Ki Dalang Umbrus Ketepuz

Ki Dalang Umbrus Ketepuz
Lakon Sastrajendra

Rabu, 10 September 2014

DONGENG WIROG 4

" Lo tangi Lo...daning peteng dedet temen yah,mobile wis mandeg koh". " Apa sih Gol...reang bae,lagi ngimpi ketemu jhony deep jare digugah".
"Jhony deep wadukmu dilaos,kye dewek ning endi koh,..daning sepi nyeyet kaya kiye,wong wonge pada maring endi sih yah,tangi mbarah..tolih dilogog kaeh ning njaba".
"dih dih dih...haduuh gol,gawat kye tah,dewek ora weruh lor kidul,duuh rekasa temen uripe dewek Gol,bisane awake dewek apes nemen." " Kayane dewek kudu diruwat Lo", " Diruwat sih apa Gol,ning amerika langka ruwat ruwatan soale".

“ Diruwat kwe dibuang apese,ben nasibe dewek robah ora rekasa bae”.
“ sih priben carane Gol?,inyong pengin nemen yakin”.

“wis ngko bae ari dewek ketemu karo om Kober dewek njaluk diruwat”
“ Kader om Kober bisa ngruwat Gol?,...” Kayane tah bisa,deweke mbokan seneng budaya Jawa,mbokan bae ngerti ilmu Ruwatan”.

“ yawis ngko ari dewek wis balik,kon ngelingna ya Gol,saiki dewek pada mudun bae yuh,karo nggolet pangan”.

Jilo karo Megal megol mudun sing mobil clingak clinguk bingung pan maring endi,mergane peteng dedet nemen,Jilo cekelan buntute Megal megol wedi mbokan pethalan.

“ cekelane aja kenceng-kenceng rah Lo,buntute inyong mbokan tugel”,...”Inyong wedi nemen koh Gol,mbokan ana Kucing apa Asu,dewek bisa dibadog rah “,...”mulane metune mlipir,aja ning tengah dalan ben ora katon”...Jilo karo Megal megol mlaku alonan,sedelat-sedelat mandeg ndelengna situasi.

“ Gol..gol..kaeh kaeh ana damar murub Gol”,...” Huuusst...aja reang,inyong weruh ora picek,dewek aja liwat ngarep,liwat mburi bae mbokan konangan menungsa”.

“ hidiiihhh....Lo daning isine wong pating gludag,tempat apa sih yah kiye?”.
“ diskotik nean Gol,kwe wong bar pada teler langsung semaput ora bisa balik”.
“ huuss...sembarangan nemen kon tah,iloken ana bayi anapan,kaeh...kaeh ana tulisan mbarah diwaca Lo”.

“ Pos..ko...rel..awan.. ben..can..a..kel..ud...Par...tai...Go..lang...Gang..se..ran”.
“Maksude priben Lo?...”Kiye tempat nggo nulungi menungsa sing lagi pada kenang bencana Gol”.

“ Lah terus?,...ana panganane belih?”...” diiih erik nemen sih kon,geger badogan bae,mengko ndisit rah,ilang ileng ndisit,akeh nemen wong koh,ari konangan nyolong badogan dewek bisa dibrongos ding wong sa’mene akehe”...jilo maido maring Megal megol.

“ ya alloh Lo..Lo...inyong ngelih nemen koh,ya wajar rah ari inyong geger badogan bae”.
“Yawis yuh..reang bae sih kon,liwat trutug bae,liwat ngisor tah mbokan ngedek raine wong,mengko dadi pada tangi”...Jilo karo Megal megol liwat trutug,karo cungure ndungis-ndungis nggoleti mambune panganan.

“ Gol kyeh sebelah kene,yuh mudun”....saking semangate weruh ana panganan,megal megol ora serantah nyalip Jilo,anjoge nganti...Geduuubrrrraaaakkkggg..Jilo karo Megal megol tiba ning nduwure panci,...krekeeeettttt suara lawang mbuka,ana wong ilang ileng nggoleti apa sing tiba,wonge mung mbenerna panci ning panggonane terus mlebu maning.

“ Slameeettt...slamet...monyong..monyooong...miki angger konangan dewek modar rah Gol..!”,...” maap lah Lo...haduuhh brutune inyong lara nemen kenang lingire panci”.
“ Ya enes lah,yong kon tah belih umum nemen,wis gagiyan menyat kaeh didodet karunge”....Jilo karo megal megol mulai nggrigiti karung,kye tah wirog loro kuwe ora salah,ning njero karung temenan isine panganan.

