Bengi-bengi wayah bojo karo anak wis pada turu
antarane jam setengah rolas,inyong metu ning ngarep umah,nyawang
lintang nyawang wulan karo ngringokna suara jangkrik genggong,daripada
bengong nyruput kopi bar kuwe udud samsu.
Lagi
asyik asyike nglepus koh ana suara gemlutuk ning ngarepku,tak ilang
ileng tapi ora katon wujude, kayong penasaran inyong menyat nggoleti
ning endi yah kae suara,jebul sumbere suara sing ngisor bekas kandang
kelinci,kandange tak geser...” Hayuuh sapa sing umpetan ning
kene!,inyong nggeser kandang karo gendoakan...” astaghfirrullah
!!!,jebul curut wirog loro gede-gede nemen,akune njimprak,wiroge ya melu
njimprak.
“ampuun om..ampuun,inyong aja dipateni “ wiroge ngomong karo raine pucet.
Inyong
nambah kaget maning..” subhanallah,heh wirog daning kon bisa
ngomong?,apa kon wirog siluman?”...inyong takon maring wiroge.
“inyong dudu wirog siluman om,yakin sung pah dik inyong asli curut wirog”,
Inyong
gumun,apa ndangan inyong mabok apa ngimpi yah,iloken inyong bisa
ngobrol karo wirog,tak ciwit tangane inyong,jebul krasa lara,berarti
temenan kiye tah dudu ngimpi.
“ om menungsa,daning nglegeg bae?” wiroge takon maring inyong.
“ anu rog,inyong lagi gumun koh dewek bisa ngobrol,mbok sing bisa ngobrol karo kewan tah mung nabi sulaiman?”.
“ ya nean kye sengajane sing gawe urip rah om,inyong karo rika dadi bisa ngobrol”.
“
oh kaya kuwe yah,yawis lah daripada langka kanca,inyong pan ngobrol
karo kon rog,inyong pan takon gyeh,”kon duwe aran belih rog?
”
yaduwe yah om,arane inyong jenifer lopez,undangane JILO,inyong asline
curut amerika sing kegawa ding kontener lagi ning pelabuhan”...” oh
berarti kon mlebune pendatang haram yah Jilo?...
” ngece nemen rika tah,ning dunia perwirogan ya langka paspor langka visa rah om,Lah rika sih arane sapa om?"
" Inyong arane Kober, lah kuwe sih wirog sijine arane sapa?,sing mau njetatut bae kayong bar kelangan demenane.”
“ inyong arane Siti Megal megol om,rika tah ngertian nemen yakin om,yen inyong bar ditinggal demenane”.
“
lah yong katon nemen,kwe rai njetatut kaya pincukan petis,tolih bisane
kon-kon pada ning kene sih lagi anu apa,mbokan ning kene tah
arang-arang panganan,bisane ora pada ning pasar?”.
Jilo
semaur..”dih rika tah belih ngarti,inyong ning kene kwe lagi
ngungsi,inyong karo kanca-kanca nggal dina dibedili bae ding
kanca-kancane rika,kurang pegawean temen sih yah kanca-kancane rika,ari
pan mbedil tah ning alas rah,mbedili celeng apa kidang sing genah iwake
enak,angger inyong tah iwake gen ora enak”.
Siti
Megal Megol ora ketinggalan melu semaur..” sing gawe inyong kesuh
maning,ora kandegen kanca-kancane inyong dipateni bar kwe dijor
digletakna ning tengah dalan,ora digawa balik,nggo digoreng apa
dipanggang digawe lawuhan,kejem nemen mbok menungsa tah,bisane menungsa
pada kaya kuwe sih om?”.
“
ya anu rah nean,kon-kon pada kwe dianggepe hama,nggawe rusak mulane
kon-kon pada dipateni,lah yong maune ning kene kwe langka wirog,ana
curut paling curut lemah karo curut ning trutug,kwe gen
cilik-cilik,angger kon-kon pada awake gedene ora umum,mbok iyakha pada
melu senam aerobic karo program diet ketat,ben langsing”.
