Ki Dalang Umbrus Ketepuz

Ki Dalang Umbrus Ketepuz
Lakon Sastrajendra

Rabu, 10 September 2014

Republik Rahatan Bumiayu ( Bagian 8 )

"Wis uwis pecohane mandeg ndisit,kepriben kiye hasil kerjane kon-kon kabeh",ki Kanun ngaruh ngaruhi maring wong papat..." tabri priben tugasmu ngomongi Kyai seantero Mrebes Mil Kidul"..." Beres Ki,nyong wis ngomongi Kiyai Jarkoni,deweke sing bakal ngomongi maring kyai se Mrebes Mili Kidul "...Tabri semaur.

"Wag priben tugasmu wag?"..."alhamdulilah bos-bos CV pada ndukung Ki"
"Kaji Mardiyah,priben tugasmu?"..." ya alhamdulilah Ki wis olih dana akeh,ari kurang ngko esih akeh sing pan pada nyumbang"..."lah kon priben Jipran?".." nyong ya wis olih dana Ki"...jipran semaur karo nglirik ning kaji mardiyah,padahal deweke mung nguntit ning kaji mardiyah waktu nggolet danane.

" Talib kon sih priben lib?"..." gyeh Ki rika kwe klalen,wingi nyong durung dinein tugas,tapi nyong wingi ya melu karo Tabri ngrayu kiyai jarkoni"...."kyeh ana tugas nggo kon Lib,nyong wis olih wangsit,sapa sing pantes Mimpin perjuangan kiye".."Sapa kuwe wonge Ki?"...wong papat penasaran kabeh.

"wingi nyong puasa seminggu,ning ngimpi dina terakhir,nyong weruh ndaru tiba ning umah gubug pinggir wangan pinggir kuburan ning dukuh pengempon desa dukuhturi,bocahe esih enom umur telung puluhan,ora nduwe bapa ora nduwe biyung,ning ngarep umahe ana wit Mlinjo karo wit Jengkol"..."arane sapa Ki",talib takon maring ki kanun..." lah kuweh sing nyong durung ngerti,lagi arep takon ning ngimpiku,arane sapa,eh bojo enomku nggugah,njaluk dikekepi,ya anjoge nyong tangi lair bathin yah "...."lah rika tah ngawur wangsite Ki",kaji mardiyah belih ngandel...."his tapi kiye temenan koh,temenan kiye bocah sing ning ngimpiku digoleti,kuwe tugasmu Lib".

"ya wis Ki,tapi nyong njaluk dikancani Tabri,tolih kapan kiye Ki aku nggoletine"..."Bada taun ngarep yakena!!!...ya saiki rah Lib,wis mana gagiyan nggejrad kudu ketemu dina kiye kuwe bocah,tolih langsung dilarak mene".
"iya kyeh nyong mangkat yuh Bri yuh"...plencing bae Tabri karo Talib mangkat maring Pengempon.

medang gen durung rampung man tabri karo Talib,wis lunga maning,anjog ning pengempon wong loro bingung,kuburane ketemu tapi umahe durung ketemu,lah yong umahe siki wis sesek buyek,kuburan karo umah dempet-dempetan,melasi wong sing pada mati jaman saiki,dikubure di uselna ning kuburane wong liya,balunge campur karo balunge wong sing mati gemiyen,angger kaya kuwe sih malekate ora bingung apa yah,lah seluang dinggoni wong loro.

lagi bingung bingunge pan takon ning sapa,mbok jembual man Tapsir nongol sing wangan..." gyeh talib kon sih lagi apa,panas-panans ning tengah kuburan,pan nggoleti bayi sing mati wingi apa".."dih kon nong Sir mbokan sih bulus miki metu sing wangan,nyong sih nggoleti mayit bayi pan nggo apa"..." dih ya mbokan kon pan gawe tuyul Lib"..."sembarangan nemen kon tah Sir,tolih tuyul pan nggo apa"..."dih angger ora dinggo ding dewek ya gari dirEntalna rah Lib,durung ana mbok rEntal Tuyul,peluang bisnis kuweh"..."utekkE kon kiye wis pada cEcEl apa yah Sir,usaha liyane gen akeh koh malah kongkon ngingu Tuyul"..."lah terus rika mene kiye sebenere pan apa Lib?"..."nyong lagi nggoleti umah gubug sing ning ngarepe ana wit Mlinjo karo wit jengkol Sir,sing manggoni bujang ora nduwe bapa ora nduwe Biyung"..." diiiih kuwe tah mburi umahku,yuh saiki pada mono"..."temenan ana Sir?"..."dih iloken nyong goroh,wis gagiyan gari ngintil koh"..."ya wis yuh lah Lib,daripada langka,tolih pragat tugase dewek"...tabri ndorong-ndorong Talib.

akhire wong telu anjog ning ngarep umah gubug sing dituju,sing kadohan krungu lagu kepenak nemen diringokna....


Aku lahir di negeri sulap (negeri sulap)
Aku besar di republik sulap (republik sulap)
Negerinya pakar pesulap, suka menyulap apa saja
Dari gak ada hingga di ada-ada, dari yang ada hingga tiada

Bim salabim, bim salabim, abrakadabra, nggedebuzzz
Bim salabim, bim salabim, abrakadabra

Aku lahir di negeri sulap (negeri sulap)
Aku besar di republik sulap (republik sulap)
Negerinya pakar pesulap, suka menyulap apa saja
Dari gak ada hingga di ada-ada, dari yang ada hingga tiada


Bim salabim, bim salabim, abrakadabra
Bim salabim, bim salabim, abrakadabra,bakk nggedebuzzz
Bim salabim, bim salabim, abrakadabra
Bim salabim, bim salabim, abrakadabra,bakkk nggedebuzzz

" Lib kayane kiye tah temenan,diringokna gen lagune,jelas-jelas kiye tah sing nyetel tipenE pemberontak",tabri ngrisiki ning Talib.

bersambung....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar