Ki Dalang Umbrus Ketepuz

Ki Dalang Umbrus Ketepuz
Lakon Sastrajendra

Jumat, 12 September 2014

Syair Tanggap Sasmita

Ya rasulullah salamun alayk
Ya rafi'al-syani wal-daraji
'Athfatan ya jiratal-alami
Ya uhaylal-judi wal karami


Ya Rasulullah...Gununge mbleduk
merga menungsane angel diwuruk
emas duite ditumpuk tumpuk
ora kelingan mbesuk awake diuruk


Ya Rasulullah...Kaline Asat
sing munggah pangkat pada khianat
iwake ilang kedunge ilang
belih rumangsa rakyat sing berjuang


Ya Rasulullah...alase butak
kabeh aturan malah ditabrak
kewane mlayu mlebu ning kota
wis ora beda kewan karo menungsa

Rabu, 10 September 2014

Inyong Seneng

Inyong seneng kon apa anane,
ora usah nganggo bedak kandel,
ora usah neka-neka nggo klambi strit,
biasa bae lah aja lenjeh aja lenyed.

sing tak senengi ning awakmu,
kuwe ngguyumu,
tulus ora di manis-manis lambe,
manjamu ora di gawe-gawe.

Kyeh mrene nok ayu,
tempelna ngguyumu ning ngguyuku.

he he he...

aja suwe-suwe,
mbok keweruhan tanggane,
ngko dilaporna RTne.

Mmmmuuuach...mmmuuuach..h..hhh...

( Bintaro - Jakarta - 18 - 04 - 2010 )

Merdeka..! , Jare Sapa..?

Merdeka!!!
jere sapa?
wong nyatane esih sengsara,
deleng bae ning njaba,
pada tukaran rebutan dunya.

uwong-uwong otakke dikumbahi ding iklan,
serba kepengine cepet singget,
ora peduli halal haram pan di pangan,
yen ora kelakon endase pada mumet.

yu..,kang.., mbarah pada sing sadar,
mbokan urip ning dunya mung sekedepan,
mbokan wis kaplak-kaplak kudune wis nalar,
bisane kelakuane kaya kewan.

Jan ana-ana bae rika tah,
wong landa wis bubar sampeyan malah njajah,
njajah negarane dewek sing belih lumrah,
wis disumpah tapi malah ora amanah.

ora usah umpetan ning jubah karo kopiah,
ora usah kakehen khotbah,
ning endi-endi akeh musibah,
kuwe tandane raimu-raimu belih amanah.

wis lah semene bae,
diterus-terusna bati kesuh tok,
mbokan bae dadi elinge,
wis ya wassalam...nganti ora kelingan durung nganggo kathok.

he he he
he he he...

( Bintaro - Jakarta - 19 - 04 - 2010 )

Jaman Kuwalik

meneng salah,
nyocot bae salah,
enyong kudu kepriben mbarah?

rika - rika sing wis tua donge tah sing dadi panutan,
lah kye tah malah pada jogedan,
aja pada nyalahna anake yen melu edan,
ndelE ngaca maning esih ajeg menungsa apa wis dadi setan.

mlaku lurus,
di anggep nglawan arus,
ngrusak tatanan,
malah dianggep pahlawan.

kye jaman,jaman kuwalik,
wong apik di arani syirik,
wong ora petha,
diarani dewa.

Dajjal kalungan ayat,
dikira nabi nggawa syafaat.
kongkon nyirami rohani,
koh malah pada ekting ning tipi.

Gelem dakwah yen ana duwite,
ora pada melas karo ummate.

nopo niku mboten bangset arane?

( Bintaro - Jakarta - 19 - 04 - 2010 )

Njaga Awak

Wudha mblejed,
lagi geger foto wudha mblejed,
sing salah sapa?
sing salah ya dewek,
gelem-geleme di foto kaya kwe.

ora usah wudha mblejed ya nyatane wis wudha,
nganggo pakaian tapi kaya ora nganggo pakaian,
ning bayangane wong lanang,
awake kaya ana tulisane,
" Kyeh inyong di mak mek "
" kyeh inyong di duwal duwil "

yen belih kepengin di kurang ajari,
ya kudu bisa njaga awake dewek,
ora kandegen pakaiane rapet tapi mbeteteth,
ya wong lanang ndelenge gen mumet.

nokayu,mbokayu,ibu-ibu,
contone wis pirang-pirang,
luwih apik diarani wagu,
daripada pengin katon seksi malah dadi wirang.

( Bintaro - Jakarta - 19 - 04 - 2010 )

Nok Ayu

mringis-mringis nggegirisi,
mesemmu gawe gemremet ati,
nok ayu umahmu ning endi,
olih ora tak ampiri.

aja curiga ,aja wedi,
aku dudu memedi...he he he..

nok ayu aja nggawe penasaran,
ayo ngaku sapa jenengmu,
ora perlu nganggo nama samaran,
aku ra sabar pengin ngajak mlaku-mlaku.

aku seneng ning lirikanmu,
seneng maning ning lambemu,
wuiiihhh...jan kaya getuk ocar-acir,
manis abang nggawe atiku berdesir.

sa'mene akehe rayuanku,
esih durung bisa ngluluhna atimu,
sebenere apa sih sing dadi ganjelanmu.

sapa wonge ora gonjang ganjing atine,
awan bengi esemmu katon ning mataku,
nok ayu aja suwe-suwe,
kowe nyiksa ning atiku.

( sidoarjo - 05 - 06 - 2010 )

CERAH ( Cerita Rahatan 1 ) Judul : Belajar Basa Kromo 1

kye cerita nyong lagi jaman SMA,wayah semono kwe lagi seneng-senenge tongkrongan,lha wong bumiayu kota mung gedene sa'pelok tongkrongane ya mung ning BT ( Bumiayu Theatre ) karo ning ngarep TELKOM,wis prengasane nggaya nemen yen nongkrong ning kono,ora awan ora bengi nongkronge ya ning kono.

Malam minggu,
sore-sore nyong wis dandan,nganggo celana jins strit,klambine merk Hammer sandale Neckerman,minyak rambute merk Tancho sing warnane ijo nig rambut nganti ngglabed.
barang wis bar maghrib ora sabar nyong gagiyan metu sing umah,mbiyen umahku ning pinggir masjid sebelahe pak dilah tukang cukur,nyong mlipir mbokan konangan bapane inyong sebab nyong kan sekolah libure jumat...mbok plencing nyong mlayu maring kantor TELKOM,ternyata nyong telat kanca-kancaku wis pada nongkrong ning kono,jebul kanca-kanca dilampaui ora pada sembahyang maghrib,ngeledeki bocah-bocah SMEA kerabat sing pada mlebu awan balike sore,nyong ya waktu semono nduwe demenan bocah linggapura,yen sore ya biasane nyong metongsot ning tem-teman mobil linggapura.

Lah kye si hEppy tembe teka,ente dienteni sing mau maring endi donge,kweh miki demenanmu si janah nggoleti,tak kongkon ngenteni tapi ora gelem,jare kesuwen....( dardut wadul maring inyong )...nyong sembahyang ndisit,umahku pinggir mesjid ora pantes maghrib-maghrib metongsot ning kene,...akhire bocah-bocah pating cempulek ning kono kumpul dadi siji,ana sing gitaran,ana sing ngumbrus bar olih tarok maning bocah karang sawah,ana sing pan nonton bareng karo taroke ning BT....barang wis suwe ngobrol ngalor ngidul karo udud pating klepus,suwe-suwe rokoke pada entek...Nyong pan tuku rokok ndisit lah,bareng hEpp nyong ya pan tuku ( dardut ngintil )...nyong titip rah dut,rizal nylonongi duit ning dardut....rokok apa kye ( jare dardut )...Samsu dut sebungkus.

nyong karo dardut nyebrang pan tuku rokok ning warunge kaji Sadiyah,barang wis anjog ning ngarepe,jebul ngantri,akhire duite aku tak titipna dardut,kyeh dut nyong titip sisan rokok marlboro,dardut mlebu nyong ngintil ning mburine...

Pan tuku apa cah gagah? jarene kaji Sadiyah takon ning dardut
NIKI BU KAJI BADE TUMBAS SES,
rokok apa?
MARLBORO SEBUNGKUS,SEMPURNA MILD SEBUNGKUS,SAMSUNIPUN SEBUNGKUS,
kaji sadiyah njikotna rokoke,wis kye apa maning Gah?
dardut njawab maning,EMPUN LAH BU KAJI,DADOSE SEDOYO KEPRIPUN?

bu kajine njawab lah kepripun?
LAH NGGIH SEDOYO KEPRIPUN?
priben kye nyong ora paham kye maksude kon Gah? ( karo celingukan )
si dardut nglutik enyong HEP,HEP KYEH MENE,BAHASA KROMONE SEPIRA SIH APA YAH NYONG KLALEN...wkwkwkwkwkkwkwkwkwkwkwkwkwkwkk...nyong karo kaji Sadiyah gembuyu ngeklek...dut dut bahasa kromone pira ya PINTEN rah bisane dadi PRIPUN....mulane ngger ora bisa bahasa kromo ora usah nggaya nggo bahasa kromo....

lah ngomong karo wongtua ya kudu kromo yah hep,ya maning maning diapalna ndisit rah...

akhire nyong karo dardut metu sing kono karo mesem-mesem...
barang anjog ning TELKOM tak critakna kejadian kwe ning kanca-kanca...
ya geeerrrrrrr kabeh yah.

( Setan Kober - Sumenep - 07-04-2011 )

CERAH ( Cerita Rahatan 2 ) Judul : Bada Syawal 1992

Puasa dina terakhir prengasa suwe nemen bedug maghribe,wis lagi lemes-lemes,dikongkon ngrewangi bapane ninggoni toko,yen ora gelem ngrewangi ora dinein duit nggo tuku klambi anyar,ya gelem ora gelem nyong ngrewangi,tapi nyong ngomong karo bapane..."pa nyong ngrewangi anjog jam 11 awan bae ya,nyong ngko awan pan maring purwokerto pan tuku klambi karo celana nggo badahan,..bapaku njawab ...iya hep,ngko duite tak tambahi ding bapa...nyong ya seneng wis dinein duit ding mane pan dinein maning ding bapane,waktu semono nyong umure tembe 12 taun,lagi baleg-balege,baleg sandang,baleg rambut,karo baleg tarok,wis tak angen-angen ngko ning purwokerto pan tuku apa bae.

barang teng jam 11,nyong gagiyan bae pamit ning bapa...pa nyong maring purwokerto ya kye wis jam 11,ndi sangune pa,jare rika arep nambahi...bapaku ngrogoh sak...kyeh 100 ewu bae,tolih pan maring purwokertone karo sapa?...dewekan pa...kon wani maring purwokerto dewekan?...lah kan wis gede pa,wis bujang tongklang-tongklang koh ilok ora wani dewekan....ya wis mana sing ati-ati,tolih kwe duite ndokone sing bener mbokan ilang,ning njero sempak yakena ari ndokon...dih keliwat men rika tah iloken duit di dokon ning njero sempak nengsih ari pan bayar bis ndadak rogoh-rogoh sempak,lah kondekture neng ora gelem rah...ya wis mana mangkat balike aja kebengEn...

Nyong raup terus bying nggitir maring terminal,ngenteni bis kurnia,barang bise teka nyong gagiyan cEmplak bae,bise sesek buyek penumpange,nyong ora kebagian tempat njagong,alamate ngadeg anjog purwokerto,anjog purwokerto sikile gempor,teol nemen...liren sedelat ning terminal purwokerto,nginum sprit nggo tamba mual,sebabe nyong mau ning bis pan mutah,jejere nyong bakul pindang mambune belih karu-karuan...muale ilang nyong numpak angko maring Sri Ratu,jaman gemiyen ngger ora tuku pakaian ning Sri Ratu kayane ora gaul...

ning njero sri ratu sing pertama tak golet celana jins merk LEE COPER,penjagane ayu-ayu..nyong marek penjagane takon...ada yang bisa saya bantu?...anu mba nyong pan tuku celana..oh nomere pira mas?...pira yah ( nyong bingung,soale ya nembe kwe nyong tuku celana jins biasane tah yen bada nyong gawe celana ning tukang jait )...akhire nyong takon,sing paling cilik nomer pira mba..?...sing paling cilik nomer pitu likur mas...ya wis nomer kwe sing warnane biru dongker ya mba...iya mas kye tak jukutna,kyeh mas mana dicoba ning ruang ganti...nyong mlebu ruang ganti celanane tak coba jebul kedodoran dawane luwihe ana nean 15 cm...nyong metu mba langka sing luwih cilik maning?...ora nana mas kwe sing paling cilik...ana celana cilik tapi nggo bocah SD kayane pas ning kon tah mas...iloken nyong pan nggo celanane bocah SD mba..nyong kan wis bujang rah....he he he.penjagane ngguyu,iya bujang tanggung,wis kaya kye bae mas,kye dituku ngko anjog umah dipermak ning tukang jait ben pas karo ukurane masse...oh kaya kwe mba...ya wis...( akhire nyong tuku celana LEE COPER kaos Walrus,korek Zippo )...wis rampung nyong gagiyan balik...anjog umah bar isya,nggoleti tukang jait wis langka sing nerima jaitan,nyong kecewa nemen,alamate nyong ngesuk badahan celanane kedodoran,tapi ya wis lah ora papa ngesuk ari nggo celana pan tak lingkis,...akhire nyong adus  trus takbiran nganti bengi ning masjid.

