Ki Dalang Umbrus Ketepuz

Ki Dalang Umbrus Ketepuz
Lakon Sastrajendra

Rabu, 10 September 2014

DONGENG WIROG 6

" hadduhh om ya temenan mene kweh kucinge"...Jilo karo Megal megol ndlesep mburine inyong rupane banget wedine. "Meeooong...Kang rika weruh curut belih?".
Ajiiib maning kiye,kucing bisa ngomong," Belih weruh sung".
" Aja goroh rika kang,mambune ning kene kyeh".

asem konangan bae wis tak umpetna mburine inyong jebul cungure kucinge kaya ana matane. " Iya kiyeh ning mburiku ana curut loro,tolih kon pan apa,pan mbadog?,..hoo..oooh... pengin  tak gabyug banyu tolih kon..!"....inyong meden medeni ning Kucinge.

“ Gyeh Kang,...rika aja ngalang ngalangi inyong pan olih rejeki rah,wis hukume alam yen inyong kwe mangane curut,rika ari ngalang ngalangi dosa gede rah”.

Inyong dadi bingung krungu Kucinge semaur kaya kuwe,bener tah bener kye kucing ari ngomong,ning dunya kewan angger ora dadi pemangsa ya dadi mangsa.

“ Oomm...tulung aja dirungokna omongane si Kucing Mandung kuwe,inyong ya kepengin slamet rah”,Jilo ndrememel karo nyekeli sarunge inyong.

“ Wis kaya kiye bae ben adil mena mene,curut loro kiye dinein kesempatan nggo mlayu,tolih kon tak nein kesempatan nggo nguber,ari ora kena ya bonggane dewek,ari kena ya wis kudune takdire curut loro kiye dipangan ding kon,priben gelem belih Cing?”.

“ ya kaya kuwe yakena”,Kucing mandunge kayong bungah nemen,dinein solusi kaya kuwe.
“ Kon sih priben Jilo karo Megal megol,sepakat belih?”,...” rika tah tega nemen yakin Om,jare pan mbelani inyong,daning kiye tah pan ngempakna”.

“Gyeh aja kuatir,ngko kon gagiyan mlayu mlebu bolongan got sing anjog kolame inyong,tolih aja giri metu,angger kucinge mlebu umahe inyong tak gabyug karo tak gebug”...inyong ngrisiki ning Jilo karo Megal megol.

“ Wis rah aja rapat bae suwe temen sih,mbarah kongkon mecungul kwe curute”. Kucinge kayong belih srantah nemen.

Anjoge Jilo karo Megal megol mulai metu,barang endas karo awake wis nongol,Kucing mandunge semaur.

“ wadooooowww...apes kiye inyong,..ora usah pada mlayu,ora sida tak pangan kon-kon pada tah”.

Inyong nambah bingung maning si mandung semaur kaya kuwe,Jilo karo Megal megol mlegeg melu bingung.
“ heh Mandung bisane ora sida nguber priben”.
“Belih doyan...inyong tah belih doyan daging wirog,mbokmenawa disate gen,inyong tetep belih pan tak pangan,mbokansih curut sing biasa ning trutug umah”...Jilo karo Megal megol langsung sumringah krungu si Mandung ngomong kaya kuwe.

Jilo anjoge wani takon..” Heh Mandung kon tah aneh,inyong sih kurang apa,seger nemen mbok awake inyong,bisane kon belih doyan”.

“ Awake kon tah wis terkontaminasi obat obatan...ndaranine inyong belih ngarti apa?,sing ndisit lagi kon ndopok karo Kang Kober ning kene,inyong ngringokna,yen awake kon melar merga steroid,inyong emong kena penyakit yah,gara-gara mangan kon ngko inyong bisa diopname ning rumah sakit wetan”.

“ Subhanallooooh...dadi temenan kiye kon belih doyan daging wirog Ndung?”.
“ Yakin sungpahdik inyong ora doyan kang”.
“ Yawis ari kaya kuwe melu medang bareng bae kyeh mbari ndopok”.
                                                             ***

“ Kang lawuh wedange sih apa?”,kucing mandung takon maring inyong.
“ana luwihan endas pindang kon gelem?”.
“ Ya ora papa,kena nggo ganjel weteng”.
“ ari pan nggo ganjel weteng tah nggo geritane bayi apa nggo bentinge matuane om Kober rah Ndung,...wkkwkwkwk”,..sing mau meneng mbae barang ora sida dipangan tah Si Megal megol wani nylemong ngledek kucing Mandung.

“ brisiiiiikkk...tak tabok cocotmu ngko!,untung kon ora sida tak pangan”,rupane si Mandung sewot nemen diledeki ding Megal megol.
“dih,kaya kuwe bee dugal,yen dugalan mengko cepet kena stroke rah”.

Wkwkkwwkkwkkwk...inyong karo Jilo gembuyu kaku krungu Megal megol kudon karo si Mandung.

