Taun 2014
taun duwe gawe gede gedean
pan noblos sapa bae bebas
sing penting aja pada tukaran
inyong ya kepengin dicoblos
ora mung bisane nyoblos
kepengin raine ditempelna ning kaos-kaos
ora peduli sepira enteke ongkos
arane inyong Kang Gembar
bojone inyong Yu Gembor
tim suksese inyong sing kesebar
arane Relawan Cangkeme Bengor
Slogan ning Balihone inyong sing dipasang ning tiap prapatan
Tulisane,“ GEMBAR GEMBOR NGANTI CANGKEME BENGOR “
Inyong butuh Suara antarane limangewuan
Ben olih suara inyong ora peduli pan nggo cara sing bersih apa sing kotor
Sing penting inyong dadi
Ora rugi ora entek bebek ora entek ayam sekandange
Bagen temen wong-wong pada nyupatani
Sing penting keluargane inyong makmur uripe
Inyong pan sosialisasi nemuni warga
Ning desa BERTELUR ( BERsih Tentrem Lumayan Rame )
Lurahe gemiyen tak dukung waktu jaman PilKades,saiki gentenan males jasa
Ngumpulna wargane ben maring inyong noblos ning tobonge
Gelise cerita,inyong wis adep adepan karo warga
“ Gyeh,... Yu,Kang,Man,Bi,Ki,Ni..inyong pan takon,
inyong butuh suarane rika
Kira-kira suarane rika pan nggo sapa?
Mbarah inyong pengin krungu dewek,suarane rika kaya apa?”
Yu Daronah maju
“Kyeh suarane inyong dirungu,
anake inyong nangis bae njaluk gawe susu
Tapi inyong kentekan susu Mbarah priben solusine rika nggo ngenengna anakku?”
Inyong njawab karo nge-LES emong metu duite
“ gyeh Yu inyong ora bisa gawe susu,
sing bisa nggawe mung Gusti Allah
Tolih mbokan kwe esih nggandil,bisane ngomong entek,emange digragoti ding bapane?
Hal ora penting diomong-omongna sing bener bae rah.
Wis giyan sapa maning sing arep nyuara..!
Kang Drajat maju,raine mbesengut
“ anu Kang,inyong bujang tua,
kye wis nemu calon jodo tapi inyong ora nduwe biaya
,mergane angel nggolet kerja
Priben solusine Kang,ben calon bojone inyong gelem tak kawin tapi nggo cara sing sederhana
,ora gede gedean sing ndaekna inyong kalang kabut.
Inyong njawab,
“ gyeh kang,masalah perkawinane rika dudu urusane inyong Tapi urusane wongtuane rika karo KUA Bonggane dewek ora gelem kerja,ya enes ora nduwe biaya Inyong aja disalahna,sing disalahna napsune rika”
Kang Drajat ora trima
Botol aqua dibalang balangna
Kursi karo layos diambregna
“ Hoooo dasar Caleg ora nduwe konsep !,jarene pengin krungu suarane rakyate,sing arane suarane rakyat ya isine suara ora enak,angger pengin krungu suara sing enak ya suarane biduan rah,”
Kang Drajat sewot,warga kabeh melu sewot.
Kang Gembar karo Yu Gembor mlayu nonet separan paran
Relawan cangkeme bengor sing nggo dodetan kaya layangan
Rame-rame warga ngejar karo gendoakan
BERI KAMI SOLUSI BUKAN JANJI-JANJI
BERI KAMI SOLUSI BUKAN JANJI-JANJI
BERI KAMI SOLUSI BUKAN JANJI-JANI...!!!!
@ Makam Mbah Mangkurat Tegal Arum 20082013

Tidak ada komentar:
Posting Komentar