei Iblis coba kweh cungure Adam diklitiki ding kon!”…iblis nurut nglitiki cungure Adam…”…HHHatttsyyyiiiiinnnn,Alhamdulilah”…nabi Adam wakhin sebab diklitiki cungure ding iblis,spontan nabi Adam ngucap Alhamdulilah,iblis langsung lumpuh krungu kalimat kuwe,malaikat Arasy weruh kejadian kuwe langsung bae ussul maring Gusti Allah…” Ya Allah kalimat sing nembe bae diucapna ding Adam kayong kepenak temen dirungune nyong kepengin maca kalimat kuwe pan tak gabung karo kalimat SUBHANALLAH olih belih Ya Allah?”…” srog mana diwaca”,…barang malaikat Arasy wiride ditambahi dadi SUBHANALLAH ALHAMDULILLAH,Arasy sing digotong dadi tambah EntENg,malaikat Arasyseneng nemen mergane ora ringsek awake.
Ganti waktu ganti taun menungsa wis dadi akeh,anjog ning jamane Nabi Nuh,Nabi Nuh sabar nemen ngadepi umate sing belih karu-karuan nemen kelakuane,kongkon pada eling malah pada jogedan bae ning diskotik,kongkon sukuran merga panenane apik ya malah ngundang artis kongkon njoged dangdut koplo,pertamane tah ya acarane di isi nggo ritual ndonga,tapi buntute ajeg jogedan karo pada mendem,,Nabi Nuh banget ding kesuhe,deweke mlayu-mlayu gendoakan ning wong sing lagi pada ora eling…”hei umatku …LA ILAHA ILALLAH,LA ILAHA ILALLAH,LA ILAHA ILALLAH..!!!”…nabi Nuh mlayu-mlayu karo sambi nangis-nangis,tapi umate malah mung cekikikan ngguyuni Nabi Nuh,Malaikat Arasy nyaksikna kejadian kuwe trenyuh deweke ngucap maning ning Gusti Allah…” Ya Allah,indah nemen kalimat sing di ucap ding Nuh,LA ILAHA ILALLAH,..Ya Allah nyong njaluk ijin kalimat kuwe pan tak gabung karo wirid sing biasa nyong maca olih belih Ya Allah?”…gusti Allahe njawab “ srog mana gari diwirid “,malaikat Arasy seneng nemen diolihna maca SUBHANALLAH ALHAMDULILLAH LA ILAHA ILALLAH,arasy sing digotonge dadi tambah EntEng maning.
Ganti waktu ganti taun wong pada mati ganti ning jamane Nabi Ibrahim,esuk-esuk nabi Ibrahim ngalamun ning nduwur amben,bojone merek takon…”ana apa kangmas,tangi turu koh malah ngelamun?”…”nimas nyong ora lagi ngelamun tapi lagi mikiri ngimpiku mbengi,nyong koh ngimpi dikongkon nyembeleh Ismail ding Gusti Allah,jare kon kepriben,kiye ngimpi sing setan apa temenan sing Gusti Allah”…”kangmas nyong tah yakin nemen ngimpine sampeyan sing Gusti Allah”…”ya wis angger kon ngandel  tah,kye nyong pan tak critakna ning Ismail,nabi Ibrahim nemuni Ismail terus cerita perihal ngimpine,ismail ya ngandel bae ning ngimpine bapane..”bapa nyong ikhlas angger memang Gusti Allah mrentah ning bapa kongkon nyembeleh nyong”…nabi Ibrahim nangis krungu anak karo bojone malah ndukung prentahe Gusti Allah,beda nemen karo bojone Namrudz sing malah ndongsokna sing lanange kongkon korup,kolusi,nepotisme ,nindas ning rakyat.
Nabi Ibrahim karo Ismail metu sing umah arep nglakoni apa sing diprentah ding Gusti Allah…bendhone ditokna ismail nggleleng ning pangkuane bapane..sedurunge nyembeleh Nabi Ibrahim ndonga “ Ya Allah tak pasrahna anakku ning panjenengan bukti cintane nyong ning panjenengan…BISMILAHI…ALLAHU AKBAR!!!...bendhone ngiris gulune ismail,tapi seketika awake ismail ding Gusti Allah diganti nganggo wedus gibas,nabi Ibrahim karo Ismail kaget…terus ana suara “ hei Ibrahim kon wis mbuktikna cintane kon maring AKu,wedus gibas gantine ismail kwe bukti cintane Aku maring kon”…nabi Ibrahim nangis bungah nemen karo sujud syukur mergane anak kesayangane ora sida mati.