”
dih om,maune gen inyong awake ya langsing,ora gembrot kaya kiye,inyong
mangan ya ora akeh nemen,dibandingna karo telihe rika nengsih gede
telihe rika?”...Jilo semaur.
“Iya
om,inyong dewek lagi gumun,maune awake inyong apik nemen kaya gitar
kaliwadas,saiki dadi pating pendosol,padahal inyong sering nyolong jamu
galian singset nggone mba yanti mburi umahe rika,tapi ajeg awake inyong
ora bisa kempes,penyebabe apa donge yah om?”...Siti megal megol
nambahi semaur.
“ Kayane tah merga panganan sing dipangan ding kon ana sing ora beres.”
“ora beres kepriben om?,inyong karo kanca-kanca mangane ya pada karo sing rika mangan,malah seringe luwihane bangsane rika”.
“dih
gyeh,kon-kon sih ora nggatekna menungsa jaman saiki mbok cepet nemen
gede tolih cepet baleg kwe ya merga panganan,wis saiki dipikir,ayam
sayur kae kan asline ayam esih pitik disuntik stereoid, patang puluh
dina langsung dadi bapuk-bapuk nemen,ora kandegen gede tapi suarane ajeg
piyak-piyak,barang anuk ayame dipangan ding menungsa,ning daginge ayam
sayur kwe akeh kandungan steroide,steroid kwe mlebu ning awake
menungsa ndadekna menungsane dadi cepet gede”.
“ hob hob ndisit om,steroid kwe apa?”...Jilo semaur.
“ stereoid kwe gampange ngomong,obat sing nggo nggedekna awak”.
“ Lah terus apa hubungane karo masalah obesitas awake inyong om?”...Siti megal megol takon karo ndlangos.
“hubungane
ya ana,panganan sing ana kandungan steroid sing dipangan ding menungsa
luwihane sing dibuang ning blumbangan dipangani ding kon-kon anjoge
awake kone melu melar,sing akhire dadi curut ras anyar ya kwe ras
wirog”.
“
dih dih nggilani temen sih,mbesuk maning inyong tah ora pan mangani
ayam sayur maning lah,kweh si Jilo senengane metongsote ning pret
chicken,jare dewek tah gaul,ora gelem mangan panganan kampung,sok
kebarat baratan,buntute gen disemir kweh om,anjoge awake mblentot kaya
kuwe,esih mending inyong pisan-pisan,bagen mblentot tapi sekel,ya belih
om?”...Siti Megal megol ngomong karo matane kedep-kedep maring inyong.
“
eriiik..eriikkk,wirog bee pada pede- pede nemen,lenyed-lenyed
nemen,sepira ayune yong panggonanmu ning got karo runtahan,aja kemayu
lah”.
“sing
kemayu sapa!..terus solusine priben mbarah om,melasi yah generasi
anak-anake inyong,sing pada belih ngarti mangani steroid,ari inyong tah
wis kadung,delat maning gen mati ikih,apa maning ari konangan ding
kancane rika sing sokan pada nggawani bedil,krungu-krungu jarene rika
akeh kenalan caleg-caleg om,mbarah usul maring calege rah mbokmenawa
bae mbesuk bisa nggawe undang-undang larangan pitik ora kena disuntik
obat steroid”.
“apa
caleg!?...caleg-caleg kwe lagi pada mumet mikir bakale menang apa
kalah,ora bakal bakala mikiri masalahe bangsa wirog kaya kon-kon pada”.
“Wis
lah inyong pan turu,ndongenge ngesuk maning,wis mana pada merad sing
adoh,ari kon-kon pada ora kepengin dibedil ya pada umpetan ning istana
negara bae”.
Wirog
Jilo karo wirog megal megol akhire lunga,inyong mlebu ning umah
nyawang bojo karo anake inyong loro,dadi kepikiran maning aja nganti
anake inyong diempani steroid.
bersambung...
Kidung Setan Kober
Sumenep – 13 – 02 - 2014
Tidak ada komentar:
Posting Komentar