Ning umahe Kaji Mardiyah,Ki Kanun,Man Ruwag karo Kaji tapran wis lagi pada lEyEh-lEyEh,ngenteni Talib Karo Tabri ora teka-teka.
”
gyeh daripada bengong mending dolanan krambol bae yuh “,Kaji Tapran
ngejak krambol ning man Ruwag…” dih kon bisa krambol nong Jipran?,mbokan
kon tah biasane dolanane cincotan”…”ngEcE nemen sih kon Wag,kon rah
nean sing biasane dolanane simbar klungsuan”…”ya wis yuh rah gagiyan
ditatani,aja mecucu bae kaya pincukan”..”tapi sing kalah ana ganjarane
Wag,wani belih kon”,..” ya wani nemen yah,apa ganjarane?”…”sing kalah
ping 3 gelem dikongkon apa bae ding sing menang,…wani ?”,Jipran nyebutna
ganjarane…” Ya wis nyong setuju,angger kalah terus ora gelem nglakoni
ganjarane tak plintir ndasmu yakin Jipran”,man Ruwag ngancam….” Ya wis
yuh mulai.
Dolanan krambol,Man Ruwag Karo Jipran
poyok-poyokan,Ki Kanun sing dadi wasite barang wis ping 3,Ruwag menang
2-1…”Tulung lah Wag,nyong aja dikongkon sing angel-angel” …”ora angel
Jipran nyong tah ari kongkon,aja minggat kyeh ringokna prentahe nyong”…”
aja adoh-adoh rah wag lah”…” dih perek kye tah katon ning mata”…” ya
wis rah gagiyan apa mbarah?”…”Kaeh sampeyan weruh ayam lagi anggrem ning
iringan umah”..” oh digawa mene apa wag,dih kwe tah ya gampang”..”
nyong during rampung ngomong wis nylangob ndisit…ya wis gagiyan digawa
mene” ruwag ngongkon ning Kaji Tapran.
Kaji tapran teka nggawa ayam rengosan,tangane pada dadal ditladung..
”
kyeh wag ayame,pan diapakna?”…”gyeh Ji,..nyong mau ngomong kan durung
rampung”…” durung rampung priben wag?”..”nyong prentahe kiye ayam digawa
mene terus diambung brutune ding rika!!,kweh ganjarane kalah dolanan
krambol”..” dih lah ya emong lah ari kaya kuwe tah” kaji Tapran godogan
ora gelem…” gyeh rika kwe Kaji sing sportip mbarah,JEntelmEn rah,rika
angger oora gelem yakin tak Lepeti tembelek cocote”…” lah ya hukumane
sing umum rah wag,iloken ngambung brutune ayam urip,angger ayam wis
digoreng tah ya nyong gelem yah”..” wis rika aja kakehen cangkem,pan
diambung belih kwe brutune ayam”,ruwag kesuh kaji Tapran dikorog
ngambang,..”iya..iya Wag,aja jengkel rah”…”jengkel tah ya belih tapi
kesuh”.
Akhire kolu ora kolu Kaji Tapran gelem ngambung
brutune ayam,daripada benjut dijotosi ding man
Ruwag….”mmmmuuuuuuaaaccchhh…hh..hhhhh…crotttt!..” raine Kaji Tapran
di’isingi ding ayam..”bangkooooong!!!...ayam ora tau diwuruk diambung
koh malah nembelEk”..wkwkwkwkkwkwkwkwk man ruwag karo Ki Kanun gembuyu
ngakak weruh raine kaji Tapran klopot tembelEk…” kwe sing arane ngambung
brutu di imbuhi petis Ji wkwkwkwk”.
Lagi pada ngguyuni Kaji tapran,ujug-ujug Talib serombongan teka,..
”
ana apa kiye donge kayong rahat nemen?”.Tabri takon maring ruwag..”
kweh Bri,..Jipran bar nyipok brutune ayam anggrem”..”diiiih erik
nemen,kene-kene bar ditinggal minggat bojone,ayam anggrem maen disosor
bae”…” brisik kon Bri,teka-teka melu moyoki”,Jipran nyemprot ning
Tabri…”gyeh Jipran,..ngko bengi rika gelem dolan umahku ora?”..” pan apa
sih Bri?”..”kaeh enthoge nyong ari bengi ari turu langka sing
mbatiri,tolih wis suwe ora ngendog-ngendog,mbokan dibatiri rika tah dadi
ngendog Ji…wkwkkwkwk”…”kunyuk..! nemen kon Bri iloken nyong dikongkon
nyEmpEt Enthog”…”dih Enthoge tak paesi ikih
Ji”….wkwkkwkwkwkwkwkkww,..wong sing ananing kono ngakak kabeh.
“kon
tah ngledek nemen yakin Bri,ari ngledeki bae tak tabok cocotmu yakin
Bri”,rupane kaji Tapran kesuh nemen,tangane wis ngepel pan nabok Man
Tabri…”dih nyong belih ngledek Ji,mung moyoki hehehehehhe”…”ee yah
kunyuk,diomongi koh malah tambah ngledek”…Kaji Tapran ngrompes cangkeme
Man Tabri..”aduh aduh duh daning rika temenanan jipran”…” lah yong kon
cangkemme ndrememel bae neng”..” eh dadi rika pan ngejak gelut nyong kye
jawane?”,man Tabri langsung pasang kuda-kuda….
” Heh
hob,hob,hob aja pada gelut!!!...kepriben sih”…Ki Kanun,man Ruwag,talib
karo liyane misah wong loro…” minggir,minggir..nyong belih terima
dirompes cangkemme,nyong kudu ngrompes maning”,tabri rupane mangkel
nemen,ambekane ngos ngosan nahan dugal.
Sing njero umah Kaji
mardiyah mlayu nggawa ember…” hoi
mandeg,mandeg,mandeg….byuuuuurrrrr”….Kaji Tapran karo Tabri disiram
banyu pesusan beras…” ana apa sih daning pada gelut,jare pan pada
berjuang,bisane pada tukaran dewek,tolih mbok wis tua dangklak,isin
rah..kaeh putune nyong pada nonton sing njero”,Kaji mardiyah ngromed
nggranyami Tabri karo Jipran..” ari ning kene mung andon pada gelut tah
mending pada lunga mana”.
“Pangapurane nyong Yu,cangkeme
nyong dirompes ding jipran..nyong ya ora terima yah”,Tabri wadul ning
Kaji Mardiyah…”lah nyong iloken dikongkon NyEmpEt Enthoge Tabri…Yu,ora
sopan men mbok?”…wkwkwkww Kaji mardiyah gembuyu ngekrek..”wis ,uwis
wawuh gagiyan ora usah diungkit-ungkit maning,kaeh kolok gedange wis
mateng koh”.
Anjoge akur maning barang koloke metu.
Bersambung…
Tidak ada komentar:
Posting Komentar