“wis wis...aja kudon bae...kyeh Ndung lumayan ana endas papat”.
“ suwun ya Kang,wis telung dina kiyeh inyong nembe nemu panganan enak,sing winginane,ning runtahan inyong manganine sega mambu bae,yong terpaksa langka maning,mencret mbuh apa ngisinge”.

“Ooo..oo...dadi kon pelakune sing ari nembelek kecret ning latar ora ditutupi lemah,nggawe pegawean inyong tok nyirami nggal dina”.

“ Lah ya ngampura rah Kang,jaman saiki pekarangan pada dipaving kabeh,kebonan ya dirajeg rapet,anjoge inyong ari pan ngising bingung,kudune tah pemrentah nyediakna MCK khusus nggo kewan yah Kang”.

“ boro boro MCK nggo kewan,lah yong MCK nggo korban bencana gen kadang ora layak koh”.
“ Iloken Kang?”...” dih kweh takon rah maring Jilo karo Megal megol sing bar niliki korban bencana”.
“ bener nemen koh Ndung,inyong wingi bar sing kana”.
“ Mbarah kang diusulna yakena rah maring rajane rika,perihal panganane inyong,angger curute wis dadi wirog kabeh sih bangsane inyong bisa punah rah”.

“ walah..ari dewek ngusulna kuwe,paling jawabane rajane kaya kiye ( “perihal kuwe wis ana instasi sing ngurusi” )”.
“haduuuuhhh...angger kaya kiye bae bakal ana bencana maning rah kang”.
“ Sih bencana apa Ndung?,gunung njeblug maning apa?”.

“ Bencana sing ora katon tapi dampake bisa nggilani Kang,..ya kuwe bencana ekosistem,bayangna bae rah,ari kucing langka sing gelem mangan curut wirog,negara kiye bisa banjir wirog”.

“iya yah..inyong dadi kelingan ana kisah jamane nabi musa,ana banjir kodok,ana banjir tuma,nean ya merga pemangsane langka atawa pemangsane ora gelem mangan sing kudune dadi panganane yah”.

“ Menungsa saiki pada belih ngrasakna,yen wis mulai bencana ekosistem,kaeh ning kebon buah Pir ning Cina,nyebar serbuk sarine wis kudu ana campur tangane menungsa”.

“ Lah biasane sih ding sapa Ndung?”,....” biasane tah ding Tawon madu,saiki tawon madune punah merga wong tani pada nganggoni pestisida ora nggo aturan”...” Ooh..kaya kuwe nong jebulane,bisane kon ngarti sih Ndung,hebat nemen yakin”.

“Inyong lagi durung diurak ding majikane inyong kwe sering nonton chanel National geographic Kang,mulane inyong setitik titik paham perihal bencana ekosistem”.

“ Dih gaul nemen yah kon...terus enake kepriben kiye dewek”.inyong takon ning Si Mandung.

“Ya kudune tah rika sing dadi menungsa nyadarna kanca karo sedulure rika ben pada peduli ning ekosistem”.
“ Iya yah hukum alam aja nganti gotang,angger ana sing gotang siji bae,alame ya dadi ora seimbang”.

“ Dih dih dih...ngobrol dewek bae,inyong karo Jilo dicueki,dianggepe inyong patung apa yah?”,Megal megol nylemong nyindir.

“kayong iya iyakha nemen kaya profesor peneliti bae rika Kang Mandung”,Jilo melu semaur.

“ dih kiye penting kiye,mbesuk alam pan rusak pan bener tergantung saiki,ari pada gelem njagani sing saiki mbesuk ya insya allah pada slamet”.Mandunge nyemauri karo ngotot,dumeh ndopokane dianggep remeh.

“ wis wis ora usah pecucuan,kaya kiye bae enake,ngko inyong pan wadul ning kanca karo sedulure inyong,mbokmenawa gelem peduli ning rusake ekosistem,seora orane ya ana kesadaran ben aja nganti melu andil ngrusak alam karo ekosisteme”.

“ ya..inyong-inyong pada melu ndongakna Om,muga-muga pada gagiyan sadar kweh sedulur karo kancane rika”.

“ amiiin...aminnnn....gyeh enake daripada kon ora payu-payu,mending demenan karo Kucing Mandung bae priben Lo?”.

“ Brisiiiiiiiiikkkkk...emange langka wirog maning apa,inyong pan dipatilna karo kucing,nengsih anake inyong pan dadi apa?”

“ dih ya mbokan bae dadi makhluk anyar arane KuRog,Kucing wirog,nean keren nemen yah”.

“ Mbuh lah Om....ngarang rika tah”,Megal megol semaur.

“ Mas...mas...kyeh bocahe nglilir...gendongna ndisit mbarah,inyong kesel nemen,beyekan kayong pan potol”,bojone inyong gendoakan sing njero umah.

“ Ngesuk Maning ya ngobrole,inyong pan tugas ndisit”.

“ Sing nglilir bocahe apa biyunge...kikikikikikikkk”,...Jilo,Mandung,megal megol cekikak cekikik ngguyuni inyong.

“ Masbuloh...masalah buat eloh????”.inyong mlerek.

Bersambung....

23022014

Tidak ada komentar:

Posting Komentar