Liburan sekolah,
donge tah ya sing arane bocah sekolah ya pada
seneng yah,tapi waktu jamane nyong sekolah,angger libur ya malah
suker,wis jelas sangune dikurangi ding Mane,tolih iyaha duwe duit akeh
gen pan maring endi,paling pol petuguran yen ora kolam renang
pancasan,kuwe gen angger kanca-kanca liyane pada bae nyekel
duite,angger ora ya paling nongkrong ning ngarepe toko SERAYU,apa ning
terminal.
jaman semono toko SERAYU kwe banget ding ramene,angger ora tuku ning toko SERAYU kayane ora marem.
nyong
nduwe kanca arane Andi,andi kwe gemiyen bapane tau dadi lurah ning
Patuguran,Andi nduwe tangga wong sing paling Sugih se Patuguran arane
Kaji Dolop ( aran samaran ),kaji Dolop kwe sugih dudu karena nyupang
tapi karena duwe wit cengkeh nganti akeh nemen,jaman semono cengkeh kwe
regane banget ding larange,wong nandur cengkeh jaya kabeh lah pokoke.
Jare
Andi,Sing dadi unike Kaji Dolop kwe bagen sugih tapi ora tau kongkonan
ning pembantune,angger bar olih duit belanja dewek ning pasar bumiayu.
gelise cerita,
kaji
Dolop rengosan metu sing Pasar Jero Bumiayu,manggul
sepirang-pirang,nyebrang maring tem-teman bis mikro jurusan
patuguran,barang sing di panggul di nekna maring kenet mikro..."aja di tinggal ya aku tak tuku rokok ndisit ning toko SERAYU"(
Kaji Dolop ngomong ning kenete )...nggih pak kaji ora bakal tak
tinggal tolih gen penumpange durung ana tembe rika tok koh ( kenete
njawab ).
Assalamualaikum ( pelayan Toko SERAYU karo sing duwe toko disalami kabeh ding Kaji Dolop )
Pan nggolet apa pak ? ( kokoh cinane menyat ngadepi Kaji Dolop )
tuku rokok koh...
rokok apa pak?
Djisamsoe rong bungkus koh pira dadine duite Koh ..?
GocEng pak..( kokohe njawab karo nggetem )
GocEng???
( Kaji Dolop kebingungen,GocEng sih pira,arep takon isin,gengsi yah
iloken wong sugih ora ngerti GocEng,tapi kaji Dolop ora kurangan akal )
Bleketepek bae ya koh ( kaji dolop nganyang )
Bleketepek sih pira pak ? ( kokohe bingung ora ngerti bleketepek kwe bahasa endi terus jumlahe duit sepira )
lah GoCEng pira koh? ( pak kajine semaur )
GocEng ya limangewu pak ( kokohe nyemauri maning )
Bleketepek
ya pada bae limangewu,mulane aja nggo bahasa cina nyong ora
ngerti,giliran nyong nggo bahasa patuguran sampeyan belih ngerti mbok
he hehe hee ( kaji dolop ngulungi duit karo nyrenges,deweke slamet ora katon desane,malah kokohe sing dikerjani )....
klepas klepus kaji dolop metu sing toko SERAYU nyambi udud.....he he heehe
( smoga terhibur )
( Sumenep - 10 - 06 - 2011 )
Tidak ada komentar:
Posting Komentar