“ Hidiiih..mie instan kiye tah Lo”...” lah wis daripada langka,kweh disuwek plastike”,Jilo mrentah maring Megal megol.
“ Kiye sih miene ana gambar wonge daning yah Lo?”...”endi ndeleng,..hadiahe apa yah?”...” kwe ana tulisane mbarah diwaca Lo”.

“Sum..bang..an...da..ri...ba...pak...Ha...ji...Um..brus..e...pol...ca..leg...par..tai..go....lang...gang...se...ran”,..”Iloken wong nyumbang didokoni gambar yah Lo,tolih mending congore gagah kaya Roy Martin,kweh deleng rah kumise gen kaya gorden,baplang nemen”.

“ Lah genah jaman saiki tah langka wong nyumbang iklas koh Gol,akeh-akehe ya ana pengarahe,wis yuh gagiyan mbadog,dientekna bae kiye mie,mumpung sing njaga lagi pada ngorok”...Jilo karo Megal megol mangan nganti sekroh nemen,anjoge pada kemlakaren.

“ Gol kiye panganan esih luwih akeh nemen,enake diapakna yah?”.
“ Gawani metu mipil bae Lo,mbokan bae ana bangsane dewek sing pada dadi korban bencana”,..” ya wis yuh gagiyan.

Wirog loro kuwe,bolak balik nggawani mie diumpet umpetna ning kebon,deweke nggawe rong ( bolongan ) miene diblesek blesekna ning rong,barang wis olih akeh deweke pada turu nganti esuk.

“ Lo..Lo..tangi Lo..kaeh srengengene wis plenthong,yuh jare pan nggoleti bangsane dewek sing pada kenang bencana”...”ngko ndisit Gol tak raup ndisit,tolih pan paesan’.

“ Halaaah...halaaaah...wirog bee reka-reka paesan,sing pan naksir sapa?”,...” dih ya mbokan bae ana wirog blasteran sing gagahe toret-toret naksir maring inyong rah Gol”...akhire Jilo karo Megal megol ketemu karo wirog-wirog sing dadi korban bencana,Jilo karo megal megol semangat nemen mbagekna mie sing olih nyolong mbengi.

“ Alhamdulilaaahhh...inyong bahagia nemen yakin Gol,bisa nulung sedulure dewek sing lagi pada kenang susah,awak kesel gen nganti belih krasa”.
“ Iya pada bae Lo,inyong prengasa urip dadi kayong ana manfaate,ndelengna sedulure dewek pada bongbong inyonge melu bongbong”.

“ Bar kiye dewek pan maring endi maning yah Gol?”...” Terserah kon lah Lo,pan ning kene bae yakena,akeh panganan ikih,pan balik yakena”.

“ Hidddiih...daning kon malah betah ning kene,akeh panganan gen panganane korban bencana,dewek tah dudu korban bencana rah,wis yuh balik bae,inyong belih betah ning kene,weruh susahe sedulure dewek andon mrebes mili tok,ora bisa mbantu sing luwih akeh”.

“ Lah ari balik sih pan numpak mobil sing endi,sing bakale anjog nggone umahe om kober”...” iya yah..nggo mobil sing endi yah Gol?”.
Wirog loro kwe pandeng pandengan bingung pan balik numpake mobil sing endi,barang lagi bingung bingunge si Jilo njimprak.

“ Lah kaeh Gol mobile..!”.
“ sing bener Lo...iloken ora salah”.
“ Yakin sung kaeh mobile”.
“ Bisane kon yakin nemen kae mobile,apa kon kenal karo supire?”.
“ Diiihh...bodo nemen sih kon,ndeleng rah plat nomere gen “G 1 LA”...plat G kwe mesti plat mobil daerahe om Kober,mulane belajar maca ben bodone ilang rah Gol”.

“ Sing mau mbodok mbodokna bae yakin,wis yuh rah gagiyan nyemplak”.
Jilo karo Megal megol nyemplak mobil kuwe,ora suwe mobile mangkat...greeennggg.

Sedina sewengi ning perjalanan...
“ Gol tangi Gol..wis anjog kayane kyeh”...Jilo nggugah Megal megol.
“ Bisane kon ngarti kye daerahe om Kober Lo?”,
“ Gampang ngeteranine...dalane rusak”.
“Iya bener yah Lo,daerah kiye sing awit kuna dalane gampang nemen bodol”.
“ Lah kwe daning ngerti,ari mobile mandeg,gagiyan dewek mudun Gol”.

Mobile mandeg,Jilo karo Megal megol gagiyan brusut bae,bungah nemen anjog maring daerahe dewek.


Bersambung...

Kidung Setan Kober - 21022014

Tidak ada komentar:

Posting Komentar