Kiye cerita kejadiane durung suwe,
bada aji wingi nyong balik ning Bumiayu,sing Medura nyong mudun ning Tegal,mampir nggone mertua njikot motor terus bablas Bumiayu,berhubung nyong tangine awan,donge pan mangkat ning Bumiayu esuk,kalahan belih sida akhire mangkate awan,awite Sing Tegal langit wis mendung peteng dedet,tapi nyong nekad bae mangkat ngoyos, nggawa jas hujan ikih,iyakha kudanen ya ora bakalan teles kabeh.
ana sekitare setengah jam nyong wis anjog margasari,ning kene wis mulai udan riwis-riwis,nyong gagiyan minggirna motor njikot jas udan,barang wis nganggo jas udan,sebring bae nyong mlayu nonet,mlebu ning prupuk udan saya deres,jebul jas udanku mburine bolong rowak rawek,anjoge pakain sing tek nggo klebes kabeh,arep mandeg tanggung wis perek,akhire dilanjut alonan mbuh apa.
anjog linggapura nyong wis belih kuwat nemen,awak linu kabeh ngeteter,wis kepengine gagiyan kungkum ning banyu sing anget,saking belih kuwat atise nganti kepoyuh ning celana,lumayan kena nggo anget-anget sedelat mbuh apa,barang anjog lampu merah talok jebul dalane diblokir kudu lewat jalan lingkar,terpaksane nyong lewat muter terminal,anjog terminal nyong wis belih kuat nemen,ana katisen ,ana kepengin ngising,ana kepengin madang,akhire tak putusna mampir nggone umahe kancaku ning Langkap,sebut bae arane kang wakijo.
" Kulonuwun ( dog dog dog dog ) kaaaang...mbarah gagiyan dibuka kye lawange"
( reketeeeeekkk suara lawang dibuka )..." diiiihh Hep daning ngoyos kaya kuwe,wis gagiyan mene manjing,tolih adus ndisit mana",.." iya koh nyong wis belih kuat katisen,pan melu adus ning kene,ana banyu panas belih?".." ana kweh ning pawon,saline nggawa belih kon"..." salin nyong nggawa ning tas,untunge mau saline tak buntel plastik"...akhire nyong mlebu kamar mandi,kang wakijo nein anduk," Sabune nggawa belih kon Hep"..." nggawa komplit mung Shampo tok sing langka"..." dih ya kaeh ning njero kamar mandi ana samphone bojoku botolan ikih"..." yawis lah nyong adus ndisit".
gebyar gebyur gebyar gebyur tak kosoki kabeh guluh ning awak,tak gebeg tak sabuni,barang pan shampoan listrike mati,peteng dedet anjoge nyong gramak gramak nggoleti botol shampo,"lah kiyeh digoleti kangelan nemen jebul ning pojokan,tak plototna ning tangan terus tak gebeg ning rambut,lagi asik-asike shampoan,kang wakijo ngundang-ngundang..." Hep,hep kon wis shampoan durung!"..." uwis kang kiye lagi shampoan".." dih kiye shampone jebul ning njaba Hep"..." dih genah nyong kye lagi shampoan koh kang,ning njero ana shampo"..." Kon nggawa shampo apa Hep?"..." ora, kiye shampone bojone rika kang"..." his dideleng ndisit kwe mbokan dudu shampo,soale kye peteng"..." lah genah kye umpruke akeh nemen koh"..." oya wis mbokan bae kwe shampone anakku,shampone bojoku tah jebulane ning njaba hep".
barang wis rampung nyong andukan,salin terus metu.
ning ruang tamu wis ana sega karo lawuh..." wis kyeh madang ndisit Hep,nggo isi-isi weteng seanane mbuh apa",akhire nyong madang bareng kang wakijo karo bojone,lagi asik-asike madang,anake kang wakijo teka.
Rampung madang nyong ngomong maring anake kang wakijo.." gyeh nokayu mau om hepi adusning kolam shampoan nggo shampone kon,mbokan shampone entek ngko tak ganti ya nok"..." shampo apa om?,nyong tah ora ndokon shampo ning kolam" ( anake kang wakijo kebingungen ).." lah terus kae mau shampone sapa?"..." ya embuh om,shampone mama rah nean"..."dih gena shampone mama ning njaba koh nok,mbarah dijikot botole" ( kang wakijo semaur ),...nyong mlebu kolam,penasaran njikot botol shampo mau,barang metu tak gawa ning padangan..." MASYA ALLAH....!!! jebul sabun pembersih area kewanitaan....wwkkwkwkwkwkwkkwkwk...kang wakijo,anake,karo bojone gembuyu nggoser,ngerti nyong shampoan nganggo resik V.
bangkoooong,bangkooong...dengane bae raine nyong kesed nemen.....
ya wis samene bae ya sedulu,smoga terhibur.

Tidak ada komentar:
Posting Komentar