Nyong tangi gasik nemen adan awal wis tangi kayong wis ora sabar nggo klambi anyar,rencanane bar sembahyang riyaya pan silaturahmi karo sedulur bar kwe pan nemuni si jantung hati ( Dyah Ermayanti ),bocah kalierang lapangan pendawa,bocaeh ayu nemen,nyong cinta nemen lah pokoke waktu semono...bar subuh nyong adus,andukan celanane tak nggo,kaose tak nggo,sabukan,ora keri rambute nggo minyak tancho ijo,parfume merk Spalding,jam 6 mangkat ning masjid Agung...sembahyange rampung nyong gagiyan balik,anjog umah mangan kupat karo opor ayam,rampung managan njaluk ngampura karo wongtua,nembe rampung njaluk ngampura karo wongtua...barang anuk bel umahku moni ting tong ting tong...hep kaeh dibuka lawange ana tamu...nyong mbuka lawang,jebul ana wong 3 nyong ora kenal...nyong takon, ana apa mas....pangapura de aku arep tuku film ( kelis )...oh ya ngko ndisit mas nyong takon bapa kye toko buka apa ora ( gemiyen umahku merangkap studio foto )...pa ana wong pan tuku film wong 3...ya wis gari dilayani...
nyong akhire ya ngelayani...wong telu kuwe lunga ana maning sing teka ya pan tuku film..lunga teka lunga teka...akhire bapaku ngomong wis tokone buka bae hep..daripada bolak balik mbuka lawang...( nyong gregeten men gagal kye tah nyong pan ketemu pujaan hati malah kongkon mbuka toko,tolih mbokan kye bada mbokya libur sedina )...nyong ninggoni toko karo mbesengut bae...jare bapaku hep melas wong sing adoh-adoh pada tuku film,angger ora dilayani mbokan pada kecewa kwe langganan...barang madan awan tambah rame tokone....ana sing pada foto keluarga,ana sing foto karo taroke...nganti nyong,kangmasku,adiku loro esih cilik-cilik pada melu ngrewangi.

Kakange nyong ya wis pada bae nyetilE,wis wangi nasibe ya pada karo nyong ngelayani pelanggan.tapi suwe -suwe dadi betah,sing pada teka ana sing ayu-ayu,nganti nyong ora kelingan pujaan hatiku wis ngenteni ning umahe.

angger sing tuku ayu nyong karo kakangku rebutan disit-disitan ngelayani,kira-kira jam loro awan wis lagi kesel-keselE kwEh...mak jembual ana wong wadon loro mlebu wong-wong sing ana ning kono terpesona kabeh,sing siji nggo celana strit nglapet nemen,kaose warna pink mbeteteth,wonge putih awake semok,kakange aku gagiyan menyat bae langsung ngelayanine sing kwe,nyong apes kebagian sing sijine maning,wonge lemu ireng nggo androk pesta celanane strit ireng nduwure dengkul,androke transparan,lengen klambine ya transparan dadi spirre katon....
nyong takon,arep apa mba..?
(deweke njawab) MAAF MAS GUE AGAK LUPE BAHASE JAWE,?
( beeh....nyong grememet men kye wong balikan sing jakarta trus ora gelem nggo basa jawa)
mba'nya mau apa? ( nyong mbaleni takon )
GUE MAU FOTO MAS,
foto apa mba,close up, pas foto,berwarna apa hitam putih?
GUE MAU FOTO SEKUJUR TUBUH MAS...
apa mba,foto sekujur tubuh?...( nyong  ngakak seporEte,wong sing ana ning kono gembuyu kabeh,seumur urip nyong tembe krungu KOSAKATA kwe )...wonge celingak celinguk raine ditekuk kayong isin salah ngomong.
ANU MAS MAKSUD GUE,FOTO YANG KELIATAN DARI KEPALA SAMPAI KAKI...
ooo...foto sebadan mba,( nyong mesem karo mbatin,foto sekujur tubuh tah langka tapi yen babak belur sekujur tubuh tah ya ana )...
ya udah mba nih bikin daftar dulu namanya siapa ?
RINA MAS
( nyong kayong ora percaya kye wong asline arane rina ) pake nama lengkap lho mba biar nanti kalo ngambil andaikata suratnya hilang nyarinya ngga bingung...nama lengkapnya siapa mba...?
TARINAH MAS.
( ya temenan jebul aran asline TARINAH,nyong ngguyu maning yah,konangan kon asline )
alamatnya mana mba...?
PAKE ALAMAT JUGA MAS?
iya mba biar komplit,
ALAMATKU KARANG DOM-DOMAN MAS,
karang dom-doman sih daerah mana mba?
ITU LOH MAS DARI LAREN TERUS KE KIDUL
he he he...oo disitu to mba ( kayane desa kwe ning peta kota bumiayu langka gweh )
ya udah mba,nih mau dilunasin apa uang muka dulu?
BERAPA SIH MAS ?
tiga ribu mba,cuma sekali foto kan?
IYA MAS,NIH UANGNYA MAS (deweke nylonongi duit limangewuan )...OH YA MAS,KEMBALIANNYA DIKASIH GOPENAN YA....( apa maning kye GOPENAN )
gopenan apa mba?
MASNYA NGGA GAUL MASA GOPENAN GA TAU,LIMA RATUS PERAK MAS,BUAT BAYAR ANGKUDES...
( masa alllah kye wong gope'an...GOPENAN...ya nyong bingung )
nih mba kembaliannya gopenan semua,silahkan masuk kebelakang...

sekitar 10 menit...bapaku metu sing studio karo Tarinah...bapaku takon hep,hep kye wong pan foto apa?
( nyong njawab ) pan foto sekujur tubuh pa...foto sekujur tubuh? ( bapane nyong raine bingung )...berwarna apa hitam putih ( bapa takon maning )....berwarna pa....lah kye bisane kon nulise ning nota sing nggo foto hitam putih....

oalah gara-gara terpesona nyong nganti klalen salah nulis...( ya mbaleni nulis yah )....he he he


( Setan Kober - Sumenep - 08 - 04 - 2011 )

CERAH ( Cerita Rahatan 3 ) Judul : ATM BCA

( 100% kisah nyata )

Taun 1999 nyong tembe bae lulus SMA,nyong gemiyen Sekolah SMA ne ning MUHAMMADIYAH terus dideportasi pindah ning SMA Bustanul Ulum NU,terus dideportasi maning,akhire nyong ngebrok ning SMA LANG-LANG BUANA SUBANG JAWA BARAT ( yayasane kepolisian daerah jawa barat )...mbuh kepriben ceritane kweh bisane nyong sekolah pindah-pindah,kayane tah karena nyong saking pinterrE,gurune ora sanggup ngajar aku he he he.

Barang nyong ning Subang prestasi sekolahku justru apik,langganan ranking 1,lagi esih ning bumiayu ndableggE ora umum pan sekolah gen males nemen,sing umah mangkat,ngebrok ning terminal,sing umah mangkat maning tapi lawatan yag-yagan anjog purwokerto,gemiyen nyong SD ya langganan Ranking 3 besar,nyong SDne ning SD Islam Taalumulhuda,begitu mlebu SMP kwe wis mulai tirigan bangor,awan bengi dolanne ning terminal,anjoge prestasine nyong waktu SMP ya pindah-sekolah nganti ping papat,luar biasa nemen mbok..?

tapi nyong bersukur ngalami proses urip kaya kwe,nean tah angger nyong ora ngalami urip belih enak kaya kwe ya nyong ora pernah dadi dewasa,jare wong bijak " wesi yen ora diobong nggo geni karo digedigi ora bakalan pernah dadi senjata".

Sawise lulus SMA nyong esih bingung,pan nggolet pegawean apa pan kuliah apa pan kawin bae,nggo ngisi waktu luang ning bumiayu,nyong sering dolan nggone kanca-kanca,sebabe nyong kangen rong taun ning Subang,krungune neon maning-maning neon ( naon )...nyong biasane nongkrong ning nggone Aris jam,anake om apip jam,adine mas ajis jam,kakange yudi jam ( maksude sekeluarga usahane dagang jam kabeh ),tempat dagange aris kwe ning ngarepe BCA bumiayu pas ning pinggire ruang ATM,waktu semono ATM esih ning njaba,lor-e BCA toko bahan bangunan Kurnia,kidule waktu semono yen ora salah toko berkat record,yen saiki kan kidule wis dadi toko Jaya photo.

Nyong kangen kweh nongkrong ning kono,sebabe akeh tarok pating seliwer,langganane Aris ya akeh tarok-tarok,mulane betah angger ning kono,udud klepas klepus karo nyruput kopi,kopine joinan karo aris.

Dina minggu,
bengine nyong tas begadang,tangine kebluk jam 12 awan,adus,madang,njaluk duit ning mane trus plencing maring nggone Aris,...

Hei ris priben kabare?...lawas men yah dewek tembe ketemu.
iya hep...kon sih balik kapan,jare ning Subang?
aku balik wis rong dina ris,kye tembe bisa metu,wingi akeh kanca pada dolan ning umahku.
wis lulus apa hep?
iya kyeh ris,alhamdulilah lulus,nean angger sekolane ning bumiayu bae tah ya ora lulus-lulus ris.
lah kon sekolahe ning terminal ya nengsih kapan luluse.
tak pesen kopi yah hep.
ya wis mana nyong wis kangen men koh ngopi ning kene.
(aris menyat pesen kopi nggone kaji wadmi,wonge wis tua ireng,tapi warunge rame nggo langganan bocah pada mbolos)

(ora suwe aris balik maning) lah kopine sih endi ris?...
kaeh ngko kajine sing nggawakna mene.
(unclung-unclung kajine teka nggawa kopi )...primen kabare bu kaji,waras apa?( nyong takon maring kaji wadmi )
dih kon nong hep,mboksih sapa jebulane bekas muride aku sing gagahe toret-toret ( kaji wadmi ari ngarani bocah sing sokan mbolos ning kono jare muride deweke )...lah kon sih lawas tembe katon ning endi bae donge?...sekolah ning jawa barat bu kaji...tolih kwe gurune ora kendat maning mulang kon?...he he he ya ora rah bu kaji,ning kana tah ya nyong sekolane rajin,pan mbolos kepriben lah wong gurune nyong akehe polisi...
eeh ya mbokan kaya ning kene ndableg,ya wis yah hep...di enak wis medange,gratis kweh nggo kon....ya suwun bu kaji.

Nyong ngopi karo udud,aris sibuk ndandani jam...
daning kayong langka tarok liwat yah ris?
lah yong libur bocah sekolah ya sepi...
janah karo roilah ora mene ris ( nyong duwe kanca arane siti ro'ilah tapi undangane ade bocah linggapura )...
ora gweh hep...lawas koh ora pada mene,sajeggE pada lulus taun wingi terus ampleng jimpleng langka kabare...
wis pada kawin rah nean ris...
iya nean...
(aris nerusna ndandani jam,nyong nyawang bakul buah sing ana ning sebrang )

lagi asyik-asyike nyawang,barang anuk sing kidul ana wong lanang mlaku ngEngkrEg nemen,nyruntul kaya kebelet ngising mlebu maring ATM....( gubrag,gubraggg,gubraagg...suara lawang ATM ditarik-tarik,nyong karo aris nglirik ndelengna wong lagi kangelan mbuka lawang ATM,putus asa lawange ora mbuka-mbuka,akhire wong kwe marek maring aku karo aris)
MAS NIKI TUTUP NOPO ..? ( deweke takon maring aku karo aris )
( arise njawab) angger buka nengsih ayame mlebu kabeh..rah pak...( nyong ngguyu aris njawab kaya kwe,terus nyong menyat )...mene pak tak bukakna ( nyong melas ndelengna wijihe raine abang ireng,nean bar mlaku adoh kwe wong,umurane sekitar patang puluh taunan )
Kaya kye rah pak didorong maring njero ( akhire wong kwe mlebu,nyong metu njagong maning karo aris )

( sekitar sepuluh menit wong kwe metu,marek maning ning aku karo aris,deweke takon maning )
MAS NIKI TAKSIH TUTUP NOPO? ( nyong karo aris bingung kye wong maksude priben,apa kye wong bingung nganggo ATM,nyong karo aris menyat )...yuh pak tak kancani...( nyong wong telu mlebu ning ATM )
endi pak ATM-me meneh nyong sing nglebokna,ngko sampeyan gari nulis nomer PIN ne ( nyong takon maring wonge )
si aris se ngomong ...ya wis pak dinekna bae kartune,ngger sampeyan sing nglebokna mbokan engko metune endog dudu duit...( nyong wis ngekrekk krungu omongane aris ,si aris kwe memang bocahe ceplas ceplos )

NOPO MAS,ATM???...ATM SIH NOPO ..??? ( wonge raine bingung,nyong karo aris ya luwih bingung maning )
nyong njawab....lah sampeyan mene pan njikot duit mbok?...

DIH SANES MAS,KULO NIKI BADE TUMBAS SENG, KALIH PAKU..

astaghfirullooohhh....wkwkwkwkkwkwkwkwkwkkw ha ah ah ahahaaa ( nyong gregeten sambil gembuyu kaku )

paaak,paaakk...sampeyan kye salah mlebu,kye tah Bank BCA dudu toko KURNIA,toko KURNIA kaeh sebelah lor,tapi tokone tutup,kye dina minggu sing duwe lagi maring gereja...( arise nidokna karo crengas-crenges )

BERARTI KULO NIKI SALAH MLEBET YAH MAS...
ya mbangkana salaeh pak,njenengan tiyang pundi sih pak? ( nyong takon )
KULO TIYANG KARANG SEMPU MAS..
karang sempu sih pundi?....
NIKU PATUGURAN NYEBRANG...PANGAPURANE YAH MAS KULO MBOTEN NGERTOS...NGENJANG KULO MRIKI MALIH...
nggih mboten nopo-nopo pak,ngesuk aja salah kamar maning pak...
NGGIH SANIKI TAH MPUN NGERTOS....NGGIH MATURNUWUN KULO WANGSUL NGGIH MAS ( karo akhire wong kwe numpak bis mikro balik mengidul )

nyong karo aris nglanjutna ngopi karo cegigisan bae kelingan kejadian kwe....



