" Jilo,kon pan
langsung nggone om Kober apa?". " Iya Gol,pan leyeh-leyeh ndisit ning
gledege om Kober,mbari pan cerita petualangane dewek dadi relawan".
" Oyawis kon ndisiti ya,aku pan maring pasar ndisit lah,pan nggoleti buah luwihan nggo ngumbah cangkem".
" Yen pan ngumbah cangkem tah nggo awu karo tepes tolih gelis bersih rah Gol,...wkwkkwkwkw",..." nduasmu atoosss,nengsih cocote inyong rodal radil ".
***
“ Kaya kuwe ceritane om”...Jilo njelasna maring inyong.
“ Dih hebat nemen yah kon,bisa petualangan kaya kuwe,durung karuan wirog liyane olih pengalaman sing kaya kon,kudu sukuran kweh kon,nesih dinein urip ding sing gawe urip”.
“ Iya yah om,sajege ngalami kuwe inyong dadi luwih akeh elinge,ora pan gonyel maning lah,wis tua”.
“ hedeeeehh...tumben kon pikirane waras,biasane tah ngeres,sing diceritakna brondong bae”.
“Diiii..iih..iloken urip pan belih karuan bae,ana wayaeh nggo liren nglakoni hal-hal sing ora ana manfaate rah om”.
“ Ya sukur ari kon pikirane wis kaya kuwe,tolih gagiyan luruh bojo maning ben uripe ayem”.
“ Iloken inyong esih ana sing gelem om?,jare rika inyong wis menopause”.
“ Ya angger kon niate apik,insya alloh ana dalan ketemu jodone”.
“ Ya muga-muga bae ya om,inyong ketemu wirog lanang sing eman terus setia,ora kaya sing wis-wis,metengi tok,bar kuwe pada apiora,melasi anak anake inyong,lair pada ora nduwe bapa,...Dikader ning wirog ana hukum agama,dosa gede nemen yah om?”.
“ ya mbangkana gedene,nyEmpEt tok barang meteng ora tanggung jawab,malah pan pada digugurna,wong lanang model apa sih kuwe,karo kirik gen esih mending kirik”.
“ Diih..om,..kiye tah cerita wirog rah,daning rika tah anjoge maring menungsa”.
“ Lah yong menungsa akeh sing kaya kuwe sih Lo”.
“ cerita liyane maning bae om,masalah jodo tah wis ana sing ngatur ikih”.
“ Ya wis karepe kon lah...daning si Megal megol suwe temen yah Lo”.
“ Mbuh kweh om,si Megol tah ari ning pasar,karo nyambi tebar pesona rah om,mbokmenawa ana duda sing demen ning deweke”.
“ Duda menungsa maksude kon?”
“ Ya dudu rah om,..duda wirog”.
“ karo ngenteni Megal megol,inyong pan tuku rokok ndisit yah Lo,medang ora ana udude cangkem rasane kecut”.
“ Ya wis,inyong gen pan adus ndisit lah,guluh pan tak gebegi,tolih pan luluran”.
“aja klalen kungkum banyu panas Lo,ben wulumu pada mbrodol...wkwkkwwk”.
“ wong gemblung!,inyong langka wulune nengsih saru rah,dadi katon kabeh”.
Inyong tuku udud ning warung ngarep,Jilo mlebu maring paceran.
***
“ Lo...Jilo,..pada ning endi yah,wedange ana tapi makhluke pada langka,..Lo..Jilooo..!”.
“ Hooiii...aku ning paceran lagi kramas,ora usah gendoakan”.
“ Om Kobere sih endi Lo?”.
“ Lagi tuku udud,delat maning gen teka”.Jilo adus karo nyemauri Megal megol.
Ora suwe Jilo metu,” Priben Gol,olih belih sing nggo ngumbah cangkeme?”.
“ Olih akeh nemen kyeh,kon gen tak gawakna sisan”.
“ kye olih nyolong apa luwihan sing wis dibuangi Gol?”...” Saiki pan nyolong sing esih seger kangelan Lo,lah yong awan bengi dipetongsoti bae ding bakul buahe,kye inyong nuturi sing madan bosok,tapi ya lumayan”.
“ ya wis ora papa Gol,sing penting tah dewek mangane karo sukuran ning batin,buah bosok gen angger batine sukur karo nrimani rasane dadi nikmat nemen”.
