Bismillahirahmanirrahim
( 1).Ana haditse kanjeng Nabi Muhammad
perihal Bismillah,Sabdane kaya kiye…” Kabeh isine kitab-kitabe Gusti
Allah sing di udunna ning dunia kabeh ana ning njerone Alquran,kabeh
isine Alquran ana ning surat alfatihah,kabeh isine surat Alfatihah ana
ning njerone Bismillahirahmanirrahim.
( 2 ).Ana maning hadits
liyane sing nyebutna “ Kabeh isine Bismillahirrahmaninrahim ana ning
Huruf (Ba),kabeh sing ning njerone huru f ( Ba), ana ning ( titik )
sing ning ngisore huruf ( Ba ).
Nyoba dimaknani sing gampang bae
hadits sing pertama, Bismillahirahmanirahim kan artine ( Kelawan nyebut
asmane Gusti Allah sing Maha Pengasih lan Penyayang ),angger ndeleng
hadits sing pertama jare isine Alquran 30 Juz ana ning Bismillah,berarti
intine ALquran kwe ngongkon ning menungsa weruh Asma Rohman Rahim ,asma
Kasih Sayang,ora mung weruh karo maca Bismillah tok,kudune ya asma
Kasih Sayang kwe diterapna ning awak,akal karo atine,angger jare basane
wong kuna,Alquran dimenungsakna,yen wis bisa dadi menungsa sing kasih
sayang ya insya Allah bakal bisa ngerteni rahasia-rahasia ilmune gusti
Allah.
Kelingan omongane wongtuaku mbiyen waktu nyong esih cilik “
ari pan apa-apa maca Bismillah ndisit “,jebul maksude tah ari pan
apa-apa ,pan kerja,pan sekolah,pan dolan,pan dadi caleg,pan dadi
pemimpin,pan dadi tentara,pan dadi ustadz kwe kudu dilandasi Bismillah
atawa dilandasi kasih Sayang aja dilandasi karo hawa nafsu”,angger jare
wong-wong ahli ma’rifat Bismillahirahmanirrahim kwe kedudukane pada karo
KUN-e Gusti Allah,Gusti Allah ari pan ngerjakna apa-apa cukup ngomong
KUN terus dadi kabeh,lah angger menungsa ari pan ngerjakna apa-apa
macane Bismillah,intine njaluk ijin ning Gusti Allah ben apa sing lagi
dikerjakna kwe dadi kabeh.
Makna hadits sing keloro,
Isine
Bismillahirahmanirahim ana ning Huruf Ba,apa sih makna Ba?...padahal
rahasiane sepele nemen ning dolanan Ci Luk Ba,yen di gali maknane Ci =
Cai “bahasa Sunda artine Banyu”,banyu kwe gambaran ilmu. Makna Luk =
lika liku atawa salah karo bener,Ba = keweruhan atawa konangan,ari lagi
ndolani bayi begitu ci luk terus Ba tangan sing nutupi raine dewek kan
dibuka,weruh raine bayi,bayi gambaran fitrah atawa kesucian,sebalike si
bayi gen weruh wong sing ngejak Ci Luk Ba,makna sekabehane kaya kiye
“ari menungsa wis weruh Salah karo benere deweke terus gelem diilmuni
atawa didadekna hikmah,menungsa kuwe bakal weruh ning fitrahe deweke,ari
wis weruh fitrahe deweke ngko bakal weruh ning awake dewek”…jare hadits
qudsi “ Sapa wonge weruh ning awake dewek bakal weruh ning Tuhanne
“,maksude tah ya ari wong wis bisa weruh ning rahasiane awake dewek,ngko
Gusti Allah bakal mbuka rahasia Ilmune .
Saiki gari ( Titik )
sing ning ngisore huruf Ba,(Titik ) kwe makna fokus atawa Inti,maksude
tah ari apa-apa sing fokus diweruhi ndisit intine,kabeh permasalahan
ning dunia kwe ana intine,yen wis ketemu Titike atawa fokuse atawa
Intine ya ngko cepet beres masalahe,lah kudune fokuse maring
endi?...fokuse ya kudune ning Gusti Allah,masalah sing diadepi ding
menungsa kwe kabeh hakekate sing Gusti Allah.
Samene ndisit
sedulur muga-muga ana manfaate nggo nyong karo nggo panjenengan
kabeh,yen ana kata-kata sing ora pas ning atine njenengan kabeh nyong
njaluk ngampura,mergane sekolane dudu ning pesantren tapi ning terminal
karo ning dalanan gen durung lulus lulus,Sing bijak sing cerah akal karo
atine ben padang uripe…..maturnuwun wassalam.
Sumenep - 18 -11 - 2011
Tidak ada komentar:
Posting Komentar