wis suwe nemen inyong ora
nggawe cerita rahatan,maklum saiki anake inyong wis gede wis pan 3
taun,bojo ya lagi wetenge gede delat maning babaran.
Bar magrib,bar sembahyang ,bar wiridan
inyong leyeh -leyeh nonton tivi,ngenteni bojo dandan,deweke njaluk jalan-jalan.
"Yuh rah say,suwe temen sih ari dandan,bedakkan apa lagi nglabur,parem sewadah kayong pan ditumplekna kabeh",.." ngko rah mas,sabar wong dandan kesusu,ngko nengsih malah dadine berang-berong kaya barongan".
barang sekitare wis ana setengah jam,bojone inyong metu sing kamar,ayune toret-toret,nyong nganti nglegeg terpesona,ora nyangka bojone inyong yen gelem dandan jebul ayu nemen.
nyong nyetater motor,bojone inyong nyemplak mbonceng,muter-muter ning alun-alun sumenep,suwe-suwe wetenge ngelih,nyong mandeg jagongan ning pinggir trotoar.
bojone inyong takon," mas wis ngelih nemen yakin, mangan sing enak ning endi yah?"..." gyeh say,sing arane mangan enake ya ning Cangkem,dudu ning mata,atawa ning kuping apa maning ning bokong,nengsih ngunyahe kepriben?"..."hooo dasar rika tah cangkeme cangkem terminal,inyong takon bener-bener koh jawaban mbyang-mbyangan mjbuh maring endi,cangkeme rika kwe kudune dislumbat kaya klapa".bojone inyong sewot nemen..." lah nyong njawab ya bener rah nean,lah yong kon takone mangan sing enak ning endi,sing bisa rasan enak mbok cangkem?".
" Maksude inyong mangan sing panganane enak kwe ning warung endi mas?"..." nah kaya kwe rah sing jelas ari takon aja setengah-setengah"...." Lah mbuh lah sing setengah kwe otakke rika nean,ngomong karo rika tah,bati bayine kayong pan mrojol "...bojone nyong mlerok kejengkelen.
" wsi wis ora usah mecucu yuh gagiyan nyemplak,maring warung Su'Mawar yakena,pelayane ayu-ayu koh".
" hoo dasar buaya klebes,penyakite ora mari-mari",akhire inyong karo bojo mangan ning warung nganti sekroh nemen,inyong karo nyambi nyawang wong ayu,mangane nanduk nganti ping telu.
samene ndisit ya sedulur,muga-muga terhibur.
Sumenep,05092013

Tidak ada komentar:
Posting Komentar