" Gyeh nang aja sokan nongkrong ning wit gede
ning kono akeh demite "
kwe pesene bapatuane
lagi inyong esih durung gede
gemiyen inyong banget ngandele
barang inyong wis gede
pengin mbuktikna omongane bapatuane
bener apa ora ning wit witan akeh dedemite
bengi-bengi inyong muter-muter dewekan
maring desa-desa sing esih akeh wit witan
jebulane wit witan jaman saiki ora ana demit karo setan
anane gambar caleg dipaku sembarangan
demit karo setane isin atawa rikuh nean
mulane pada pindah ning pegunungan
jaman kuna yen ana bocah bayi nangis bae jarene ana setan liwat
coba bae rah bayine ditempeli gambar caleg mbokan bae setane minggat
buktine...
wit gede gen langka setane...hehehehehhe
Pinggir kali Gung 19082013
Tidak ada komentar:
Posting Komentar