" kulonuwuuuunnn.. Maaad,amaad kyeh ana wong nggoleti"..Man tapsir gendoakan maring sing duwe umah.
"
monggo,monggo sapa sih yah",mbok jembual sing njero kamar bocah enom
rambute gondrong awake ceking,cungure mbangir ora,pesek ora,wuda klambi
ning dadane ana tato tulisan MILITAN karo gambar pestol banyu loro.
"
dih jebule man tapsir,mbokan sih sapa,..lah kye bule sapa Man?"..."
gari kenalan dewek koh,kuwe wong loro nggoleti kon,mbuh pan ana perlu
apa"..." ya wis pada njagong ndisit,lesehan mbuh apa,maklum ora na
rusbange".
"Lib nyong tah kayong belih ngandel
kyeh,deleng rah congore kaya bakul camcau iloken pan didadekna pemimpin
perjuangan",..tabri ngrisiki ning Talib,"wis gari meneng kon
Bri,daripada langka maning,sapa ngerti justru wong sing ora mitayani
kaya kiye malah sing mumpuni".
wong papat njagong lesehan
ning klasa,talib mbuka obrolan," kaya kiye nang aku mene ana urusan sing
penting,tapi sedurunge nyong pengin ngerti arane kon sapa,yen aku Talib
kiye kancaku arane Tabri".." Arane nyong AMAD CIPLING bro"..."wkwkkwkwk
aran jare kampungan nemen"...tabri belih kuat ngakak saporete.." gyeh
rika ja ngece,CIPLING kuwe artine pemuda romantis,ora gaul nemen sih
rika"...Cipling sewot nemen arane digeguyu..." wis ora usah dugal Pling
man Tabri seneng guyonan"...talib ngomongi ning Cipling.
"
wis rika-rika ora usah pada kakehen cangkem,sebenere rika mene kiye pan
apa,angger pan pada moyoki tok tah mending gagiyan merad bae
mana!"..."ya wis nyong njaluk ngampura mas Cipling,aja dilebokna ning
ati guyonanku,dilebokna ning bolongan cungurmu bae
kwkkwkwkkwkkk"...Tabri ngakak maning seporete,deweke ora tahan pengine
moyoki bae ning Cipling, Amad Cipling menyat," gyeh Man ari rika mung
andon moyoki bae yuh gelut bae yuh",cipling ngorog klmbine man
Tabri,sing dikorog malah gembuyu bae.
" wis..uwis nyong
njaluk ngampura yakin kiye tah"...man tabri temenan njlauk ngampura
sebabe Cipling dugal temenan,talib karo man Tapsir nengahi wong loro
kuwe ben aja nganti gelut,barang Cipling wis bongbong,Talib njelasna
tujuane nemuni Cipling,amad cipling mantuk-mantuk.." nyong ndukung nemen
rencanane rika-rika kabeh,tapi angger nyong dikongkon mimpin kudeta,apa
iya nyong pantes,apa iya nyong mampu bro?".." dih kon ora usah
kuatir,ngko kon akeh sing mbimbing ikih"..." ya wis ari kaya kuwe nyong
gelem bro"..."gyeh ngko ndisit kon sing mau bra bro bra bro bae,aja
sokan ngganti arane wong ndelE,aranku Tabri dudu Tabro".man tabri
mencilak maring Cipling..."gyeh sing ngganti arane rika sapa!,bro kuwe
artine brother,basa jawane sedulur,paham rika?!"..."oh mbokansih kon
ngledek ning nyong"..tabri kisinen digeguyu ding Talib karo Tapsir.
"ya
ari kon wis paham tolih gelem mimpin kudeta kiye,saiki kon melu aku
nemuni Ki kanun karo kanca-kanca ning umahe Kaji Mardiyah"...Talib
ngejak Cipling nggone kaji Mardiyah..." nyong melu rah lah,ning kana ana
wedange mbok"...tapsir njaluk melu...." melu gari melu koh sir,tapi
sedurunge tulung kon salin Rai ndisit,aja kucel kaya kuwe,kaji mardiyah
sebel ndeleng wong kucel"..tabri ngomongi tapsir," lah rai salin sih
priben carane Bri".."ya digebeg nggo awu yakena ben bersih"..." ngece
nemen kon tah bri,kucel kaya kiye gen,bojoku demen nemen
koh"...wkwkkwkwkwkwk,wong telu ngakak.." wis yuh gagiyan mangkat,wis
lagi dienteni koh"...talib ngejak maring liyane,Tabri boncengan karo
talib,tapsir boncengan karo Cipling.
Ora suwe wong papat anjog ning umahe kaji mardiyah.
bersambung...
Tidak ada komentar:
Posting Komentar