Ki Dalang Umbrus Ketepuz

Ki Dalang Umbrus Ketepuz
Lakon Sastrajendra

Rabu, 10 September 2014

SOP IGA KIWE

Mangan sop Iga jebul banget enake,pantesan bae gusti Allah nggawe wong wadon sing Iga sebelah Kiwe,jebul rahasia kenikmatane wong lanang ya ning wong wadon,sepira sugihe sepira pintere angger durung nikah ya uripe rungsang,sing nyong esih belih ngarti bisane gUsti Allah nyiptakna wong wadon sing balung Iga,dudu balung tangan apa balung entho-entho,angger jarene basa puisi tah wong merga parek jantung karo ati,tolih jarene balung Iga kiwe kuwe madan bengkok,sing arane balung bengkok yen pan dilurusna ya kudu alon-alon,mbokan tugel langka tambane.

kelingan kisahe nabi adam njaluk kanca ning Gusti Allah,terus Gusti allah ngomong " kweh balung iga kiwemu dijikot terus dibanting",barang dibanting mbok jembual dadi Ibu Hawa.

nggo bujang kapiran,wis rah gagiyan,balung igane dibantingna maring wong wadon sing pada liwat,balung iga kwe perlambang kekarepan sing kependem antarane jantung karo ati alias Hawa Nafsu,aja klalen dibantinge ning adepane Gusti allah,aja dibanting ning sembarang panggonan,apa maning dibantinge ning ciregol,mubadir yah....maksude dibanting ning ngarepane Gusti Allah kwe,kepengin wadon tapi diniati ibadah,angger diniatine ibadah ya ngko balunge dadi siti Hawa dudu Hawa Nafsu Birahi tok....semene bae lah moga ana manfaate,sebenere akeh nemen sing bisa ditafakuri perihal IGA...wis ana ning utek,tapi diudunna ning tulisan banget angele...



Pondok Labu - Batavia - 02 - 07 - 2013

Tidak ada komentar:

Posting Komentar