“ Iloken Lo, dadi nikmat?”....” Diih...mbloak kaya kiye gen inyong tah sering ngringokna pengajian ning masjid rah,akeh wong sing ora kurang sandang,ora kurang pangan tapi ora bisa ngrasakna nikmat,kuwe merga ning atine ora tau ngrasa sukur,kwe jare Kyaine Gol”.
“ Ora tau ngrasa sukur ndadekna suker yah Lo?”...”nah kweh daning ngarti,sumbere suker merga ora sukur”.
***
“ Hidiiiih...hiddiiiiihhhh...hidihhh...ibu-ibu patayat lagi pada ndalil”.
“ dih jebul om Kober ngringokna, yakin nganti isin”,Jilo penjap penjep dumehe lagi ndalil krungu ding inyong.
“ Lah isin koh karo menungsa,isin tah karo Gusti alloh rah Lo”.
“ Ya ora daning kaya kuwe om,inyong rumangsa bangsa wirog,sing belih ngarti bener salah mungguhe menungsa,dadi yen cerita agama ya kayong belih pantes”.
“ Ya pantes bae Lo,ana kisahe Nabi Uzair,deweke ora nduwe santri menungsa,santrine malah kewan Kimar,dadi ya ora usah minder ora usah isin,kewan ya nduwe hak nglakoni atawa ngerteni sing apik-apik”.
“ Oh kaya kuwe nong om,sebodol bodole menungsa ya berarti tetep nduwe hak nglakoni atawa ngerteni hal sing apik-apik yah Om?”.
“ Ya bener ora salah,ana hadits yen ora salah kaya kiye monine,..” wong ahli ibadah durung karuan mlebu suwarga,wong ahli maksiat durung karuan mlebu neraka”,...” Lah ari kaya kuwe sih terus sing mlebu suwarga karo neraka wong sing kepriben om?”,Jilo penasaran nemen takon.
“ Sing mlebu suwarga apa neraka ya kejaba melase Gusti allah tok Lo,pati-pati ana sing mlebu neraka ndisit,ya nean menungsa sing mlebu neraka kuwe pantese didokon ning kono ndisit,bar kuwe pan didokon ning surga apa pan didadekna lebu ya hak prerogatife Gusti Alloh”.
“ Hak prerogatif sih apa om?..Jilo semaur
“ Hak prerogatif kuwe hak khusus atawa hak istimewa,dadi inyong pan didokon ning neraka apa suwarga ya apa jarene sing Gawe urip,mbok inyong ibadahe kiyenge kaya apa,angger jare sing gawe urip..( Si Kober tah aja dilebokna suwarga,dilebokna neraka ya aja,didadekna wabah penyakit bae )....angger gusti Alloh ngersaknane kaya kuwe,sapa sing bisa mbantah njajal?”.
“ Iya yah Om,mulane angger rumangsa wis dadi wong apik,ora kena moyoki sing lagi nglakoni ora apik,mbokan bae sing awale apik barang modar malah dadi munafik,sing awale ora apik barang mati malah dadi wong becik,..sapa ngarti yah Om?”.
“ Bener nemen nook...wis lah aja mbahas kuwe,mbahas liyane bae,Gol mbarah kon olih apa,sing mau kon meneng bae kaya wong lagi kepesing”.
“Inyong kemlakaren buah,ari pengin ya kweh,buah madan bosok iloken rika doyan?”,..” lah ya ora kepengin,sing jare kon enak durung karuan jare inyong enak rah Gol,sewalike ya kaya kuwe”...” Ya ora lah Om,jare inyong tah apa sing enak jare menungsa mesti ya enak nggo inyong”...Megal megol nyangkal.
“Ya wis angger kaya kuwe,kyeh rokok dikempot ding kon,mbarah enak belih jare kon?”
“Dih angger rokok tah genah inyong ora doyan”,..” mulane miki,enak karo ora enak kuwe relatif”.
“ wis kyeh mene pada medang “...inyong ngejak Jilo karo Megal megol medang ning
Ngarep umah.
Meeeeoo..oo...ong.....meeeeooooong.....meeeeeeooooo..oooo...ong....
“ Haduuuh Om...kae suarane Kucing Mandung “,...Jilo karo Megal megol raine pucet.
“ Aja kuatir,ana inyong ikih,ari mene tak siram banyu kaeh kucing”.
Inyong mbongbongna wirog loro kuwe.
Bersambung,....
22022014

Tidak ada komentar:
Posting Komentar