"Asalamualaikum Pak Kiyai"...
"Walaikum salam,diiih kon nong Bri mbokan sih sapa,sing arep mlebu Islam sapa Bri?"..."lah kiye kancaku pak Kiyai, si Talib"..." hooooo bocah gemblung,kiye tah nyong kenal,si bule Sirampog,keliwat nemen kon tah Bri,mbanjel wong sepirang pirang,ana apa sih dongE?"..."ana hal penting nemen pak kiyai,tapi sedurunge nyong cerita,nyong njaluk wedange mbarah,kesel nemen koh,miki nggenjot pit nganti teol nemen."..." ya ya iya,bojoku tak kongkon njikot wedang ndisit..nyai,nyai kiyeh mbarah dijikotna banyu aqua nggo wong loro"..."nggih bah mangke sekedap",nyaine sing njero semaur.
ora suwe nyaine metu nggawa banyu mineral gelas plastik,.."monggo pak di unjuk",nyaine ngongkon ning Tabri karo talib..."nggih maturnuwun bu nyai"...tabri semaur"...barang sedotane wis dicucusna,pan disruput,Tabri ngomong.." Pak Kiyai njenengan jebulane tukang goroh yah"..."huss Bri kon tah ari ngomong janji jeplak bae"..talib maido ning tabri,.."Goroh kepriben Bri"..kiyaine semaur karo raine mengkirut..."nyong salawas-lawas dadi kiyai kayong belih tau goroh,aja suudzon kaya kuwe kon Bri"..."Dih nyong tah ari ngomong ana bukti nyatane pak kiyai,lah kiye buktine banyu sing tak sruput,rika mbokan mau ngomonge banyu Aqua,bisane sing metu Aquaria..?..,sing goroh kiye rika apa bojone rika?,tolih tak deleng tamu liyane pada disandingi kopi,lah nyong koh malah wedang bening,aja diskriminasi rah pak Kiyai,nyong wong belih gagah gen nesih termasuk makhluke gusti Allah"...."Astaghfirullah,iya bener kon Bri,nyong salah..dadi kiye kon pan njaluk ganti kopi bae?.."...." ya ari rika bongbong pak kiyai,ari ora bongbong tah ya aja mbokan malah dadi lara weteng bar nginum kopine rika"..."ya wis diganti bae...nyai,nyai!..kiye wedange ganti kopi bae loro".
"Bri kon tah sembaranagan nemen yakin maring Kiyaine,kiye Kiyai dedengkote para Kiyai ning Bumiayu rah aja nggo penggladisan"...talib wanti-wanti ning Tabri.
"Raimu gari meneng Lib,kepengin misine dewek sukses belih sih?".."dih kon tah dikandani koh malah raimu-raimukna maring nyong,sing sopan ndele maring Kiyaine,mbokan kuwalat..ngerti!!".
" Brisik cocotmu aja ndrememel bae Lib,kon belih ngarti strategine nyong koh"....wong loro kudon.
"Kepriben Bri sebenere ana apa?"...Kiyai Jarkoni takon ning Tabri.
" Nyong pan cerita hal rahasia Pak Kiyai,tulung tamu sing liyane kongkon pada metu ndisit,soale kiye perihal mati uripe wong se-Bumiayu"..."oh kaya kuwe Bri,ya wis daripada tamune nyong dikongkon pada lunga,mending dewek bae yuh sing nyingkir ning mburi"...wong telu pindah maring mburi ning ruang leyeh-leyeh kiyaine.
"Gyeh pak Kiyai,rika ngerti mbok kondisine Kadipaten Mrebes Mili sebelah Kidul kiye,dadi belih karuan,sing maune serba kecukupan dadi kurang pangan,sing maune pada nduwe tanah malah saiki pada ngontrak,sing maune pada sekolah saiki pada dadi kuli ning pasar,sing maune pada ngutangi saiki malah pada utang,nyong,talib,Ki Kanun,Kaji Mardiyah,Kaji Tapran karo si Ruwag kiye priyatin ndeleng kondisi kaya kuwe,dadine nyong wong lima kiye lagi nggawe gerakan pan Kudeta,lah nyong njaluk dukungane Sampeyan"...
kiyaine kaget krungu pan dijak Kudeta " gyeh tabri,nyon ya priyatin ndelengan kondisi masyarakat Mrebes Mili Kidul,tapi priben maning,nyong tah wis ora ngurusi bab kekuasaan atawa bab ribute dunya,nyong lagi berusaha dadi wong sufi"..."kiye temenan rika pan dadi wong sufi,ora pan ngurusi bab keduniawian pak Kiyai?".."iya Bri,nyong ora tertarik melu Kudeta"..."angger rika bener-bener ora ngurusi bab duniawi maning,mbarah bojo enome rika nyai siti Naudzubilah nggo nyong olih belih?,tolih kuwe amplop sing ana ning Sak klambine rika nggo nyong kabeh,nyong tah belih ngandel rika wis dadi wong sufi,lah yong mobile rika gen REntEngan kaya shampo koh"..."his his his ya aja kaya kuwe rah bri".." gyeh pak Kiyai sing arane urip ning alam dunya ya nengsih butuh dunya,kecuali rika wis mati tah ya wis ora butuh apa-apa,nyatane rika nesih madang nesih nginum koh,aja munafik lah"...
"dih Tabri daning kon ngomong kaya kuwe"..kiyaine semaur karo matane mendelik.."dih nyong tah ngelingna rika pak Kiyai,gyeh pak Kiyai nyong tau maca hadits jare kanjeng nabi,walopun rakyate belih karuan angger ulama karo pemimpine bener ya ora bakal ana bencana,tapi walopun rakyate bener angger ulama karo pemimpine ora bener ya bakal ana bencana,deleng bae rah saiki bencana tok mbok?"..."Astaghfirrullah,iya bener kuwe bri,maturnuwun nemen kiye kon ngelingna"...rupane Kiyaine dadi sadar diomongi ding Tabri.
"Ya wis angger kaya kuwe aku melu Bri"...kiyaine akhire manut ning tabri,deweke janji arep ngomongi kiyai seantero Mrebes Mili Kidul.
Bersambung....

Tidak ada komentar:
Posting Komentar