( Sumenep - 10 - 04 - 2011 )

CERAH ( Cerita Rahatan 5 ) Judul : Pameran Foto

akhir taun 99,
anyaran nyong dadi mahasiswa,kuliahe nyong gemiyen ning Universitas Muhammadiyah Malang,mikine pan ning jogja,tapi kelingan lagi taun 97 nyong ning kono mung andon nglayab tok karo kanca-kanca,nyong mutusna kudu adoh sing kanca-kanca sekampung,nyong njikot fakultas teknik jurusan elektro,asline nyong asal njikot fakultas karo jurusan,karepe tah nyong kuliah sastra apa psikologi,tapi ding wongtuaku kongkon melbu teknik,jare bapaku yen lulusan teknik tah nggolet pegaweane gampang,asale nyong mbantah tapi setelah tak pikir-pikir angger mbantah omongane wongtua mbokan dadi kuwalat,anjoge nyong gelem.

barang wis ning pertengahan kuliah jebul nyong ora mudeng babar blas,dioda ,transistor gen nyong ora ngerti,paling seneg mung mata kuliah Filsafat Ilmu Pengetahuan sebab dosenne ayu kaya artis nia lavenia,nggo nambah semangate nyong mlebu kuliah,nyong macari kanca sekelas,bocah wadon arab ayu nemen,wulu matane lentik,lambEnE mak jelentir teles-teles kepriben mbuh kwe,awakke sekkell nemen,yen disawang ning ati mak gleseeerr,arane Afia Kodah,nyong demennE ora umum,deweke ya pada, kepengine ngglibed bae ning nyong,njagong ya jejer terus yah,deweke demen karo aku merga jare nyong urakan karo senengane ger geran,pokoke yen nyong ora mlebu kelas dadi sepi.

nyong terkenal nemen pokoke,gara-garane waktu pertama kali bu nia lavenia ngajar,deweke ngabsen,giliran arane aku disebut nyong ora ngacung,nyong sengaja gawe ulah ben olih perhatian ding bu nia lavenia,barang wis rampung ngabsen bu dosen ngomong...yang namanya happpy kurniawan mana tadi kok ngga tunjuk jari?...waktu semono ya durung ana sing ngerti wong kwe kuliah pertama,kanca sekelasku bingung kabeh,barang anuk sing njagong jejerku ngomong...bu nih sebelahku yang belum tunjuk jari...nyong nyengir yah karo ning njero ati kyeh mulai aksine nyong...oh ya,kamu coba sebutin namamu siapa?...nama saya Robert bu...nyong njawab karo nggetemm...bu dosene ngecek ning absen...kok ngga ada?nama belakangnya siapa?....nama belakangnya waqidi bu ( nyong njawab maning karo nyengir )...kanca sekelasku ggeeeeeerrrr kabeh krungu aran robert waqidi,bu dosenne ngecek maning...ngga ada mas nama robert waqidi ( deweke raine bingung )..coba sini kamu cek sendiri mas...( nyong marek ning bu dosen jejer deweke nyong bungah nemen atine yah,kye sing tak tunggu koh)...lha ini bu nama saya ( nyong nuding arane dewek )...hhhooo ini happy kurniawan sayang,bukan robert waqidi,tadi kan dipanggil?,kenapa tadi ngga tunjuk jari...he he he sengaja bu biar saya deket sama ibu...kikikikikikkkkkk...kancaku ngguyu maning,akhire nyong waktu kuliah di undange robert gara-gara kejadian kwe.

tapi ya suwe-suwe nyong jenuh kuliah ora mudeng-mudeng,nyong ceritak karo bahtiar bocah manggis ...yar nyong kuliah jenuh nemen gyeh,nyong salah njikot fakultas karo jurusan,pan metu wis tanggung...gyeh hep ben ora jenuh melu nyong bae maring students center...nyong penasaran ana pa ning students center yar...wis yuh melu bae...( nyong nurut ngintil bahtiar )

heii bro kenalin nih temen sekampungku namanya happy...( bahtiar ngenalna nyong karo kanca-kancane,jebul nyong dijak ning FOCUS singkatan Fotografi UMM Students Club,kumpulan mahasiswa penggemar fotografi UMM )...yar bisane ente ngajak yanu mene?,nyong awit cilik kye esuk awan bengi weruhe kamera,lah kye nyong kongkon nyekeli kamera maning..?...lah kweh hep nyong pengin ente memeperdalam ilmu njepret ning kene,nyong yakin ente mesti akeh sing durung gerti ilmune kye tah foto seni rah hep dudu foto dokumentasi biasa...nyong tembe ngerti kweh yar bahwaning foto ana juga seni-nE..ya wis angger kaya kwe nyong melu.

Gelisse cerita,nyong akhire sering nongkrong ning kono,suat saat pas arep liburan semester,bahtiar ngajak nganakna pameran foto karo pelatihan foto...hep pada pameran yuh...pameran ning endi yar?...ning bumiayu,durung pernah kan ning kotane dewek ana pameran khusus foto?...iya yar,lah terus pan ngajak sapa bae kye?...lah ya wong loroan bae...edan pa yar pameran digarap wong loro...dih tenang bae gamapang ikih...gampang,gampang wadukmu,lah danane sing endi?..( nyong karo sewot ning bahtiar,nggawe event dianggep remeh )...Njaluk ning bupatine rah hep,bupati sing saiki eman ikih ( waktu semono bupati brebes almarhum tajudin nur'ali,bupati sing paling berkesan ning masyarakat bumiayu )...nyong ana chanel ning perusahaan kodak hep nyong wani njamin direktur pemasaran wilayah jawa tengah pasti bantu...temenan kye yar,ya wis yen kaya kwe yuh digarap ( nyong kelingan omongane kancaku sing dadi pelukis ning jogja,jarene yen arep dadi senimankwe kudu wani ngEdannE )...

liburan nyong karo bahtiar balik,langsung ngurus-ngurus event,nemoni bupatine,dan bupatine ndukung,pamerane ning kawedanan selam seminggu,respon masyarakat alhamdulilah apik.

ana salah siji tangga nyong sing mbantu,arane agus tuwar,bocahe ngenekna waduk nemen,sekolah SMP kelas siji metu,jarene utekke wis ora mampu nggo mikir,tapi bocah kye jan PD ne ora umum,keminjal nemen kaya wedus pengin kawin,angger ana tarok sing pada ndeleng,deweke sing nerangna foto-fotone nyong karo bahtiar,ngalah-ngalahna fotograferE,ttapi nyong karo bahtiar malah terhibur ding si agus,sebab sering salah angger nerangna.

pameran dina ketelu,esuk-esuk sekitar jam 9 ana bocah wadon loro mlebu,si agus nglutik ning nyong,...hep ana tarok kaeh...nyong menyat sing kursi...dih jebul kanca SMA ku si Leli karo endang...hei ndang,lel,priben kabare?...alhamdulilah sehat hep,nyong krungu kon jare pameran mulane nyong mene,jebulane temenan kon...ya wis kyeh mene pada njagong,nyong kangen koh pengin ngobrol karo kon pada...( si Agus wis mulai pecicilan,ana tarok sih,deweke  durung di kongkon durung apa wis sibuk nggawe wedang ,lagi asyik nyong ngobrol agus marek )..kyeh hep wedange..terus deweke melu ngrembol ning kono...( nyong wis nebak si agus mesti pengin kenalan )...gus kyeh kenalna kancaku...( agus ngjak salaman karo nyebut arane )...si endang takon...gus kon kuliah bareng hepi apa?...agus-E njawab,..ora nyong tah kuliahe perek ning purwokerto...( nyong mlErek ning agus,kye bocah kewanen wong SMP gen ora tutug ngaku kuliah )...dih nyong gen ning purwokerto ning akper muhamadiyah..( endange njawab )...lah kon kuliah ning endi gus?..( si leli takon maring agus )...aku ning UNSUD ( pede nemen si agus ari njawab )...nyong kesuh nemen yah pan tak kerjani kye bocah...Gus UNSUD kwe sebelah endine universitas jenderal sudirman?..( nyong takon maring agus dan tanpa dinyana aguse njawab )...UNSUD yaa kidule universitas jenderal sudirman yah.....wkwkwkwkwkwkkwkwkkaakakkakakakakaka...nyong bocah telu ngakak seporettE nganti nunjem,aguse celingukan raine merkabak...endang-e ngomong,UNSUD ya universitas jenderal sudirman rah gus,kye berarti kon dobol nemen ngaku kuliah ning UNSUD...aguse ndelengna ning aku terus karo lunga  ngomong keliwat ente tah hep..ari ngerjani...


wkwkwkwkkkk...mulane ari pan nggaya,dipikir ndisit,riset ndisit rah....

he he he...

Erik Men Sung

dih kon tah erik men sung
bocah wadon jare kemlenyed
apa njaluk di wenyed-wenyed
apa njaluk diambung

mbokya sing anteng
kye akeh sing ndeleng
aja kaya wong gendeng
aja gawe wong gemrengseng

jamane jaman gonyel gonyelan wedi ora keduman
lanangan bera wadonan bera
sing ora keduman bonggan
percaya bae maring sing Kuasa

aja klalen usaha karo ndonga
sing temenan



Sumenep - 22 - 04 - 2011

CERAH ( Cerita Rahatan 4 ) Judul : Plat G

Kye cerita jaman ning jogja
yen ora salah taun 97,waktu kwe kakang kelasku si bakar,bagus,rojiq,iqbal,kindi,firman arca, karo liya-liyane tembe pada lulus sing SMA Muhammadiyah, terus kwe bocah kabeh pada kuliah ning jogja,nyong kayong kelangan nemen bocah-bocah kwe,wong arane bae se-Geng.

sekolah nyong hawane dadi males nemen,belih semangat,kanca regadag reguduge bubar kabeh,anjoge nyong sekolah seenake wudel,surat peringatan tah wis ping kopang kaping teka maring umah,bapane nyong ya kesuh nemen yah,maning-maning olih surat peringatan,jare bapane nyong,

"hep mbarah bapa tah kepengine kye olih surat sing sekolahanmu,kwe isine donge tah laporan prestasine kon,kon tah ora umum,awite SMP,bapa olih surat kaya kye terus,mbolos maning mbolos maning,donge kon esih niat sekolah belih sih?"....

Gyeh pa,nyong pan jujur,asline nyong kwe sekolah wis males nemen,esuk-esuk kudu tangi,adus banyu atis maning,lah rika kan ngerti,nyong ari bengi ora tau bisa turu,hawane pengine begadang bae,nyong kwe ora betah ning umah,pengin berkelana kaya pendekar-pendekar sing ning bukune kho ping hoo,kepengine cepet-cepet metu sing bumiayu,nyong kan ndisit waktu tembe lulus SMP pengine SMA ning luar kota,ding rika ora dituruti,ya dadine kaya kye ( nyong njawab kaya kye ben ora disalahna nemen ding bapane,padahal tah asline dasar nyonge males ).

Oh kaya kwe hep,lah terus saiki kon karepe priben?
nyong kepengin metu sekolane pa.
lah ora sekolah sih kon pan apa?
nyong pan kursus komputer karo bahasa inggris bae pa,angger wis bisa komputer karo bahasa inggris nyong pan maring bali,pan dadi hippies pa.
Hippies sih apa hep?
lah rika tah ora gaul nemen,hippies ya pengelana
lah ngko kon ari mangan ning endi?
ari mangan ya ning cangkem rah pa,iloken ning ento-ento
hoooh dasar bocah mblunat ditakoni bener-bener koh jawabane nylenta,ya wis ari kon memang wis ora niat sekolah mendingan metu terus kursus bae,kon kepengine kursusu ning endi,ning jatisawit apa ning endi?
dih erik nemen jatisawit,nyong kepengine kursus ning jogja pa 
lah adoh temen
karo luruh pengalaman rah pa nglatih mental ngrantau 
kon ora nyesel yen ora nduwe ijazah SMA?
lah wong rika gen ora nduwe ijasah SMA daning sugih 
bapa tah gemiyen karena saking langka biayane rah hep
wis lah pa ora usah kakehen ndongeng,rika ngolihna belih aku kursus ning jogja,angger ora olih nyong pan ngenteng-ngentengna duniane rika
olih,olih nemen hep,tapi janji aja mblekesunuh maning
siiiiiiipppp ( nyong seneng nemen pan njimprak kaya sing ning film kimos,mbokan dadi konangan maksud sing sebenere,asline kan nyong pengin ngumpul bareng karo kanca gengE nyong )

akhire nyong metu sing SMA muhammadiyah,nyong bying nusuli kanca-kanca ning jogja,gelise cerita,nyong kursus ning jalan gayam aran tempat kursuse SMILE,bisane mlebu kursus ning kono sebabe ana bocah bumiayu sing kerja ning kono arane priyadi julukane cu pe tong,asline bocah majapahit,kuliah ora lulus-lulus akhire kerja ning kono.
nyong ngekos bareng karo bocahan ning daerah kaliwaru ngarepe kantor polda jogja,wis pokoke rahat nemen ngumpul maning karo bocahan,yen bengi nglendang,balike esuk,arane gen bocah enom,wongtuane tah ning kampung ari nggoleti duwit,nganti nungsem-nungsem,paribasane sikil nggo endhas endhas nggo sikil.

