( 100% kisah nyata )
Taun 1999 nyong tembe bae lulus
SMA,nyong gemiyen Sekolah SMA ne ning MUHAMMADIYAH terus dideportasi
pindah ning SMA Bustanul Ulum NU,terus dideportasi maning,akhire nyong
ngebrok ning SMA LANG-LANG BUANA SUBANG JAWA BARAT ( yayasane kepolisian
daerah jawa barat )...mbuh kepriben ceritane kweh bisane nyong sekolah
pindah-pindah,kayane tah karena nyong saking pinterrE,gurune ora sanggup
ngajar aku he he he.
Barang nyong ning Subang prestasi
sekolahku justru apik,langganan ranking 1,lagi esih ning bumiayu
ndableggE ora umum pan sekolah gen males nemen,sing umah mangkat,ngebrok
ning terminal,sing umah mangkat maning tapi lawatan yag-yagan anjog
purwokerto,gemiyen nyong SD ya langganan Ranking 3 besar,nyong SDne ning
SD Islam Taalumulhuda,begitu mlebu SMP kwe wis mulai tirigan
bangor,awan bengi dolanne ning terminal,anjoge prestasine nyong waktu
SMP ya pindah-sekolah nganti ping papat,luar biasa nemen mbok..?
tapi
nyong bersukur ngalami proses urip kaya kwe,nean tah angger nyong ora
ngalami urip belih enak kaya kwe ya nyong ora pernah dadi dewasa,jare
wong bijak " wesi yen ora diobong nggo geni karo digedigi ora bakalan
pernah dadi senjata".
Sawise lulus SMA nyong esih
bingung,pan nggolet pegawean apa pan kuliah apa pan kawin bae,nggo ngisi
waktu luang ning bumiayu,nyong sering dolan nggone kanca-kanca,sebabe
nyong kangen rong taun ning Subang,krungune neon maning-maning neon (
naon )...nyong biasane nongkrong ning nggone Aris jam,anake om apip
jam,adine mas ajis jam,kakange yudi jam ( maksude sekeluarga usahane
dagang jam kabeh ),tempat dagange aris kwe ning ngarepe BCA bumiayu pas
ning pinggire ruang ATM,waktu semono ATM esih ning njaba,lor-e BCA toko
bahan bangunan Kurnia,kidule waktu semono yen ora salah toko berkat
record,yen saiki kan kidule wis dadi toko Jaya photo.
Nyong
kangen kweh nongkrong ning kono,sebabe akeh tarok pating
seliwer,langganane Aris ya akeh tarok-tarok,mulane betah angger ning
kono,udud klepas klepus karo nyruput kopi,kopine joinan karo aris.
Dina minggu,
bengine nyong tas begadang,tangine kebluk jam 12 awan,adus,madang,njaluk duit ning mane trus plencing maring nggone Aris,...
Hei ris priben kabare?...lawas men yah dewek tembe ketemu.
iya hep...kon sih balik kapan,jare ning Subang?
aku balik wis rong dina ris,kye tembe bisa metu,wingi akeh kanca pada dolan ning umahku.
wis lulus apa hep?
iya kyeh ris,alhamdulilah lulus,nean angger sekolane ning bumiayu bae tah ya ora lulus-lulus ris.
lah kon sekolahe ning terminal ya nengsih kapan luluse.
tak pesen kopi yah hep.
ya wis mana nyong wis kangen men koh ngopi ning kene.
(aris menyat pesen kopi nggone kaji wadmi,wonge wis tua ireng,tapi warunge rame nggo langganan bocah pada mbolos)
(ora suwe aris balik maning) lah kopine sih endi ris?...
kaeh ngko kajine sing nggawakna mene.
(unclung-unclung kajine teka nggawa kopi )...primen kabare bu kaji,waras apa?( nyong takon maring kaji wadmi )
dih
kon nong hep,mboksih sapa jebulane bekas muride aku sing gagahe
toret-toret ( kaji wadmi ari ngarani bocah sing sokan mbolos ning kono
jare muride deweke )...lah kon sih lawas tembe katon ning endi bae
donge?...sekolah ning jawa barat bu kaji...tolih kwe gurune ora kendat
maning mulang kon?...he he he ya ora rah bu kaji,ning kana tah ya nyong
sekolane rajin,pan mbolos kepriben lah wong gurune nyong akehe polisi...
eeh ya mbokan kaya ning kene ndableg,ya wis yah hep...di enak wis medange,gratis kweh nggo kon....ya suwun bu kaji.