Malaikat Arasy nyaksikna kejadian kuwe melu bungah “Ya Allah kalimat ALLAHU AKBAR sing di ucap Ibrahim kepenak nemen dirungune,pan tak wiridna digabung karo kalimat sing biasa tak wirid olih belih GUsti?”…” Srog mana gari diwirid “…akhire malaikat arasy wiride dadi SUBHANALLAH ALHAMDULILLAH LA ILAHA ILALLAHU ALLAHU AKBAR,arasy sing digotonge dadi tambah EntEng maning.
Ganti waktu ganti jaman,jamane nabi pungkasan  Rasulullah Muhammad SAW,
Diceritakna nabi Muhammad lagi leyeh-leyeh ning ngisore wit kurma,dina kuwe hawane panas nemen,ora suwe nabi Muhammad keturon merga angine silir-silir,lagi tembe ngliyep ujug-ujug ana pedang nempel ning gulune..” hei Muhammad kon pan njaluk tulung sapa!!!”…nabi Muhammad melEk kaget jebul  si Datsur wong kafir ,wis ning ngarepan arep mateni deweke,nabi Muhammad ora panik ora gugup njawab karo mesem..” LA  HAULA WALA QUWATA ILA BILLAHIL ALIYIL ADZIM”…bar nabi Muhammad ngucap kuwe si Datsur gemeter lumpuh pedange tiba,pedange dijikot ding nabi Muhammad…” Hei Datsur angger  wis kaya kiye kon pan njaluk tulung sapa?”…Datsur ora bisa njawab akhire njaluk ngampura karo nabi Muhammad.
Malaikat arasy weruh kejadian kuwe gaghiyan bae usul maring Gusti Allah..”Ya Allah kalimat sing tembe bae diucap ding Nabi Muhammad nggawe adem nemen ndadekna bungah olih belih ari tak wirid digabung karo kalimat sing biasa tak wirid ding nyong?”…” srog mana gari diwirid”…gusti Allahe njawab.akhire malaikat Arasy wiridane dadi SUBHANALLAH ALHAMDULILLAH LA ILAHA ILALLAHU ALLAHU AKBAR WA LA HAULA WAL QUWATA ILA BILAHIL ALIYIL ADZIM,arasy sing digotong dadi tamabah EntEng nemen kaya ora nggotong arasy  prengasane.
Malaikat Arasy nggotong Arasy,lah nyong sampeyan kabeh sih nggotong apa?
Nggotong amanat,awake dewek ya amanat,anak bojo karo dunia saisine ya amanat,abaot nemen nggotong amanat kiye,ari kepengin EntEng ora kabotan ya kudune wiridane malaikat Arasy diwaca,diamalna dilebokna ning akal,awak karo ning ati.
SUBHANALLAH ( Maha Suci Allah ),gusti Allah tok sing suci awake dewek tah kotor,dadi angger kepengin dibersihi ding Gusti Allah kudune dewek ngrumangsani esih kotor,sebab kekotoran kwe nggawe beban ning jiwa ragane awake dewek
ALHAMDULILLAH ( Segala puji hanya untuk Allah ),pujian kwe mung Gusti Allah tok sing layak dipuji,menungsa tah ora pantes nyandang kuwe,kudu akeh syukurane ora  tau ndonga njaluk awak dinein awak,ora tau ndonga njaluk akal dinein akal,ora tau ndonga njaluk ati dinein ati,pirang-pirang nemen nikmat sing wis di udunna ding gusti Allah,tapi wong pada kelalen ora Syukuran,padahal perilaku Syukuran kiye ndadekna EntEng nggotong Amanat,beban beban keduniawian ora krasa abot nemen.ora ngangsag ngangsag nemen nggoleti kemegahan dunia.
LA ILAHA ILALLAH ( Tiada Tuhan Selain Allah ) tauhid sing mantep ,yakin bahwa pangeran kuwe ya mung Gusti Allah tok langka liyane,ana omongane wong jaman kuna,”mbesuk jaman akhir wong wong pangerane duit.malaikate jarit,rosul nabai waline emas gelang kemrompyong”.. m aksude omongan kuwe ,wong jaman akhir nyembahe duit jarit karo perhiasan,wong sing sugih sing pada nduwe jabatan disembah sembah,pisangkala ibadah ya motivasine ben gusti Allah nggrujug duit,jarit,karo emas gelang kemrompyong,jan ana-ana bae wong jaman saiki tah,ana maning sing nyembah ketenaran,nyembah karir,nyembah demokrasi,nyembah partai,lah jan rubes.nyingkirna syirik kuwe bisa ndadekna EntEng nggotong amanate gusti Allah.
