"Tafakur kuwe,mikir atawa ngrenungi,ya ngrenungi apa bae
ciptaane sing gawe urip,yen ora ngrenungi perjalanan uripe dewek sing
wis dilewati,mbuh kwe enak apa ora enak,sing anjoge ndadekna hikmah nggo
awake dewek "....inyong njelasna ning Jilo karo liyane.
" Oh kaya kuwe nong,mbokansih tapakur artine tapa karo kukur-kukur aliase kedik bae",..Kucing Mandung nylemong.
"
hoooohhh..kwe tah kon rah Ndung,sing belih tau adus,mulane kedik bae
isine kemerki"...kikikikikikkk...Jilo karo Megal megol cekikikan.
“ lah angger hikmah sih apa Kang..?”,..si Mandung semaur maning.
“ Hikmah kwe artine njikot manfaat sing kejadian atawa masalah sing bar dilakoni”...inyong njawab singkat bae.
“ Owh..berarti angger kaya kuwe,ari ngaji ilmu Hikmah asline tah ngaji pengalaman-pengalaman sing wis dilewati yah Kang?”.
“ Ya kaya kuwe lah gampange ngomong”.
“berarti ngaji hikmah ora kudu mondok ning pesantren yah Kang?”.
“ Ya jare inyong tah ora kudu,lah kader gemiyen Nabi Muhammad mondok?”...inyong takon ning si Mandung.
“
iya yah,...asline sing arane ilmu kwe sebenere ana ning awake
dewek”...Si Mandung manggut-manggut,..” Tolih jarene Nabi Muhammad ora
bisa maca ora bisa nulis,tapi bisaneng ayat Alquran sing pertama mudun
Iqra ( Maca ),sih jaman semono Nabi Muhammad maca apa Kang,tolih
mbokan?”...si Mandung takon maning.
“haduuhhh...takone
ora rampung-rampung kon tah Ndung,sing arane Kanjeng Nabi ya Maca Alam
Seisine,sing maca kuwe dudu mung cangkem,misal matane weruh
Gunung,anjoge atine maca terus riset atawa analisa basa jawane
niteni,gunung kuwe dititeni nganti sing awal kejadiane sampe
seisi-isine,terus nganti ngerti dampak apik karo ora apike nggo menungsa
kabeh,lah kwe sing dimaksud ( Iqra / maca ) ning Alquran”.
“ Ooo kaya kuwe nong,mbokansih mung diwaca tulisane tok,terus olih ganjaran”...si Mandung semaur.
“ Lah kon ngerti belih ganjaran kuwe apa?”...inyong gentenan takon ning si Mandung.
“ Ya belih ngarti Kang,mbarah apa artine ganjaran”.
“
Ganjaran kwe balesan sing Gusti Alloh nggo sapa bae sing nglakoni
prentahe Gusti Alloh,..wis saiki dipikir ari dewek ngarti manfaate
Gunung jebulane akeh nemen,kira-kira ndadekna dewek kepenak apa
ora?”...” ya ndadekna kepenak ning makhluk sing gelem pada maca yah
Kang?”.
“ Lah kuweh,Gusti Allah
kwe langsung nein ganjaran angger dewek ngerteni karo gelem njaga ning
alam seisine sebab weruh manfaate,mbokan ana ayat sing isine “ Gusti
Alloh kwe belih seneng maring wong sing nggawe rusak”.
“ Brarti angger maca tok tapi belih weruh manfaate, ya ora olih ganjaran yah Kang,mung andon bengor tok cangkeme”.
“ ya kaya Kuwe nean Ndung,ora beda manuk beo,bisa ngomong tapi ora mudeng apa sing diomongna”.
“Hob...hob
mandeg... kene-kene sih pada bae lanange,ari ndopok basane ndadekna
mumet ning endas”,Jilo protes,Megal megol penjap penjep.
“ saiki gentenan inyong sing wadon – wadon pan takon”,Jilo semaur maning.
“pan takon apa Lo,musti takonane kon tah ora adoh sing brondong-brondong gyeh?...wkkwkwk “,...inyong ngledek ning Jilo.
“iya bener inyong pan takon bab Jodo,jarene kabeh kwe ana jodone,bisane ana wong sing belih kawin,hayuh kuwe priben njajal”.
