wis mono sing pan pada tukaran
sing pan pada cakar cakaran
ngko yen benjut pan njaluk tulung sapa
ngko yen rusak kabeh pan njaluk tempuh ning sapa
ning bapane kon..?
ning mane kon..?
ning sedulure kon..?
ning kancane kon...?
ning tanggane kon...?
utek karo atine dinggo
kesadaran karo rasa rumangsane
aja sahwate bae sing dinggo
sing ndadekna kajogan sawise
eling...!
urip mung sepisan
sedelat ora suwe
langka wingi langka ngesuk anane saiki,kwe kasunyatan
ora usah cerita bener salah,pada madep njaluk ampunan ning gustine
benere dewek disingkirna,benere wong liya dirungu karo didelengna,benere gusti dilakoni
eling...!
kwe pegawean niteni polahe dewek
srag sragan apa wis ning dalane pangeran
yen iman kwe mesti aman
malaikat rohmat manjing ning umah
anak bojo seneng pada guyonan
ora gelut ora tuding fitnah
yuh balik maning ning asale
asale bersih balik kudu bersih
asale bener balik kudu bener
ning surga langka wong tukaran
menaracawang 16062014
Tidak ada komentar:
Posting Komentar