suwe suwe nglendang bareng-bareng bandhot kabeh ya akhire bosen,anjoge pada dolan dewek-dewek,nggoleti tarok,kur gari nyong,bakar,rojiq sing ari maring endi-endi nesih bareng.

malem minggu,
liyane wis nggejrad kabeh,nyong bakar,rojiq,esih njubleg ning kos-kosan,

dih malem minggu jare weruhe congore hepi karo ente bae kar ( rojiq mulai ngromed )
nyong gen ya asline jeleh weruh ente jiq ( si bakar njawab )
jare ente enake maring endi hep ( rojiq takon maring aku )
ya wis yuh metu bae maring malioboro nongkrong mbokan bae ana bocah wadon kEder ( nyong ngajak metu bocah loro kuwe ) gagiyan rah pada salin raine.
Aseeemmm ngEcE nemen dikongkon salin rai emange raine aku bengwat apa? ( rojiq ora trima karo nuntun motor metu,nyong karo bakar gembuyu krungu kesuhe wong margasari )

kweh motorku digawa kon hep nyong pan mbonceng bakar bae,awake nyong lagi ora enak nemen ( motore rojiq yamaha RX Z jaman semono motor kye keren nemen )
lah gari mbonceng aku koh
lah mong sokbekere mati koh,karuan angger njalane tah ora krasa tp yen mbonceng krasa nemen

bakar nyetarter motor astrea grand-ne...gggrrruuuuuungg....wis yuh gagiyan aja pada reang susu taroke pada ngandang.
mengko ndisit kar ana sing keri,( sadurunge lunga nyong mlebu kamar,gusti mudah-mudahan ana bocah wadon keder sing gelem tak taroki,kena nggo betah-betah ning jogja,ora keri jimat kentil mungile tak gawa,minyak bulu perindune tak lepetna ning alis karo rambute inyong,karo maca rapalane "SUN MATEK AJIKU SI KENTIL MUNGIL KANG NGGULUNG ROH JANTUNG SI JABANG BAYINE BOCAH WADON SING KESENGGOL DING TANGANKU,TEKA WELAS TEKA ASIH MARANG AWAK INGSUN " ) trus nyong metu,...yuh rah gum,langsung malioboro bae.

ning dalan nyong karo bakar salip-salipan kayong wedi nemen mbokan kedisitan nemu bocah wadon kEder

gelise cerita,nyong bocah telu wis mlebu jalan malioboro,ning kono nyong alonan,macet soale,trus akeh wong pada nyebrang pating sruntul,bakar karo rojiq ning mburiku...

TIN TIN TIIINNNN..hep hep hep ( si rojiq ngundang-ngundang nyong )
ana apa jiq,( nyong nglinguk )...kaeh tarok nyalip kon
mendi jiq ?...kaeh plat nomere G yen dudu bocah bumiayu ya paling bocah tegal
( nyong celingukan ) oh ya jiq bener plate G...( nyong gagiyan nge gas motor tak tempel jejere )
mba,mba wong bumiayu yah? ( nyong tak wanik wanikna takon)
Dudu mas aku wong Slawi,daning ngerti sih nyong wong lor?
lah kweh plat nomermu ngatoni wong lor...( akhire nyong ngobrol ngalor ngidul karo njalana motor,barang tekan prapatan ngarep Bank Indonesia )...Mas pada ning alun-alun kidul bae yuh medang karo mangan jagung bakar...( kye bocah wadon durung sadar yen aku kwe rombongan bocah 3,bakar karo rojiq nututi mburiku)...ya yuh gelem nemen ( nyong njawab semangat nemen yah,dongane nyong terkobul )

klintar klinter klintar klinter cempulek ning alun-alun kidul
ning kene bae mas kwe warunge sepi melas durung ana sing nukoni .. ( nyong mbatin dih kye bocah daning atine ayu temen ngerti melas anapan,raine tah ya ayu nemen belih,ora peta nemen ya belih,yen digawa kondangan ya ora ngisin-ngisinna )

nyong mandeg karo deweke,bakar karo rojiq melu mandek...Dih lah kyeh sapa mas?...kye kancaku mba...mbokan sih dewekan ya wis ora papa tanggunge rame...( nyong wong papat njagong ning klasa terus pesen jagung bakar karo wedang )...

ngomong ngomong dewek durung kenalan kye ( nyong mulai mbuka obrolan,bocah loro melu nrembol ngomong ) iya rah mba,loken medang bareng ora ngerti arane.

arane aku yessy mas,lah masse sih sapa arane ( deweke ndelengnane aku bae,soale wis kesenggol minyak bulu perindu sih nean mulane perhatiane maring nyong bae )...nyong iwan yess ( nyong ngakune arane iwan,pan nggo aran hepi kaya aran wadon,isin yah nyong)...kuliah ning endi wan?...nyong UGM yess...fakultase apa?...filsafat yess ( nyong ngasal bae njawabe,bocah loro tah ya wis cekikak cekikik ngguyuni nyong,lah SMA gen durung rampung koh ngaku kuliah )....lah kye sih sing loro arane sapa bae?...( rojiq karo bakar ora serantah nganti njawabe bareng )...arane aku Andi yess... ( kekekekekkekekekekekekekkkk....nyong ngekek bocah loro bisa ngakune arane andi kabeh,kayong langka aran liya maning )....lah daning andi kabeh esih sedulur apa..? ( yessy ne kaget dumehe bakar karo rojik ngakune arane andi kabeh )...

Si rojiq njawab ...iya yess nyong sepupune...nyong arane andi surojiq,lah kye andi subakar....


kekkekekekekekekekkekkekekk...nyong ora kuat...nggembrot ning kono...

goroh nemen kye tah lah...iloken.... ( yessyne ora ngandel )

mulane ari pan pada goroh rembugan ndisit dadine ora kaya kye konangan,kye mesti si iwan ya arane palsu.
iya kweh aran asline hepi (sibakar gentenan melEhna aku )

ha ha ha aha...akhire pada gembuyu dadi akrabe,tapi ya si yessy ngglibede ning nyong bae,bandot loro kwe nganti kesuh nemen...arjuna dilawan...

kelakon nyong duwe pacar ning jogja,si yessy tapi ngandel nyong kuliah ning UGM...
pacaran mung 3 wulan tok,bubaran gara-gara yessy,weruh nyong boncengan karo wadon liya ning malioboro.


TAMAT

( Sumenep - 27 -04 - 2011 )

CERAH ( Cerita Rahatan 7 ) Judul : Lobang Angin

Kye cerita jamanne
man kirso,man sukyad,man midi,man kanap,man rasdan esih pada bujang-bujang ( Arane samaran kabeh ),wong lima kye ning kampung terkenal bregajulan kabeh,cuman bregajulane wong kuna karo wong saiki kan beda,yen wong kuna ari guyonan mateng,angger saiki sing mateng mendhemane ( mabok )

jaman kuna sing arane desa bumiayu kwe gung liwang liwung peteng dedhet,listrik durung ana,umah ya durung pating tlEktEk kaya saiki,kulon pasar jero kwe kampung karangturi arane,bisane diarani karangturi kwe jarene makna filosofine karang sing bisa dituturi ( se-atos atose watu karang tapi nesih bisa dituturi/dikandani ) dadi se gebleg geblegE wong karangturi nesih ana harapan bisa sadar.

Kepriben ora bregajulan lah wong pasare perek,koplake perek,mbokan sing arane ning pasar karo ning koplak kwe, setan durung goroh wong ning pasar karo ning koplak wis goroh ndisit,belih umum ning pasar karo ning koplak tah,esuk-esuk nesih uput-uput wayahe imsak wis ana wong tukaran rebutan dagangan,wis ana wong mbebodo wong,gendot sa'pocong kulake 200 perak didol 300 ari ngomong jare durung bathi,kweh lagune wong ning pasar.

jaman kuna,wong-wong luar bumiayu ari pan pada dagang ning pasar kwe mangkate yen ora sore sisan ya uput-uput,sing desane mlaku,angkot esih jarang,paling ana ya dokar.yen wong sirampog,wong kaligua,wong tegal,pokoke wong sing adoh-adoh kwe biasane pada nginep ning nggone sedlur sing ana ning bumiayu,yen sing ora nduwe sedulur ya pating jrengkang ning gledegE pasar.

suatu saat ning pasar bumiayu kwe akeh sing kemalingan dagangan,lah wong bar mlaku kesel ari turu ya saparan paran ora eling dagangan pating gludag,akhire wong-wong dagang laporan ning lurahe,waktu semono lurahe arane KI Semplak ( aran samaran )...kantor kelurahan durung ana,lurahe ngantore ya ning umahe dewek...Dog dog dog dog..pak lurahhh pak luraahhhhh...pak luraaaahhhh...kulonuwun!!!!...maring endi sih yah kye wong srengEngE wis plenthong jare umahe durung buka,lagi mlebu esuk karo bojone apa yah ( Bi Tasilah ngromed )...pak lurraaahhhh!!!!tak dungkar ngko lawange yen ora dibuka buka...dog dog dog dog dog...

Kreeekeeeettt...gubraagggkkk...Priben sih,lagi tak bukakna lawang koh sampeyan malah ndorong ( lurahe montong-montong )...ya kweh engsel lawange dadi rusak,tempuhan meneh....Daning njaluk tempuh rika sing salah sing mau tak gedor-gedor ora njawab-njawab ya tak dobrak kye umah,kye nyong nyong pada lagi kesuh,aja digawe kesuh maning ( bi tasilah mucu-mucu maring lurahe,lurahe nggranyami malah digranyami ndisit )...ana apa donge daning galakan rika ketimbang nyong,nyong mbok lurah,kudune nyong sing galak maring rika,tolih regudugan kaya kye kaya pan kerigan bae,kye lagi langka kerja bakti,ngesuk tah ya ana...sing pan kerja bakti sapa?nyong mene kye pan wadul,daganganne nyong kabeh sering pada ilang,nggawa kentang rong dlebug kari sa'dlebug,sing sa'dlebuge ilang maring endi  mbarah jare rika?...lah sampeyan nuduh aku apa?nyong kye lurah ora mungkin-mungkina nyolong dagangane rika!!!..wis sugih nyong,pati-pati dadi lurah nengsih marga nyong sugih...Sing lagi nuduh rika sapa kye nyong karo kanca-kanca dagang njaluk tanggung jawabe rika?...nyong ora metengi rika koh kongkon tanggung jawab,priben donge rika,njaluk tanggung jawab ya mana maring sing metengi rika rah bi,daning ning nyong...Dih rika tah dadi lurah jare guoblogge ora umum,apa perlu tak umumna ning masjid gobloge rika ( bi tasilah gemremet nemen ngadepi lurahe ),nyong mene kye njaluk pertanggung jawaban keamanan sing rika,mbokan nyong nggal dina dijaluki duit keamanan ding hansipe rika,bisane dagangane nyong karo kanca-kanca nesih pada ilang bae,donge ana sing ngerondani belih,aja mung bisane ngerondani randa,ronda uplekane ning umahe randa bae,pasar rah sing dirondani,mbokan akeh dagangan pating gludag...dih nyong tah ya mrentah ning sing pada ronda kongkon kelilling,ora mung ning njero kampung tok,ning pasar ya dirondani ( lurahe njawab ora gelem disalahna ) ya wis ngko tak tatar kabeh sing biasa pada ronda,ngko tak kerahna kabeh pemuda sing ana ning kene kongkon ngrondani rika,tolih wis kwe mana pada bubar,pan apa sih suwe-suwe nang kene susu sing pan tuku pada lunga,kweh rinjinge digawani nyesek nyeseki tok ning kene ( lurahe sewot nemen,pan mlebu esuk karo bojone kalahn ora sida gara-gara didemo )...ya wis angger kaya kwe pak lurah nyong bongbong,tapi temenan kweh ning pasar dirondani,angger ora,dudu lawange rika maning sing tak dungkar,ambenne rika sing tak dungkar...iya iya wis mana kye nyong tak ngumpulna hansipe...( bi tasilah karo kanca-kancane akhire bubar maring petarangane dewek dewek mulai dagang maning )...

Tong tong tong tong....tong...!!!
man casmad nabuh kentongan ning ngarep umahe lurahe sore-sore,pating jembual wong karangturi pada metu sing umah...

ana apa kye tumben-tumbenne man casmad nabuh kentongan nganti mbudegi kuping ( man kirso takon maring kanca-kancane )...mbuh kye,deleng bae mbokan bae lurahe arep mbageni duit...( man sukyad njawab ).

barang wis kumpul kabeh lurahe nongol...
Assalamualaikum wargaku kabeh,aku arep nein pengumuman,langsung bae ora dawa-dawa,mulai saiki,sing pada giliran ronda angger ora mangkat tak nein hukuman,sebabe ning pasar wong dagang pada ilang dagangane,kwe mestine sing olih giliran ronda pada ora mangkat,mulai ngko bengi aku pan ngecEk ning pos ronda sing mangkat sapa bae...wis pengumumane kaya kye tok...wasalam.

ngko ndisit pak lurah nyong pan takon ( man kirso maju )...takon apa so?...angger ora mangkat hukumane apa pak lurah?...tak bakarna sandal japit terus tak cipret-cipretna ning gigirmu so!..paham kon?temenan kyeh so,aku ngerti kon sokan ora mangkat ronda,ngaku bae ora usah mukir,bener belih?!!...

