Warangka kwe maknane raga
curiga ( keris/tombak/pedang ) kwe maknane jiwa
yen curiga manjing warangka kwe gambaran alam dunya
yen warangka manjing curiga kwe gambaran alam akherat
bisakha esih urip tapi warangkane ning njerone curiga aliase mati sa'jeroning urip
maksude
mati sa'jeroning urip kwe dudu kaya wong edan ( ora eling apa-apa
),sing mati kwe karep sing ora apike,sing diuripna kekarepan sing
apik-apik bae.
Gegaman kwe ana sing lurus ana sing luk sing lurus gambaran urip sing istiqomah
yen
sing luk gambaran menungsa urip ning dunya ngalami lika likuneng enak
karo ora enak,bener karo salah,yen bisakha pada akhire lurus maning
kaya pucuke keris.
sing arane gegaman ora usah diasah
tetep landep maksude sing landep akale,sing landep atine,ben begja awake
landep akale kwe cerdas,landep atine kwe peka rasa rumangsane.
Bisane ana jamasan pusaka?
kwe
maknane curiga/gaman ( jiwa ) kudu dikumbah sing bersih ben
karat/tEyEnge ilang,tEyEng kwe gambaran napsu amarah ( rasa susah,rasa
seneng,rasa dugal ),napsu luwamah ( ngantuk,mangan nginum,birahi ),napsu
sufiyah ( angen-angen sing ora apik karo sing apik ),angger kwe bisa
dikumbah nganti bersih ya mengkone sing muncul napsu Mutmainah (
kepenginan nglakokna sing apik-apik ) ya kwe gambaran gaman/curiga wis
bersih,bar kwe diolesi minyak wangi,minyak wangi gambaran aran sing
wangi,angger menungsa kelakuane wis apik ya ning endi panggonan mambune
wangi.
* aja giri-giri mbid'ah-mbid'ahna atawa
nyalah-nyalahna yen durung weruh jeroan sing sebenere,pusaka-pusaka kwe
karyane seniman ahli filsafat jaman kuna ( Empu ),makna Empu kwe
artine " pakar / ahli ),kabeh karya sing apik mesti ana filosofine (
pesan morale )*
setitik kajian pusaka,mbokmenawa ana manfaate
kidungsetankober - kampung Karang Du'a - Sumenep - Madura - 12 - 02 - 2014
Tidak ada komentar:
Posting Komentar