Ki Dalang Umbrus Ketepuz

Ki Dalang Umbrus Ketepuz
Lakon Sastrajendra

Rabu, 10 September 2014

KIDUNGAN

Kidungan

angger sing ora paham,kidungan dikirane mung sekedar tembangan nggo ngeloni bocah cilik ben cepet turune,padahal angger gelem dikaji,kidungan kwe akeh nemen manfaate,isi kidungan biasane petuah-petuah apik yen ora nyeritakna kejadian-kejadian jaman kuna,ana maning kidungan sing isine ilmu kedigdayaan atawa kesaktian.

kelingan gemiyen lagi inyong esih bocah angger lagi ora bisa turu,simbahe inyong ngidung karo dieyun eyun nganti inyong turu,ana kidungane simbahe inyong sing sampe saiki inyong kelingan,

YAMAROJA JAROMAYA
YAMARONI NIROMAYA
YASILAPA PALASIYA
YASIYARO ROYASIYA
YASIHAMA MAHASIYA
YAMIDURO RODUMIYA
YADAYUNI NIYUDAYA
YADAYUDA DAYUDAYA

gemiyen inyong babar pisan belih ngerti kidungan kiye,anggepane inyong simbah nembang sametune olih ngarang dewek,jebul kidungan YAMAROJA JAROMAYA sebenere rapalan ilmu kedigdayaan ( kesaktian ) sing diarani ilmu RAJAH KALACAKRA,intisari ilmu kiye sekirane arep ana sing jahat maring wong sing ngamalna ilmu kiye,kejahatane bakal mbalik maring wong sing njahati,mbuh kwe jahat secara lahir apa maning jahat secara bathin ( teluh,santet ),kiye ilmu jawa kuna sedurunge ana agama hindu,budha,islam,kristen ning tanah jawa.

sedurunge agama-agama gede kuwe mlebu ning tanah jawa,ning tanah jawa wis ana keyakinan atawa ajaran monoteisme ( nyembah 1 Tuhan ) yakuwe ajaran HWUNING CIPTA ( Hening Cipta ),simbol-simbol ajaran HWUNING CIPTA sing paling dikenal ning masyarakat kwe Watu LINGGA karo Watu YONI.

Watu LINGGA kwe penggambaran sifat maskulin ( KEPERKASAAN ) Tuhan, yen ning agama Islam ning asmaul husna misal ( AL MALIK = MAHA MENGUASAI,AL JABAR = MAHA MENUNDUKKAN...dst ).

Yen Watu YONI kwe penggambaran sifat Feminim ( KELEMBUTAN ) Tuhan,ning asmaul husna misale ( AR RAHMAN = MAHA PENGASIH,..AR RAHIM = MAHA PENYAYANG,..AL LATIF = MAHA LEMAH LEMBUT ).

Seiring ganti waktu ganti jaman,ajaran HWUNING CIPTA terdistorsi ( melenceng ) ora nyembah TUHAN sing MAHA TUNGGAL tapi pada nyembahe wujud WATU LINGGA karo WATU YONI,dianggepe WATU LINGGA karo WATU YONI kwe nduweni kekuatan sing kudu disembah.

Ajaran HWUNING CIPTA kwe isine ajaran tata krama ( unggah ungguh ) maring Tuhan karo unggah ungguh maring pada bae menungsa karo semesta alam. ( HABLUNMINALLAH HABLUMMINANAS )
waktu agama hindhu,budha,islam mlebu ning tanah jawa,ajaran HWUNING CIPTA ora ilang tapi nglebur dadi siji maring agama hindhu,budha,islam.mulane agama hindhu,budha,islam ning tanah jawa beda karo ning negeri asal muncule agama-agama kuwe,budaya karo tradisi-tradisi jawane esih kentel,sing anjoge ana istilah,hindhu kejawen,budha kejawen,islam kejawen.

sing sebenere kejawen yakuwe ajaran HWUNING CIPTA ( HENING CIPTA ),kelingan lagi esih sekolah,angger upacara dikongkon HENING CIPTA,maksude sih dikongkon apa..?,kelingan guru SD ne inyong tau ngomong,jarene " Seni karo Budaya kwe hasil Cipta,Rasa karo Karsane menungsa ",dadi angger kepengin bisa nyipta ( angen-angen / berimajinasi menggambarkan suatu karya ) ya kudu Hening ( tafakur madep ning Tuhan ) ndisit,ngko ari wis olih petunjuk gambarane terus dirasa-rasa bar kwe tembe dikarsakna ( diwujudna dadi karya ).

ya semene ndisit sedulur,mbokan ana kekurangane ya nyong njaluk ngampura sing akeh,wong nesih sinau,tujuane nyong nulis kye mung ben aja pada nyepelekna ning karya-karyane wong kuna misal ning Kidungan atawa benda-benda pusaka sebabe wong kuna kwe ari ndokon rahasia keilmuane atawa filosofi-filosofi urip ning Kidungan karo ning benda-benda pusaka,anane wong belanda njajah nganti 350 taun kwe merga wong belanda wis melajari rahasiane wong jawa sedurunge deweke mulai njajah,nyatane sampe saiki kitab-kitab jawa kuna hampir 80% anane ning Universitas LEIDEN ning negara Belanda.

Ya Allah...nyong njaluk diadohna sing sifat rumangsa pinter dewek,sebab kwe nutupi kecerdasan akale inyong,...Ya Allah...inyong njaluk diadohna sing sifat rumangsa bener ( suci ) dewek,sebab kwe nutupi ketajeman mata bathine inyong.



Sumenep 08 - 04 - 2013

Tidak ada komentar:

Posting Komentar