Nyong ngopi karo udud,aris sibuk ndandani jam...
daning kayong langka tarok liwat yah ris?
lah yong libur bocah sekolah ya sepi...
janah karo roilah ora mene ris ( nyong duwe kanca arane siti ro'ilah tapi undangane ade bocah linggapura )...
ora gweh hep...lawas koh ora pada mene,sajeggE pada lulus taun wingi terus ampleng jimpleng langka kabare...
wis pada kawin rah nean ris...
iya nean...
(aris nerusna ndandani jam,nyong nyawang bakul buah sing ana ning sebrang )
lagi
asyik-asyike nyawang,barang anuk sing kidul ana wong lanang mlaku
ngEngkrEg nemen,nyruntul kaya kebelet ngising mlebu maring ATM....(
gubrag,gubraggg,gubraagg...suara lawang ATM ditarik-tarik,nyong karo
aris nglirik ndelengna wong lagi kangelan mbuka lawang ATM,putus asa
lawange ora mbuka-mbuka,akhire wong kwe marek maring aku karo aris)
MAS NIKI TUTUP NOPO ..? ( deweke takon maring aku karo aris )
(
arise njawab) angger buka nengsih ayame mlebu kabeh..rah pak...( nyong
ngguyu aris njawab kaya kwe,terus nyong menyat )...mene pak tak bukakna (
nyong melas ndelengna wijihe raine abang ireng,nean bar mlaku adoh kwe
wong,umurane sekitar patang puluh taunan )
Kaya kye rah pak didorong maring njero ( akhire wong kwe mlebu,nyong metu njagong maning karo aris )
( sekitar sepuluh menit wong kwe metu,marek maning ning aku karo aris,deweke takon maning )
MAS
NIKI TAKSIH TUTUP NOPO? ( nyong karo aris bingung kye wong maksude
priben,apa kye wong bingung nganggo ATM,nyong karo aris menyat )...yuh
pak tak kancani...( nyong wong telu mlebu ning ATM )
endi pak ATM-me meneh nyong sing nglebokna,ngko sampeyan gari nulis nomer PIN ne ( nyong takon maring wonge )
si
aris se ngomong ...ya wis pak dinekna bae kartune,ngger sampeyan sing
nglebokna mbokan engko metune endog dudu duit...( nyong wis ngekrekk
krungu omongane aris ,si aris kwe memang bocahe ceplas ceplos )
NOPO MAS,ATM???...ATM SIH NOPO ..??? ( wonge raine bingung,nyong karo aris ya luwih bingung maning )
nyong njawab....lah sampeyan mene pan njikot duit mbok?...
DIH SANES MAS,KULO NIKI BADE TUMBAS SENG, KALIH PAKU..
astaghfirullooohhh....wkwkwkwkkwkwkwkwkwkkw ha ah ah ahahaaa ( nyong gregeten sambil gembuyu kaku )
paaak,paaakk...sampeyan
kye salah mlebu,kye tah Bank BCA dudu toko KURNIA,toko KURNIA kaeh
sebelah lor,tapi tokone tutup,kye dina minggu sing duwe lagi maring
gereja...( arise nidokna karo crengas-crenges )
BERARTI KULO NIKI SALAH MLEBET YAH MAS...
ya mbangkana salaeh pak,njenengan tiyang pundi sih pak? ( nyong takon )
KULO TIYANG KARANG SEMPU MAS..
karang sempu sih pundi?....
NIKU PATUGURAN NYEBRANG...PANGAPURANE YAH MAS KULO MBOTEN NGERTOS...NGENJANG KULO MRIKI MALIH...
nggih mboten nopo-nopo pak,ngesuk aja salah kamar maning pak...
NGGIH
SANIKI TAH MPUN NGERTOS....NGGIH MATURNUWUN KULO WANGSUL NGGIH MAS (
karo akhire wong kwe numpak bis mikro balik mengidul )
nyong karo aris nglanjutna ngopi karo cegigisan bae kelingan kejadian kwe....
( Sumenep - 10 - 04 - 2011 )
Tidak ada komentar:
Posting Komentar