( man kirso crengas crenges krungu ancamane lurahe,rumangsa dewek jarang mangkat )...iya pak lurah mengko tah ngko mangkat..( dasare apes jebulane wengi kye man kirso,man sukyad,man midi,man kanap,man rasdan sing giliran ronda )...gyeh pada mangkat kye ngko bengi yen ana sing ora mangkat tak bandhem umahe ( man kirso wis ngancam ning kanca-kancane,soale biasane ya pada ora mangkat,kur yen sore pada ning pos ronda,ngko giliran wis bengi mbuh pada ning endi jagate )...iya lah so pasti mangkat kye tah,hukumane gen ngeri koh ( kanca-kancane njawab )....

ning pos ronda
dewek kye apes giliran ronda langka wong sing nein jajan...( man kirso mulai mbuka obrolan )...kon tah pikirane badogan bae so,mbokya sing ikhlas rah wong dinein tugas tah,dewek wis dibayar ikih,sangu sega sing umah yakena,aja ngarep ngarep dinein ding uwong bae ( man kanap nyemauri )...gyeh kanap!! dokar yen jarane ora diempani apa iya bisa mlaku?pikir rah nganggo utek ( man kirso ora trima diarani mikire badogan tok )...mikir ya nggo utek loken nggo entho-entho,kon gelem dipadakna karo jaran!!! ( man kanap ora kalah nyemauri )...wis wis wis pan ronda koh malah pada reang geger badogan ( man sukyad misah wong loro kwe )...kye kayane wis tengah wengi kyeh hawane wis cemiyes,yuh pada keliling karo mbokan ana pelem tiba lumayan kena nggo isi-isi weteng ( man sukyad ngajak man kirso karo man kanap keliling )...nyong ya melu rah ( man midi karo man rasdan melu menyat )...daning kon wong loro melu,sing njaga pos ronda sapa?...lah pos ronda tah ora bakal ana sing nggotong ikih so ( man midi njawab )...ndasmu atos,karuan sapa sing arep nyolong pos ronda,ngko ari lurahe mene nengsih ndarani langka sing ronda ( man kirso sewot )...so nyong wedi yakin ari ning pos,wingi ning dukuh blendhong geger kunthilanak koh ( man midi njawab )..lah kan ana si rasdan!!!...nyong ya wedi koh so,wis yuh lah keliling bareng,angger lurahe mene trus nggranyami,ya granyami rame-rame aja wedi,wong nyatane dewek ronda ikih...
ya wis yuh mangkat wong jare kecing-kecing nemen ...apa kon bae so sing nangkene dewekan ( rasdan takon ning kirso )...najisss nyong kongkon metongsot ning kene dewekan,mending ari ana perawan sing ngancani tah...( akhire wong lima mlencing kabeh keliling ).

Bi kasnah bakul tape,
bar isya sawise nyiapna tape nggo dagang ngesuk,deweke turu,awake kayong remek,beyeke macek,lha kepriben ora remek,gena lgi natani tape ning kranjang sing lanange njaluk muang...senggar senggur bi kasnah ngorok...

Kukulurrruuuuuuukkkk...kkuukuluruuukkkkk....kkuuukuluruuukkk
bi kasnah tangi kaget krungu suara ayam...alah ya kawanan kye tah,kye nengsih wis subuh,gara-gara rika sih kye kang ( bi kasnah ngromed karo neot pupune sing lanang )...aduuuhh ana apa sih!...kyeh nyong kawanan,rika malah asiikk molor bae,kaeh disiapna kranjange nyong pan adus...durung gen esuk koh...durung esuk wadukmu,sampeyan ora krungu ayam kukuluruk,kuping apa jaletot sih...( bi kasnah maring jeding karo ucul ucul tapih )...gebyar gebyur gebyar gebyur...aduse rampung...bedakan,nggo tapih,nggo klambi warnane abang boled ana renda-rendane,kwe klambi andalane bi kasnah yen dagang karo kondangan...wis ya kang nyong mangkat,aja klalen ari wis plenthong ayame di tok-tokna,tolih kwe bocah diadusi,aja kaya wingi wis awan bocah esih polar polor...yawis mana dilaris laris ari balik aja kesoren,ora usah mejeng ndisit,mbarigen mejeng ya wis langka sing gelem...ngece nemen rika tah,kaya kye gen rika angger bengi pengine tanduk bae...enggang enggong bi kasnah nggawa dagangan,bayangna bae sing kramat anjog pasar jaman semono lewat candi karo kuburan tapi ya ora wedi demi ngempani anak-anake...

ning pasar,
gubrakkk,,,bi kasnah ngesrogna rinjingE karo dlebugE,,,,hmmm kaya kye nikmate dadi wong susah,wong tah yawene esih pada ngiler,nyong tah malah wis kemringet gigir pada lEdEs maning,penak nemen yah angger nyong dadi wong sugih tah,...ih tapi angger nyong sugih nengsih sing lanange nyong kaya ngapa temen tukmissE,lagi mlarat gen ari weruh perawan cangkeme ora bisa meneng,apa maning sugih...( bi kasnah ngomong dewek,dijawab dewek ).

daning sepi temen yah kye pasar,wis subuh durung donge kye...( barang anuk ana sing njawab ) bi rika kegasiken kye esih tengah wengi ( jaman semono durung ana jam dadi patokane kukuluruke ayam )...rika sapa sih yah ? ( bi kasnah takon yong remeng-remeng dadi ora weruh raine sing ngomong )...nyong tasilah kentang rika sapa?...nyong kasnah tape...oohh,wis turu bae ndisit daripada balik maning ning umah ya kesel...ya mbarigen awke nyong kayong ringsek nemen..( akhire wong loro turu jejeran senggar senggur )...

ora suwe barre wong loro kwe turu,man kirso karo kanca-kancane liwat.
yakin nyong tah ngelih nemen kyeh,padsa nggolet pangan bae yuh ( kirso ngomong ning kanca-kancane )...gweh ya geger badogan maning ( kanap semaur )...kon tah kayong pan ngjeke gelut bae yakin nap,suwe-suwe tak tampek cangkemmu ( kirso mendelik ning kanap )...wis wis aja reang ngko malah malinge ngerti yen lagi dirondani,wis dewek ngindik ning kene bae mbokan malinge metu ( sukyad nengahi )..akhire wong lima metongsot ning pasar...wong lima metongsot ning jejere dlebuge bi kasnah,ora sadar yen ning kono ana wong lagi turu,yong peteng dadine ora weruh,man kirso njagong sendehan ning dlebug karo tangane gramak-gramak...mbok nyegg bae,iss kye sih apa? ( tangane man kirso nyekel barang benyek )...apa sih so ( kanap semaur )...mbuh kye...coba rah diambung bacin apa wangi...wangi nap...jejelna rah ning cocotmu so enak belih...raimu tah jan nyocot nyocotna maring aku,kayong wadeh nemen apa karo aku?...( man kirso nglamod barang sing kewenyed kwe )....dih tape jebulane,lumayan kena nggo tamba ngelih,...njaluk rah so ( kanap njaluk maring kirso )...raimu sing mau moyoki bae ora kandegen njaluk...wong lima rebutan mangan tape,barang wis gari siji tembe pada sadar...gyeh gyeh kye donge tapene sapa ( sukyad ngomong )...lah tape nggletak ning kene nengsih tapene gusti allah rah kyad ( kirso semaur )..dih dih dih kye ana wong ning kene ( rasdan semaur )...waduh gawat kyeh kye angger dilaporna lurahe dewek bisa diamuk ding lurahe kye...waduh priben kye so gara-gara kon kyeh dadi kaya kye ( sukyad nyalahna kirso )...daning gara-gara nyong lah kon kabeh gen ya mbadog koh...wis ora usah kuatir nyong nduwe akal ben dewek ora konangan,kwe tape gari pira?...gari salenjer so ( kanap semaur )...jikot nap...trus pan diapakna kye tape so?...slempEdna ning barange sing duwe tape...huusssttt sembarangan bae kon so ( kanap semaur )...wis gari nurut bae kepengin ngesuk ora geger belih?...akhire wong papat kwe manut bae maring kirso...bi kasnah lagi turu dibuka tapihe...yong peteng dadi ya ora weruh kayang apa bentuke...wis rah gagiyan di slempEdna...yuh gagiyan mlayu...plencing wong lima mlayu nggejrad karo ngekek ngekek...sementara bi kasnah ora sadar tapene entek...

gradak gradak gradak sura grobak liwat,bi kasnah tangi,rupane srengEngEnE wis plenthong...

lah lah lah tapeku ilang..bi kasnah geger nangis jengker
kunyk kurang ajar sapa yah sing nyolong tapeku....ana apa bi ( bi tasilah menyat )...tape ku ilang bi tasilah heghh egh hegheghehhhhhh....bi kasnah gejog dlebuge di tendangi...dih padahal wing lurahe bar tak oncogi,yuh pada maring lurahe maning,pada ngamuk ning kana,njaluk tanggung jawab lurahe...( bi tasilah ngenyatna bi kasnah )...barang menyet pan mlaku bi kasnah nyekeli tangane bi tasilah...ngko ndisit bi,kye mbokgrenjel apa donge...apa maning bi?...kye njero tapihku....ya ndele mbarah dibuka...( wong loro umpetan njero gledeg mbuka tapihe bi kasnah )...barang tapihe di buka...bi kasnah karo bi tasilah njerittt...ya mpuuunnnn...jebulane kye sing mangani tape,,,,( bi kasnah njerit karo naboki sing mangan tape kwe )..kekekekekkekekekekekekekekekkekekekekekekkekekekekekkkkkkk.......bi tasilah gemuyu ngakak...jebulane sing mangan tape...lobang angine  bi kasnah.......


ning pasar geger,lobang angine bi kasnah mangn tape sa'dlebug man kirso karo kanca-kancane dadi slametE.
nganti saiki bi kasnah percayane tapene dipangan ding lobang angine....he he heh eh ehe he


( Sumenep - 16 - 05 - 2011 )

CERAH ( Cerita Rahatan 8 ) Judul : Cangkem Ruwag

Sedulur...kayong lawas kyeh ora nggawe cerita

kye cerita jaman nyong SD,nyong gemiyen SD ne ning SD islam taalumulhuda,libure jumat,seragame gen beda dewek ireng putih,nyong umahe ning karangturi sekolane ning dukuhturi,kanca liyane minggu pada libur nyong dewek dewek malah mlebu,tanggaku ana siji sing sekolane ya ning SDI,arane Demol ( aran samaran ),tapi bocah kwe tah nggal dinane dolane ning kauman,angger ning sekolahan ya belih ngaku bocah karangturi,ngakune kauman,mangkat bareng ya ora tau,awit kelas siji nganti kelas papat ora akrab sebabe ora tau sekelas,bocahe mblekesunuh nemen.

barang kelas lima,nyong bareng sekelas karo Demol,mbuh kepriben ceritane kweh ujug-ujug nyong sebangku karo Demol,barang nyong akrab karo demol jebul kelas dadi rame,senengane ger-geran,si Demol kwe unik nyong ngerti power metal,Queen,kurt cobain ya gara-gara Demol,dadi kanca-kanca liyane nesih nembange lagu "abang tukang bakso",nyong karo demol tah nembange "love of my life",tapi nyong sing paling seneng lagune jhon lenon Imagine,gemiyen ngati apal syaire,nyong ari nembang ngati mrebes mili padahal tah ora ngerti artine.

Si demol kwe ari ngomong brecuh nemen,bahasa kewan karo bahasa terminal nggo labragan,anjoge nyong ya tiru-tiru,ngomonge asu bangset raimu,asu bangset raimu,kwe kayane kata-kata sing sering metu sing cucuke Demol karo nyong.

ning kelas
Pak karim mlebu...Assalamualaikum,wr.wb
Walaikumsalam Pak guruuuuuu...bocah sakelas njawab kabeh.
nyong ngadeg takon ning pak karim...pak guru mbokan kiye tah pelajaran bahasa arab sing mulang ustad sukri,bisane pak karim sing mlebu kelas?
Ustad Sukrine lagi mriyang,wingi bar kecengklak melu balap karung ning kampunge,dadi pak guru ngganteni mulang ( pak karim njawab,pas kwe memang lagi agustusan ).

ooohhh...ustad sukri sih priben,wis tua reka-reka melu balap karung,mbokya mleu balapan mangan krupuk bae rah ( Jare Demol )...Huuzzt cangkemme sing bener ari ngomong,ngko tak jejeli kapur kon ( pak karim ngepel tangan maring Demol  karo matane mendelik )...

Sedurunge pak guru mulang,pak guru pan takon maring kon kabeh,sing sokan njikoti krupuk lilis lagi dipE sapa?...jare laporane bocah kelas lima sing sokan dolanan yun-yunan ning pabrik krupuk Lilis ( waktu semono pabrik Krupuk Lilis perek karo SDI,ning kidule perek karo umahe bi sobul bakul gorengan )...tolih jarene rambute njewawig kaya sapu duk ( pak guru nglanjutna ngomong,nyong nglirik ning Demol,sing rambute njewawig ya mung Demol tok )...hayo sapa ngaku!!! ( pak karim nggentak )...kon yah hep ( pak karim nuding nang nyong )...dih rika tah fitnah nemen,nyong tah rambute klimis rah,minyak rambute gen Brisk koh,kye sebelahku rah nean...( nyong njawab karo nuding Demol,demol mendelik ning aku karo ngomong lirihan )...bangset nemen kon tah nidokna,mbok njikote gen bareng karo kon.

Demollllll!!!...ngaku kon,ya bener jare hepi,kye bocah sekelas sing rambute njewawig ya mung kon tok...ngaku gagiyan ora pan tak apak-apakna ikih.

Iya pak guru nyong sing njikot,tapi ya bareng karo kunyuk-kunyuk kye ( deweke nuding maring aku karo bocah liyane sing se Geng )...Daning kon ari ngomong kasar nemen Mol ( pak gurune mencilak krungu demol ngomong kunyuk,nyong nahan ngguyu kye demol keceplosan ngomong bahasa tarsan )...pak gurune takon maning,lha kon nyolongi krupuk pan nggo apa Mol?

Pan tak goreng pak guru ( demol njawab )
Terus pan nggo sapa Mol?
Pan nggo RAIMU ( wkwkwkwkwkwkkwkwkwkwkk nyong karo kancaku ngakak kabeh,demol keceplosan maning luwih parah )...

Daning kon kurang ajar nemen Mol...tak rompese cocotmu kyeh ( pak karim ngrompes cangkemme Demol karo dikorog ngambang )

Pangapura pak Guru nyong ora pan ngomong RAIMU tapi pan nganggo PAKGURU,bisane metune RAIMU...Wiiisss kon ora usah kakehen alesan,kon kye canggkemme kudune di dslumbat kaya klapa....( akhire demol dires ngadeg ning ngarep kelas karo ngemut cengis )...he he he puas kon Mol,mulane duwe cangkem kwe dibiasakna nggo ngomong sing bener.

Bersambung....

( Sumenep - 27 - 05 - 2011 )

CERAH ( Cerita Rahatan 9 ) Judul : Agulan

kye cerita banget ding ngawure sing percaya ya bonggane dewek

wayah jaman pariwisata ning indonesia lagi rame-ramene,turis mancanegara sering pada klendangan ngunjungi daerah-daerah wisata ning indonesia,bahkan daerah-daerah sing dudu tujuan wisata pun sering pula dikunjungi turis,wayah kwe negara aman,ora ana teroris kaya jaman saiki,dadi travel... warning sing negara-negara tetangga kwe ora ana.

dasar kunyuk para teroris,angger iya bener berjuang nggo agama nengsih luwih ngutamakna kasih sayang ketimbang kebrutalan,mbela agama mbang endine,jihad mbang endine,wong jare nabi jihad sing paling gede kwe jihad nglawan nafsune dewek,dudu mateni wong sing ora salah,apa maning ngarani wong sing ora segolongan jare kafir,kafire wong liya weruh tapi kafire dewek belih weruh,prengasane deweke tok sing paling suci,sing paling bener.

angger ana wong nganggo celana jins jare produke wong kafir,nganggo motor jare produke wong kafir,lah terus produke wong sing beriman sing kaya apa,apa sing kudu ke arab-araban,wong langka onta sing dikreditna jare kancaku ning komikke,kadang wong pada ora bisa mbedakna budya karo agama,misal rebana kwe budaya arab dudu budaya islam,tapi rebana gemiyen nggo sarana dakwah islam,lah terus apa salah yen dakwah islam nggo wayang kulit?...( wis lah daning dadi keluar tema,pan nulis cerita rahatan koh dadi mbahas teroris )

kya kye ceritane,
ning njerone sepur bisnis sawunggalih jurusan jakarta purworejo
nyong numpak sing jatinegara ceritane pan mudik,ngrantau ning jakarta taunan ajeg kere,akhire nyong mutusna balik,nyong olih tempat njagong ning gerbong nomer loro,nomer kursine 14A,jebulane ning kono wis ana penumpang telu,sing siji bule,sing siji arab,sing siji cina...

nyuwunsewu pak...( nyong permisi,wong telu kwe nglirik tok ora ngerti nyong ngomong apa,nyong langsung bae grok njagong)

sepur jalan,kira-kira wis ana sejam perjalanan nyong wong papat esih meneng-menengan,barng wis anjog sekitare daerah arep cikampek,nyong lagi ngantuk-ngantuke,ujug-ujug si bule ngomong
"excuse me.apa kowe orang jawa heh?"...( deweke nuding ning nyong )..Yess misterr ( nyong njawab )...mister where are you go? ( nyong takon tak wanik2na nggo bahasa inggris mbuh belepotan mbuh apa )...saya orang mau ke kota Bumiayu,you know bumiayu? ( bulene trakon maning )...ya mbangkana saya i know yah mister,saya asli orang bumiayu,ada keperluan apa mister ke bumiayu?...saya mau napak tilas mengenang perjalanan saya dulu,saya dines di bumiayu waktu jaman perang,you know markas belanda yang ada di bumiayu?...ngko dulu mister saya eling-eling sebentar saya madan lupa...( nyong ngeling-eling endi yah markas belanda ning bumiayu )...oh yes mister i remember markas itu sekarang menjadi pesantren an nuriyah...ooo kalo begitu nanti saya turun bareng kamu sekalian kamu jadi guide saya,bagaimana mau kamu?...( kye wong bahasa indonesiane ya kwalik walik )...ok mister may iknow your name please?...my name BULE VAN TENKSAB and you?...my name UMBRUS KETEPUSS mister...( terus si bule mulai ngajak ngobrol wong arab karo wong cinane,nyong takon maring wong cina karo wong arab )...kokoh mau kemana?....owe mau ke pulwokelto,mau nengokin saudala owe mas...nama anda siapa koh?...nama owe CHEN THONG SHE MEN...ooo terus kalau anda wan? ( nyong nglinguk takon maring wong arab sing ning ngarepku )...ana WAN ABU AL DHOBOLI,ana mau keliling jawa kefengin ketemu sama saudara-saudara ana,kemarin saya habis dari rumah habib riziq,ini saya mau ketemu saudara saya dikota bumiayu juga,kebetulan ana lufa rumahnya,afa ente bisa antar ana?...kemana wan,rumah siapa?...ana mau kerumah BLAPAKEMPUS AL DHOBOLI ente kenal...ooo kenal banget wan,itu tetangga kampung...( nyong mikir kye sing arane sekali mendayung dua ,tiga pulau terlampaui,sapa ngerti kye wong loro nein duit maring nyong,rejeki yah )...

geliseng cerita sepur wis anjog cirebon sekitar waktu dhuhur,jam semono lagi ngelih-ngelihe,
wong telu mulai ngetokna panganan,nyong ora nggawa sangu sega,mau arep digawani ding adine nyong,tapi nyong ora gelem,aseem kajogan nemen yakin,gengsi yah,nyong katon mlarat ning ngarepe wong telu,duwit ning sak gari 3 ewu,kajogan mau tuku rokok nganti sebungkus,angger tuku telung ler bae kan duit luwihe kena nggo tuku sega ning stasiun cirebon.

mister BULE VAN TENKSAB ngetokna burger sing kotak,ning njero kotak ana lima burgere,nyong nglirik mbokan bae dinein,terus si mistere mangan siji barang wis entek siji,burger sing papat ning wadah dibuang karo wadah-wadahe...lho lho lho mister kok burgernya di buang? ( nyong wong telu takon,kye wong kentir apa yah )...jawabane mistere"tenaaaang di negara saya banyak yang kaya gituan"...( asem kye wong agulan nemen,rupane abu aldhoboli karo chen thong she men kesuh juga )...ABU AL DHOBOLI mulai mbuka bungkusane jebul isine kurma,deweke mangan siji kayong nylekamin nemen,nyong ndelengna nganti ngiler,barang rampung mangan siji,sing esih nang wadah dibuang kabeh,nyong wong telu kaget maning..."wan kok dibuang?"...tenaaang dinegara ana banyak itu kurma...(aseeemmm kye wong jebul agulan maning )...Chen thong she men rupane ora gelem kalah,deweke njikot bakpao ning wadah,mangan siji terus sisane di buang juga...lho lho lho kok dibuang lagi?....Tenaaaaang dinegara owe banyak bakpao...( kunyuk kye wong pada agulan-agulan men ora ngerti tanggane lg ngelih sekeliwat )...barang anuk wong telu kwe ndelengna ning nyong,nean pengin ngerti nyong mangan apa,karo mbuang apa,nyong rogoh-rogoh sak, untunge ana permen siji ndlesep permen kopiko,tak pangan...hmmm..nyong ngemut karo mikir,kye permen siji-sijine nyong pan nggaya kepriben jajal...wong telu ndelengna bae,nunggu-nunggu nyong pan mbuang apa...akhire ABU AL DHOBOLI tak cekel sikil karo gulune ...hei ehie eheieeee...ente mau afa ( abu aldhoboli njerit-njerit nyong ora perduli kye wong njerit-njerit,tak junjung tak perekna ning jendela,tak dongsokna metu sing sepur..gguuubbbrrraaakkkkkkkk...mister bule van tenksab karo chen thong she men ngadeg karo takon...kamu gila yah kenapa orang arab itu kamu lempar keluar????...nyong njawab deangan santainya..." Tenaaaaaang...di kampung saya banyak orang arab mister.....( he heh ehe...wong loro kwe mlongo,untunge sepure lagi mandeg ning stasiun cirebon,abu aldhoboli munggah maning karo ngromed)...ente maghrum,ente maghrum,jawa maghrum.....

( wis asamono bae ceritane sedulur,tujuanku menghibur,dudu arep mendiskriminasi golongan atawa ras tertentu )...sekirane ana sing tersinggung ya nyong njaluk ngampura sing akeh...

( Sumenep - 02 - 06 - 2011 )

CERAH ( Cerita Rahatan 10 ) Judul : belajar basa kromo 2

Bumiayu 2007

jaman semono lagi rame-ramene grup-grupan musik ning bumiayu,mulai sing seneng OI ( Orang Indonesia ) sing senengane nembangna lagu-lagune iwan fals,slankers ( penggemar grup  SLank ),Under Ground,Punker,Reggae karo liya-liyane,sing arane festival karo parade musik kayong pan nggal minggu ana.Nyong waktu semono terinspirasi pengin nggawe komunitas musik tapi sing ora mung sealiran,akhire nyong karo kanca-kanca se geng gawe Komunitas Musik GAYENG.tempat ngumpule ning umahe Heri Kawir ning kampung baru PLN,ning umahe Heri Kawir bocah-bocah pating gludag mbuh bocah endi bae,sing wangi sing mambune meri ana kabeh kumpul dadi siji.

Nyong waktu semono,nggawe grup musik reggae arane Jong Reggae ( Pemuda Reggae ),grupe Heri Kawir arane WIZBAND aliran musike Rock,terus ana grup slanker arane SUDDENLY pimpinane Andri Juwid,Andri Juwid kwe ponakane Heri Kawir,paman karo ponakan pada bae ngenekna waduke,si heri ari pan pentas rEbyEgE ora umum,pernah esuke pan manggung jam 3 wengi durung turu,nyong pas lilir takon..." Her daning durung turu?....nyong ora bisa turu hep...lah priben sih?...nyong lagi bingung ngesuk pan nganngo kostum apa...lah gari nggo kaos partai bae ya kena rah her wkwkkwkwkwk...asem ente tah nyong kye lagi mikirna ngesuk nggo kostum apa,terus pan gaya ning panggunge kepriben...kaya kye bae rah her,ente nggo celana begy,nganggo klambi dilebokna klambine sing kedodoran kaya raper-raper amerika...dih najis nengsih nyong malah katon kaya contong kacang belih...lah ya wis sekarepe ente lah her nyong tah wis nein saran...enake ning panggung kepriben hep,ben sekirane perhatian penonton maring nyong kabeh...gampang her,ente weruh bongsang wadahe runtah sing gede sing gawene nggo pring,ente mlebu mono,ngko vokalise entekongkon nggendong bongsang kuwe,lah ngko pas jreng pertama ente nongol sing bongsange,ente kan cilik ikih awake he he he...nduuaasmu ari nein saran ente tah ora tau bener...kekekkekekekekeke mbuhlah her nyong ngantuk,wis gari digawa turu mbokan bae ente ngimpi olih petunjuk nggo manggung ngesuk.

barang ngesuke manggung jebulane heri nggo cutbray warna putih,klambine ungu terong,raine didokoni meling-meling kaya artis dangdut,yen kena sinar pating kerlob.

sekilas andri juwid
bocahe ireng tapi imut,ari ngomong dobole ngetek nemen,awake keker ngakune jare mirip bim bim drumere grup slank,kuliahe ning purwokerto,mangkat sing umah anjoge kalker dukuhturi andon turu nggone kancane,sarampunge kuliah pernah merantau,waktu pan mangkate ning umah wongtuane slametan karo kanca-kanca,wong jarene wis ketrima dadi asisiten direktur perusahaan swasta,aran perusahaane nyong ora ngerti,jam 10 bengi mangkat ning jakarta dijemput ding kancane nggo mobil kijang,pan mlebu ning mobil deweke nyilih jakete cholis salah siji personil grupku,jarene atis wong mobile nggo AC,ding cholis jakete dinekna,wong arane kanca ya melu seneng krungu andri olih pegawean,akhire bying mangkat maring jakarta.barang telung dinane ana kancane andri dolan maring basecamp,sing gawe kaget,bocah kwe nggo jakete cholis sing dinggo andri waktu mangkat maring jakarta,...heh,kwe daning jakete aku sing disilih andri,bisane ning kon,kon bar sing jakarta apa,sing nggone andri ? ( cholis takon maring kancane andri )...jakarta apa,kaeh si andri lagi ngleker ning umahku wis telung dina...ooo jebul si andri mrupus maning,wong tua karo kanca-kanca di doboli ( akhire si andri dilarak balik ding bapane ).