ALLAHU AKBAR ( Allah Maha Besar ) menungsa kudu ngrumangsani cilik ning keAgungane gusti Allah,nikmat sing mudun ning dunia kwe mung sepersen ketimbang sing mbesuk di udunna ning akherat nganti 99 persen,sing sepersen kuwe gen dibagi bagi karo makhluk liyane ora mung dikuasani ding menungsa dewekan tok ,lah wong bumi sagluntung gen awite jaman nabi adam nganti saiki daning ya ora entEk-entEk dimanfaatna ding makhluk sing urip ning bumi.angger seneng wirid ALLAHU AKBAR ya kudune aja nganti nduwene sifat adigang adigung,kene kene dadi RT dadi Lurah,dadi pejabat,dadi kiyai terus ngremehna maring wong liya,kene kene sekolane duwur terus ngremehna maring bocah TK,kene kene ngerti ilmu agama terus maring lonte karo bromocorah maen gebug maen ngorak arik.aja rumangsa bisa ,bisaha sing rumangsa,nyingkirna sifat sombong kiye ya ndadekna EntEng nggotong amanate Gusti Allah.
LA HAWLA WALA QUWATA ILA BILAHIL ALIYIL ADZIM (tiada kekuatan kecuali bersama Allah, Yang Maha Tinggi dan Maha Perkasa )menungsa kudu pasrah ning gusti Allah,aja pasrah ning kekuatan atawa kekuasaan seliyane Allah,apa maning sombong prengasa kuat dewek,sebab sepira hebate makhluk pasti ana akhire,bakal kalah ding waktu,wong sakti ana wayahe mati,wong sugih ana wayahe mlarat,wong ayu karo wong gagah ana wayahe kisut,penguasa ana wayahe dadi rakyat,intine kehebatane makhluk kuwe ana awal karo akhire tapi yen Gusti Allah tah langka tutuge.
sing arane pasrah kuwe dudu ora urusan,misal maring mesjid nganggo sandal anyar,aja kene-kene ning umahe gusti Allah terus pasrah ora disimpen sing bener apa dititipna ning penitipan sendal,barang sandale ilang ngromed ning njero ati”daning nyong wis pasrah ning gusti Allah,sandale nyong tetep ilang”...sembarangan nemen wong model kaya kiye,gusti Allah dianggepe tukang njagani sandal,sing arane pasrah sing bener ya kudune usaha ngamanna ndisit bar kuwe tembe pasrah.durung gen usaha nyimpen sing ati-ati wis pasrah ndisit,kuwe tah arane wong gemblung.intine bersandar maring gusti Allah sawise berusaha mati-matian.
Ari kelingan angger ana wong pan dikubur,sing nggotong katil kan pada ndonga SUBHANALLAH ALHAMDULILLAH LA ILAHA ILALLAH ALLAHU AKBAR,sebenere kwe terinspirasi cerita sing tembe bae tak tulis ning nduwur,intine tah ya njaluk di EntEngna beban dosane sing digotong karo sing nggotong.
Mbokan sampeyan-sampeyan pan ngamalna wirid kuwe ya ora papa nggo ngEntEngna beban urip,sing nduwe jabatan nggo nggotong jabatane,sing duwe usaha perdagangan nggo nggotong usahane,sing dadi dokter ya nggo nggotong penyakit ben pada minggir,sing dadi profesor ya nggo nggotong kecerdasan akale,sing dadi kepala rumah tangga ya nggotong anak bojone,sing dadi ulama ya nggotong umate,sing duwe utang ya nggo nggotong utange ben gelis pudat,tapi sing arane wirid tetep kudu dibarengi karo perilakune,arti karo maknane dilakoni sing bener,ari mung wirid ning cangkem tok terus njaluk bisa EntEng bebane ya kayane ora mungkin,bengor cangkemE ora ana hasile.

Ya wis semene ndisit ya sedulur,muga-muga ana manfaate nggo nyong karo sampeyan kabeh.mbokan ana kata-kata sing ora pas nyong njaluk ngampura.

Ya Allah nyong njaluk di adohna sing sifat rumasa pinter dewek,sebab kuwe nutup kecerdasan akal,nyong njaluk di adohna sing sifat rumasa bener atawa suci dewek,sebab kuwe nutup kepekaan batine nyong...amin ya robal alamin.


Sumenep – 21 – 11 - 2011

Tidak ada komentar:

Posting Komentar