“
Kwe madan dawa penjelasane,muga-muga kon ora bosen,inyong pan cerita
jaman nabi Musa,cerita kiye mbokmenawa dadi jawaban pertakonane kon”,..”
yen ora salah kaya kiye ceritane,jaman Nabi Musa ana santri sing banget
patuhe,deweke ahli ibadah,deweke urip ning bukit dewekan,barang anuk
banjir banget gedene,tapi deweke malah tirakat karo semedi bae ning
bukit,terus banjire saya suwe saya gede,nganti bukite pan keleb,santri
kuwe ndonga maring Gusti Alloh,
”Ya alloh inyong njaluk ditulungi ding panjenengan langsung”...deweke ndongane kaya kuwe,bar ndonga kaya kuwe ana prau cilik marek ning deweke,wong sing nggawa prau kuwe nawani...”Yuh Kang melu ning prau kiye”.
Tapi
santri kuwe belih gelem melu,jawabane deweke...” Inyong ngenteni
pitulunge Gusti Alloh langsung”,...anjoge prau cilik kuwe lunga.
“
Ora suwe ana prau madan gede marek,ya ajeg jawabane santri kuwe kaya
sing mau tetep belih gelem melu,anjoge praune lunga maning,terus ana
maning prau luwih gede marek,jawabane deweke kaya kuwe maning,anjoge
prau kuwe lunga,ora suwe bukite keleb santri kuwe mati”.
“ Barang wis mati,critane ning alam kubur santri kuwe protes..” Ya Alloh bisane njenengan ora nulungi inyong?”.
Gusti Allohe njawab” Gyeh
inyong wis usaha nulungi kon,nganti ngirimi prau ping telu,kone bae
sing picek matane,inyong nulungi ya ana perantarane rah,ora ujug-ujug
tangane inyong mbok slogrong nyawel tangane kon”.
Santri kuwe njerit ning alam kubur kajogan belih ngerti ning utusane sing gawe Urip.
“Lah
kuwe pada bae karo wong sing ora kawin-kawin,wis pirang-pirang wong
sing marek nawani bahterane tapi sing ditawani apiora,njaluke mbuh sing
kayangapa,..mudeng belih kon Lo?”....inyong takon maring Jilo.
“
Iya madan mudeng om...haduuuhhh..pirang-pirang wirog lanang sing tak
apiorakna,ning pikirane inyong,pisangkala ana sing gagah tapi ora
sugih,pisangkala sugih tapi ora gagah,pisangkala sugih karo gagah tapi
keminjal nemen..lah bah maning-maning tah saanane sing marek lah”.Jilo
getun nemen.
“Saiki gentenan inyong sing takon Om”,Siti megal megol semaur.
“ ya giyan rah pan takon apa,aja mung bisane ndomblong karo manggut-manggut tok”.
“Kaya
kiye om,jarene wong wadon kuwe sempalan balung igane wong lanang,tapi
bisane wong lanang koh ana sing bojone luwih sing siji,apa balung iga
sing disempale luwih sing siji,misal angger bojone papat brarti balung
igane sing disempal papat?”.
“
Wkkkkkkwkkwkwk...cerdas nemen pitakonane kon Gol,kaya kiye rah
Gol,angger kon nyempal balung ayam kira-kira ana remukan sing
cilik-cilik belih?”.
“ Ya nean tah ana remukane om”.
“
Lah kuweh angger wong sing bojone luwih sing siji,nean Gusti Alloh
nyempale kerosan dadine nganti ana remukan cilik-cilik,remukan sing
cilik-cilike kuwe sing dadi bojo nomer loro,telu anjog sing nomr
papat,angger remukane ana selawe ya mbojo ping nem likur...wkkwkwkwkwk”.
“ lah rika tah njawabe ngarang nemen,iloken kaya kuwe?”.
“
lah ya logikane kaya kuwe rah nean,muga-muga Gusti Alloh nyempal balung
igane inyong lagi kesuh,dadine nyempale rosa anjoge remukane
mambrah-mambrah...wkkwkwkwk”.
Jilo karo Siti Megal megol smaur bareng..” Wong saraaaa...aaa..aapp...njaluke penake dewek tok...”.
Kucing mandung mung ngekek tok.
“
Wis lah ngesuk maning ndopoke inyong wis ngantuk nemen kiye tah”...”
Ngesuk tah ganti suasana Om,aja ning kene bae medang karo ndopoke”,Jilo
semaur.
“ Lah sih enake ning endi?”
“ Ning lesehane Paijo bae Om,karo nyawang brondong-brondong”.
Bersambung...02032014
Tidak ada komentar:
Posting Komentar