taun 2008 andri kepengin kawin,cerita karo nyong karo bocahan,wongtuane ya setuju,barang arep lamaran,andri nemuni nyong karo bocah-bocah...mas hepi nyong pan njaluk saran,ngesuk nyong pan nembung ning wongtuane pacarku,intine pan ngajak kawin,cara nyampekna ning wongtuane nyong kudu kepriben,enake nyong ndisit dewekan nemuni wongtuane apa bareng wongtuaku...jare akutah ya enake ente dewekan ndisit nemuni wongtuane,ngko angger genah wis disetujuni tembe kon mana maning karo wongtuamu,angger langsung karo wongtuamu mbokan jebul ora disetujuni kan ndadekna isin wongtuamu ndri...lah cara ngomonge kepriben mas nyong kan ora bisa bahasa kromo..,ari ora bisa bahasa kromo ya gari terus terang abe yen kon ora bisa kromo,daripada ngko kon blekak blekuk ngomonge...ya paling ora-orane nggo awalan nyong bahasa kromo ndisit rah mas,mbarah nyong diwarahi,mas hepi kan bisa bahasa kromo,bahasa kromone "nyong ora bisa basa kromo"apa mas?...ngapunten pak kulo mboten saged basa kromo,wis kyeh di eling-eling nggo jurus pertama,ngko yen calon mertuamu ngomong " yawis ora papa" kon tembe nggo basa kasar yakena...iya wis mas tapi ngesuk nyong njaluk di kancani mas hepi karo om heri lah,dewekan tah nyong kayong gemeter...ya ora papa ndri,tapi nyong ditanggung yah rokoke ding ente...beres mas.

dina esuke bar duhur
nyong, heri karo andri boncengan telu maring desa barupring,nemoni calon mertuane andri...
ASSALAMUALAIKUUUUUMMMM...
Walaikumsalam...eeehhh mas andri,monggo,monggo pinarak,kulo sampun nenggo saking wau ( ibune metu terus mlebu maning ngundang bapane ) pak,pak niku mas andri mpun dugi...
Andrine nglinguk ning nyong karo takon,"mas kwe artine apa miki?...anu ndri,kaeh jare wis digorengna iwak menyawak,nggo mangan-mangan ngko ari urusane wis beres...ajiiibbb..iloken mas?..dih ora percaya takon rah maring om heri,bener lih her...bener  kwe ndri,kae tolih jare nginume banyu bening didokoni kembang pitung warna ben kaya amad cipling...kikikikikikikikikikikkkkk ( nyong karo heri ngikik )..lah mas hepi karo om heri tah ngerjani.

nyong wong telu njagong ngenteni bapane metu,pacare andri metu ndisiti nggawa wedang karo mesem-mesem...( slereeeekkkkk suara korden dibuka )...eeh mas andri monggo-monggo di unjuk riyin ( bapane ngongkon nginum maring nyong wong telu )...barang wis nginum..bapane mulai mbuka obrolan,"nggih kados niki kondisi teng mriki mas,mboten gadah nopo-nopo...( andri ngEdek sikile nyong karo cangkeme umik-umik),"artine,artine apa ?...( heri sing njawab ) nggih sami pak teng mriku nggih sami kados niki...( waktu bapane ndelengna heri nyong ngrisiki andri )...sing penting ente tah gari njawab" enggih" ndri.

teras niki ajeng wonten keperluan nopo nggih mas andri? ( calon mertuane takon maring andri,andrine raine klicupan kayong bingung )...anu pak,kulo badeeee...( ngomong karo lingak linguk )....bade nopo mas andri?( camere takon maning )...anu pak saderenge kulo nyuwun ngapunten..anu kulo niki bahasa kromone mboten ANGSAL... ( nyong karo heri kawir wis nahan ngikik )...( camere njawab maning )...lah mboten angsal daning sinten mas andri?....lah nggih kulo mboten angsal pak...nggih mas,sing mboten ngangsalaken sinteeenn? ( camere rupane madan kesuh )....kekekkekekekekekekekekekkeekkekekekk nyong karo heri ngakak,belih kuat ndeleng wong loro kudon...mas hepi basa kromone ora bisa pa yah?( andrine akhiretakon maring nyong )...mboten saged rah ndri bisane mboten angsal...wkwkwkkwkwkwkwkwkwkwkk camere akhire melu ngakak...ooohhh ya wis mas andri ari ora bisa kromo ya ngokoan bae...

akhire suasane dadi cair gara-gara andri slengso ngomonge,andrine duterima ding wongtuane pacare terus ora suwe sekitare rong wulane andri kawinan....

( nggo andri arya jaya swara merdeka hidup atau mati,kye cerita dudu nggo ngece ente tapi nggo moyoki ente,wong ente tah keliwat  ngeneknane )


( Sumenep - 03 - 06 - 2011 )

CERAH ( Cerita Rahatan 12 ) Judul : Kuwalat

Kye Cerita wis tau tak tulis nggo bahasa indonesia,kye versi bahasa bumiayuan.

jaman baleg pertama ( lagi mbrahol-mbrahole )

Kota Bumiayu,tempat laire nyong,dikelilingi pegunungan sing masya Allah indahe,karo gunung Slamet sing ngadeg jejeg ning gar wetan kaya semar sing lagi nein petuah,hawane adem tur penduduke ramah-ramah.pesantren-pesantren pating gludag ning nggal pelosok desa,nglengkapi kesakralane kota bumiayu,nganti wong luar bumiayu njuluki bumiayu kota santri,tapi sebenere ora kabeh penduduke dadi santri.

Nyong karo geng-e nyong  CDC ( Crazy devil Club ) kwe mlebu ning golongan Troublemakers ( tukang gawe rusuh ) sing banget diwadehi ding guru agama karo kyai-kyai,ana salah siji kyai sing banget wadehe maring nyong,arane kyai Dulkenyut ( aran Samaran ) deweke sekampung karo nyong,mbuh kepriben deweke wadeh nemen karo nyong,pidahal nyong ora tau nggawe masalah karo deweke atawa keluargane.angger deweke liwat ning tempat nongkronge nyong karo kanca se geng mesti nyindir nyong karo kanca-kanca,kaya kiye nyindire.." sing arane wong mendem ( mabok ) kwe patang puluh dina sembahyange ora sah,karo mbesuk bakal mlebu neraka " ora mung nyindir tok,kadang deweke ya ngece nemen ning nyong karo kanca-kancaku,yen bar ngece terus mbangga-mbanggakna anake dewek sing arane Dulkempot ( aran samaran maning ),nyong karo kanca-kanca meneng bae,yong lagi mendem terus wedi kuwalat,nyong terima bae penghinaan kiye.

Malem Jumat Ba'da Isya
kaya biasane nyong nongkrong karo kanca geng-e nyong ning tempat favorit ( pasar,terminal ) jaman semono terminal esih ning ngarepe pasar jero, Si Kaswin genjrang genjreng cekelan gitar,si bagol tuku arak limang botol,ora suwe wis komplit personil geng CDC.

" Yuh pestane dimulai "

mendem kabeh,ngromed kabeh,lagi asik-asike nyong pada pesta,mbuh sing endi cempulekE,ujug-ujug kyai Dulkenyut wis ana ning ngarepanku.

Astaghfirulllllloooooooooooooohhhhhhhhhhh....
Hei happy,kiye mbok malem jumat...sing ngarani malem minggu sapa pak kyai ( nyong semaur )..hhooooo dasar bocah gemblung,mbokya malem jumat pada yasinan kye tah malah pada mendem,dosa gede kye,dosa gede,kon-kon kabhe kwe bakal dadi intipe neraka jahanam.

nyong meneng bae ora njawab,ngurusi temen ngko neng ari cangkeme wis bengor nengsih meneng dewek,puluhan hadits karo dalil metu kabeh sing cakeme kyai dulkenyut,sawise cangkem bengor deweke lunga,nyong karo kanca-kanca lanjut mendeme.

Durung ana limang menit Kyai Dulkenyut lunga,jebul deweke balik maning maring tempat nongkronge nyong,waduh kye wong arep ndremEmEl maning apa yah.

Heiiii bocah intipe neraka,kon weruh anakku Dulkempot ora? ( kyai dulkenyut takone karo matane ndelengnane sinis nemen,njelehi lah pokoke )

( Nyong ngadeg )...Pak Kyai,rika nggoleti anakke rika..?
iya hep,kon weruh si dulkempot maring endi,awite magrib nganti saiki dikongkon tuku gorengan koh ora balik-balik.
yuh tak tidokna anake rika lagi ning endi ( kyai dulkenyut ngintil ning mburiku )

His his his daning mlebu pasar hep mbokan ning njero peteng?
rika kepengin ketemu anake rika belih,ari kepengin ya gari ngintil ora usah kakehen cangkem ( nyong njawab karo sewot )
his daning nyangkem nyangkemna kon maring wongtua kualat ngko kon hep...
wis gari meneng lah,brisik bae rika.
tapi,iloken dulkempot peteng-peteng ning njero pasar hep?

( barang ning njero pasar ana lilin murub dikelilingi uwong )
kaeh,kaeh pak kyai anake rika lagi cekelan kartu remi ( nyong nidokna dulkempot ning kyaine )

ASSSTAGGGGGGGFIIIIRRUUUUUULLLLLOOOOOOOO....OOOOO...OHHHHH...DUUUUULLLLLLKEMPOTTT!!!!
BUBAAAARRRRRR....BUBBBAAAAAARRRRRRR...RRRRR!!!!

kanca judine Dulkempot mlencinat kabeh karo ngreok duit sing nggo taruhan

Ya Allooh daning kaya kiye cobaan uripe kulo..( kyaine lemes dedes arep tiba,jebulane sesek napase kyai dulkenyut kumat gara-gara weuh dulkempot judi,nyong karo dulkempot nggotong kyai dulkenyut maring tempat nongkrongku )

Raimu sih priben hep bisane bapane nyong digawa mlebu pasar,mbok nyong mau wis pesen karo raimu,angger bapane nyong nggoleti,apen-apen ora weruh ( dulkempot nggranyami nyong )

" gyeh kunyuk,nyong kye nglakoni sing sering diwejangna ding bapane Raimu,jare bapane raimu dadi uwong kwe ora kena goroh,mendem kwe dosa Dul,apa maning ditambahi goroh,nengsih nyong siksane dobel belih ning neraka"...( nyong njawab ning dulkempot karo mencilak )

Dasar monyong raimu tah hep...
raimu ya mbahe monyong dul deleng rah kwe cangkeme njeblEh kaya kwe wkwkwkwkwkwkkwkkwkkwk

barang anjog ning terminal,kancane nyong geger..." ajiiibbb ana apa kiye,wah payahlah hepi karo pak kyai mendem ora ngajak-ngajak,kyaine nganti tepar kaya kiye"....( wkwkkwkwkwkwkwkw nyong ngekek,dikira bar mendem karo kyaine )

Nduasmu atos,bapaku klenger gara-gara weruh nyong judi koh,kunyuk nemen kye si hepi nidokna ( dulkempot ngromed maning )

wakakakakakkakakakakakakakkakakakakakakkakakakak...kancaku ggeeeerrrrr kabeh

eee yah raimu-raimu koh malah pada ngguyoni,kye priben carane ben bapane nyong sadar mbarah ( dulkempot nggranyami ning bocahan )

ana minyak angin belih ( nyong takon ning bocahan )
langka hep...minyak wangi sih ana belih...ya langka hep ( si kaswin njawab )

Pan nggo apa sih hep ( si KEmod takon )
nggo diolesna ning cungure kyaine mod ben cepet sadar
Angger nggo arak bae priben hep? mambune kan wangi ikih ( kemod njawab maning )
cerdas juga ente mod,ya wis nggo arak bae...

hob hob hob ngko ndisit,edan apa daning cungure bapane nyong pan dijejeli arak,sing bener bae mbarah...( dulkempot ngadang-ngadangi )

darurat dul...darurat...daripada bapamu ora tangi-tangi terus bablas modar priben,ente gelem ngko wong-wong pada krungu bapamu modar gara-gara weruh kon judi?

yawislah apa karepe kon-kon pada sing penting bapane nyong sadar ( akhire dulkempot pasrah,kyai dulkenyut diolesi arak ning bolongan irunge )

ora suwe kyaine tangi " ASTAGHFIRRUULLOOHHH,bisane kon dadi seneng judi,bisane dul..?astaghfirruullooh kon mabok anapan yah dul..?

nyong ora mabok pa..( dulkempot njawab )
wis gari ngaku kye mambu arak kaya kye sing cocotmu koh..!!!!

wkwkwkwkwkkwkwkwkwkwkkwkw...nyong karo kanca-kanca gembuyu ngekrek weruh bapa karo anak kudon,kyaine belih ngarti yen bolongan irunge bar diolesi arak..." wis wis ari pan kudon ning umah bae pak kyai..wkwkwkwkwkwkkwkwkwkkwkwkwk"...bapa karo anak balik rangkulan,anjog umah tukaran apa kepriben mbuh nyong ora ngerti.

barang esuke bar maghrib kyai dulkempot balik sing masjid bar wiridan suwe nemen nean,ketemu ning dalan karo nyong..."pak kyai pan maring endi rika?"...pan balik ning umah hep....ora nggoleti anake rika maning pak kyai? ( nyong takon karo nyrenges )...mbuhlah hep...( kyaine njlontor ora wani ngromed maning ning ngarepku )

( kye kisah nyata,hikmahe dadi uwong kwe aja sokan ngucik-ngucik alane wong liya,weruh alane wong liya tapi ora weruh alane dewek,beresi ndisit kelakuane dewek karo keluargane dewek,yen wis bisa tembe mberesi kelakuane wong liya )

( Sumenep - 07 - 06 - 2011 )

CERAH ( Cerita Rahatan 13 ) Judul : GOCENG = bleketepek

Liburan sekolah,
donge tah ya sing arane bocah sekolah ya pada seneng yah,tapi waktu jamane nyong sekolah,angger libur ya malah suker,wis jelas sangune dikurangi ding Mane,tolih iyaha duwe duit akeh gen pan maring endi,paling pol petuguran yen ora kolam renang pancasan,kuwe gen angger kanca-kanca liyane pada bae nyekel duite,angger ora ya paling nongkrong ning ngarepe toko SERAYU,apa ning terminal.


jaman semono toko SERAYU kwe banget ding ramene,angger ora tuku ning toko SERAYU kayane ora marem.


nyong nduwe kanca arane Andi,andi kwe gemiyen bapane tau dadi lurah ning Patuguran,Andi nduwe tangga wong sing paling Sugih se Patuguran arane Kaji Dolop ( aran samaran ),kaji Dolop kwe sugih dudu karena nyupang tapi karena duwe wit cengkeh nganti akeh nemen,jaman semono cengkeh kwe regane banget ding larange,wong nandur cengkeh jaya kabeh lah pokoke.


Jare Andi,Sing dadi unike Kaji Dolop kwe bagen sugih tapi ora tau kongkonan ning pembantune,angger bar olih duit belanja dewek ning pasar bumiayu.


gelise cerita,
kaji Dolop rengosan metu sing Pasar Jero Bumiayu,manggul sepirang-pirang,nyebrang maring tem-teman bis mikro jurusan patuguran,barang sing di panggul di nekna maring kenet mikro..."aja di tinggal ya aku tak tuku rokok ndisit ning toko SERAYU"( Kaji Dolop ngomong ning kenete )...nggih pak kaji ora bakal tak tinggal tolih gen penumpange durung ana tembe rika tok koh ( kenete njawab ).


Assalamualaikum ( pelayan Toko SERAYU karo sing duwe toko disalami kabeh ding Kaji Dolop )


Pan nggolet apa pak ? ( kokoh cinane menyat ngadepi Kaji Dolop )
tuku rokok koh...
rokok apa pak?
Djisamsoe rong bungkus koh pira dadine duite Koh ..?
GocEng pak..( kokohe njawab karo nggetem )
GocEng??? ( Kaji Dolop kebingungen,GocEng sih pira,arep takon isin,gengsi yah iloken wong sugih ora ngerti GocEng,tapi kaji Dolop ora kurangan akal )
Bleketepek bae ya koh ( kaji dolop nganyang )


Bleketepek sih pira pak ? ( kokohe bingung ora ngerti bleketepek kwe bahasa endi terus jumlahe duit sepira )


lah GoCEng pira koh? ( pak kajine semaur )
GocEng ya limangewu pak ( kokohe nyemauri maning )
Bleketepek ya pada bae limangewu,mulane aja nggo bahasa cina nyong ora ngerti,giliran nyong nggo bahasa patuguran sampeyan belih ngerti mbok he hehe hee ( kaji dolop ngulungi duit karo nyrenges,deweke slamet ora katon desane,malah kokohe sing dikerjani )....


klepas klepus kaji dolop metu sing toko SERAYU nyambi udud.....he he heehe
( smoga terhibur )

( Sumenep - 10 - 06 - 2011 )

CERAH ( Cerita Rahatan 15) Judul : NylEnta

Jaman cilikane nyong,
acara tivi sing paling disenengi ya mung film unyil,flash gordon,megaloman.angger acara musike ya mung aneka safari,kamera ria atawa album minggu,angger acara pendidikan paling cerdas cermat apa cepat tepat,jaman semono apa sing metu ning tivi ya mesti ditiru,angger bar nonton film,bocah cilikan pada metu sing umah dolanan ning pelataran,ngko pada gelut-gelutan.

waktu nyong wis mulai kelas telu ana sinetron yen dina minggu judule rumah masa depan,sinetron kuwe apik nemen jaman semono,ana tokoh sing pinter nemen sekolane arane ( Sangaji ),mbuh pas ning episode sing kepira,ceritane Sangaji melu cepat tepat,ning ceritane Sangaji karo kelompoke menang,gara-gara terpengaruh sinetron kwe,dadak-dadakan rame bocah-bocah pada dolanan cepat tepatt,hadiahe urunan,ana sing urun buku tulis,poklot,garisan,oyotan,buku gambar,pulas karo liya-liyane.

cepat tepat dianakna ning tundaganne matuane nyong,umahe matuane nyong kan duwur tundagane amba kena nggo njagong wong telu,tundagan sing paling ngisor nggo grup A,nduwure grup B,nduwure maning grup C,nyong mlebu ning grup C,nyong njagong ning tengah,sebelah kiweku inayah,sebelah tengenku Titin,kwe bocah loro pinter nemen ya belih mung kakang kelasku,nyong kelas telu deweke kelas lima SD,grup B sing mimpin si Alip,grup A sing mimpin Si Mulyono,sing apen-apen dadi gurune hamdan sepupune nyong.

cepat tepat dimulai,
cepat tepat kwe cepet-cepetan njawabe dadi cepet-cepetan nabuh ember,sapa-sapa sing moni mbok jedug ndisit ya kwe sing njawab,angger salah tembe dibalangna ning liyane.

Pertanyaan pertama,
Masjid yang terbesar di Indonesia namanya apa? ( jedug jedug jedug grup B nabuh ember)
Masjid agung baiturohim pak  guruuuu..!!! ( wkwkwkwkwkwkwkk...sing nonton gembuyu kabeh )
Salah...!! ( si hamdan nyalahna,nyong gagiyan bae nabuh ember jedug,jedug,jedug )
Ya Grup C silahkan...
Masjid Istiqlal pak guruuuu...( nyong bocah telu njawab kabeh )
Ya seratus buat grup C...
barang wis pirang - pirang pertanyaan gari pertanyaan terakhir,grup A karo Grup C nilene pada,grup B kalah adoh wong njawabe salah terus, nyong wis nganti deg-degan nemen mbokan salah njawab,barang anuk inayah  ngomongi ning nyong " Hep kye pertanyaan terakhir sing njawab titibn bae ya,soale mbokan ngko kon salah njawab dewek kalah,titin kan kelas lima,nyong kelas papat,kon kelas telu,mestine nengsih luwih ngerti titin " ( nyong mantuk-mantuk bae apa jarene inayah karo titin )....

Pertanyaan terakhir,

Kuala Lumpur Ibukota negara mana?
( nyong nabuh ember sarosa-rosane wedi mbokan kedisitan grup liyane,jedug,jedug,jedug ,si titin menyat karo njawab )
"Inggris mbuh Perancis"....( wkwkwkwkkwkwkwkwkwkwkkwkkwkw wong sing nonton geeerrrrr kabeh,si titin nyebut nama negara loro salah kabeh)
jedug,jedug,jedug  si mulyono nabuh Ember karo njawab " Malaysia Pak Guru "
nyong kesuh nemen ning si Titin mboksih ngerti jawabane,jebulane koh nylenta.

Kon sih priben tin njawab salah rosa,ngadeg maning ari njawab,ya kiye dadi kalah kyeh dewek,( nyong mecucu maring titin )
angger Inggris karo perancis sih ibukotane apa hep,nyong angger aran-aran ibukota negara bingung koh ( titin semaur )
Ibukotane inggris kuwe Taraban Tin,angger perancis ibukotane arane Baruamba....
( wkwkwkkwkwkwkwkwkwkkwwkk bocah-bocah sing weruh nyong kudon karo Titin pada gembuyu ngekrek )
ooo kuwe nong hep nyong tembe ngarti ( titin semaur tanapa rasa bersalah )


he he he..samene bae ya sedulur,semoga terhibur

( Sumenep - 21 - 06 - 2011

CERAH ( Cerita Rahatan 16 ) Judul : Kyai Sahur

Mushola Nurul yaqin,
mushola kiye persis ning ngarep umahe wong tuaku ning karangturi RT 01/01,waktu nyong esih cilik sing dadi Imam ning mushola kiye arane Kyai Sahur,deweke termasuk Kyai Salaf ( Kuno ) cara ndidike ya nggo cara-cara kuno,angger wong dukuh blendong karo wong bandung dage ari ngarani Mushola kiye ( musholane Kyai sahur ), Mushola kiye dikenal ding wong kelurahan Bumiayu sebabe yen ana rajaban apa muludan takire panganane enak-enak.

nyong esih kelingan angger bar subuh ngaji ning mushola di wulang ding Kyai sahur,ari macane salah,tangane nyong di sabet nggo gitik ( pring cilik dawane sekitar 40 cm gedene mung sejentik ),sing arane bocah cilik angger bar subuh ya lagi ngantuk-ngantuke,kadang ari maca slEngso.

nyong salut ning Kyai Sahur,mulang ngaji langka sing mbayar,tapi ya enjoy bae ari mulang,kayong ora tau krungu Kyai Sahur ngresulah,umahe Kyai Sahur ora adoh sing umahku,sebelah wetanku persis,bojone Kyai Sahur arane Bi rawen dagange rujak karo bubur petis,angger wong jaman kuna ya akeh sing ngerti Bi rawen,rujake terkenal seantero kelurahan Bumiayu.

Kyai Sahur ari ngisi kuliah Subuh ora tau nggo basa indonesia sing sering nggo bahasa kromo,sing nyong kelingan Kyai Sahur kwe ngisi materine tafsir Alquran,dadi bahasa arab diartikna nggo bahasa kromo,angger bocah cilik ya langka sing mudeng,angger wulan puasa giliran Kyai Sahur ngisi kuliah subuh,akeh-akehe sing ngringokna pada turu. ( Kuwe sekilas Kyai Sahur )

taun 1987,
nyong tembe munggah kelas loro SD,bar unggah-unggahan libur sewulan,esuk-esuk bar sarapan,nyong karo kanca-kanca wis pada playon ning latar mushola,ana sing dempuan,cincot,sunda manda,sodor,aburan gambar,pokoke rame umbele ana sing njetet ya belih urusan,lagi seneng-senenge kedabyigan,ujug-ujug Kyai sahur gendoakan.

"heh bocah-bocah bubar-bubar kaeh ana wong mati,aja pada reang,mana pada layad" ( Mane nyong waktu semono lagi ning ngarep umah ndulangi adine nyong sing wadon si Erma,mane nyong menyat krungu jare ana wong mati )
" Sinten sing pejah kyai?" ( Mane nyong takon )
" Kaeh Man Sukrad bojone Bi Was,bapane si Naryo " ( Kyai Sahur njawab )
"dih wingi sonten kulo sumerep taksih seger  daning saniki mpun pejah" ( mane nyong semaur maning )
" Lah kuweh umure wong langka sing ngerti mung Gusti Allah tok sing ngerti,wong waras pedigas ujug-ujug bisa mati,wis mana kaeh pada layad,nyong pan ngumumna ning Mushola" ( Kyai Sahur mlebu umah nena pan salin klambi ndisit bar kuwe maring Mushola )

Yuh bocah pada layad Man Sukrad ( Mane nyong ngejak aku karo kanca-kanca maring umahe man Sukrad ).

Ning umahe Man Sukrad,
Bi was nggoser nangis ngangseg-ngangseg kayong ora percaya bojone mati,man Slamet,mas naryo,mas untung ya nangis nggoar-nggoar,nyong karo kanca-kanca dadi melu nelangsa,wong -wong ya melu nelangsa kabeh,mane nyong melu nennagnna Bi Was,barnag anuk lagi ribet-ribete ning umahe Man Sukrad,ana suara sing speker mushola.

"PENGUMUMAN-PENGUMUMAN...ASSALAMUALAIKUM WR.WB....INALILAHI WA INA ILAIHI RAJIUN 3X...TELAH MENINGGAL DUNIA DENGAN ADEM AYEM...BAPAK SUKRAD BIN WASJAD...MENINGGAL PADA JAM SETENGAH ENEM ESUK,ALAMAT KARANGTURI RT 02/RW01 KELURAHAN BUMIAYU...INSYA ALLAH JENAZAH AKAN DITANAM DIKUBURAN LOR...KEPADA KERABAT DAN HANDAI TAULAN DIMOHON TUNGTUNG GRUMBYUNG BERTAKZIAH KERUMAH ALMARHUM BAPAK SUKRAD...DEMIKIAN PENGUMUMAN YANG DAPAT KAMI SAMPAIKAN...WASALAMUALAIKUM WAROHMATULLAHI WABARAKATUH....

( wkwkkwkwkwkwkwkkwkwkwkwkwkkwkwk wong sing lagi pada layad gerrrrrrrrr kabeh,Bi Was karo anak-anake sing lagi pada nangis nggoar nggoar pada gembuyu )

Jare Bi Was " dianggepe sing lanange nyong bedogol gedang apa,jenazah koh ditanam"

wkwkwkwkwkkwkwkwkwk...akhire ning umahe Man Sukrad pada ger geran sing pada nangis dadak-dadakan mandeg gara-gara krung Kyai Sahur basa Indonesiane srag-sragan mbuh maring endi ora,ora suwe Kyai sahur teka ning umahe Man Sukrad,raine biasa bae ora rumangsa salah ngomong.

wis samene bae ya sedulur...nggo ngesuk maning ceritane.

( Sumenep - 21-06- 2011 )